You are on page 1of 7

‫‪MUJUDAKEN KAMARDIKAN SEJATI‬‬

‫)‪DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA‬‬


‫‪https://seruanmasjid.com‬‬

‫‪KHUTBAH I‬‬
‫الله م ْن ُش ُسوز َؤ ْه ُفظىا‪َ,‬‬ ‫َّ ْ َ َ َّ َ ْ َ ُ ُ َ َ ْ َ ُ ُ َ َ ْ َ ْ ُ َ َ ُ ُ َّ‬
‫ِ ِ‬ ‫إن الح ْمد ِلل ِه‪ ,‬هحمده‪ ,‬ووظح ِعُىه‪ ,‬ووظحغ ِف ُسه‪ ,‬ووعىذ ِب ِ ِ‬
‫َ‬ ‫َّ ُ َ َ ُ َّ َ ُ َ َ ْ ُ ْ َ َ‬ ‫َ َ َّ َ‬
‫ض ِل ْل فال َه ِاد َي ل ُه‪,‬‬ ‫ات ؤ ْع َم ِال َى َام ْن َي ْه ِد ِه الله فال م ِضل له‪ ,‬ومن ً‬ ‫وط ِِئ ِ‬
‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ َ َ‬ ‫َ َ‬ ‫َ ْ َ ُ َ ْ َ َ َ َّ‬
‫هللا َو ْح َد ُه الش ِسٍْ ًَ ل ُه‪ ،‬ش َه َادة َم ْن ُه َى خ ْي ٌر َّم َل ًاما َوؤ ْح َظ ُن‬ ‫لِا ُ‬
‫ؤشهد ؤن ال ِاله ِ‬
‫صبُا‪ًّ.‬‬ ‫ف ب ْاْلَ َيازم ه َبا ًزا َو َ‬ ‫َ ًّ َ َ ْ َ ُ َ َّ َ ّ َ َ َ َّ ً َ ْ ُ ُ َ َ ُ ْ ُ ُ ْ ُ َّ ُ‬
‫ِ‬ ‫ه ِدًا‪.‬وؤشهد ؤن ط ُِدها محمدا عبده وزطىله اْلح ِص ِ ِ ِ ِ‬
‫َ‬ ‫ًَ‬
‫ان َز ُط ْىال ه ِب ًُّا‪َ ،‬و َعلى ِآل ِه‬ ‫صاد َق ْال َى ْعد َو َو َ‬ ‫َ َّ َ َ َ َ ّ َ َ َ َ َ َ َ َ‬
‫ِ‬ ‫الل ُه َّم فص ِ ّل وط ِل ْم على ط ُِّ ِدها ُمح َّم ٍد وان ِ‬
‫اض ُس ْو َن‬ ‫ح‬ ‫ا‪،‬ف َُا َؤ ُّي َها ْال َ‬ ‫َ َ ْ َّ ْ َ ُ ْ ُ ْ َ ْ َ َ ُ ْ َ َ ْ َ ْ َ ُ ْ َ ْ ً َ ًّ َ‬
‫وصح ِب ِه ال ِرًن ًح ِظىىن ِإطالمهم وَلم ًفعلىا شِئا ف ِسٍ‬
‫ِ‬
