You are on page 1of 9

MAKALAH TRADISI NYADRAN

Makalah Menika Dipunserat Kange Njangkepi Tugas Bahasa Jawi

Dwija Pambimbing :

Oktarina Dwi Pratiwi, S.Pd

Dening:

Nami : DONI SETIAWAN

Kelas : XI IPS 1

No.Abs : 12

SMA NEGERI 1 SUMBERREJO


TAHUN PELAJARAN 2021/2022

PURWAKA
i
Puji syukur hamung konjuk wonten ing ngarsanipun gusti ingkang asipat selas lan asih
awit saking sih wilasa-ipun kula saget ngrampungaken makalah’’TRADISI
NYADRAN’’menika, makalah menika kacipta adhedhasar kepengin nglestantunaken
kebudayaan jawi inggih punika nyadran
Makalah menika migunani tumprap soksintena ingkanng kepingin mengertosi kalian
kebudayaan jawi ingkang kegayutanipun kalian nyadran
Kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng sasintena kemawon ingkang sampun
kersa paring pitedah , palilah , saha penyengkuyung amrih mawujudipun makalah menika.Kula
tansah nyenyadhong pitedah sarta wewarahipun pranupiksa ingkangmaos makalah menika,
temah makalah menika saged nyembadani pamundhutipun para maos. Nuwun

Sumberrejo, 13 Oktober 2021


Panyerat

Doni Setiawan

ii
DAFTAR ISI

Halaman judul......................................................................................... i
Purwaka................................................................................................... ii
Daftar isi.................................................................................................. iii
BAB I PAMBUKA
A.       Wigatosing rembag......................................................................... 1
B.      Ingkang wigatosing dipun rembag................................................... 1
B.       Kekajengan ingkang dipun rembag................................................. 2
BAB II WAOSING REMBAGAN
A.    Pangertosan nyadran......................................................................... 3
B.     Uba rampe nyadran........................................................................... 4
C.     Tata cara upacara nyadran................................................................ 4
BAB III PANUTUP
a.       Kasimpulan....................................................................................... 5

DAFTAR PUSTAKA............................................................................ 6

iii
BAB I
PAMBUKA

A.     Wigatosing rembag


Jawa pancen unik,  nduweni ngelmu sing menehi pepeling marang anak(putu) supaya
ngerti marang leluhur. Anak dikekudhang supaya ngerti bapa biyung sing ngukir jiwa ragane.
Sabanjure digulawenthah supaya ngerti marang mula bukane wiwit mbah, mbah buyut,
canggah, wareng, lan sapendhuwure. Ana sesebutan liyane supaya anak putu ngerti silisilahe.
Sawise ngerti, diweling supaya dipepundhi, amarga kabeh mau pepundhene.
Kanggo wong jawa kagiyatan taunan sing jenenge nyadran utawa manganan iku
ungkapan refleksi social-keagamaan. iku kabeh dilakoni karo salahsawijining masyarakat ing
desa Sambong Kec. Purwosari Kab.Bojonegoro iku dianakake kanggo ziarah ning makam
leluhur. manganan iki salah sijine wujud pelestarian warisan tradisi lan budaya nenek
moyang. Tradisi nyadran iku symbol anane gegayutane karo para leluhur lan maha kuasa.
manganan utawa nyadran iku ritual antarane budaya lokal lan nilai-nilai islam saengga
manganan isih ditindakake kanthi cara islami.
Amarga budaya masyarakat iku wus ngraket dening masyarakat ndadekake
masyarakat jawa njunjung tinggi nilai-nilai luhur kabudayaan. Saengga ora dadi kagete
maneh yen nyadran isih ana budaya Hindhu-Budha lan animisme sing diakulturasikne kro
nilai-nilai islam.
Acara nyadran iku erat kaitane kaliyan adat lan istiadat Jawa. Apa maneh yen
masyarakat gelem ngrembakakake, adat istiadat sing ana iku bakal dadi salah sijine wisata
budaya sing adi luhung. Apa maneh tradisi kasebut nganti saiki isih ditindakake lan nduweni
nilai islami. Buktine, kayata masyarakat desa Sambong, senajan wus akeh sing agamane
islam nanging wektu nindakake ritual nyadran utawa manganan isih nganut budaya biyen.
Salah sijine yaiku tasyakuran ning panggon-panggon sing dianggep keramat karo
masyarakat.

