You are on page 1of 17

KARYA ILMIAH

BAHASA BEBASAN
NOVEL

Diajokake kanggo memenuh tugas pandeleng piwulang B.Cirebon

Disusun Oleh :
1. Dini Imelda
2. Amalia Ulfa
3. Alfa Nur Azizah
4. Anjani Putri.R
5. Anggia
6. Nike Lediyana.P
7. Dwi Amalia
8. Amanda.F
9. Yunita Dewi
Kelas : IX A

SMP NEGERI 1 KEDAWUNG


DAFTAR ISI

TEMBUNG PANERNA.................................................................................i

DAFTAR ISI...................................................................................................ii

BAB I PENDAHULUAN

1.1 Latar Belakang.........................................................................1

1.2 Rumusan Masalah....................................................................1

1.3 Tujuan Penulisan......................................................................1

1.4 Manfaat Penulisan....................................................................1

BAB II PEMBAHASAN

2.1 Sinopsis Novel Jemini.............................................................2

2.2 Resensi Novel Jamini...............................................................3

2.3 Unsur – Unsur Intrinsik Novel Jemini.....................................3

2.4 Kaluwihan lan Kekurangan.....................................................13

BAB III PENUTUP

3.1 Kesimpulan..............................................................................15

3.2 Saran........................................................................................15
BAB I
PENDAHULUAN
1.1 Latar Belakang
Jemini novel punika salah siji karya sastra modern Jawa ing prosa
digawe dening soeparto Brata. Soeparto Brata punika salah satunggil
panulis bakat sing fitur ketara antarane penulis sastra Jawa amarga wis akeh
karya sastra digawe. Wis akeh penghargaan ditampa dening soeparto Brata
minangka puisi Jawa. karya sastra sing wis diprodhuksi dening soeparto
Brata antara liya sing novel. Jemini novel wis kabentuk nggunakake basa
Jawa minangka kabèh, nanging ana sawetara tembung ing basa Walanda
ditulis ing novel. Novel iki nyeritakaké uripé wong wadon Jawa jenenge
Jemini. Prihatin felt liwat kang "Munci" Raden Radian Jemini nggawe
karakter tuwuh nganti dadi wanita. Ing pungkasan crita, Jemini golek rasa
seneng ing gesang. Sabar lan kekuatan Jemini ngirim ing urip sing luwih
apik. Ana novel sing bisa dimangertèni minangka kabèh, iku perlu kanggo
analisa. Ing panaliten iki, a Jemini novel analisa nggunakake teori struktural.
Unsur Site sing bakal ditliti kalebu: karakter, setelan, plot, tema, judhul,
sudut pandang, gaya lan tone, simbolisme, lan ironi. Addie sinau, pisanan
ditemtokake novel sing bakal dadi obyek studi. Sawisé iku nemtokake apa
teori bakal digunakake minangka analisis lan search buku referensi kanggo
ngiyataken riset. Ing langkah sabanjure ngramu masalah kanggo rembugan.
Banjur conducted sinau karo data lan teori sing wis ditemtokake. Ing
langkah final, kesimpulan bisa digambar adhedhasar diskusi sing wis
rampung sadurunge.

1.2 Rumusan Masalah


1. Mengetahui sinopsis novel jemini
2. Mengetahui unsur-unsur intrinsik novel jemini
3. Mengetahui unsur-unsur ekstrinsik novel jemini

1.3 Tujuan Penulisan


1. Kanggo nepaki tugas basa jawa
2. Saget dadosaken piwulangan budi pekerti kagem kulo lan
panjenengan.
3. Kangge latihan ndamel makalah basa jawi
4. Kangge nambah wawasan kita khususipun tentang novel jemini