‫هللا‪،‬‬ ‫ي‬ ‫ى‬ ‫َف َل ْد َف َاش ْاْلُ َّح ُل ْى َنَ‪َ .‬زح َم ُى ُم ُ‬
‫هللا‪ُ ،‬ا ْوص ُْن ْي َه ْفس ْي َوإ ًَّ ُاه ْم ب َح ْل َ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬
‫َ َ ُّ َ َّ ُ َّ ُ ْ َ َّ ُ ُ َّ ْ َ َ َ ُ ْ ّ ْ َ ْ َ َ َ َ َ َ ْ َ َ ْو َ َ َ َ َّ‬
‫ع و ِاحد ٍة وخلم َِمنها ش حها وبث‬ ‫ًا ؤيها الىاض اثلىا زبىم ال ِري خللىم ِمن هف ٍ‬
‫َ َّ ْ َ َ َ ُ ْ َن َ ْ َ ْ َ َ َّ َ َ َ َ ُ‬ ‫ً َ‬
‫ان َعل ُْ َى ْم‬ ‫ِم ْن ُه َما ِز َحاال ه ِث ْي ًرا َو ِو َظ ًأء َو َّاث ُلىا هللا ال ِري جظأءلى ِب ِه ولْازحام ِإن هللا و‬
‫َ َ ُ ُْْ َ ْ ً َ ْ ً ُ ْ َ ُ َ َ ُ‬ ‫َ َّ‬
‫ص ِل ْح ل َى ْم ؤ ْع َمالى ْم‬ ‫َز ِك ُْ ًبا ‪ًَ .‬ا ؤ ُّي َها ال ِر ًْ َن َء َام ُىىا َّاث ُلىا هللا وكىلىا كىال ط ِدًدا ‪ً.‬‬
‫َ َ َ َ‬ ‫َو ََ ْغف ْس َل ُى ْم ُذ ُه ْى َب ُى ْم َو َم ْن ًُطع َ‬
‫هللا َو َز ُط ْىل ُه ف َل ْد ف َاش ف ْى ًشا َع ِظ ُْ ًما‪.‬‬ ‫ِِ‬ ‫ِ‬
‫َ َّ َ ْ ُ َ َ ُ َ َ َ‬
‫ؤما بعد؛‪ ,‬كاٌ هللا جعالى ‪ :‬اعىذباهلل من الشُطان السحُم‬
‫َ‬ ‫ْ َّ ْ َ‬ ‫ُّ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ ٌ َ َ ْ َ ُ َ ْ َ ُ ْ َ َّ َ َ ُّ ُ‬
‫اط‬ ‫س‬ ‫ص‬ ‫ى‬
‫َ‬
‫ِ ِ ِ ِ ِز ِ ِ ِ ِ‬ ‫ل‬ ‫إ‬ ‫م‬ ‫ه‬ ‫ب‬ ‫ن‬ ‫ذ‬‫ئ‬ ‫ب‬ ‫ز‬
‫َ‬ ‫ى‬ ‫الى‬ ‫ى‬ ‫ل‬ ‫َ‬
‫إ‬‫ً ِلحخ ِسج الىاض ِمن الظ ِ ِ‬
‫َ‬
‫ات‬ ‫م‬ ‫ل‬ ‫﴿الس‪.‬هحاب ؤهصلىاه ِإلُ َ‬ ‫ِ‬
‫ُد﴾ َ‬ ‫م‬ ‫ح‬ ‫ْال َعصٍص ْال َ‬
‫ِ ِ ِ ِ‬
‫‪(TQS Ibrahim [14]: 1).‬‬