B.    Ingkang Wigatos Dipunrembag


Lumantar makalah menika, badhe dipunaturaken uneg-uneg ingkang wonten gandheng
cenengipun kaliyan kados pundi pangertosan nyadran menika lan nyadran menika langkung
ngrembakalan kondhang kawentar wonten masyarakat Indonesia khususipun masyarakat
Jawi piyambak. Babagan menika wigatos sanget dipunpenggalih khususipun dening warga
ingkang rumaos’’asli’’saking jawi,utawi sinten kemawon ingkang hanggadhahi raos
handarbeni dhumateng nyadran,supados kawontenan tiyang jawi lan ugi kebudayanipun
langkung dipunakeni dening kelompok-kelompok wargadonya sanesipun

1
C.      Kekajengan Ingkang Dipunrembag
Wonten 3 perkawis ingkang dopunaturaken wonten makalah menika:
A.     Menapa ingkang dipuntegesi nyadren
B.     Uba rampe nyadran
C.     Tata cara upacara nyadran

2
BAB II
WAOSING REMBAGAN

A.   Pangertosan nyadran


Tradisi nyadran yaiku pesta rakyat sing awujud bentuk rasa syukure masyarakat marang
Gusti Allah amarga bumi iki bisa dadi sumbere urip. acara manganan utawa nyadran lumrahe
saben desa nduweni dina, tradisi lan panggonan sing beda-beda. ana sing dirindakake ing
sendang, kuburan lan punden. panggonan sing kaanggep masyarakat iku dadi cikal bakale anane
desa iku. yen ing desa Sambong manganan iku dianakake ing pesarehan mbah Gerit, masyarakat
ing kana nduweni kapercayan yen panggonan iku dianggep keramat dadi masyarakat desa
Sambong yen nganakake manganan saka wujud rasa syukure marang Gusti kang Murbeng
Dumadi iku ing pesarehane mbah Gerit.sakliyane mengeti nyadran utawa manganan sing
nduweni wujud rasa syukur marang Gusti Kang Akarya jagad yaiku supaya ora ana gangguan
roh jahat lan mahluk alus.
Lumrahe sawise nganakake manganan utawa nyadran, masyarakat uga nganakake hiburan.
hiburane uga beda-beda. ana sing nanggap tayuban, wayang kulit, wayang krucil utawa wayang
golek sing miturut wong jaman biyen iku senengane Danyang desa. yen ing desa Sambong
lumrahe masyarakat ing kana nganakake wayang ing panggonan sing digawe acara manganan
utawa ing omahe Kepala desa.
Kagiyatan manganan iki dipengeti karo masyarakat ing desa Sambong Kec. Purwosari
Kab.Bojonegoro kanthi turun temurun. Tradisi nyadran utawa manganan iki wus ana awit jaman
biyen, tepate ing jaman kerajaan. masyarakat Bojonogoro isih nduweni kapercayaan ngenani
cariyos kuna saengga nyadran isih dipengeti senajan wus katerak owahing jaman.
Tradisi nyadran tumrap wong jawa dianggep wigati banget.
Umume ditindakake ing sasi Ruwah (saka tembung arab arwah). Tradisi nyadran ora bisa pisah
karo kembang utawa sekar. mula ana istilah nyekar para leluhur nganggo uba rampe kembang
(mawar, kenanga, mlati, telasih lan liya-liyané). ana ing bebrayan, kembang dadi pratandha
(lambang, simból) sesambungan utawa talirasa tresna, asíh, dúhkita, sungkawa lan liya-
liyane. Tradisi nyadran pranyata wís lumaku wiwít jaman Majapahít nganti saiki.
Pakurmatan kanggo leluhur isíh lestari tekan saiki lan dipepetri deníng masyarakat,
khususe ing tlatah padésan. Nyekar ing sasi Ruwah nduweni surasa utawa wulangan marang
anak putu supaya padha tresna lan eling marang leluhur. Ing sasi ruwah iki akeh pepundhen kang
disowani lan diresiki. Nyadran tumrap wong Jawa dianggep wigati, amarga ana bab kang
sambung karo tradisi spiritual. Istilah tradisi, mula bukane saka tembung latin tradere utawa
tradition tegese ” maringake saka ndhuwur”. sing diparingake babagan kang nduweni nilai kang
adi(luhur, luhung).

3
B.   Uba rampe nyadran
Ing sajrone nganakake manganan ana syarat uba rampe sesaji sing kudu ana. Uba rampe
iku yaiku apem, ketan lan kolak. Telung sesajen iku dimaknai kanthi cara islami. Apem iku saka
tembung Afuan ing tegese ampunan. ketan iku saka tembung khoto’an sing nduweni teges putih
lan suci, yen kolak saka tembung kholaqo sing tegese sang pencipta. Saka telung sesajen iku
dimaknai kanggo symbol eling marang Gusti. nanging yen masyarakat jawa negesi yen kolak iku
tegese ojo ditolak artine apa sing dadi panjaluke moga-moga ora sampek ditolak. ketan tegese
raketa yaiku supaya doa kawulo manunggal dening Gusti. Telung sesajen pokok iku uga
ditambahi karo tumpeng lan sego kaliyan lauk kayata iwak pitik.
Apem, ketan lan kolak iku saliyane dadi uba rampe sing wajib uga digunakake munjung
(ater-ater) kanggo dulur-dulure sing luwih tuwa lan tangga teparuhe. saka iku nuduhake yen iku
kabe dilakoni masyarakat wujud rasa solidaritas lan sosial marang wong liya.

