You are on page 1of 19

MAKALAH SASTRA JAWA PESISIRAN

SASTRA TINARBUKA
Sastra Suluk Minangka Prototif

Dening :

1. Kharisma Maulida K. (17020114004)


2. Asih Nur Imaniar (17020114005)
3. Ani Esa Alfadila (17020114018)
4. Achmad Jarril Fitrah (17020114022)

JURUSAN PENDHIDHIKAN BASA LAN SASTRA DHAERAH


UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
2019/2020

i
ATUR PANGIRING

Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah


Ingkang Maha Agung sahengga makalah punika saged kasusun kanthi sae. Boten
kesupen kita aturaken matur sembah nuwun kagem tiyang sepuh kawula ingkang
tansah paring donga pangestu saha pra dwija ingkang sampun paring kawruh lan
seserepan sahengga makalah ingkang kasusun sae punika saged purna.
Makalah punika kaserat atulis kanthi irah-irahan “Makalah Sastra Jawa
Pesisiran: Sastra Tinarbuka (Sastra Suluk Minangka Prototip)” punika minangka
salah satunggaling sarana gladhen nyerat. Laporan menika kasusun kagem njangkepi
tugas semester 6 mata kuliah Sastra Jawa Pesisiran.
Mugi-mugi makalah ingkang kaserat dening panyerat menika saged paring
mapinten-pinten manfaat dumateng para sinten kemawon ingkang maos. Kita
minangka panyerat ugi kathah kakirangan, pramila panyaruwe saha panyedu tansah
kita antu-antu.

Surabaya, 18 Maret 2020

ii
DHAFTAR ISI

BAB I PURWAKA

1. 1 Lelandhesan Panliten …………………………………………………………


1

BAB II ANDHARAN
3.1 Pangerten Suluk ……………………………………………………………… 2
3.2 Asal-Usul Suluk ……………………………………………………………… 3
3.3 Watak Sufistik ……………………………………………………………….. 4
3.4 Teks Pesisiran yang Pernah Diteliti ………………………………………….. 5
3.5 Karakteristik Suluk …………………………………………………………... 12
3.6 Hasil-Hasil Sastra Suluk ……………………………………………………... 13
3.7 Catatan ……………………………………………………………………….. 14

BAB III PANUTUP


3.1 Dudutan ………………………………………………………………………. 15
3.2 Pamrayoga …………………………………………………………………….. 15
KAPUSTAKAN …………………………………………………………………... 16

iii
BAB I
PURWAKA

1. 2 Lelandhesan Panliten

Karya sastra minangka asil saka pamikire manungsa kang ngandhut bab nile-
nile, kabudayan, tradhisi, lsp. Sajrone karya sastra Jawa anyar kaperang dadi loro
yaiku karya sastra Klasik lan karya sastra Pesisiran. Kang diarani karya sastra klasik
utawa sastra pedalaman iku karya sastra kang tuwuh lan ngrembaka ing dhaerah
kraton kayata Yogyakarta lan Surakarta, sumbere saka panguripan masyarakat Jawa
kang manggon sajroning kraton. Dene kang diarani karya sastra pesisiran yaiku karya
sastra kang tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat kang manggon ing dhaerah pesisir.
Sastra jawa pesisiran minangka sastra kang ana gegayutane karo bab islam.
Sastra jawa pesisiran tuwuh lan ngrembaka ing dhaerah pesisiran. Dhaerah-dhaerah
pesisir lor jawa kang dadi pusat perdagangan kayata Gresik, Tuban, Jepara, Demak,
Cirebon, Banten, minangka punjere tuwuh sastra jawa pesisiran. jinise kasusastran
Jawa ana maneka warna lan salah sawijine yaiku Sastra Jawa Pesisiran. Sastra Jawa
Pesisiran mujudake ekspresi sastra kang asale saka masyarakat Pesisir (mligine
pesisir sisih lor Pulo Jawa) kang nduweni fungsi tartamtu kanggo masyarakat
panyengkuyunge (Purnomo, 2011:22).
Tuwuh lan ngrembakane Agama Islam mangaribawani sastra ing tanah Jawa.
Piwulang Islam katon nyata ing karya sastra. Karya sastra pesisiran ing pasinaon
asipat mistis religius sing diracik ing wujud gancaran utawa tembang macapat. Sipat
mistis religius iki ing tembe tuwuh dadi karya sing luwih komplek kanthi
pengadaptasian unsur-unsur budaya sing dibumboni pengaruh Islam
(Purnomo,2001:2). Salah sawijine karya sastra pesisiran kang ngandhut bab religius
yaiku suluk. Karya sastra Jawa suluk mujudake karya-karya sastra kang ngandhut
piwulang-piwulang kerohanian tasawuf utawa sufisme. Tasawuf utawa sufisme
nduweni gegayutan karo babagan agama Islam kang tuwuh lan ngrembaka ing tanah
Jawa.

