You are on page 1of 9

MARSUDI DHATENG PASEDHEREKAN

SANADYAN BENTEN PEMANGGIH

Dening:
Mukhlisin Purnomo

KEMENTERIAN AGAMA REPUBLIK INDONESIA


KANTOR KEMENTERIAN AGAMA KABUPATEN KULON PROGO
KANTOR URUSAN AGAMA KAPANEWON WATES
Jl. Moh Dawam No. 39 Driyan Wates Kulon Progo
Telp. (0274) 774520
‫‪KHUTBAH I‬‬

‫‪MARSUDI DHATENG PASEDHEREKAN‬‬


‫‪SANADYAN BENTEN PEMANGGIH‬‬

‫اَوَأحعََحو ًاًنَ‬
‫ص ًار حَ‬‫‪َ،‬و حَج حَعَلح َهمَََأحنَ حَ‬
‫ي َح‬ ‫بَ هَعَبح هَ‬
‫ادَههَالَ َؤهَمَنه حَ‬ ‫يَقََلَو هَ‬ ‫فََبح حَ‬‫للهَالَ هَذيََأحلَ حَ‬ ‫الحمَدََ َ‬ ‫َ‬
‫لَالنَ حَعَحر هَ‬
‫اتَ‬ ‫لح هَ‬
‫فَحَوالَ حَع َوحَدَةهََإه حَ‬ ‫الخََته َ‬ ‫‪َ،‬و حَحذََحرهَمََ هَم حَنَ هَ‬
‫الفَرَقحهَةَحَو هَ‬ ‫حَوَإهخََحوَةًَ هَ‬
‫يفَالديَ هَن َ‬
‫ي‪ َ،‬وأشهدَأنَلَإلهَإلَهللاَ‬ ‫العاَلح هَم حَ‬
‫ب َ حَ‬ ‫ىَعنَ حَها ََحر َ‬
‫َنح حَ‬ ‫ت حَ‬‫اهَلهيَةَهَالنََتهَنحهَة َالَ ه َ‬
‫الح هَ‬
‫َ‬
‫‪َ،‬وَأح َش حَهدَََأح َنَ َمحمَ ًد حَ‬
‫اَعبَدََهحَحَوَحرسَ َولََهَ‬ ‫الحقََالَمََبهيَ حَ‬ ‫كََلحهََا هَلَلحَهَ َ‬ ‫َشَهريَ حَ‬‫َحوحَ حَدهََحَل حَ‬
‫صحََبههَهَ‬ ‫ىَآلههَهَ حَو حَ‬
‫َمحمَدََ حَو حَعَلح َ‬ ‫‪َ،‬صلَىَهللاََ حَعَلحيَ حَسَيه هَد حًَن َ‬ ‫ي حَ‬ ‫حَسَيهدََ حَوَلح هَدََآح حَدمََأح َ‬
‫جحعَ حَ‬
‫اَهللاحَ حَحقََتَ حَق َاتههَهََحوحَلَحَت َوتَنََ َ‬
‫الَ‬ ‫سَلهمَون‪ ،‬اتقََو َ‬ ‫ي‪ََ.‬أحمَاَبَحعَدَ‪ََ:‬أحيَ حَهاَالَ َم َ‬ ‫َهوالتَاَبهَعه حَ‬
‫اَوحلَتح حفرقواَ حَۚواذكرواَ‬ ‫صمواَهِبب هلَاَّلله حه‬ ‫سَلهمَو حَنََوقَاحل هللاَ‪َ:‬واعتح ه‬ ‫حَوَأحنَتَمََمَ َ‬
‫َج ًيع ح‬ ‫ح‬ ‫ح‬ ‫ح‬
‫يَق لوبهكمَفحأحصبححتمَبهنهع حمته ههَ‬ ‫نهعم ه‬
‫فَبح ح‬ ‫َعلحيكمَإهذَكنتمَأحع حداءًَفحأحل ح‬ ‫تَاَّلل ح‬ ‫ح ح‬
‫كَي بحهيَاَّللَ‬ ‫مَمن حهاََۗ حك ٰحذله حَ‬ ‫َش حفاَحفرة هَمنَالنا هرَفحأحن حق حذك ه‬
‫ح ح‬ ‫َعلح ٰى ح‬ ‫إهخ حو ًاًن حَوكنتم ح‬
‫ََتتحدو حَن‬ ‫َآَيتهههَلح حعلكم ح‬ ‫لحكم ح‬
‫‪Jamaah Jum’at ingkang minulya‬‬
‫‪Sumangga kita muji syukur dhateng Allah‬‬
‫‪ingkang sampun paring nikmat gesang ing alam‬‬
‫‪praja menika sehingga kita taksih manggihi salah‬‬
‫‪satunggaling wulan ingkang dipun mulyakaken‬‬
‫‪dening Allah inggih wulan Dzul Qa’dah. Shalawat‬‬
‫‪lan salam mugi konjuk dhateng Nabi Muhammad,‬‬
‫‪sumrambah‬‬ ‫‪dhateng‬‬ ‫‪para‬‬ ‫‪kaluarga‬‬ ‫‪lan‬‬
‫‪sahabatipun.‬‬

