You are on page 1of 2

Pepenget

Nyenyet dak rasakake sakupenging ragaku

Tumapaking laku linambaran papan sarwa wedhi

Sadawaning netra amulat amba bawera tanpa wates

Ireng peteng mendhung kandel angendanu

Swasana nggegirisi tumuwuh

Byar!

Dumadakan langit padhang sinartan bagaskara sumelet

Kebaking janma tharik-tharik nganggo sandhang sarwa padha

Tan ngerti sangkan paraning dumadi

“aku ana ngendi?”

Kaget, sanyatane dina kiyamat wus tumapak

Lan saiki aku ana satengahing mahsyar

Rantara suwe kabeh bakal tinimbalan dening Gusti

Ngundhuh wohing pakarti ing ala becik polahing urip

Mlipir mliwati sirotol mustakim

Sakedheping mata sepisan diliwati

Gumeter atiku wruh wong-wong sakiwa tengenku luwih dhisik mliwati

Lhah, trus kapan wanciku?

Dhuh, Gusti kula nyuwun pangapura

Mugi kula enggal tinimbalana awit paduka tan ngamal lan ngibadah kanthi eklas

Allah .. allah .. Allah...


Jenggirat!

Aku tangi kanthi kebaking luh tumetes

Astaghfirullah

Iki hikmah lelakon jroning impen

Gusti taksih paring pepenget

Nama : Dodik Aprilianto

NIM : C0110017

Jurusan : Sastra Daerah

You might also like