1.4 Manfaat Penulisan


1. Kangge nambah wawasan kita sedaya
2. Kangge latihan ndamel makalah
BAB II
PEMBAHASAN

2.1 Sinopsis novel jemini 


Saka judul resensi iki yaiku lelakone wong ngaurip. Wong kuwi bisa
lanang, uga wadon. Iki nuduhake menawa wong urip iku bakal nemoni susah
lan seneng. Kabeh mau kudu dilakoni kanthi sabar, ikhtiyar, lan tawakal.
Buku iki babar babagan wong wadon tangsi sing jenenge Jemini nalika
jaman pemerintahane Walanda ing Indonesia. Nalika wong-wong padha dadi
serdadune kumpeni, banjur padha urip ing tangsi. Ing tangsi urip diatur
dening unine slompret. Arep ngelakoni apa wae ana wektu lan tata carane lan
ing papan sing wus katemtokake.
Kanggo serdadu sing uwis omah-omah, keluwargane diboyong menyang
tangsi. Yen esuk nganti sore sing lanang padha kerja. Dene sing wedok padha
masak ing dapur umum, utawa umbah-umbah ing kolam umum uga. Anak-
anake padha dolanan bareng ing plataran. Yen wis rada diwasa banjur padha
bisa ngrewangi biyunge.
Kanggo serdadu sing durung omah-omah, bisa duwe munci. Munci kuwi
wong-wong bumiputera sing wis prawan kanggo ngurus keperluan
omahe.Malahan iya ana sing didadekake kanca turu.
Saka isine novel ngatonake menawa jerone ilmune ing nganggit. Mula ya
ora aneh manawa carita ini ora gampang disemak priyayi “lumrah”. Sanajan
isine nyritakake lelakone wong-wong tangsi sing pangkate endhek. Cerita iki
dadi konsumsine kaum elitis, para sutresna kang mumpuni lan kagungan
sangu pengetahuan kang cukup kanggo njlimeti lan ngematake isi karangan
iki.
Karangan iki nggunakake basa Jawa Wetanan (Surabaya). Kadang kala ya
dibumboni karo basa Landa. Menawa diwaos marang wong sing basane Jogja
– Solo mesthi wae kudu baleni maneh maca amarga  akeh tembung  sing
beda. Durung maneh basa Landane ora kabeh ana tegese. Ora dadi apa
pemaos tetep bisa dong, menawa maos kanthi teliti.
Penulis gunakake irah-irahan yaiku Jemini. Dadi buku iki nyritakake
lelakone Jemini minangka anake serdadu kumpeni sing urip ing Surabaya.
Wektu iku Jemini isih bocah dadi senenge playon lan dolanan. Jemini kerep
dijiwit pupune utawa bokonge karo makne, amarga saking nakale. Yen
dikongkon tuku apa-apa jaluk opah. Manawa dolan uga ora reti wayah, tansah
bedigasan kaya bocah lanang,  seneng penekan wit.
Nalika wis rada dewasa, Jemini dinikahake karo salah sijine prajurit sing
jenenge Urip. Slametane meriah ditanggapake wayang lan ledhekan. Jemini
banjur diboyong Urip menyang tangsi Sambongan. Wengi kapisan, Jemini
ora gelem turu dadi siji karo Urip. Ananging bola-bali nyudhul kasure Urip
ing dhuwure. Bareng esuke nalika Urip keturon, Jemini metu ngomah, balik
ing omahe bapak-biyunge ora gelem balik karo Urip maneh.
Ora watara suwe Jemini ditembung dening den Radian arep didadekake
muncine. Kaya sing dhisik, Jemini mung bisa saguh. Jemini banjur diboyong
menyang Betawi. Ing kana Jemini disiya-siya karo tuwane. Yen diwenehi
dhuwit blanja uga mung sethithik. Jare meh dinikah jebul nganti sawetara
suwe ora dinikah. Jemini banjur minggat menyang Padalarang.
Ing Padalarang, Jemini menyang omahe Kartakusumah, sedulure Wa
Thalib, tanggane nalika ana ing Surabaya biyen. Ora let suwe Jemini dipethuk
karo bapak ibune. Jemini banjur diboyong bali ing Surabaya.
Ing Surabaya, Jemini wis katon dewasa, gelem ewang-ewang makne
ngurus omah lan kantin.  Iki sing dadekake Jemini ditembung dadi muncine
Landa Dawa utawa Oom Piet. Karo Oom Piet, uripe Jemini kepenak, rukun,
ora tau disiya-siya, kerep dijak guneman bareng. Dhuwit kanggo kebutuhan
dipasrahake kabeh karo Jemini.
Suwe urip bebarengan, Oom Piet kapengin nikah karo Jemini. Oom Piet
jaluk izin karo pendheta lan pimpinane, ananging ora entuk nikah karo anake
serdadu sing tingkatane kaya bapake Jemini. Dheweke banjur ngirim surat
kanggo wong tuwane ing Landa babagan izin nikah karo Jemini. Wong
tuwane sarujuk. Surat mau diwenehake marang pendhetane, wiwitane tetep
ora entuk. Ananging suwe-suwe entuk. Jemini sida nikah karo Oom Piet.
Bubar kuwi Oom Piet lan Jemini pindah ing Batujajar.
Ing Batujajar, Jemini urip cedhak karo Wa Thalib. Jemini banjur duwe
anak siji dijenengi Linda. Umure Linda setengah sasi nalika kontrake kerja
bapake enthek lan kudu balik menyang negarane. Jemini dijak ora gelem.
Nalika ditinggal, Jemini mesthi dikirimi layang lan dhuwit blanja karo
bojone. Watara wolung sasi sabanjure Jemini ditinggal, bojone bali menyang
Jawa maneh kanggo Jemini lan Linda kanggo selawase.