1
BAB II
ANDHARAN

2. 1 Pangerten Suluk

Sajrone kasustran jawa sing diarani sastra suluk yaiku salah sawijine sastra
jawa kang isine ngemot bab kerokhanian kayata sufistik, tasawuf utawa suluk.
Tembung suluk bisa ditegesi laku utawa tatacara, kuwajiban, sing kudu dilakoni
dening pawongan kang diarani ‘salik’ utawa ‘ahlus suluk’ miturut ing ajaran tasawuf.
Khusus ing pulo jawa suluk nduweni rong pangerten yaiku salah sawijine jinis puisi
(tembang), kang isine ngemot bab tasawuf utawa mistik islam utawa sing sarupa karo
kuwi, lan pangerten kang kapindho yaiku nyanyian dhalang kang dilagukake ing
wayah wayangan kanggo maksud lan tujuwan tartamtu.
Sacara etimologis tembung suluk saka tembung Arab ‘suluukun’ sing tegese
perjalanan utawa lelakon ngembara, panguripan kang tapa. Intine suluk ing kene bisa
diartekake ngliwati, nggandeng, utawa nglakoni. Saengga suluk kuwi bisa digayutake
karo bab piwulangan tasawuf sing majibake para sufi, salik, utawa uhluth-thariqah
sing nglakoni ngembara utawa tapa kanggo nggayuh tujuan kang makrifatullah.
Miturut Fakier Abdul Hak (1960:42-44) nyebutake yen salah siji bab kenangapa
puisi-puisi utawa tembang ing sastra jawa sing isine utawa corak sufistik disebut
minangka karya-karya suluk, yaiku amarga karya-karya kang kaya mangkono kuwi
digunakake minangka pitedah utawa petunjuk sing dadi tali kang ngiket antarane
manungsa karo Gusti kang nyiptakake, utawa uga bisa diarani pitedah ngenani dalan
kang kudu diliwati kanggo nggayuh makrifat tuhan (band.Schimmel, 1986:3).
Suluk minangka kagiyatan kanggo cedhak karo Gusti Allah, suluk meh padha
karo tarekat, yaiku carane nyedhaki awake dhewe marang Gusti Allah. Menawa
tarekat isih ana konseptual, nalika suluk wis ana ing bentuk teknis oprasional.
Oprasional kanthi nyata, ora mung teori nanging langsung dipraktikake ing tumindak
saben dina, tembung suluk asale saka ekspresi terminologi ing Al-Quran yaiku
Fasluki ing serat An-Nahl (16) Ayat 69.3 sing intine lakonana dalan kang wes

2
digarisake Gustimu, lan uga ana ahli tasawuf kang negesi kanggo ndadekake suluk
minangka dhasar kanggo ngresepi tasawuf (Mustafa Zuhri, 1997:69)
Miturut Imam Ghazaly, hakekat suluk yaiku tata cara, urutan, sing kudu
dilakoni kanggo bisa cedhek kanthi mutlak marang Sang Maha Pencipta. Tata cara
kang kaya mangkono kayata ngosongake dhiri saka watek ala, kayata lelakon maksiat
kang becik lair lan batin, banjur didisi karo watek ang becik (terpuji) arupa ketaatan
lair lan batin.
Suluk ing istilah Sufisme minangka cara kanggo nyedhaki Allah SWT utawa
kepiye entuk ma’rifat. Ing istilah sabanjure istilah iki digunakake kanggo kegiatan
sing ditindakake dening wong liya supaya bisa nggayuh ikhwal (kahanan mental)
utawa tujuwan tartamtu. Khan Sahib Kahja Khan (ahli Sufisme saka India)
ngandharake manawa salik minangka wong sing njupuk perjalanan spiritual (suluk).
Saka kabeh andharan ing ndhuwur, sastra jawa suluk yaiku salah sawijine
jinis karya sastra jawa, sing ngandharake bab-bab kerokhanian tasawuf arupa pituduh
kanggo pamaca ngenani sikap lan cara kang kudu dilakoni supaya padha kenal karo
hakekat dhiri minangka makhluke Gusti kang Maha Pencipta.

2. 2 Asal-Usul Sastra Suluk

Wiwit abad XV dhaerah pesisir lor pulo jawa kayata Tuban, Gresik, Demak,
Cirebon, lan Banten dadi basis kang utama kanggo nyebarake agama islam ing Jawa.
Ing panggon-panggon kuwi para wali kang dianggep pelopor nyebarake agama islam
ing Jawa, para wali uga wes ngedegake pusat religi lan panggenan kang strategis.
Panggenan sing dadi pusat kang kaya mangkono saiki dikenal kaya pondok-pondok
sing digunakake minangka punjere agama, lan panguripan religi jawa kuna yaiku
dhaerah-dhaerah mandala (Piageaud, 1976:79).
Diwiwiti saka pondok-pondok pssantren para cendekiawan muslim, nyoba
ngrubah sosio-kultur Jawa-hindu dadi sosio-kultur jawa kang sipate islami. Pondok-
pondok pesantren wali iki uga nduweni pengaruh kang gedhe ing babagan politik.
Nalika sadurunge Raden Patah didadekake raja Sultan Demak sing kapisan, pesantren
giri sing dadi panguwasa islam ing jawa sawetara.