‫‪Para sedhèrèk muslimin, Jamaah Jum’at ingkang pinaringan rahmating Gusti‬‬


‫‪Allah SWT.‬‬

‫‪Minangka pambukaning atur, mangga kita sami tansah ngunjukaken raos‬‬


‫‪syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT., awit sampun kathah nikmat peparingipun‬‬
‫‪dhumateng kula dalasan panjenengan sedaya. Maliginipun nikmat hidayah Islam,‬‬
‫‪séhat menapa déné kesempatan. Sahingga wonten ing wekdal lan ing panggénan‬‬
‫‪mriki kita taksih saged nindakaken sapérangan dhawuhipun Allah SWT., inggih‬‬
‫‪menika nindakaken ibadah Jum‟at kanthi sesarengan (jamaah). Kanthi raos syukur‬‬
‫‪ingkang makaten menika mugi Allah SWT., tansah hanambahi nikmat karunianipun‬‬
‫‪dhumateng kita sedaya. Aamiin yaa rabbal‟alamiin.‬‬

‫‪1‬‬
Sak lajengipun, minangka pendèrèkipun ingkang tansah setya tuhu, mangga
sareng-sareng atur shalawat dalasan salam kunjuk dhumateng baginda Rasulullah
Muhammad SAW., sumarambah dhumateng para keluwarga ahlul baitipun, para
sahabatipun, para tabi‟in, ugi para tabi‟utabi‟in ngantos dumugi akhir zaman
samangké. Lantaran makaten mugi kita sadaya badhé saged pikantuk safa‟atipun
kanjeng Nabi mbénjang wonten ing yaumul maksar. Aamiin yaa rabbal‟alamiin.
Minangka jangkepipun rukun khotbah, al fakir khotib mboten bosen-bosen
tansah atur pepémut dhumateng diri pribadi kula piyambak, sumarambah
dhumateng para jamaah jum‟at, kanthi atur, sumangga tansah ngiyataken iman,
ningkataken taqwa kita dhumateng Allah SWT., supados iman taqwa kita saged
mentes lan leres, amrih sami sembada anggènipun nindakaken paugeran gesang
miturut satataning agami Islam. Agami ingkang dipun ridhai Allah SWT. Kanthi
makaten mugi kita sedaya badhé pikantuk kabegjan, kabagyan wiwit ing dunya mriki
ngantos mbénjang ing akhérat. Insya allah, aamiin yaa rabbal‟alamiin.
Yektosipun namung kanthi taqwa ingkang saget hanjamin kita sedaya pikantuk
derajat, panggénan éngkang minulya, celak kaliyan Allah SWT. Taqwa menika ugi
minangka panggayuhanipun para Muslim ingkang paling inggil. Awit, kamulyanipun
manungsa menika sanés kabobot saking derajat, pangkat, kasugihan, lan
pakurmatan, nanging katraju saking ketaqwaanipun. Jumbuh kaliyan firmanipun
Allah SWT.:
ُ َ ُ ُ ْ َ ُْ َ َ ُ ََ
‫اض ِإ َّها خل ْل َىاه ْم ِم ْن ذه ٍس َوؤهثى َو َح َعل َىاه ْم ش ُع ًىبا َوك َب ِائ َل ِل َح َعا َزفىا ِإ َّن‬ َّ ‫ًَا َؤ ُّي َها‬
ُ ‫الى‬
َ ٌ َ َ َّ َّ ْ ُ َ ْ َ َّ َ ْ ْ ُ َ َ ْ َ
◌‫ير‬ ٌَ ‫ُم خ ِب‬ ‫أكرمكم ِعند الل ِه أتقاك ْم ِإن الله ع ِل‬
Para manungsa kabèh, Ingsun wis gawé sira, wijiné saka wong lanang lan wadon,
lan Ingsun ndadèkake pirang-pirang bangsa lan golongan supaya padha tepung
(kenal) siji lan sijiné. Déné mungguhé Allah, sira kang aji dhéwé, yaiku endi kang
banget bektiné (taqwa) ing Allah. Satemené Allah iku Nguningani samu barang tur
Wicaksana. (QS. Al Hujurat [49] : 13)
mBoten namung menika, salajengipun inggih kanthi taqwa ugi, Allah SWT
badhé paring ridha dhumateng kita lan Allah badhé hambuka kori keberkahanipun
saking langit lan bumi.
َ ْ َ َ َّ َ
ْ‫ْلار‬ َ َ َ ْ ْ َ َ َ ْ َ َ َ ْ َ َّ َ ُ َ َ ُ ْ َ ْ َ َّ َ ْ َ َ
‫ض‬
ِ ‫و‬ ‫اء‬
ِ ‫م‬‫الس‬ ‫ن‬ ِ ٍ ‫ولى أن أهل القري آمنىا واتقىا لفتحنا علي ِهم بر‬
‫م‬ ‫ات‬‫ك‬
َ ْ ُ َ َ ْ َ َ َ َّ َ َ
◌‫َول ِك ْن هر ُبىا فإخره ُاه ْم ِب َما واهىا ًَى ِظ ُبى َن‬
"Lan saumpana ing negara mau wong-wong padha iman ing Allah lan utusané Allah,
sarta padha bekti ing Allah, mesthi padha Ingsun wènèhi barokah saka langit lan
saka bumi, nanging dhèwèké padha nggorohaké awit saka iku Ingsun banjur
nurunaké siksa marga saka tumindaké dhéwé.” (QS Al A‟raaf [7] : 96).

Wonten ing ayat menika, Allah SWT mungkasi firmanipun kanthi paring
pamawas bilih kasangsaran, kacintrakan, musibah, menapadéné karupekanipun
manungsa awit saking anggènipun sami goroh ing babagan keimanan lan
ketaqwaanipun dhumateng Allah SWT.

2
Awit saking menika, sepindah malih mangga sami taqwa dhumateng Allah
SWT. Nuhoni dhawuh kanjeng baginda Nabi Muhammad SAW:

َ ‫ َو َخالِ ِق ال َّن‬،‫ َوأَ ْت ِب ِع ال َّس ِّي َئ َة ْال َح َس َن َة َتمْ ُح َها‬،‫ت‬


‫اس ِب ُخلُ ٍق‬ َ ‫هللا َحي ُْث َما ُك ْن‬
َ ‫ِا َّت ِق‬
‫َح َس ٍن‬
“Sira padha Taqwa marang Allah ing ngendi waé mapanira. Tungkanen
kanisthanmu kanthi tumindak becik, mergané kabecikan bakal ngilangi kanisthan
mau. Sesrawunga karo sapepadhané manungsa kanthi akhlak kang becik.” (HR
Tirmidzi )