2.2 Resensi novel jemini


1. Identitas Buku
a. Irah-irahan buku    : Jemini
b. Pangripta                                 : Suparto Brata
c. Penerbit                                   : Narasi (Anggota IKAPI)
d. Cithakan lan taun terbit          : Cetakan Pertama, 2012
e. Kandel buku lan cacah kaca   : 14 x 20 cm, 196 kaca
f. ISBN                                       : 978-979-168-306-7
2. Judul Resensi   :  Lelakone Wong Ngaurip

2.3 Unsur – Unsur  Intrinsik  Novel  Jemini


       a.    Tema          : Katresnan.
       b.    Irah-irahan Novel        : Jemini
Irah-irahan dijupuk saka tokoh sentral ana ing novel, yaiku Jemini.
Jemini dadi tokoh sentral ana ing novel amarga tokoh Jemini duwe
gegayutan karo tokoh-tokoh liya-liyane.
c. Isi                               :
Lelakone wong wadon sing manut karo wong tuwane nalika
dijodhokake. Kanthi sabar, tawakal, lan usaha wusanane bisa ketemu
karo jodhone.
d. Alur   : Maju.
Alur ana ing novel Jemini kalebu alur maju/ lurus. Miturut kuantitas
alure novel iku duweni alur tunggal, amarga ceritane ana ing sawijining
tokoh utama yaiku Jemini.  Dene miturut kualitas alure, novel iku
duweni alur renggang/longgar, amarga ing sajroning novel ana digresi-
digresi. Ana ing  degresi  iku nggambarake kejeliane Suparto Brata
anggone nguwasani sawijining permasalahan.  Menawa ing pungkasan
cerita nggambarake yen novel iku duweni alur katutup, sabab ora gawe
pitakonan-pitakonan babagan rampunge cerita ana ing novel  Jemini.
e. Penokohan
1) Wagiman          
Wicaksana
Iku kabuktekake nalika Oom Piet ngomong arep jupuk munci
Jemini arep ditakoni dhisik Jeminine. Amarga Jemini wis dewasa
lan duwe hak nemtokake uripe dhewe.
Kutipan:
“Kowe, ki! Aja grusa-grusu! Jemini ki saiki rak wis duwe pikiran
dhewe. Lan yen ora dadi pikirane genah yen wateke kaya ngono,
ngono, lo.”
“Jangan ambil marah, ya, tuwan. Itu anak prempuwan pancen sok
bongol. Jadinya mesthi ati-ati, nyang kalem,” pake Jemini uga
kandha grapyak (halaman 132).
Jirih
Iku kabuktekake nalika ora wani nolak lamarane Oom Piet amarga
Oom Piet wong Landa lan pangkate luwih dhuwur tinimbang
dheweke.
Kutipan:
“Gelema, ya, Ndhuk. Kopral Dawa mono wong sing kenceng
kekarepane, mantep pikirane. Yen muni diukum, ya kudu diukum,
yen muni seneng, ya seneng! Kowe aja nggawe cuwane atine, ya,
Ndhuk?” panglipure bapake (halaman 136)
2) Semi                 
Penyayang
Iku kabuktekake nalika Jemini sedhih, emake Jemini ngelus-elus
Jemini. Sanajan Jemini kerep dinesoni amarga nakal.
Kutipan:
Jemini ora mangsuli. Tangise saya ndadra, sesenggruke saya
banget, gegere nganti hoyak-hoyak. Dheweke ora tau oleh elus-elus
kaya wektu kuwi. Tangane emake rasane nyenengake. Jebul emake
ki ya tresna marang dheweke! Wis suwe banget rasane tangane
emake ora tau nggrayang sirahe, grayangan katresnan. Biyen, dhek
Sum isih bayek, Jemini kelingan gawene dielus-elus emake.
Nanging bareng adhik-adhike lair lan saya gedhe, Jemini luwih
kerep diciwel, diunek-unekake, dikongkon lan disentaki katimbang
dielem lan dielus-elus. Aneh, awan kuwi, nalika atine anyel, emake
namakake tangane kanthi gemati! Gawe ayome atine Jemini
(halaman 55).
Gemi
Iku kabuktekake nalika menehi dhuwit Jemini kanggo tuku
kabutuhan tansah di cukup-cukupake supaya ora boros.
Kutipan:
“Mbakone pira, se, Mak?”
“Mbakone sabil, suruh karo enjet saksen. Dadi karotengah sen.”
“Alah, gak kathik sosuk iki? Gae opah! Mongsok gak ngangge
opah?”
“Hus, tuman! La sing kok nggo tuku es lilin mau apa?”
 (halaman 9).
3) Jemini               
Lugu
Iku kabuktekake nalika dijiwit karo emake dikira wis prawan.
Jemini durung ngerti tegese iku.
Kutipan:
“Wudun? Ana wudunmu neng bokong, ta? Huh, dakkira...Dakkira
kowe wis prawan, Jem! Kaget, aku.”
“Prawan ki yok apa, se, Mak?”
(halaman 5).
Nakal
Iku kabuktekake nalika wayah bengi, wayah turu, Jemini tangi
banjur metu saka omah kanthi mlumpat jendela.
Kutipan:
Niliki lawang, dikancing, dikunci saka njaba. Jendhela cedhak
lawang kuwi dieling-elingi. Diranggeh grendhele. Menga. Dibukak
alon-alon, cincing jarit, mlangkah jendhela.nsedhela maneh wis
tekan njaban kamar. Jendhela bali dienep, dheweke nggeblas.
Nuruti usuking ati (halaman 21).
Jujur
Iku kabuktekake nalika dikongkon nampa lamarane Den Radiah
ngomong yen durung tresna amarga durung tau tepung apa
maneh  guneman.
Kutipan:
“Piye, Jem?”
“Embuh, Pak! Dakpekire sing dawa dhesik!”
“dipikir barang! Apane sing kok pikir?!”
“Aku dorung eruh, hare, Pak, mbarek ing jenenge Den Radian.
Sumpah, Pak.”
(halaman 80).
·         Sabar
Iku kabuktekake nalika Jemini disiya-siya karo Den Radian,
dheweke tansah narima lan nglakoni urip karo Den Radian.
Kutipan:
        Radian kuwaregen, lempe-lempe, glegekan. Ora ngglawat.
Cuwak-cuwak tangane sing mambu brutu iwak pitik dikoboke ing
banyu dening Jemini, disabuni. Diwisuhi ing kobokan. Tetep ora
ngglawat, serdadu setengah mendem kuwi terus dipapah dening