3
Saka mandala-mandala anyar utawa pondok-pondok pesantren kuwi nduweni
kagiyatan olah sastra sing produktif. Kagiyatan olah sastra kang nduweni jiwa
semangat keagamaan ing pondok-pondok ndadekake punjer kesastraan wektu kuwi.
Maneka warna karya sastra ing bab tasawuf lan sufistik. Karya kang awujud primbon,
wirid lan suluk. Katelune kuwi ora beda adoh, mung beda ing isi saka karya sastra.
Wirid yaiku suluk kang awujud gancaran utawa prosa. Wirid ing tsawuf digunakake
kanggo nyebut laku utawa amal-amal sing kudu dilakoni terus ing wektu tartamtu.
Amal kang dilakoni sajrone wirid yaiku maca ayat-ayat suci Al-Qur’an, utamane
dzikir. Dene primbon nalika ing wiwitane mung ngrembag ngenani ajaran ketuhanan
kang sifate sufistik lan isoteris.
Wiwit saka pesisir, jinis kasusastraan iki banjur nyebar ing dhaerah-dhaerah
pulo jawa, malah nganti Palembang sisih lor, lan Lombok sisih wetan. Wiwit abad
XVII lan XVIII kesastraan jawa pesisir bisa ditrima kanthi apik, malah pengaruhi
luwih kuwat ing kraton. Lan wiwit pungkasane abad XVIII karya-karya suluk dadi
jinis kasastraan kang penting ing Cirebon.

2. 3 Watak Sufistik

Pusat budaya pesantren ing pulau Jawa ana telu (3) yaiku Banten, Cirebon, lan
Demak. Sajrone ngelmu tasawuf ing Banten, dikuwati karo anane Syeikh Yusuf al-
Taj al-Makasari (1672). Karya-karya ngenani tasawuf Syekh Yusuf iki nggunakake
basa Arab lan isine ngenani piwulang kang sipate ortodoks. Cirebon minangka kutha
cedhak pelabuhan banjur dibangun kerajaan dening Sunan Gunung Jati. Sunan
Gunung Jati nyebarake Islam ing Cirebon awit taun 1470 nalika yuswane 22 taun.
Mula piwulang Islam sing ngrembaka ing Cirebon mligine sing gayutane tasawuf
mesthine sipate ortodoks. Demak minangka simbol ortodoksi Islam nalika jaman
pangrembakane Islam ing Jawa. Demak lan Cirebon asring disebut minangka pusat
budaya islam sing nyumbang piwulang ngenani Islam ing Jawa mligine sasatra suluk
isng diasilake nggunakake basa Jawa. Beda kayadene kutha liyane, Banten ngasilake
piwulang tasawuf kanthi basa Arab.

4
Heterodoksi Islam diwiwiti nalika Mataram Islam wiwit netral saka ortodoksi
Islam. Ing bidhang politik, klompok santri pesantren wiwit senggang karo klompok
masyarakat kraton Jawa. Kanthi teoritis, wiwitane hetrodoksi Islam yaiku ing abad
XVII nalika Mataram Islam ing puncak jayane. Heterodoksi Islam ing kerajaan
Mataram Islam dititiki kanthi anane kawigaten saka kraton nulisake jinis-jinis sastra
ngenani raja kalebu para pahlawan, ‘pertempuran’ lan selingan romantis tinimbang
perkara agama.
Miturut Ricklefs, nalika sastra suluk bkraton ing Jawa iwit kecampur
heterodoks bab tasawuf durung ana salah tampa utawa selisih paham. Nanging nalika
wiwit anane piwulang ngenani ora perlune nindakake sayriat kayata shalat sajrone
karya sastra sing diripta mula banjur ana perkara antarane pro-syariat lan penganut
tasawuf heterodoks (Ricklefs, 1991:82-83)
Sastra suluk pesisiran asring ditemokake ora ana pengarange. Ana rong
alaesan, kapisan amarga budaya pesantren sing wis biasa apal banget mula tradisi
nulis dadikurang nyenengake; kaping loro, yaiku ana anggepan yen nulis jeneng
sajrone karangan asring dikira nyombongake diri. Mula saperangan pangripta utawa
penulis naskah sastra suluk nulis jenenge kanthi cara sandi asma. Dene sebarane
sastra suluk Jawa iki kanthi peran saka para santri lelana.