Hadirin Jama’ah Jumah Rahimakumullah

Islam dipun tedhakaken kaliyan Allah SWT. dhumateng Rasulullah SAW. kanthi
ngemban misi utami inggih menika, badhé mujudaken pengabdian tulus namung
dhumateng Allah SWT sawantah. Makaten niku ingkang sinebat kamardikan ingkang
sejati. Wonten ing pamawas agami Islam, kamardikan makaten menika badhé
mawujud nalika manungsa sampun saget kalis saking mawarni pengabdian menapa
déné perbudakan saking sesamining manungsa. Tembung sanèsipun, bilih Islam
kagungan pangangkah supados para manungsa èstu-èstu mardika saking sedaya
anasir penjajahan, eksploitasi, penindasan, kezaliman, perbudakan lan
penghambaan saking sesamining gesang .

Hadirin Jama’ah Jumah Rahimakumullah

Rasulullah SAW naté kintun nawala dhumateng warga/kaluwa Najran. Ing


antawis suraosipin mungel makaten:
َ َ َ ْ ُ ُ ََْ َ ْ َ َ ْ ّ َ َ َ ْ ُ ُ َْ ّ َ ُ ْ َ َّ
«... ‫ؤما بعد ف ِئوي ؤدعىهم إلى ِعباد ِة الل ِه ِمن ِعباد ِة ال ِعب ِاد وؤدعىهم إلى ِوالً ِة‬
ْ َ ّ
َ ِ ‫ الل ِه ِم ْن ِوال ًَ ِة ال ِع َب‬...»
‫اد‬
...Amma ba’du. Ingsung paring dhawuh (ngajak ) marang siro kabèh, supaya
ngabekti ing ngarsaning Allah SWT., lan uga ninggalaké ngawula marang sak
pepadhané kawula (manungsa). Ingsun uga paring dhawuh marang sira kabèh,
supaya padha tansah jejeg ing sak jroning wewengkon panguwasané Allah SWT.,
lan ngluwari pribadi nira saka penguwasané sapepadhané kawula (manungsa)…
(Al-Hafizh Ibnu Katsir, Al-Bidâyah wa an-Nihâyah, v/553).

Hadirin Jama’ah Jumah Rahimakumullah

Misi (ancas tujuanipun) syariat Islam badhé mujudaken kamardikan sejati


kanggé sedaya umat manungsa, saget karunut, wonten ing wawan sabdanipun
Jénderal Rustum saking Persia, kaliyan Mughirah bin Syu‟bah minangka duta
saraya/utusanipun Panglima Saad bin Abi Waqash ra. Pratélan baku syaréat Islam
kala wau kaambalan malih ing wawan sabdanipun Jenderal Rustum kalian Rab‟i bin
„Amir, minangka duta pangarsa Panglima Saad bin Abi Waqash ra. Piyambakipun

3
kautus sasampunipun Mughirah bin Syu‟bah, rikala Perang Qadisiyah ingkang
ancasipun kanggé mbébasaken Pèrsia.
Jénderal Rustum miterang dhumateng Rab‟i bin „Amir, “ apa sing mbok gawa?
Rab‟i bin „Amir paring wangsulan, “Allah wis paring dawuh marang ingsun. Demi
Allah, Allah wis ngutus marang ingsun supaya ingsun ngluwari marang sapa waé
sing gelem, saka angawulo ing sak pepadhané kawula (manungsa), ganti mingset
ngawulo maring Allah SWT.; saka rupeg ruweting urip tumuju marang jembaré
panguripan; sarta saka pangrusaké (kezaliman) agama-agama (saliyané Islam)
tumuju ing keadilan Islam…” (Ath-Thabari, Târîkh al-Umam wa al-Mulûk, II/401).

Allah SWT ugi sampun paring pangandikan ingkang kaserat ing kitab suci Al
Qur‟an, ingkang ungel lan maknanipun:
ِ ‫اِ خَّتَ ُذوا أَحبارهم ورْهبانَهم أَربابا ِّمن د‬
‫ون اللخ ِه‬ ُ ً َْ ْ ُ َ ُ َ ْ ُ َ َ ْ
Para wong Yahudi lan Nasrani padha ngangep pendhétané, katetepaké dadi
Pangérané … (TQS at-Taubah [9]: 31).

