You are on page 1of 1

KESENIAN DAN KEBUDAYAAN USING

Kadung Nogomongaken kesenian daerah ring Banyuwangi utamane seni tari mesti sing
biso ditinggalaken wong siji iki. Sumitro Hadi utawa lebih dikenal ambi Pak Mitrok. Pak Mitrok
wong Banyuwangen tulen iki wis kesuwur ring daerah Banyuwangi , Jawa Timur, lan sampek
Nasional. Sing sithik prestasine kang tau digape anggone nggawe lan nggarap tarian
Banyuwangi. Salah sijine kang terkenal yo “Jejer Gandrung”. Pikiran lan omongane bakal lunyu
keplayu koyo sabun kecampur banyu kadung dijak gesah bab kesenian. “Wong iku bakal alus
budine lan kandel rasa rumongsone kadung wis gobod endhut ring masalah seni, dudu seniman
kadung magih duwe rasa iri, drengki, nafsu serakah lan angkara,” gediku ucape kadung
ditakoni bab seniman.

Bakat njugete diwarisi teko wong tuweke, Pak Mitrok sing tau sekolah khusus
kesenian.Bakat njugete wis katon sakat sekolah ring SPG. Asal-muasale Pak. Mitrok bengen
dadi guru ring SMP 2 Rogojampi terus ugo tau ngajar ring SPG Pandan (Sekolah Pendidikan
Guru), Sekolah kejuruan sak tingkat ambi SMA kang ndadekaken lulusane dadi guru SD (Sekolah
Dasar). Sakteruse Pak Mitro diangkat dadi Kasi Kesenian ring Dinas Pendidikan, mari gedigu
ditugasaken ring Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi sampek pension.

Pak Mitro kang dadi koregrafere Tari Masal tahun 2012 “Gandrung Sewu”
iki dilahiraken ring Banyuwangi , tanggal 16 Agustus Tahun 1951, bapake arane Sukoso Hadi
Santoso lane make arane Liswati Magih cilike Pak Mitro sekolah ring SDN 1 Rogojampi tamat
tahu 1965. Sakteruse nerusaken sekolah ring SMPN 1 Banyuwangi tamat tahun 1967, Tahun
1970 tamat teko SPG Pandan terus nerusaken sekolahe nyang PGSLP (Pendidikan Guru Sekolah
Lanjutan Pertama) tahun 1971. Mari tamat teko PGSLP Pak Mitrok dadi guru ring SMP 2
Rogojampi.

Tahun 1968 wis biso nggawe Gending lan Tarian, gendinge “Banteng Tangi”, lan
tariane kang pertama yoiku “Lelewane Lare Banyuwangi”. Rasa demene nyang kesenian
diterusaken ambi ngedekaken Sanggar kang diarani “Sanggar Jingga Putih”. Sampek saiki
Sanggare tetep ngadeg lan terus produksi. Murid-murid sanggare wis sing keneng dietung
akehe lan saiki wis akeh podho dadi ana kang dadi pelatih tari, dadi guru seni, la nana ugo kang
dadi seniman Banyuwangi. Tahun 2007 Pak. Mitro oleh penghargaan seni teko Gubernur Jawa
Timur, kerana prestasi lan pengabdiane nyang seni lan budaya.

Sampek saiki Sumitro Hadi magih manggon ambi kang wadon kang aran Sri Uniyati lan
diweneni pengeran anak siji wadon kanga aran Yenni Diah Pangestu lan mangku Umah lan
Sanggare ana ring Desa Gladag kecamatan Rogojampi meped ring wetane balai Desa
Gladag. Balai desa kang ring kono bengen bapake dadi lurah.

You might also like