2. 4 Teks Pesisiran yang Pernah Diteliti


Wujude sastra suluk peissiran ing jaman peralihan isih awujud gancaran, dene
ing abad XVII wujude naskah-naskah suluk peisiran arupa sekar, geguritan. Naskah
– naskah suluk pesisiran jaman peralihan kalebu sastra sing sipate ortodoks dene
naskah jama suluk peisiran asli ana sing ortodoks lan ana uga sing wis kecampuran
heterodoksi Islam.
Naskah ing jaman peralihan tuladhane yaiku nakah kanthi irah-irahan Een
Javaansche Primbon uit de Zestiende eeuw, opnieuw uitgegeven en vertaald sing
ditulis dening H. Kraemer (1921). Mligine ing babagan tasawuf, naskah iki
ngrembug tasawuf sing moderat yaiku ora ditemokake bab utawa pamikiran kang
ana gayutane monism utawa panteisme. Dadi naskah iki isine tasawuf sing ortodoks.
Naskah nomer loro yaiku Het Boek van Bonang sing diteliti dening B.J.O Schrieke.

5
Naskah iki anonim utawa durung diweruhi sapa pangriptane. Naskah iki intine
ngrembug ngenani piwulang tasawuf ortodoks adhedhasar saka piwulang al-Ghazali
(Steenbrink, 1988:228).
Naskah kaping tiga sing wujude gancaran yaiku naskah-naskah sing diteliti
dening G.W.J. Drewes kanthi irah-irahan An Early Javanese Code of Muslim Ethics
(1978). Naskah iki sumbere saka kitab Bidayat al-Hidayat anggitane al-Ghazali,
mula corak karangan iki yaiku tasawuf ortodoks. Telu jinis naskah kasebut dadi
sastra sing ngawiti jaman peralihan antarane jaman hindu menyang agama Islam
tegese saka Jawa-Hindu menyang Jawa-Islam. Karya-karya sastra kasebut nduweni
ancas mbedakake antarane Hindu lan Islan tanpa ana pepenginan nyampurake
kalorone.
Sabanjure, wiwit abad kaping-17 nganti abad kaping-19 ana naskah-naskah
suluk pesisiran sing ditulis awujud sekar utawa geguritan. Miturut Steenbrick
(1988:208) Cirebon dadi panggonan awal mulane sastra pesisiran iki muncul.
Cirebon dadi panggonan kumpule rong aliran tasawuf yaiku aliran tasawuf ortodoks
lan tasawuf heterodoks. Tasawuf ortodoks yaiku konsep tasawuf Ghazaliyah sing
didukung dening tarekat Sunni. Dene aliran tasawuf heterodoks yaiku paham Ibnu
‘Arabi ngenani ‘martabat tujuh’.
Tasawuf ortodoks sing wujude arupa sekar utawa geguritan salah sawijine
yaiku suluk Cirebonan lan Serat Asmarakandi. Suluk Cirebonan njlentrehake
pangaribawane ‘martabat tujuh’ uga pangaji tumrap kewajiban syariat. Suluk
Cirebonan iki kasusun saka 41 naskah suluk antarane Suluk Bali. Wragul, Tuhu
Lingling, Kakang Dhudha, Bayan Mujahadah, Raden Putra, Adikrama, Sunya tan
Mona, Sidabrangti, Malang Sumirang, Wayang, Barongan, Topeng, Ronggeng,
Besi, Kalipa, Togog, Kaki Tuwa, Jebeng, Jalma Lewi, Alun, Balakbak, She
Madekur, Selabrangti, Panamar Jati, Paesan Jaya, Lirdun, Kamal Ayun, Mimiringi,
Yeng Kapanggi, Paesan Wajib, Kidung Tani, Kidung Boning, Kidung Nabi, Kidung
Artati, Kidung Prasi, lan Kidung Makbul Jati. Tuladhane ing suluk ‘Yen Kapanggi’
ngenani ‘martabat tujuh’

6
Teks
….. Anging wujudulla kang wujud pralabi/
wujudulla rupa/ ingaran kang sajati/
amindha paesan tunggal//
Kang sinung wru kang dinulu tunggal jati/
pasesane tunggal/
wawayangan sabda jati/
kang angilo sadya ana//
uni-uni isun aningali ringgit/
sun dulu kang wayang/
ki dhalang katon ing aksi/
kang wayang kawala//
Pan ki dalang sun dulu nukma ing ringgit/
sir maning paningal/
kang wayang lawan kang kelir/
nanging ki dhalang kang ana//
sedurunge ana wayang ana kelir/
anging ki dhalang kewala//

Terjemahan:
…. Wujud Allah yang wujud perlambang,
itu rupa wujud Tuhan.
Dan yang disebut wujud hakiki,
seperti cermin tunggal.//
Orang yang makrifat yang dilihat hanya satu.
Gambaran kalam Tuhan,
yang bercermin selalu ada.//
Dahulu saya melihat wayang,
yang saya lihat adalah wayang.
Ki Dhalang terlihat di mata,

7
padahal hanya wayang semata.//
Saya melihat dhalang,
hilangnya penglihatan,
wayang dan kelir,
hanya ki Dhalang yang ada.//
Sebelum ada wayang ada kelir,
memang sudah tidak ada wayang dan kelir.