Jemini dilakokake menyang peturon. (halaman 99)
         Jemini uga sabar nalika nunggu bojone, Oom Piet sing lagi bali ing
negara Belanda kanggo sawetara wektu ngurus kontrak kerjane banjur bali
maneh menyang Jawa. Jemini methuk ing Pelabuhan Tanjung Priuk kanthi
sabar nunggu kapal sing ditumpaki bojone..
Kutipan:
         Ing dina wayah kapale teka, isih esuk, Jemini karo Linda lan
Wagiman wis budhal menyang pelabuhan. Kapal Oranje van Ostenrijk ing
ditumpaki Piet durung teka. Ing pelabuhan ana kapal labuh, kapal
penumpang. Ing dhek wonge akeh, sajak sing numpak wong-wong
bumiputera (halaman 185).
4)    Oom Piet          
·         Gemati
Iku kabuktekake nalika Jemini isih dadi muncine ora dienthukake nglakoni
pagaweyan sing nyiksa awak.
Kutipan:
      “Kena apa kowe mau kok sajak wedi? Kena apa mung ngono wae kok
labuhi nangis? Aku rak ora tau kongkon kowe reresik omah nganti nyiksa
awakmu?” omonge Piet terus-terusan
 (halaman 147).
      ....Taun-taun lumaku, Jemini uga diajari maca-nulis, ya terus lanyah
wong saben dina digegulang tanpa kendhat maca buku. Digolekake guru
les barang...(halaman 191).
·         Tanggung jawab
Iku kabuktekake nalika tansah ngirim dhuwit blanja kanggo Jemini.
Kutipan:
         Piet kirim dhuwit blanjane. Saiki Jemini ngreti tenan, yen Tuwan
Piet beda karo Oom Slompret. Tuwan Piet benere mono tresna tenan
marang dheweke. Marang Linda....(halaman 184).
5)    Wa Thalib        
·         Dermawan
Iku kabuktekake nalika Jemini dislameti amarga wis prawan diwenehi
krupuk kanggo para tamu.
Kutipan:
        Wak Thalib wadon teka nggawa besek gedhe. Isine krupuk Madiun
karo jadah iyas Gresik. Jare dienggo ganep-ganep suguhan.
“Alah, Wak Thalib iki! Kok repot-repot. Iki mung bancakan bocah, kok,”
ujare Emake Jemini.
“La anu, ta, Dhik. Mumpung isih menangi gawene Jemini...(halaman 48).
·         Gemati
         Nalika Jemini ditinggal bojone bali menyang negarane, Wa Thalib
sing biyantu Jemini jupuk dhuwit saka bojone, maca lan nulis surat kanggo
bojone.
Kutipan:
“Wa Talib. Mangke mang tuliske serat...”
“Iya, iya! Kaya sabene ta wis!”
(halaman 185).
6)    Urip                  
·         Sabar
Iku kabuktekake nalika ngadhepi Jemini sing ora gelem turu dadi siji karo
bojone.
Kutipan :
Urip ora cumuwit maneh. Kudu sabar, mantene isih giras...(halaman 69).
7)    Radian             
·         Kasar
Iku kabuktekake nalika Jemini dadi muncine tansah disiya-siya lan
diseneni.
Kutipan:
Kaya Raden Gathutkaca wayang wong ndhupak buta Rambutgeni patrape
Radian ndhupaki Jemini. Jemini tiba kelumah-lumah... (halaman 95).
·         Seneng blenjani janji
Iku kabuktekake nalika arep nikahi Jemini yen ana ing Betawi ananging
nganti suwe Jemini ora di nikahi.
·         Gemi
Iku kabuktekake nalika ngatur dhuwit kanggo kabutuhan tansah diiwit-
iwit.
Kutipan:
         Bener kandhane Kadinah. Radian pancen gemi. Mula durung suwe
anggone manggon neng Betawi wis bisa tuku radio merk Erres. Yen bengi
distel klenengan Solo. Lemarine anyar. Wekkere iya anyar, mula
sadurunge kebribenan unine slomprat wayah esuk, Jemini wis digugah jam
weker (halaman 87).
8)    Siti                   
·         Gemati
Iku kabuktekake nalika Jemini isih dadi muncine Den Radian ana ing
Betawi, dheweke niliki Jemini.
Kutipan:
Mengkono uga Siti, bojone Oom Slompret sing teka niliki mboklike, dadi
welas weruh kahanane Jemini...(halaman 90).
·         Welas
 Iku kabuktekake nalika nuweni Jemini ana ing Betawi, welas karo
kahananipun Jemini sing di siya-siya sarta panganggone sing kurang trep
miturut adat Jawi.
Kutipan:
“Ah, nanging yen kaya sampeyan ngono kuwi, Lik, aku ya ora betah
nglakoni. Dupeh lanang. Dupeh pangkate dhuwur..!”
“Lik. Sampeyan neng ngomah kok nyandhang kaya ngono kuwi? Apa ora
isin, awakmu katon ngengla ngono?”
(halaman 91).
9)   Kadinah           
·         Ora dendam
Iku kabuktekake nalika arep babaran jaluk ditunggoni karo Siti, sisan
mangestoni antarane Den Sutras karo Siti.
Kutipan:
“Yu Siti. Den Sutras isih tresna kowe, Yu.”
“Aja mikir kang mengkono, Nah. Awakmu isih ora kepenak.”
“Kowe uripa neng kene maneh, ya, Yu. Awor aku.!”
(halaman 171).
10)    Ngadinem        
·         Seneng godha
Iku kabuktekake nalika godha bojone wong liya, dijak ketemuan ing
wayah bengi.
Kutipan:
“La kowe mengko bisa metu, ta, Mas?”
“dak pamit main sekak neng nggone Oom Slompret.”
“Jam sanga theng, ya? Yen kenthong penjagan ditabuh, aku budhal mrene.
Kowe aja kasep.”
“Tenan, ya. Aja lali. Saiki dak mulih dhisik. Kowe arep adus?”
“Iya.”
“Aku melu mlebu, ya?”
“Sssst! Aja saiki, ah, isih padhang. Sapa ngreti, ana wong sing kasep adus
maneh. Blai awake dhewe, konangan!”
(halaman 16)
         f.     Setting
·         Latar Panggonan
1)  Kompleks Tangsi Surabaya :
     Ø  Omah Dines Wagiman
Kutipan:
Kaya serdhadhu kumpeni liyane, Wagiman saanak bojo urip ing tangsi
kono oleh kamar sacumpleng..(halaman 10).