Nalikanipun ayat menika dipun waosaken kaliyan Rasulullah SAW, Adi bin
Hatim matur, bilih anak turunipun Israil, utawi sinebat Bani Israil (Yahudi lan
Nasrani) mboten nyembah para pendhéta menapa déné para rahibipun. Ing wekdal
samanten, Rasul SAW paring sabda, “ éwo semana, ing rikalaning para rahib lan
pendhétané Bani Israil ngalalaké sadhéngah perkara, umaté mau pada nuhoni,
manut miturut, lan ing rikalaning para rahib lan pendhétané Bani Israil ngaramaké
sadhéngah perkara, umaté mau pada nuhoni, manut miturut, (Iku kabèh cukup
minangka wujud panyembahan marang para rahib lan pendhétané, red.) (HR at-
Tirmidzi).

Salajengipun, Islam dipun turunaken kanggé ngluwari sedaya manungsa


saking samukawis pangawula/pangabdian dhumateng sesamining kawula
(manungsa), sarta ugi mujudaken pangawula/pengabdian ingkang tunggal, maligi
dhumateng ngersa dalem Allah SWT. Islam dhateng kanggé ngluwari sedaya
manungsa saking rupegipun alam ndonya, awit saking pakartinipun para manungsa
(ingkang adhedhasar aturan rancangan, rekadayanipun manungsa sawantah), nuju
dhumateng jembaring panggesangan alam donya (rahmatan lil alamin). Islam
katurunaken kanggé ngluwari manungsa saking karusakan (kezaliman) agami-agami
menapa déné sistem-sistem sak sanèsipun Islam, kagantos mawi keadilan Islam.
Sedaya wau saged dados kasunyatan, jer para manungsa purun mangsulaken
sedaya paugeran gesangipun, kanthi lelandasan dhumateng aturan/hukum saking
Allah SWT., lan Rasul SAW. Inggih kanthi sepakat nindakaken sedaya aturan
panggesangan adhedhasar syariah Islam kanthi komplit (Islam kaaffah), gembleng
tan kacicir. Tanpa lelampahan ingkang kados maketen, tangèh lamun saget
mujudaken kamardikan sejati, ngrengkuh katentreman donya lan keadilan Islam.
Sami dipun émut, bilih aturan penggesangan ingkang karipta mawi akal
rékadayanipun manungsa ingkang kathah cicir cèwètipun, tangèh lamun saged
ngasilaken sampurnaning panggesangan.

4
Allah SWT sampun paring pepémut ing babagan menika, ingkang kacetha ing
Al Qur‟an:
َ َ ْ َ ْ َ ُ ُ ُ ْ َ َ ً َ ً َ َ ُ َ َّ َ ْ َ َ َ ْ َ ْ َ َ
‫﴿ومن ؤعسض عن ِذه ِسي ف ِئن له م ِعِشة ضىيا وهحشسه ًىم ال ِلُام ِة‬
َ ْ َ
﴾‫ؤعمى‬
Lan sing sapa mléngos saka pepéling Ingsun (Kitab Qur’an) yekti dhèwèké
bakal nduwèni panguripan kang rupeg. Lan ing besuk dino qiyamat, wong mau
Ingsun klumpulaké, nanging mripaté nangdang wuta. (TQS Thaha [20]: 124).