Akan tetapi yang ada hanya dhalang.

Menawa Suluk Cirebonan ditulis awujud sekar utawa geguritan, Serat


Asmarakandi ditulis awujud gancaran. Naskah Serat Asmarakandi ngemu isi
ngenani telu ngelmu agama Islam yaiku tauhid, fiqih, lan tasawuf, mligine tasawuf
ortodoks. Serat Asmarakandi iki dianggep wis sumebar lan dikenal ing dhaerah
pesisir lor Pulo Jawa yaiku ing Demak.
Saliyane naskah-naskah kang sipate ngemu tasawuf ortodoks, uga ana naskah-
naskah kang ngemu piwulang tasawuf heterodoks. Naskah tasawuf heterodoks
lumarahe awujud sekar utawa geguritan Jawa. Tuladha naskah tasawuf heterodoks
yaiku Suluk Sukarsa, Suluk Wujil, lan Suluk Malang Sumirang. Telu suluk kasebut
dianggep naskah suluk sing paling tuwa, saliyane katelu naskah suluk kasebut uga
nyinggung paham Ibnu ‘Arabi (Suluk Sukarsa lan Suluk Wujil) lan paham al-Hallaj
(Suluk Malang Sumirang). Naskah-naskah kasebut dianggep wiwirt diripta lan
ngrembaka ing keraton Jawa nalika jaman Mataram Islam. Suluk Sukarsa, Suluk
Wujil, Lan Suluk Malang Sumirang bisa kalebu “sastra suluk pesisiran” yen
digayutake karo pangrembakane suluk ing Cirebon ing abad kaping-17 sing wiwit
kalebon utawa kacampuran paham heterodoks, yaiku sing paling onjo ngenani
paham ‘martabat tujuh’
Suluk Sukarsa, nggunakake paugeran kayadene tembang gedheb utawa
sastra kakawin (sastra kang nggunakake basa Jawa kuno) yaiku “…sekar cloak,
lampah wolu-wolu kaping 4, sampun boten mawi guru lagu.” (Poerbatjaraka,

8
1964:90). Miturut Steenbrink, teks asli Suluk sukarsa ditemokake sajrone manuskrip
ing Leiden lan kandele ora luwih saka 71 kaca. (Steenbrink, 1988:210).
Pethikan isi Suluk Sukarsa:
1. Sastra gumelar ing jagad kang atuduh pangawikan,
kang weruh ing tuduh sampurna tan ana ireng ing pethak,
yen sira sampun waspada lumampaha alon-lonan,
kebirira lan sumungah ujub loba singgahana.
2. Ki Sukarsa wus alayar ing sakathahing segara,
Margane tekeng makripat tanpa etung urip pejah,
Damare murub tan pejah panganggo mulya tan rusak,
Asangu tan kena telas angungsi ing desa jembar.
3. Ki Sukarsa dennya layar perau sabar darana,
Salat mangka tiyangira kinamudhen pangawikan,
Linyaran amangun hak winelahan niat donga,
Den watangi panenedha den pulangi lawan tobat.
4. Den labuhi sukurulah den taleni lan kana’at.
Den pulangi lan wicara den damari lan makripat.
Ki Sukarsa dennya layar wus tekeng segara rakhmat.
Kawasa denira layar wus tekeng segara ora
.Artinya :
1. Sastra tergelar di dunia menunjukkan sebuah pengetahuan
tentang tuntunan kesempurnaan, tak ada hitam pada putih,
bagi orang yang telah mencapai hikmat berjalanlah pelan-pelan,
takabur dan sombong perilaku tamak tentu disingkirkan
2. Si Sukarsa bagaikan telah berlayar di segala lautan, sebagai
jalan untuk sampai ke tempat ma’ripat yang tidak memperhitungkan
hidup atau mati,lampunya senantiasa menyala busana kemuliaan tak akan
rusak, bekal yang dibawa tak akan habis, saat mengungsi di desa luas.
3. Si Sukarsa dalam pelayarannya, dengan naik perahu kesabaran,
shalat sebagai orang yang mengemudi tentang pengetahuan,

9
dijalani sebagai pembangun hak, dengan menggunakan kemudi
niat dan doa dengan segala permohonan, diakhiri dengan pertobatan.
4. Dilakukan dengan selalu bersyukur diikat dengan menggunakan kana’at,
dilakukan dengan bela bicara dengan penerangan ma’ripat, Si Sukarsa dalam
pelayarannya telah berada pada lautan rakhmat,
selamatlah dalam pelayaran itu sehingga sampai pada lautan tiada (meninggal
dunia?).