     Ø  Kampung Landa
Kutipan:
...Jemini nutugake golek codhotan menyang Kampung Landa, yakuwi
lojiloji gedhe dalah paviliyune, sing madeg dadi pagere tangsi sisih kidul
lan wetan. (halaman 22).
     Ø Dapur Umum
Kutipan:
Geger! Pawon Umum ing tengahe tangsi kuwi dadi rame..
(halaman 4 )
     Ø Kamar Mandi Umum
Kutipan:
Jemini tangi, terus mlayu menyang kamar mandhi. Sing disebut kamar
mandhi, kanggo bapak-bapak karo keluwargane ora padha. Bapak-bapak
kaum priya sisih wetan. Wong wadon karo bocah-bocah ing sisih kulon
(halaman 15).
2)   Tangsi Sambongan
Kutipan:
Kocapa Jemini. Bubar gawe banjur diboyong menyang Tangsi
Sambongan, panggonane Urip (halaman 63).
3)   Tangsi Betawi (Jagalan)
Kutipan:
Ing Betawi tangsine luwih gedhe. Luwih amba...
(halaman 86).
4)   Stasiun Pasar Senen
Kutipan:
... Sawise diurut, lakune tekan stasiun Pasar Senen. Kahanane sepi
mamring. Alon-alon dheweke nyedaki lawang, arep mlebu. Diendhek sing
jaga lawang
(halaman 104).

5)   Stasiun Padalarang
Kutipan:
Mudhun ing stasiun Padalarang wis sore (halaman 106).
6)    Tangsi Batujajar
Kutipan:
“Teng Tangsi Batujajar gelem, Pak?” (halaman 106).
7)     Omahe Raden Kdhuwitkusumah
Kutipan:
“Kula madosi wong sing namine Kdhuwitkusumah,” omonge Jemini takon
marang wong nom-noman sing dhines piket tangsi.
“Ngga, kula terke teng nggene Raden Kdhuwit,” ujare prajurit jaga sing
sepisanan dijak ngomong Jemini kuwi (halaman 107).
8)     Kantin Ibu Semi
Kutipan:
Sore-sore sumuke eram. Wong-wong lagi appel. Trompet asyar lagi wae
keprungu. Ing kantin sepi...(halaman 120).
9)     Kampung Gatotan
Kutipan:
awise nikahan, Piet karo bojone golek omah liya. Oleh omah pethak ing
kampung Gatotan, ora adoh saka Greja
(halaman 173).
10)    Blawuran, Tunjungan, Gemblongan, Pasar Turi
Kutipan:
Yen mulih saka Tunjungan utawa mlaku-mlaku neng Gemblongan,
padatan mampir Pasar Turi (halaman 174).
11)    Tangsi Batujajar
Kutipan:
Manggon ing sewan omah Gatotan pranyata ora suwe. Ketungka
dipindhah dhines menyang Batujajar!
(halaman 178).
12)    Pelabuhan Tanjung Priuk
Kutipan:
Sidane mung Piet Coertszoon sing budhal menyang Negara Landa. Linda
lan Jemini ngeterake tekan pelabuhan Tanjung Priuk (halaman 181).