Lelandasan ayat menika, Allah SWT. paring dhawuh dhumateng kita sedaya
supados ngetrapaken syariah Islam wonten ing sadhéngah paugeran
panggesangan. Lumampahing hukum syariah Islam saget minangka tanda jejeg lan
sampurna anggènipun sami ngrungkepi keyakinan sarta pangawula kula
panjenengan sami, dhumateng Allah SWT.
Nyarengi ing babagan menika, Allah SWT nedhahaken para pangarsa,
manggalaning nagari supados hanggulowenthah pamarintahan kanthi linambaran
aturan hukum-hukum syariah. Katandhesaken malih bilih Allah SWT., nintingi/
hanggolongaken para pangarso/ panguwaos ingkang mboten kersa ngagem
kendhali hukum-hukum syariah kanthi sesebatan; kafir (QS al-Maidah [5]: 44), fasik
(QS al-Maidah [5]: 47) utawi zalim (QS al-Maidah [5]: 45).
Kamardikan satuhu, namung badhé saget mawujud, namung kanthi
lumampahing sistem Islam, ingkang dipun pandhégani para pangarso ingkang
amanah, ingkang ngregem pusaraning adil kanthi lelandasan syariah Islam
kemawon. Namung kanthi margi makaten ancasing kamardikan sejati saged
mawujud, inggih menika panggesangan ingkang adil, makmur, sejahtera, aman lan
tenteram, pinayungan ridha Allah SWT.
Islam minangka agami lan sistem ingkang tuk sumberipun saking Allah Ingkang
Maha Bijak sampun dipun rancang, badhé sembada nglantarken tumuju dhumateng
panggesangan ingkang padang njinglang utawi “terang-benderang” kanggénipun
umat manungsa. Awit Allah SWT. sampun mratélaken bilih Islam dipun turunaken
supados Rasulullah Muhammad SAW., sembada ngedalaken umat manungsa
saking pepeteng nuju dhumateng pepadhang. Jumbuh kaliyan firmanipun Allah
SWT.:
َ َ ْ َّ ْ ُّ َ َ ُ ُّ َ َ َّ َ ْ ُ َ ْ َ ُ َ ْ َ َ ٌ َ
ِ ‫ات ِإلى الىى َِز ِب ِئذ ِن ِزب ِهم ِإلىَ ِصس‬
‫اط‬ َ ِ ‫ً ِلحخ ِسج الىاض ِمن الظلم‬
َ ُ‫هحاب ؤهصلىاه ِإل‬.‫﴿الس‬
ِ
﴾‫ُد‬ َ ْ َْ
ِ ‫الع ِص ٍِص الح ِم‬
Alif, laam raa, (mung Allah pribadi kang priksa tegesé). (Muhammad) Qur’an ini
kitab kang Ingsun turunaké marang sira, supaya sira anggo ngetokaké manungsa
saka pepetenging kafir marang pepadhanging iman, utawa marang dalaning
Pangéran kang Maha Mulya tur Maha Pinuji, kang mengkono iku dhasar printahé
Pangéran. (TQS Ibrahim [14]: 1).

5
Mugi kawuningan, bilih mujudaken panggesangan lan tembé wingking ingkang
padhang njingglang menapa déné hambébasaken manungsa saking sedaya rupi
penjajahan, kuncinipun inggih menika kanthi purun ngetrapaken Islam lan
syariatipun kanthi kaffah; kanthi totalitas. Perkawis menika sampun dados tanggel
jawab lan kewajiban kita sedaya minangka hambanipun Allah lan tanggel jawab kita
dhumateng umat manungsa. Mugi kita sedayo saged hamenangi kawontenan
ingkang makaten kala wau. Syukur binagé saged dados péranganipun tetiyang
ingkang tansah ngupados, mbudidaya, ngrékadaya tumapaking kamardikan sejati.

Jamaah Jum’at ingkang pinaringan rahmating Gusti Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‟at menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan Rasulipun,
mangga kita gondhèli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang lepat, awit saking
kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak tebihipun, lan mugi
panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Pepuntonipun atur, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi ndedonga
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir batin,
manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahéngga saged
dados péranganipun ahli dhakwah, ingkang tansah sengkut ngrembakakaken
jejegipun syariat agamani Islam ing salebeting daulah Islamiyah, tansah setya tuhu
dhumateng patuladhanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW.. ngantos puput yuswa
kanthi kawontenan husnul khatimah, aamiin ya rabbal‟alamiin.

ْ ْ َ ‫ َو َه َف َعني َوإ ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه من‬،‫لعظ ُْم‬


‫آلاً ِة َو ِذه ِس ال َح ِى ُْ ِم‬ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
ْ ‫ َو َؤ ُك ْى ٌُ َك ْىلي َه َرا َف‬،‫العل ُْ ُم‬
ُ‫إط َح ْغ ِف َس‬ َّ ‫هللا م َّىا َوم ْى ُى ْم ِث َال َو َث ُه َوإ َّه ُه ُه َى‬
َ ‫الظم ُْ ُع‬ ُ ‫َو َث َل َّب َل‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬ َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ
‫الس ِح ُْم‬ ‫هللا الع ِظُم ِإهه هى‬
Khutbah II