Suluk Wujil ngemu wejangan saka Sunan Bonang marang pawongan sing
jenenge Wujil, yaiku pawongan sing nduweni awak cebol mamgimg dadi wong
demenane raja Majapait. Wejangan iku ngemu piwulang mistik kayadene Suluk
Sukarsa. Suluk Wujil sing nduweni 104 pada nggunakake paugeran sekar ageng
Acwalalita ing angka 55, lan tembang Mijil ing angka 56. Banjur saliyane iku
nggunakake tembang Dhandhanggula (Poerbatjaraka, 1964:94).

Pethikan Suluk Wujil:


(1). Dyan warnanen sira ta pun Wujil // matur sira ing sang adinira // Ratu Wahdat
pangerane // sumungkem aneng lebu // telapakan Sang Maha Muni // Sang adhekah
ing Benang // mangke atur bendu // sawitnya nedha jinarwan // sapratingkahing
agama kang sinelir // teka ing rahsa purba.
Tersebutlah cerita seseorang bernama Wujil, tengah berdatang sembah kepada
gurunya yang bernama Ratu Wahdat; ia bersujud di tanah dekat kaki sang guru yang
bertempat tinggal di desa Benang. Sebelumnya ia mohon maaf atas tindakannya
mengharap ajaran Islam yang musykil, hingga sedalam-dalamnya.
(2). Sadasa warsa sira pun Wujil // angastu pada sang adinira // tan antuk wara
ndikane // ri kawijilanipun // ira Wujil ing Maospait // ameng-amenganira // nateng
Majalangu // telas sandining aksara // pun Wujil matur maring Sang adi Gusti //
anuhun pangatpada.
Selama sepuluh tahun Wujil berguru, namun belum juga mendapat ajaran yang
diharapkan; dahulunya ia berasal dari Majapahit, bekerja sebagai “pelayan” Raja. Ia

10
menguasai tata bahasa dan mahir sastra Jawa Kuno; maka menyembahlah Wujil
seraya berkata dengan hormat.
Suluk Malang Sumirang ngandharake “crita al-Hallaj” kanthi cara tradisi
sastra Jawa lan ditulis ddadi 21 pada. Intine njlentrehake ngenani tasawuf sing
sipate antinomisme ‘paham nulak total utawa relatif tumrap hokum syareat
minangka dalan kanggo nuju Gusti’. Paham iki ditindakake kanthi rong jalur,
kapisan jalur ibahi (pawongan sing nduwe aqidah kuwat senajan awake nindakake
dosa, ati lan ragane ora kena dosa) lan melamati (pawongan sing nindakake dosa
kanggo mbuktekake yen aqidahe pancen kuwat) (Steenbrink, 19988: 215-217 et
passim)
Pethikan naskah Suluk Malang Sumirang:
(1) Malang sumirang amurang niti, anrang baya dènira mong gita, raryw anom
akèh duduné, anggelar ujar luput, anrang baya tan wruh ing wisthi, angucap
tan wruh ing trap, kaduk andalurung, pangucapé lalaluya, ambalasar dhahat
amalangsengiti, tan kena winikalpa.
(2) Andaluya kadadawan angling, tan apatut lan ujar ing sastra, lan murang
dadalan gedhé, ambawur tatar-tutur, anut marga kang dèn-singkiri, anasar
ambalasar, amegat kekuncung, tan ana ujar kerasa, liwang-liwung pangucapé
burak barik, nulya kaya wong édan
Ing ndhuwur diandharake yen pangrembakane sastra tasawuf heterodoks wiwit
anane paham ‘martabat tujuh’ nalika wayah ngrembakane Suluk Cirebonan.
‘Martabat Tujuh’ iku paham saka pamikire al Burhanpuri, sing mujudake ana 7
tingkatan wujud.
a. Martabat Ahadiyah: Anane mung Gusti utawa kunhi-Nya
b. Martabat Wahdah: wujud kapisan kaaran Haqiqat al-Muhammadiyah.
Ngatonake kawruh Gusti ngenani Zat lan Sipat-Nya sarta maujudat umum
c. Martabat Wahidiyah: wujud kaping loro kaaraan ta’ayun al-tsani.
Ngatonake kawruh Gusti ngenani Zat lan Sipat-Nya sarta peprincen
maujudat.

