You are on page 1of 2

KRETA BADHE MLAMPAH

Kawistara hangaglah aneng dhendha catur, lah punika wahana rata titihane sang Nindya Mantrimuka. Piranti saranduning kreta dumadi saking wesi rajaning tosan. Pagedhongan sinung cendhela gedhah ingkang linangse sutra jenar lir kencana binabar. Ingkang kinarya wengku ineping pintu tuhu kencana pinatik mutyara, inten jamrut, binesthi hergeni ingkang kinarya uparengganipun. Siraping kreta saking kayu kestuba pinetha sisiking taksaka, kalamun kasoroting giwangkara yayah surya kembar arebut praba. Pancadan wesi mangambal, paku janur wesi pulosani, indhene wesi balitung, wengkuning rodha wesi mangangkang. Elaring rodha kayu cendhana garu rasa mala. Dhasar kayu tuwa madhet serate cetha dhorenge, kalamun kinarya lumampah mangka kasrambahing samirana hangambar ganda arum pindha priprayangan. Nginggiling pagedhongan sinung rerenggan pethane taksaka mungkur, pethit kekalih amulet dadya sajuga. Membating rodha mahanani membating naga, pramila lamun lumaku pindha Hyang Antaboga hanganglang bawana. Ponang
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

kreta tinarik turangga catur ingkang sinampetan busana, apus buntut pusparaga, lapak bludru cineplok sekar terate. Tropong adi kinancing adheman wesi kuning, cundhuk inten rerompyoh hanyekar glagah. Kekalung gembyang krincingan rinonce kencana. Katalika kaya mangkana, kusir Kyai Daruka panongsong Kyai Daruki wus mapan aneng panggonane. Sang Nindya Mantrimuka wus manjing jroning pagedhonganing rata. Panongsong asung sasmita megaring payung, kusir gya mekak kendhali ngayataken sambuk. Membat kumlebating ponang sambuk, lamun ngadeg kaya teja yen mlengkug kaya kluwung. Turangga kagyat mulat klebating cemethi, padha sakala kuping njrepiping, mripat mlirik, suku mancat buntut njenthar. Tuna dungkap panyambuking kusir, kenging pok gantanging kuda, jumedhor swaraning pecut gya hanggemprang playuning turangga. Cumlorot lampahing kreta pindha lumepasing warastra sumusup kukusing sendawa. Saking bantering kreta, rodhane sacengkang kaya datan ngambah ing bantala.

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

You might also like