‫‪1|Khotbah Jawa/Dzul Qa’dah 1444 H‬‬


Wonten ing wulan ingkang binerkahan punika
prayoginipun kita ginakaken kangge lelumban
anggenipun ningkataken iman lan taqwa kanthi
nindakaken amaliah ingkang sae amargi
ganjaranipun langkung tikel matikel tinimbang
wulan sanesipun, kosok wangsulipun tumindak
maksiyat dosanipun ugi linangkung awrat. Kados
pangandikanipun Imam Qatadah ingkang kapacak
ing Kitab Tafsir al-Baghawi:
‫َوالظلمَفهي ه نَ أحعظحم ه‬،‫اَيفَاْلحشه هرَالرهم‬
َ‫َم حن‬ ‫الع حمل َالصالهحَ أحعظحمَ أحجر ه‬
‫ح‬ ً ‫ح‬
‫الظل همَفهيم ه‬
َ‫اَس حواهن‬ ‫ح‬
“Amal becik ing wulan kang mulya ganjarane luwih
agung, lan tumindak dhalim dosane luwih gedhe
tinimbang ing wulan liyan-liyane”.
Jamaah Jum’at rahimakumullah
Ing wulan punika wonten satunggaling
prastawa ageng inggih punika perang Quraizhah
ingkang dumadi nalika sawetawis gangsal tahun
sasampunipun Nabi Hijrah dhateng Madinah. Mula
bukanipun perang dipun sebabaken dening kaum
Yahudi ingkang nulayani ungeling prajanjian
bedhamèn, ingkang ngiket piyambakipun tetep
rukun boten memengsahan kaliyan titiyang
Muslimin. Miturut prajanjian punika kaum
Muslimin lan kaum Yahudi sami aprajanji manawi
boten badhé peperangan, sarta aprajanji badhé
bantu-binantu manawi kaserang ing mengsahipun.
Sajatosipun prajanjian punika gadhah tuju badhé
damel pirukun ing antawisipun para titiyang
ingkang sami dudunung ing Madinah ingkang

2|Khotbah Jawa/Dzul Qa’dah 1444 H


tansah pasulayan punika. Amila jalaran Kaum
Yahudi sampun nerak prajanjian senadyan ing
wulan Dzul Qa’dah boten wonten perang kapeksa
nabi maju perang lumawan bani Quraizhah.
Ing kamangka kawontenanipun umat islam
sami sayah amargi nembe mawon bibar perang
Khandaq ngadhepi tiyang-tiyang kafir ing wulan
Syawal namung dumadakan nabi Muhammad
nampi dhawuh saking malaikat Jibril supados
budhal malih ngadhepi tiyang Yahudi. Miturut
Syeikh Shafiyur Rahman al-Mubarakfuri ing Kitab
ar-Rahiq al-Makhtum ngendikakaken bilih Nabi
Muhammad nembe setunggal dinten ing rawuh ing
Madinah wayah Dzhuhur nalika badhe siram lan
ngaso wonten dalemipun Ummu Salamah
dumadakan malaikat Jibril dhawuh:
‫إه حَلَ أحي حنَ قح ح‬:‫ضعنحاهَ فحاخرجَ إهلحيهمَ قح حال‬
َ:‫ال‬ ‫قحدَوضعتَال هس حلح ه‬
‫َم حاو ح‬
‫َوهللا ح‬‫ح ح‬ ‫حح ح‬
َ َ‫َفح حخحر حجَالنهِبَإهلحي ه م‬،َ‫إه حلَق حريظحةح‬
“Sira wus padha nyelehake gaman? Demi Allah kita
(para malaikat) durung nyelehake gaman, mila
enggal budhallo nyartani para sahabat! Nabi munjuk
atur: budhal tumuju pundi? Malaikat Jibril jawab:
tumuju marang Quraizhah. Tumuli nabi bidhal
nyartani para sahabat (HR. Bukhari).
Nabi Muhammad lajeng ngempalaken sedaya
sahabatipun supados enggal siap-siap tumuju
dhateng Quraizhah. Saderengipun tindak nabi nitip
pesen:
َ َ‫َالعصحرَإلَيفَبحهِنَق حريظحةح‬ ‫حلَي ه‬
‫حح ٌد ح‬
‫صل حيَأ ح‬
‫ح‬