11
d. Martabat Alam Arwah: martabat sing wujude alam ruh, ora kasusun saka
unsur-unsur lan ora asipat materi
e. Martabat Alam Mistal: wujude alam sing kaussun saka unsur-unsur murni
lan alus kanthi utuh lan ora bakal rusak.
f. Martabat Alam Ajsam: wujude alam jasmani (materi) sing kasusun saka
unsur-unsur kasar lan bisa dipisah-pisah.
g. Martabat Alam Manusia (Insan): wujude manungsa sing mimpin martabat-
martabat sadurunge

Martabat Ahadiyah, Wahdah, lan Wahidiyah yaiku martabat-martabat ngenani


Gusti sing Qadim (ora ana asal-usule). Dene Martabat Alam Arwah, Alam Mitsal,
Alam Ajsam, lan Alam Insan yaiku martabat-martabat sing nuduhake Gusti
ngatonake diri kanthi cara ora langsung. Martabat Alam Insani nuduhake pangatone
Gusti kanthi wujud paling sampurna yaiku insan kamil (para Nabil an Rasul sarta
para wali lan sufi).

2. 5 Karakteristik Sastra Suluk


Karya-karya sastra Jawa suluk yaiku karya-karya sastra Jawa kang ngemot isi
pasinanon ngenani karokhanian tasawuf, utawa kang nduweni corak tasawuf utawa
sufistik. Karya-karya suluk Jawa iki isih akeh nduweni unsur kang khas, kayata ing
unsur-unsur batin Jawa kang isih mertahanake eksistensine, kayata ngrumusake lan
ngajarake mistik Islam Jawa (Pigeaud, 1967:89; Drewes, 1966:19-22).
Karya-karya suluk Jawa kanthi karakteristik kaya mengkono kuwi karo Simuh
(1988:2-3) diarani kanthi istilah kapustakan Islam Kejawen, jinis kang beda karo
karya-karya kapustakan Islam Santri. Titikan liyane saka Islam Kejawen yaiku isih
kurang ngetokake unsur-unsur sufistik Islam, uga kurang nampilake aspek syariat,
malah ana uga pancen kurang ngregani anane syariat. Jenis karya suluk kang dibagi
telu dening Pigeaud luwih cetha bakal dijelasake ing kene. Karya suluk kang
satemene (suluk proper) yaiku jinis karya sastra suluk kang isine pasinaon tasawuf
murni kang tegese isih mertahanake asline minangka karya kang pandelenge kaum
ortodoksi. Jinis sastra suluk katelu kang diarani minangka karya-karya puisi mistik,

12
yaiku karya sastra suluk kang sajrone mertahanake unsur batin Jawa, unsur kang wis
suwe diyakini dening masyarakat Jawa kang nduwe kapitadosan Hinduistis lan
Buddhistis. Karya sastra suluk jinis kang kapindho yaiku karya naratif didaktis,
pasinaon kang diajarake uga rada netral sing tegese mung sewates ajaran moral kang
umum. Mula, karya jinis kaloro iki jarang ana lan akeh ing jinis kapisan lan katelu.
Saliyane kuwi isih ana karakteristik liyane karya sastra suluk sing isih ana
yaiku mapan anggone bentuk karya sastra suluk lan jeneng irah-irahan. Bentuk saka
karya sastra suluk nggunakake tembang macapat kang dikenal utawa biasa
digunakake sajrone puisi Jawa Tengahan (Pigeaud, 1967:85; band. Fakir Abdul Hak,
1960:42; Uhlenbenk, 1964:123). Cara ngandharake yaiku nggunakake bentuk dialog
kang bisa dilakoni kanthi wong loro utawa luwih. Dialog kasebut biasane dilakokake
antarane guru lan murid, wong tuwa lan anak, lan mbah lan putune. Banjur ana cara
menehi jeneng utawa pamilihe irah-irahan judul kanggo karya sastra suluk, biasane
kanthi cara njukuk jeneng salah sijine pawongan penting sajrone karya sastra kang
ana sambunge utawa cara liyane kanthi nunjuk topik sing paling penting ing suluk
kasebut.

2. 6 Hasil-Hasil Sastra Suluk

Karya suluk kang dianggep wis tuwa yaiku karya suluk wujud teks Primbon
saka abad XVI. Naskah primbon iki ana ing perpustakaan Leiden lan diterbitake
Gunning ing taun 1881 M kanthi irah-irahan Een Javaansche Geschrift uit de 16de
eeuw. Teks kaloro yaiku saka abad XVI. Ing taun 1916 naskah iki diterbitake
Schrieke kanthi irah-irahan Het Boek van Bonang. Saliyane kuwi ana teks kanthi
irah-irahan Suluk Ngasmara lan Suluk Sukarsa kang dideskripsi Poerbatjaraka
(1954). Pamarentahan ing masane Panembahan Seda Krapyak, panulisan sastra suluk
dadi luwih dominan ing istana. Kasil kang onjo yaiku teks Samsu Tabarit, Suluk
Wujil, lan Suluk Malang Sumirang.
Kayata kang diweruhi kabeh Sultan Agung kasil ndadekake siji tradisi Jawa
karo Islam kanthi apik. Kitab Sastra Gendhing yaiku karya sufistik Jawa kang pantes