َّ َ َ َ ْ َ ُ َ ْ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ َ َ ُ َ ُ ْ ُّ َ َ ْ َ َ َْ
َ ‫ وؤشهد ؤن ال ِاله ِإال‬.‫ال َح ْم ُد هللِ على ِإحظ ِاه ِه والشىس له على ثى ِفُ ِل ِه وِام ِحى ِاه ِه‬
ُ‫هللا‬
َ ‫الد ِاعى‬
‫إلى‬ َّ ‫هللا َو ْح َد ُه َال َشسٍْ ًَ َل ُه َو َؤ ْش َه ُد َّؤن َط ُّ َد َها ُم َح َّم ًَدا َع ْب ُد ُه َو َز ُط ْى ُل ُه‬
ُ ‫َو‬
ِ ِ
َ ّ
‫ص َح ِاب ِه َو َط ِل ْم ج ْظ ِل ُْ ًما ِه ْثي ًرا‬ ْ ‫ص ّل َع َلى َط ُّد َها ُم َح َّم ٍد و َع َلى َاله َو َؤ‬ َ َّ ُ َْ
ِِ ِ ِِ ِ ‫ اللهم‬.‫ِزضى ِاه ِه‬
ُ ْ َ َّ َ
◌ ‫ؤما بعد‬

6
‫َ‬ ‫َ ْ َ َ َ َ َ ْ َ ُ ْ َ َّ َ َ َ ْ َ ُ ْ َ َّ َ َ ُ َ‬ ‫َف َُا َا ُّي َها َّ‬
‫هللا ؤ َم َسه ْم ِبإ ْم ٍس َب َدؤ‬ ‫اض ِا َّث ُلىاهللا ِفُما ؤمس واهتهىا عما ههى واع َلمىا ؤن‬ ‫الى ُ‬
‫َ َ َ َ َ َ َّ َ َ َ َ َ ُ ُ َ ُّ‬ ‫ف ُْه ب َى ْفظه َو َث َـنى ب َمآل ئ َىحه اْلظبحة ب ُل ْ‬
‫صل ْى َن‬ ‫آلئىحه ً‬ ‫ِ‬ ‫م‬‫و‬ ‫هللا‬ ‫ن‬ ‫إ‬‫ِ‬ ‫ى‬ ‫ل‬ ‫عا‬ ‫ج‬ ‫اٌ‬ ‫ك‬‫و‬ ‫ه‬ ‫ط‬
‫ِ ِ ِ‬ ‫د‬ ‫ِ ِ ِِ‬ ‫ِ ِ ِ ِ ِ‬
‫ّ َ‬ ‫َ ُّ َ َّ ْ َ َ ُ ْ َ ُّ َ‬ ‫َع َلى َّ‬
‫صل ْىا َعل ُْ ِه َو َط ِل ُم ْىا ج ْظ ِل ُْ ًما‪.‬‬ ‫الى ِبى ًأ ايها ال ِرًن آمىىا‬
‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ّ‬ ‫ُ َ‬ ‫ُ َّ َ ّ َ َ َ ّ َ ُ َ َّ َ َّ‬
‫هللا َعل ُْ ِه َو َط ِل ْم َو َعلى ِآٌ َط ُِّ ِدها ُم َح َّم ٍد َو َعلى‬ ‫صلى‬ ‫اللهم ص ِل على ط ُِ ِدها محم ٍد‬
‫َ ْ‬ ‫لخ َل َف ِاء َّ‬ ‫َ ْ َ َ ُز ُ َ َ َ َ ْ ُ َ َّ ْ َ َ ْ َ ّ ُ َّ َ ْ ُ‬
‫الس ِاش ِد ًْ َن ؤ ِبى َبى ٍس َو ُع َم َس‬ ‫آلئى ِة اْللسِبين وازض اللهم ع ِن ا‬ ‫ُأئً و ط ِلً وم ِ‬ ‫اه ِب ِ‬
‫َ‬ ‫َ‬ ‫الحابع ْي َن َو َثابعي َّ‬ ‫َو ُع ْث َمان َو َعلي َو َع ْن َ‬
‫الح ِاب ِع ْي َن ل ُه ْم ِب ِا ْح َظ ٍان ِالى ًَ ْى ِم‬ ‫ِِ‬ ‫ِِ‬
‫الص َح َابة َو َّ‬
‫ِ‬ ‫َّ‬ ‫ة‬ ‫ُ‬‫َّ‬
‫ِ ِ‬ ‫ل‬ ‫ب‬
‫الساحم ْي َنَ‬ ‫َّ‬ ‫ض َع َّىا َم َع ُه ْم ب َس ْح َمح ًَ ًَا َؤ ْز َحمَ‬ ‫الد ًْن َوا ْز َ‬ ‫ّ‬
‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬
‫ُْ ْ َ ْ َ‬
‫لِا ْم َ‬ ‫َ ُ َّ ْ ْ ْ ُ ْ ْ َ َ ْ ُ ْ َ َ ْ ُ ْ ْ َ َ ْ ُ ْ َ َ َ‬