3|Khotbah Jawa/Dzul Qa’dah 1444 H


“Aja pisan-pisan salah sawijne wong kang shalat
Ashar kejaba ing kampung bani Quraizhah” (HR.
Bukhari).
Pasukan muslim ingkang dipun pimpin
dening Sa’ad bin bin Muadz bidhal tumuju dhateng
Quraizhah kanthi semangat ingkang makantar-
kantar. Nalika lumebet ing Wekdal Ashar pasukan
Muslim dereng dumugi ing Bani Quraizhah, kuatir
menawi mangkih mboten kecandak wekdal Ashar
saperangan sahabat, kendel sawetawis saperlu
nindakaken Shalat Ashar. Saperangan malih
anggadhahi pemanggih mboten nindakaken shalat
shalat amargi dhawuhipun kanjeng Nabi supados
mboten shalat saderengipun dumugi ing Qurazhah.
Ibnu Hajar al-Asqalani Ing Kitab Fathul Bari
mratelakaken bilih para sahabat ingkang mboten
nindakaken shalat Ashar nggadhahi pemanggih
bilih miturut hakikatipun hadis dipun parengaken
ngakhiraken shalat jalaran wonten udzur syar’I
arupi perang. Wondene para sahabat ingkang
nindakaken shalat Ashar nggadhahi pemanggih
bilih hadis punika minangka kiasan supados para
enggal-enggal bidhal tumuju bani Quraizhah
sahingga saged dumugi ing papan tujuanipun ing
wekdal Ashar lan shalat ing papan punika. Ananging
amargi taksih tebih, lajeng sami nindakaken shalat
kuatir menawi wekdalipun shalat boten kaconggah.
Nalika perang sampun rampung, para
sahabat lajeng laporan dhateng kanjeng nabi
babagan salisihing pemanggih para sahabat
nindakaken shalat Ashar Kasebat. Midhanget
laporanipun para sahabat nabi namung mesem,

4|Khotbah Jawa/Dzul Qa’dah 1444 H


boten tanpa ketinal duka lan tanpa manganggep
klentu lan ngleresaken dhateng salah satunggaling
pemanggihipun para sahabat. Pemanggih ingkang
benten punika sedaya dipun tampi dening
Rasulullah kanthi legawaning manah.
Jamaah Jum’at ingkang minulya
Senadyan agama Islam menika namung
satunggal inggih menika ingkang sampun dipun
dhawuhaken dening Kanjeng Nabi piyambak, nabi
ugi taksih gesang nanging sampun wonten ingkang
benten-benten pamanggih. Prekawis-prekawis
ingkang benten kalawau dipun wastani prekawis
khilafiah, liripun prekawis ingkang wonten salisih
pamanggih ing antawasipun para ulama.
Bab menika limrah awit kathah prekawis-
prekawis enggal ingkang boten wonten kala
sugengipun Kanjeng Nabi. Lan prekawis kalawau
kedah enggal-enggal katetepaken hukumipun. Para
ulama lajeng ijtihad marsudi hukum-hukum kagem
prekawis-prekawis enggal kalawau. Lha ing mriki
lajeng wonten benten ing pamanggih. Sok ngatena
bentenipun boten wonten ing prekawis-prekawis
ingkang pokok (ushuluddin). Mila boten perlu lajeng
dipun kekahi. Umpaminipun, kados tahun punika
para sedherek saking warga Muhammadiyah
nenetapaken menawi tanggal 1 Dzul Hijjah 1444
dumawah dinten Senin tanggal 19 Juni 2023.
Sahingga 10 Dzul Hijjah dumawah ing dinten Rabu
tanggal 28 Juni 2023. Wondene warga NU taksih
nengga keputusan saking Pamarintah, ingkang
nembe badhe ngawontanekan sidang Isbat ing
dinten Minggu, 18 Juni 2023, kadosipun miturut