13
dimangerteni. Saliyane teks iki ana teks suluk kayata Suluk Dhudha, Suluk Dhalang,
Prawan Mbathik, Makriopatollah lan liya-liyane.
Yasadipura I saliyane ngganti karya saduran saka kasastraan Jawa kuna
menyang sastra Jawa baru, uga akeh ngripta karya kang sipaten Islami, lan nduweni
corak sufistik. Salah sijine karya kang bisa ndadekake nile Jawa kuna menyang nile
Islami yaiku Serat Cebolek.
Ranggawarsita kang kalebu generasi kepapat saka kulawarga Yasadipura, uga
kalebu pujangga gedhe. Karya-karya Ranggawarsita jumeneng minangka pujangga
panutup. Karya sastra kang nduweni sufistik yaiku Suluk Supanalaya, Sukma Lelana,
Serat Maklumat Jati, lan paling gedhe Wirid Hidayat Jati.

2. 7 Catatan

Teks suluk lan teks liyane nduweni gayutan yaiku saka tradisi kang padha lan
saka tradisi kang liya sipate gayutan kuwi nduweni arupa kacocokan kayata :
Sajrone perkembangane, sastra suluk Jawa oleh pengaruh saka teks-teks kuwi:
sekabehe teks kuwi, kalebu teks suluk Jawa kang sajrone nduweni kadudukan kang
padha, tegese yaiku kabeh teks arupa wujud anyar saka teks liya kang luwih tuwa, lan
dadi sumber saka teks-teks sateruse.
Minangka manungsa, aspek estetika sajrone karya suluk kanggo panulis ora
mung kanggo minangka tujuwan otonom, ananging fungsi. Fungsi kuwi sajrone
paham dheweke yaiku fungsi kanggo realita kang luwih agung lan kebab misteri.
Sajrone konteks iki, kanggo dheweke kang ngayati sastra sing siji pihak, lan
piwulangan suuk sajrone pihak liya, yaiku kanggo transformasi. Transformasi dhiri
kanggo Ingkang Maha Agung.

14
BAB III
PANUTUP

3. 1 Dudutan

Suluk yaiku salah sawijine sastra jawa kang isine ngemot bab kerokhanian
kayata sufistik, tasawuf utawa suluk. Suluk minangka kagiyatan kanggo cedhak karo
Gusti Allah, suluk meh padha karo tarekat, yaiku carane nyedhaki awake dhewe
marang Gusti Allah. Menawa tarekat isih ana konseptual, nalika suluk wis ana ing
bentuk teknis oprasional. Sastra suluk pesisiran asring ditemokake ora ana
pengarange. Ana rong alaesan, kapisan amarga budaya pesantren sing wis biasa apal
banget mula tradisi nulis dadikurang nyenengake; kaping loro, yaiku ana anggepan
yen nulis jeneng sajrone karangan asring dikira nyombongake diri. Mula saperangan
pangripta utawa penulis naskah sastra suluk nulis jenenge kanthi cara sandi asma.
Wujude sastra suluk peisisiran ing jaman peralihan isih awujud gancaran, dene ing
abad XVII wujude naskah-naskah suluk peisiran arupa sekar, geguritan. Naskah –
naskah suluk pesisiran jaman peralihan kalebu sastra sing sipate ortodoks dene
naskah jama suluk peisiran asli ana sing ortodoks lan ana uga sing wis kecampuran
heterodoksi Islam.

3. 2 Pamrayoga

Miturut kelompok 1, Karya sastra suluk minangka budaya lokal kang bisa
dadi sumber nilai spiritual, mula karya sastra iki kudu dijaga lan dilestarekake. Isine
kang bisa dadi piwulangan kayata tasawuf, ing njerone ngemu cara kanggo nyedhaki
Allah SWT utawa kepiye entuk ma’rifat. Dadi dudutane karya sastra suluk migunani
tumrap manungsa.

15
KAPUSTAKAN

Purnama, Bambang. 2019. Kesastraan Jawa Pesisiran. Surabaya: Bintang Surabaya


(CV BIntang )

Sulistio, Yudhy. 2015. Artikel. Suluk Sukarsa. Sajrone


https://yudhysulistio.wordpress.com/2015/06/16/suluk-sukarsa/. Diakses 15 Maret 2020
jam 22.16WIB

Suchaimi, Achmad. 2017. Artikel. Naskah Suluk Wijil dan Terjemahannya. Sajrone
http://achmad-suchaimi-sememi.blogspot.com/2017/05/naskah-suluk-wujil-dan-
terjemahnya.html Diakses 15 Maret 2020 jam 22.21

Alang-Alang Kumintir. 2008. Blog. Artikel. Suluk Malang Sumirang. Sajrone


https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/08/10/suluk-malang-sumirang/ Dikases 15
Maret 2020 jam 22.21

16

You might also like