‫لِا ْ‬
‫ات الل ُه َّم‬ ‫ِ‬ ‫ى‬ ‫و‬ ‫م‬ ‫ه‬‫ن‬ ‫م‬‫ِ‬ ‫ُأء‬‫ح‬ ‫ات‬‫ات واْلظ ِل ِمين واْلظ ِلم ِ‬ ‫اللهم اغ ِفس ِللمؤ ِم ِىين واْلؤ ِمى ِ‬
‫ص ْس ع َب َاد َن ْاْلُ َى ّحد ًَّ َة َو ْاه ُ‬ ‫الش ْس َن َو ْاْلُ ْشسه ْي َن َو ْاه ُ‬ ‫َ َّ ْ ْ َ َ َ ْ ُ ْ ْ َ َ َ َّ ّ‬
‫ص ْس َم ْن‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِِ‬ ‫ؤ ِعص ِلْاطالم واْلظ ِل ِمين وؤ ِذٌ ِ‬
‫اعل َول َماث ًَ إ َلى ًَ ْىمَ‬ ‫الد ًْن َو ْ‬ ‫اخ ُر ٌْ َم ْن َخ َر ٌَ ْاْلُ ْظلم ْي َن َو َد ّم ْس َؤ ْع َد َاء ّ‬ ‫َ ََ ّْ َ َ ْ‬
‫الدًن و‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫هصس ِ‬
‫ّ‬
‫الد ًْ ِن‪.‬‬ ‫ِ‬
‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬ ‫ُ َّ ْ َ ْ َ َّ ْ َ َ َ َ ْ َ َ َ َ َّ َ ْ‬
‫الصال ِش ٌَ َوا ِْل َح َن َو ُط ْى َء ا ِلف ْح َى ِة َوا ِْل َح َن َما ظ َه َس َِم ْن َها‬ ‫اللهم ادفع عىا البالء والىباء و‬
‫َّ ً َ َ ْ ُ ْ َ ْ ُ ْ ْ َ َّ ً َ َ َّ ْ َ َ‬ ‫َ َ ْ‬ ‫َ‬
‫لع ِاْل ْي َ َن‪.‬‬ ‫َو َما َبط َن َع ْن َبل ِدها ِاه ُدو ِه ِْ ِظ َُّا خأصة وط ِائ ِس البلد ِان اْلظ ِل ِمين عأمة ًا زب ا‬
‫ََ َْ‬ ‫الد ْه َُا َح َظ َى ًة َوفى ْآلاخ َسة َح َظ َى ًة َوك َىا َع َر َ‬ ‫َزَّب َىا آث َىا فى ُّ‬
‫الى ِاز‪َ .‬زَّب َىا ظل ْم َىا اه ُف َظ َىا‬ ‫اب َّ‬
‫ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِ‬
‫َ ْ َ ْ َ ْ ْ َ َ َ َ ْ َ ْ َ َ َ ُ ْ َ َّ َ ْ َ‬
‫اط ِسٍْ َن‪.‬‬ ‫واإن لم جغ ِفس لىا وثسحمىا لىيىهن ِمن ا ِ‬
‫لخ‬

‫ْ‬ ‫َ‬ ‫ْ ُ ْ َ َََْ َ ْ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َّ َ َ ْ ُ ُ َ ْ َ ْ َ ْ‬ ‫َ َ‬


‫شأء‬
‫حأء ِذي اللسبى وٍىهى ع ِن الفح ِ‬ ‫هللا ! ِإن هللا ًإمسها ِبالعد ٌِ و ِلْاحظ ِان وِإً ِ‬ ‫ِعباد ِ‬
‫ْ ُ‬ ‫ُْ ُ‬
‫لع ِظ ُْ َم ًَره ْسه ْم َواشى ُس ْو ُه َع َلى‬ ‫َو ْاْلُ ْى َىس َو ْا َلب ْغي ٌَع ُظ ُى ْم َل َع َّل ُى ْم َث َر َّه ُس ْ َو َن َو ْاذ ُه ُسوا َ‬
‫هللا ْا َ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬
‫َ َ ْ ُ ْ ََ ْ ُ َْ‬
‫هللا ؤه َب ْ َر‬
‫ِوع ِم ِه ً ِصدهم ول ِرهس ِ‬

‫‪7‬‬

You might also like