5|Khotbah Jawa/Dzul Qa’dah 1444 H


etangan samangkih badhe dumados salisih
kaputusan babagan dinten riyaya.
Bab menika sampun ngantos dipun damel
regejegan sebab sedaya ngagem tetimbang ingkang
kiyat ugi. Sedaya kedah kurmat kinurmatan, ampun
ngantos nyecamah, nacad, lan methentheng
ngugemi leresipun piyambak. Karukunan ummat
langkung wigati katengenaken. Punapa malih kita
nembe lumebet ing tahun politik 2024. Kita badhe
manggihi Pemilihan Umum ingkang badhe milih
partai, Presiden-Wakil Presiden, milih Kepala
Daerah, lan sawetawis wakil-wakil ing parlemen.
Menawi kita mboten dhiwasa mesthi kemawon
badhe gampil congkrah.
. Pramila kados pundi kawontenanpun,
sinaoso pemanggihipun benten kita kedah tetep
nyawiji, golong-gilip saeka kapti. Jalaran regejegan
lan memengsahan menika pakarti jahiliyah ingkang
sami katindakaken dening tiyang-tiyang
sakderengipun agami Islam tumurun. Islam dados
sarana ingkang njalari memengsahan kalawau ical
lan ndadosaken ummat Islam dados sawiji. Dados
menawi kita samenika remen regejegan lan
memengsahan ateges kita wangsul malih dhateng
alaming jahiliyah.
‫ََسعتَرجلًَقحرأحَآيةً حه ه‬: ‫عنَعب هدَاَّللهَي قول حه‬
َ‫َصلىَاَّلل‬ ‫ََسعتَمنَالنه هِب ح‬ ‫ح ح‬ ‫ح‬ ‫ح‬ ‫ح ح‬
َ‫َعلحي هه‬ ‫علحي ههَوسلمَخلفحهاَفحأحخذتَبهي هدههَفحأحتحيتَبهههَرس ح ه‬
‫َصلىَاَّلل ح‬
‫ولَاَّلل ح‬ ‫ح‬ ‫ح‬ ‫ح ح‬ ‫ح حح ح‬
‫َ لح ح ه‬.‫ال كلكماَم هسن‬
‫ََتتحلفواَ فحهإن ح‬
َ‫َمنَ حكا حنَقحب لحكمَاختح لحفوا‬ ٌ ‫ح‬ َ‫حو حسل حمَفح حق ح‬
َ‫فح حهلحكوا‬

6|Khotbah Jawa/Dzul Qa’dah 1444 H


“Riwayat saka Abdullah kang matur: “Aku krungu
sawijining pawongan kang maca ayat kanthi beda
karo kang tak rungokake saka Nabi. Aku banjur
ngajak wong mau sowan marang Nabi. Nabi banjur
paring dhawuh: “anggonmu maca sakloron bener
kabeh, aja padha seneng padudon sanyata rusaking
wong biyen jalaran padha seneng padudon” (HR.
Bukhari)
Jamah Jum’at ingkang dipun mulyakaken Allah
Supados kita boten kabalusuk ing pakarti ala
ingkang sampun kawuri, sumangga dipun perdi
mrih antawis umat Islam saged rukun. Kita
minangka bagiyan saking ummat Islam ingkang
wonten ing pundi kemawon sumangga ugi tansah
marsudi dhateng pasedherekan, kados ingkang
sampun Allah dhawuhaken lan ingkang sampun
Nabi tuladhanaken. Kita kedah sami nebihi sawenèh
piawon-piawon ingkang dados wisaning babrayan,
awit wawatekan awon punika mitunani sanget
dhateng tatalesing pasadhèrèkanipun manungsa
sedaya ingkang kapasang déning Islam, inggih
punika: tresna lan asih..
‫آنَالع هظي همَونح حفع هِنَوإهَيكم هَِبحاَفهي هه ه‬
َ‫َم حنَاْلٓيحهة‬ ‫ه‬
‫َولحكم هَيفَالقر ح ح ح ح‬ ‫حَب حرحكَهللا هََل ح‬
َ‫الذك هرَ الح هكي هم حوتح حقب حلَ هللاَ هم هِنَ حوهمنكمَ تهحل حوتحهَ إهنهَ ه حوَ الس هميعَ ال حعلهيم‬
‫وه‬
‫ح‬
َ‫حواستح غ هفرواَإهنهَه حوَالغحفورَالرهحيم‬