C.   Tata Cara Upacara Nyadran


Ing nyadran, sadurunge acara inti lumrahe ing desa Sambong masyarakat sing ana ngresiki
panggonan sing digawe nganakake acara nyadran. sawise ngresiki, masyarakat kampong nggelar
kenduri ing panggonan mbah Gerit utawa panggon kosong sing ana sakiwa tengene panggon
upacara nyadran. saben kulawarga lumrahe nggawa macem-macem panganan, banjur lungguh
bareng-bareng ing pesarehan kanthi sila. banjur kepala desa mbukak acara sing isine iku nduweni
maksud ngucapne rasa syukur lan matur suwun marang wargane sing wus gelem nggawa jajan
lan tumpeng (ambengan) uga wus gelem nyempatne melu upacara nyadran.
Saka tata cara iku, cetha yen nyadran iku ora amung ziarah ing pesarehane leluhur nanging
uga nduweni nilai-nilai social budaya kayata gotong royong, guyub. saengga nyadran iku bisa
ningkatne ngrembakane kabudayaan Jawa lan tradisi sing wus ngrembaka dadi luwih ngrembaka
utawa tetep lestari. kanthi cara sosio-kultural, upacara nyadran iku ora bisa kaanggep ngresiki
pesarehan leluhur, slametan (kenduri), nggawe apem, kolak, lan ketan sing dadi sesaji. Nyadran
utawa manganan iku ndadekake silaturahmi kulawarga tetep utuh lan dadi transformasi sosial,
budaya, dan keagamaan. saka ndhuwur iku cetha yen ana hubungan kekerabatan, kebersamaan,
kasih sayang antarane warga. sawise iku mbah Moden sing wus dipilih dadi rois mimpin donga
sing isine nyuwun sepura lan ngapura marang leluhur lan marang Tuhan Yang Mahakuasa.
dongane nggunakake tata cara agama islam lan warga sing ana padha ngamini.
Sawise donga iku rampung, kabeh warga Sambong sing ana ing panggonan upacara
manganan iku mbagi-mbagi tumpeng sing wus digawa. saliyane iku, para warga uga padha
barter jajan sing digawa, padha omong-omongan utawa guyon-guyonan. banjur sing ora bisa
melu utawa warga sing ora mamu ing desa Sambong diwenehi tumpeng (berkat) lan jajan kanthi
cara diwenehne ning omahe.

4
BAB III
PANUTUP

A.     Kasimpulan
Nyadran utawa manganan yaiku ungkapan kesalehan social masyarakat sing nduweni rasa
gotong royong lan solidaritas sing dadi tujuwan utamane tradisi iki. saliyane iku, nyadran uga
bisa ningkatne hubungan marang Gusti lan masyarakat social saengga bakal ningkatne
rembakane kabudayaan lan tradisi sing wus ngrembaka dadi luwih ngrembaka maneh. manganan
iki uga dadi salah sijine dalan kanggo njaga silaturahmi antarane masyarakat. yen manganan iki
dtiingkatne maneh rasa sosiale masyarakat Indonesia iki bisa bener-bener dadi rukun, ayom-
ayem lan tentrem.
Intine rembug, sakabehing titah kudu tansah mbekteni marang leluhur, senajan wis mapan
ing alam kelanggengan. salah sawijining amalan kang ora pedhot ganjarane yaiku dongane anak
putu kang sholeh lan sholehah marang bapa ibu lan para leluhur. dadi ora teges anak putu
nyembah marang arwahe para leluhur, ananging ndongakake supaya arwahe para leleuhur
kapapanake ing papan kang mulya ing sandhinge Gusti. bektine anak kudu mikul lan mendhem
jero karo wong tuwa.
Pungkasane, nyadran iku ngluhurake leluhur kang tundhone supaya eling lan manembah
marang Kang Maha Luhur

5
DAFTAR PUSTAKA

http://sitimuanifah.blogspot.com/2011/05/tradisi-nyadran.html
http://zenbu26.blogspot.com/2012/03/makalah-bahasa-jawa-tradisi-nyadran.html

You might also like