You are on page 1of 4

KHUTBAH BOSO JOWO " WULAN SYA'BAN"

Para sederek Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah.

Minangka purwakaning atur mangga kita sesarengan ngunjukaken syukur dateng ngarsa dalem
Allah, awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpa kawical wical, langkung langkung
rahmat kawilujengan lan yuswa panjang dateng kita sedaya , sahingga enjang punika kita tasih
saget menangi malih dinten jumat, lan saget makempal ing masjid punika kanti tanpa manggih
rubeda satunggal punapa.

Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya,
mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi
wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi
sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedaya
cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat
saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala , Kados dawuhipun Allah :

‫ُمحْ ِسنُونه ُه ْم هوالذِينه اتقه ْوا الذِينه هم هع َللاه ِإن‬

"Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe
becik” . (QS. An Nahl :128).

Jama’ah ingkang minulyo,

Dinten meniko kito sampun ngancik wonten minngu akhir saking wulan rajab. Ateges sak
sampunipun wulan ajab kito bade menggihi wulan Sya’ban, wulan ingkang antawisipun wulan
Rajab sareng Ramadhan, katah tiang ingkang lale lan nyiaknyiaken wekdal ing wulan meniko.
Sahinggo hadits Rasulullah ingkang nyebataken kondisi tiang ing wulan sya’ban.

‫اس هي ْغفُ ُل ه‬
‫ش ْهر ذهلِكه‬ ُ ‫ضانه هر هجب هبيْنه هع ْنهُ الن‬
‫هو هر هم ه‬

Ini adalah bulan yang dilalaikan oleh kebanyakan manusia, yaitu antara bulan Rajab dan
Ramadhan.(HR. An-Nasa'i. "Hasan" menurut Al-Albani)

Katah ingkang lalai, keporo malah wonten ingkang dadosaken Sya’ban dados wulan
pelampiasan. Mumpung durung ramadhan lan kalimat senada ingkang kadang-kadang asring kito
mireng wonten sebagian tiang. Meniko pra tondo bilih katah ingkang tertipu ing wulan sya’ban.
Jama’ah ingkang minulyo,

saking rasululloh kita dados mangertosi bilih sejatosipun wulan Sya’ban meniko gadahi
keutamian ingkang ageng.

Punopo sebabipun? Sebab ing wulan sya’ban meniko dados wulan dipun angkatipun sedoyo
amal dumatheng Allah.

dipun sambung malih kanti hadits saklajengipun saking hadits kolo wau:

ِ ‫ْال هعاله ِمي هر‬


‫ب ِإلهى ْاْل ه ْع هما ُل ِفي ِه ت ُ ْرفه ُع ه‬
‫ش ْهر هوه هُو‬

Di bulan inilah amal perbuatan manusia diangkat kepada Rabb semesta alam. (HR. An-Nasa'i
dan Ahmad. "Hasan" menurut Al-Albani)

meniko keutamaan wulan Sya’ban ingkang sepindah. Sya’ban Wulan dipun angkat amal
manungso dateng Allah.

Keutamaan kaping kalih inggih puniko wonten ing pertengahanipun wuan sya’ban. Ingkang
sampun kito kenal kanti istilah Nisfu Sya’ban.

Sabdanipun Rasululloh:

‫ف له ْيله ِة فِي لهيهط ِل ُع َللاه إِن‬ ‫ ه‬، ‫هاحن أ ه ْو ِل ُم ْش ِرك إِل خ ْهل ِق ِه ِل هج ِميعِ فهيه ْغ ِف ُر‬
ْ ِ‫ش ْعبهانه ِم ْن الن‬
ِ ‫ص‬ ِ ‫ُمش‬

Sesungguhnya Allah memeriksa pada setiap malam nishfu Sya'ban. Lalu Dia mengampuni
seluruh makhluk-Nya, kecuali yang berbuat syirik atau yang bertengkar dengan saudaranya. (HR
Ibnu Majah, dinilai shahih oleh Al-Albani)

Jama’ah ingkang minulyo,

Lajeng punopo amal ingkang dipun contohaken Rasululloh ing wulan Sya’ban? Perkawis
meniko penting kangge kito mengertosi lan amalaken. Supados kito mboten tebih saking sunah
rasul. Lan kito amalaken kagem bukti bilih kito tresno dumatheng Allah. Bukti menawi kito
tresno saestu dumatheng Allah inggih kanti kito nyonto Rasululloh.

‫هر ِحيم هغفُور هوَللاُ ذُنُو هب ُك ْم له ُك ْم هويه ْغ ِف ْر َللاُ يُحْ ِب ْب ُك ُم فهات ِبعُونِي َللاه ت ُ ِحبُّونه ُك ْنت ُ ْم ِإ ْن قُ ْل‬

Katakanlah: "Jika kamu (benar-benar) mencintai Allah, ikutilah aku, niscaya Allah mengasihi
dan mengampuni dosa-dosamu." Allah Maha Pengampun lagi Maha Penyayang. (QS. Ali Imran
: 31)

amal ingkang sepindah ingkang dipun contohaken Rasululloh inggih puniko ngatahaken siyam
sunnah.