·         Latar Wektu
1)   Tanggal selawe
Kutipan:
“Lo, Wak Talib! Mangga, mangga. Tanggal pira, ta, ki kok....!? e, iya.
Tanggal selawe. Beneran, telat mangan niki wau. Durung leyeh-leyeh...
(halaman 12).
2)    Jam sanga
Kutipan:
“Jam sanga theng, ya? Yen kenthong penjagan ditabuh, aku budhal mrene.
Kowe aja kasep.”
3)   Karotengah jam
Kutipan:
Let karotengah jam Jemini bali. Krenggosan. Dheweke ora au lunga bengi
ijen..(halaman 21).
4)    Sawulan Suwene
Kutipan:
Wis meh sesasi Jemini neng omahe Raden Kdhuwitkusumah. Bocahe
katon krasan..(halaman112).
5)    Jemini ing omahe  Raden Kdhuwitkusumah
Kutipan:
Sarimin teka maneh. Saiki meh ajeg-ajegan mertamu menyang omahe
Raden Kdhuwitkusumah. Ora njujug ngarepan, nanging mlipir-mlipir
liwat ngiringan omah, njujug tunggone Wak Talib.
“Dhik Jemini teng pundi, Wak?”
“E, Nak Sarimin! Manggak-manggak. Jemini, embuh iki mau menyang
endi. Sakesuk kok sengkut olehe nyambutgawe. Ya nyapu, srebet-srebet
prabot, ngepel jogan..(halaman 111).
6)   Sewulan pisan pendhak tanggal enem likur
Kutipan:
Sewulan sepisan, saben tanggal nemlikur, serdhadu kompeni sing wis
omah-omah nampa rangsum bahan panganan (halaman 28).
7)    Dina minggu ana ing acara matinéé
8)    Ing sawijining dina
Kutipan:
Ing sawijining dina, Jemini dolanan ijen ing urung-urung mburi tangsi..
(halaman 42).
9)    Wulan Oktober ing sasi ketiga.
            10)    Karo tengah taun
Karo tengah taun manggon saomah karo Piet Coertszoon ing loji
Kampung Landa Jemini disebut munci...(halaman 172).
11)    Ing wayah bengi
Kutipan:
Wis bengi. Kliwat jam loro. Urip sing nungggoni neng ngarep kamar
gragapan tangi...(halaman 180).
·         Latar Swasana
1)   Meriah nalika dina nikahe Jemini karo Urip
2)   Tegang karo panas nalika bengi kapisan nikahe Jemini
karo              Urip.
3)    Sedhih nalika Jemini disiksa karo Radian.
4)  Bingung nalika Jemini ninggalake tangsi Betawi (Jagalan), lan
wusanane lunga menyang Padalarang.
5)  Sedih nalika Jemini diseneni karo Wagiman amarga ninggalake Radian
tanpa pamit.
6)  Sedhih nalika Oom Piet Coertszoon pedhot karo tunangane Marie
Wevers.
7)  Sedhih nalika Oom Piet Coertszoon durung enthuk izin nikah karo
Jemini.
8)  Sedhih nalika Siti ditakoni Jemini babagan anak-anake sing digawa
Oom Slompret bali ing Belanda.
9)   Swasana sedhih nalika Kadinah arep babaran, jaluk tulung
karo  Jemini  nyeluki Siti  supaya nunggu lairane.
10)  Swasana seneng nalika Oom Piet Coertszoon enthuk izin nikah karo
Jemini banjur digawa menyang Gereja.
11)   Swasana bingung nalika Jemini  nunggu tekane Oom Piet Coertszoon
saka Belanda.
12)   Swasana haru nalika weruh Oom Piet bali saka Belanda ana ing
Pelabuhan Tanjung Priuk.
g.    Sudut Pandang
          Sudut pandang ana ing novel  Jemini  gunakake wong katiga
utawi  gaya serba tahu. Pengarang nyebutake jeneng-jeneng tokoh sing ana
ing novel Jemini. Saengga pengarang bisa jelasaken cerita kanthi mardika.
h.    Gaya Bahasa
Gaya bahasa sing digunakake ana ing novel Jemini yaiku:
1)   Repetisi
Kutipan:
‘Jemini ngenteni. Ngenteni nganti wong wadon mau gebyur.’ (halaman
16)
          Miturut kutipan iku ngandarake yen Jemini ngenteni, ngenteni wong
sing lagi adus. Kutipan kuwi kalebu repetisi jenis anafora amarga wujud
penanda ngenteni kuwi dadi tembung kapisan ing ukara kapisan sing dadi
tembung kapisan kanggo ukara candhake.
2)    Sinonim
Kutipan:
’Padatan sing diomongake crita-crita nalika ana padesan. Critane kaum
pamili lan kabar anyar saka kampung. Kuwi wae ora tau kentekan warta.’
(halaman 19)
          Miturut kutipan iku nuduhake yen masyarakat tangsi biyasane
nyritakake cerita-cerita nalika ing desa. Tembung sing padha-padha
duweni teges padha yaiku kabar lan warta.
3)   Antonim
Kutipan:
‘Bengi kuwi, merga awan mau keturon neng ngisor longan, Jemini ora
ngantuk’ (halaman 19)
Wujud penanda ing dhuwur duwe oposisi mutlak, yaiku pertentangan
teges sing mutlak antarane tembung bengi karo tembung awan.
4)   Hiponimi
Kutipan:
‘Ora mung wong Jawane, dalah Landa-landane sing manggon neng
Kampung Landa, padha melu repot ngatur patroli, piket lan liburan.
Kanca-kanca para serdhadhu tangsi liya kayata Tangsi Dinaya, Tangsi
Gatotan, Tangsi Wonokromo, kabeh diulemi.’ (halaman 58)
           Miturut kutipan kuwi nggambarake yen kabeh prajurit Jawa lan
Landa, kabeh melu repot ngatur patroli, piket, lan prei. Kanca-kanca ing
asrama sing diundang kayata sing ana ing asrama Dinaya, asrama Gatotan,
asrama Wonokromo.
           Kutipan kuwi duweni penanda hiponimi.Wujud pananda ing
dhuwur sing dadi hipernim yaiku tangsi liya lan sing dadi  hiponime yaiku
Tangsi Dinaya, Tangsi Gatotan, Tangsi Wonokromo.