7|Khotbah Jawa/Dzul Qa’dah 1444 H


‫‪KHUTBAH II‬‬

‫ََّللهََُثَالحمد هََّلله‪َ.‬أحشَ حهدَأنَآلَإلحهحَإهلَهللا حَوح حده حَلَ‬ ‫َوَالحمد هَٰ‬ ‫المد هٰه‬
‫ََّلل ح‬ ‫ح‬
‫َبعده‪َ.‬‬‫َوحرسولهَال هذي حَلَنحهِب ح‬ ‫َسيه حد حًنَمحم ًد ح‬
‫اَعبده ح‬ ‫‪َ،‬وأحش حهدَأن ح‬ ‫يكَلحه ح‬‫حش هر ح‬
‫ص هلَ حو حسلهمَ حعلحىَ نحبهيهنحاَ محمدَ حو حعلحىَ أحلهههَ حوأحص ححابهههَ حوحمنَ تحبه حعهمَ‬ ‫احللهمَ ح‬
‫َونحف هسيَ‬ ‫ه‬ ‫ِبههح َ ه ه ه ه‬
‫سانَإ حلَيحومَالقيح حامةَََأحماَبحعدَََفحيحاَأحي حهاَالناسَأوصيكم ح‬ ‫ح‬
‫صلو حنَ‬ ‫ه‬
‫الَهللاَتح حع حال‪َ:‬إهنَهللاح حَوحم حلئ حكتحهَي ح‬‫بهتح ق حوىَهللاهَفح حقدَفح حازَالمت قو حن‪َ.‬فح حق ح‬
‫َص هلَ‬ ‫ٰ‬ ‫ه‬ ‫‪َٰ،‬يحَيهاَال هذينَآمن واَصَلواَعلحي هه ه‬ ‫حعلحىَالنه هِب ٰ‬
‫َو حسلمواَتحسلي ًما‪َ.‬احللهم ح‬ ‫ح ح ح ح ح‬
‫ه ه هه‬ ‫ٰ‬
‫يَ‬‫حعلحىَ حسيه حد حًنَ محمدَ حو حعلحىَ أ هحلَ حسيه حد حًنَ محمد‪ َ.‬اللهمَ اغفرَ للمؤمن ح‬
‫ات‪َ.‬اح ٰللهمََادفحعَ‬ ‫ياء هَمن همَوالحمو ه‬ ‫ات‪َ،‬احْلحح ه‬ ‫اتَوالسله هميَوالسلهم ه‬ ‫ه ه‬
‫ح ح‬ ‫حح ح‬ ‫حوالؤمنح ح‬
‫َت حَواله حح حن حَماَظح حهحرَ‬ ‫حعناَالبحلحءَوالوحَبءَوالقرو حنَوالزلح هزحلَواله ححنَوسوءَا هلف ح ه‬
‫ح حح ح‬ ‫ح‬ ‫حح ح ح‬
‫ه هه‬ ‫همن هاَوماَبطحنَعنَب لح هد حًنَ إهندونهي هسياَخآصةً ه‬
‫يَ‬‫َو حسائ هرَالب ل حدانَالسلم ح‬ ‫ح‬ ‫ح حح ح ح ح ح‬
‫اط حلَ‬‫يَََ ٰاللهمَأح هرحًنَالقَحقًّاَوارزق نحاَاتهباعهَوأح هرحًنَالب ه‬ ‫ََي حَربَا حلعالح هم حَ‬
‫حح ح ح‬ ‫ح ح ح‬ ‫عامةً ح‬
‫َح حسنحةً حَوقهنحاَ‬ ‫ه‬
‫اَح حسنحةً حَوهِفَاآلخحرةه ح‬ ‫حَب هط ًلَوارزق نحاَاجتهنحابحه‪َ.‬رب نحاَآتهنح ه‬
‫اَِفَالدن يح ح‬ ‫ح‬ ‫ح‬
‫َٰيمرَ هَب حلعد هلَ‬ ‫ه‬ ‫ه‬ ‫ع حذابَالنا هر‪َ.‬واحلمد هٰه‬
‫يَََعَبح حادَهللا‪َ،‬إهنَهللاح ح‬ ‫ََّلل حَر هبَال ٰعلحم ح‬ ‫ح ح‬ ‫ح ح‬
‫شاءَ حوالن حك هرَ حوالبح غ هيَ‬ ‫تاءَ هذيَ القرىبَ وي ن هىَ ع هنَ ال حفح ه‬ ‫انَ وإهي ه‬ ‫ه ه‬
‫ح حح ح ح‬ ‫حوالح حس ح‬
‫يحعهظكمَلح حعلكمَتح حذكرو حَن‬

‫‪8|Khotbah Jawa/Dzul Qa’dah 1444 H‬‬

You might also like