‫سو هل يها قُ ْلتُ قها هل زه يْد ْبنُ أ ُ ه‬


‫سا همةُ هحدثهنِي‬ ُ ‫صو ُم أه هركه له ْم َللاِ هر‬ُ ‫ش ْه ًرا ت ه‬ ‫ور ِم ْن ه‬ ُّ ‫صو ُم هما ال‬
ِ ‫ش ُه‬ ُ ‫ش ْعبهانه ِم ْن ت ه‬ ‫ش ْهر ذهلِكه قها هل ه‬‫اس يه ْغفُ ُل ه‬
ُ ‫الن‬
ُ‫ضانه هر هجب بهيْنه هع ْنه‬ ‫ش ْهر هوه هُو هو هر هم ه‬ ‫ه‬ ْ ‫ه‬
‫ب إِلى اْل ْع هما ُل فِي ِه ت ُ ْرفه ُع ه‬ ‫ه‬ ْ ُ ‫ه‬ ‫ه‬
ِ ‫صائِم هوأنها هع هم ِلي ي ُْرفه هع أ ْن فهأ ِحبُّ العهال ِمينه هر‬
‫ه‬

Usamah bin Zaid berkata kepada Rasulullah, "Wahai Rasulullah, saya tidak melihat engkau
berpuasa di satu bulan melebihi puasamu di bulan Sya'ban." Rasulullah menjawab, "Ini adalah
bulan yang dilalaikan oleh kebanyakan manusia, yaitu antara bulan Rajab dan Ramadhan. Di
bulan inilah amal perbuatan manusia diangkat kepada Rabb semesta alam. Karena itu aku ingin
saat amalku diangkat kepada Allah, aku sedang berpuasa." (HR. An-Nasa'i. Al Albani berkata
"hasan")

Ummul Mukminin Aisyah ugi ngriwayataken kebiasaan Rasulullah ing wuln Sya’ban.

‫ى هي ُك ِن له ْم‬
ُّ ‫ الن ِب‬- ‫ وسلم عليه هللا صلى‬- ‫صو ُم‬ ‫ش ْع هبانه ِم ْن أ ه ْكث ه هر ه‬
ُ ‫ش ْه ًرا هي‬ ‫ ه‬، ُ‫صو ُم هكانه فهإِنه‬ ‫ُكلهُ ه‬
ُ ‫ش ْع هبانه هي‬

Rasulullah SAW tidak pernah berpuasa sunnah di satu bulan lebih banyak daripada bulan
Sya'ban. Sungguh, beliau berpuasa penuh pada bulan Sya'ban. (HR. Bukhari)
Saking katerangan kolo wau , bilih nindaken siyam wonten ing Sya’ban dados istimewa sebab
ing wulan meniko dipun angkat amal ingkang sampun kito tindakaken. Lan ugi dados persiapan
siyam ramadhan.

Ingkang kedah kito gatosaken mboten angsal kito khususaken siyam 1 / 2 dinten terakhir
sya’ban. Kejobo menawi siyam ingkang kedah kito tindakaken.

Rasulullah SAW bersabda:

‫ضانه أ ه هحدُ ُك ْم يهتهقهد همن له‬ ‫ يه ْو همي ِْن أ ه ْو يه ْوم بِ ه‬، ‫صو ُم هكانه هر ُجل يه ُكونه أ ه ْن ِإل‬
‫ص ْو ِم هر هم ه‬ ُ ‫ص ْو همهُ يه‬ ُ ‫فه ْليه‬
‫ص ْم ه‬

Janganlah kalian mendahului Ramadhan dengan berpuasa sehari atau dua hari sebelumnya.
Kecuali seseorang yang (memang seharusnya/biasanya) melakukan puasanya pada hari itu. Maka
hendaklah ia berpuasa. (HR Bukhari)

Kaping kalih, nglunasi utang siyam ramadhan, kagem kito kangge nengetaken keluargo kito
ingkang gadah utang siyam ramadhan.

Kaping tigonipun, ngatahaken ibadah lan amal kesaenan sarto ningkataken kualitas ibadah kito.
kito giataken shalat rawatib, qiyamullail, maos Al-quran, lan katah maleh ingkang saget kito
tindakaken.

Pungkasanipun monggo wekdal kito manfaataken kanti sak saesaenipun, awit amal kito bade
dipun angkat dateng Allah.

‫الغفور هو إنه فاستغفروه والمؤمنات والمؤمنين والمسلمات المسلمين ولسائر ولكم لي العظيم هللا واستغفر هذا قولي أقول‬
‫الرحيم‬..

You might also like