5)    Kolokasi
kutipan:
‘Yen manten metu, dilungguhake ing kursi manten. Kursine direngga
kembangkembang kertas maneka maneka warna. Sandhangane manten
ganti-ganti.’(halaman 59)
          Miturut kutipan ing dhuwur nggambarake nalika manten metu
dilungguhake ing kursi manten. Kursine dihias kembang-kembang kertas
manekawarna. Pakaian mantene gonta-ganti.
Ing kutipan kuwi ana tembung manten, kursi manten,lan
sandhangan manten sing berkolokasi lan melu dukung jangkeping wacana
kuwi.
6)   Ekuivalensi
Kutipan:
“Niku wau putrane mrika,” ujare bapake Jemini nalika dicukur
Wak Talib. Wiwit ngarepake pensiun iki Wak Talib nyambi dadi tukang
cukur, mlebu tangsi nyukuri para prajurit gentenan. Wagiman kena giliran
saben tanggal selawe.’ (halaman 13)
Miturut kutipan kuwi nggambarake yen bapake Jemini dipotong
rambute dening Wak Talib. Wak Talib nyambi dadi tukang cukur wiwit
dheweke pensiyun. Ora mung nyukur Wagiman, ananging uga para
prajurit tangsi. Kutipan kuwi kalebu ekuivalensi. Wujud pananda dicukur,
cukur, nyukuri kuwi asale saka tembung cukur sing entuk imbuhan di- ing
tembung dicukur lan imbuhan ny- ing tembung nyukuri.
i.      Pesen/amanat ana ing sajroning novel Jemini yaiku:
1)   Pentinge pendidikan kanggo wong tuwa karo anak.
2)   Luwih apik menawa wong tuwa ora meksa anake nindakake kawin
peksan.
3)   Sanajan elek tindak tandhuke anak, wong tuwa bakal ngapurani, gelem
narima lan bimbing ana ing kabecikan.
4)   Apik lan eleke wong ora gumantung karo warna kulit.
5)    Ngelingake supaya jaga jeneng apike wong tuwa.
6)    Ngelingake supaya dadi anak sing ngabekti karo wong tuwane.
7)    Rodaning urip tansah muter, kadhang kala ana ing dhuwur, kadhang
kala ana ing ngisor.
8)    Sawise kasusahan bakal nemoni kasenengan kanthi sabar lan tawakal.
9)   Tresna sejati iku bakal teka ing wayah sing apik lan wis pesthi.
10)  Ngelingake supaya ora ngumbar hawa nepsune.
2.4  Format Buku
Samak buku sing dianggo yaiku serdadu Landa karo wong wadon
Jawa. Gambar kuwi nggambarake menawa derajate wong wadon Jawa ana
ing sangisore wong lanang, mligine wong Landa. Gambare wis trep karo
irah-irahan lan wosing cerita.

2.4 Kaluwihan lan Kekurangan


Kaluwihan
Ing babagan teknik penggarapane pengarang nggambarake yen
penggarapane ora serampangan utawa saderma dadi ‘roman panglipur
wuyung’. Iku bisa kawaca saka andharane pengarang babagan pendhidhikan.
Diandharake tokoh Wagiman minangka wong bumiputra ananging bisa dadi
serdadu kumpeni. Liyane cerita babagan uripe wong-wong ana ing tangsi.
Ugi jeneng-jeneng lan papan-papan tangsi ing Indonesia.
Babagan basa, basa nggunakake basa Jawa Wetanan. Nanging
menawa bisa teliti anggone maca gampang dimangerteni. Akeh uga bahasa
Belanda sing dilebokake ana ing sajroning cerita. Basane cekak-cekak, dadi
menawa sing maca isih awam ora kangelan anggone golek tegese. Kabukti
saka Jemini sing mung dituturi banjur bisa nirokake kanthi lancar.
·         Kekurangan
Basa Jawa Wetanan ana ing Surabaya  sing dianggo duweni tembung-
tembung sing adoh tegese karo basa Jawa Jogja-Solo.  Umpamane tembung
“kawin” sing duweni teges nikah. Ana  ing basa Jawa Jogja-Solo, tembung
kawin duweni teges nindakake hubungan antarane wong lanang lan wadon.
Dadi luwih apik menawa tembung kawin diganti karo tembung nikah.
Babagan basa Belanda sing digunakake luwih apik menawa diwenehi
kutipan tegese. Saengga gawe gamblange sing maos. Sanajan menawa ora
diwenehi tegese pamaos bisa ngrakit-ngrakit dhewe maksud saka tembung
iku.
2.6  Manfaat
Manfaat sing bisa dijupuk saka novel Jemini yaiku:
1)   Novel iki cocok kanggo kalangane kawula mudha sing arep omah-omah
supaya ora mung bisa milih wong sing ditresnani utawa amarga bandhane,
ananging uga golek sing duwe watek apik.
2)   Novel ini uga cocok kanggo sapa wae sing pingin mangerteni ahanan urip
ing tangsi nalika jaman Walanda ing Indonesia lan mligine ing babagan
omah-omah sing apik.
3)   Novel iki ngandarake tata cara nikah kanthi cara Kristen ing
gereja.
4)   Kanggo pasinaonan sing nggambarake menawa kawin peksan iku ora
mesthi apik.
5)   Menawa dadi anak kudu manut karo wong tuwane amarga tindak
andhuke anak dadi tanggunganipun wong tuwane.
6)   Anggone nglakoni urip kudu tansah sabar, ikhtiyar lan tawakal.
2.7  Saran
1)   Pengarang
Apike pengarang nyantumake data diri sing lengkap supaya pamaos
bisa gampang mangerteni kahanane urip pengarange.
2)   Apike tembung-tembung sing duweneni teges beda karo basa Jawa Solo-
Jogja ora dicantumake supaya ora gawe bingunge pamaos.
3)   Apike tembung-tembung sing gunakake tembung manca diwenehi teges
dadi gawe gamblangipun pamaos.
2.8  unsur – unsur ekstrinsik novel jemini
·         Biografi Penulis Novel
Suparto Brata (lahir di Surabaya, 23 Februari 1932 – meninggal di
Surabaya, 11 September 2015 pada umur 83 tahun) adalah
sastrawan berbahasa Jawa dan juga Indonesia. Sastrawan ini terhitung
produktif menerbitkan buku fiksi berbahasa Jawa. Pada mulanya ia menulis
fiksi dengan bahasa Indonesia yang dimuat di Majalah Garuda, 25 Oktober
1953 dengan cerpen "Miss Rika di Angkasa".
Karier sastra Jawanya bermula dari tulisan-tulisannya di
Majalah Panjebar Semangat, Surabaya. Majalah berbahasa Jawa ini juga
memberinya anugerah saat sayembara penulisan Cerita bersambung pada
tahun 1959. Cerita bersambung itu kemudian dibukukan dalam
bentuk novel yang berjudul Lara Lapane Kaum Republik. Novel ini kemudian
diterjemahkan dalam bahasa Indonesia oleh Suparto sendiri menjadi Kaum
Republik.
BAB III
PENUTUP

3.1 Kesimpulan
Karya novel Jemini Brata soeparto iku salah siji saka karya sastra
tema marriage dipeksa dileksanakake dening tuwane
marang kang putra. Iki bisa katon ing episode nalika Spring lan
Jemini Wagiman dipeksa mate karo prajurit sing teka saka
barracks Sambongan.
Novel Jemini dibangun saka unsur mbentuk bebarengan crita
related. Ing panaliten iki, kabeh unsur sing dianalisis
nggunakake teori struktural. Kasunyatan crita dumadi saka: karakter, setelan,
plot,
lan tema. Nalika piranti sastra kalebu: title, sudut pandang, gaya
lan muni, simbolisme, lan ironi.
Irah – irahan Award saka novel iki dijupuk saka salah siji tokoh tengah ing
novel, yaiku Jemini. Jemini tokoh-tokoh, tokoh tengah ing novel
The. Iki amarga tokoh Jemini tansah gadhah tokoh liyané ing saben episode
saka crita. Tokoh liyané: Wagiman, Semi, oom Piet, Urip, Siti, Wak Talib,
Radian, lan Kadinah.

3.2 Kritik dan Saran


Demikian, makalah sing kita gawe , uga migunani kanggo maca. Yen ana
kritik lan saran sing pengin ngirim, kabari aku. Yen ana kesalahane please
dadi pangaksumo lan memakluminya, amarga kita abdining Allah sing ora
uwal saka siji blunder, Alfa lan lali.

You might also like