You are on page 1of 2

GEGURITAN (DALAM BAHASA JAWA)

A. Pengertian Geguritan
Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang
diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan
penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.

Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa
Indonesia uga kasebut puisi.

B. Ciri - ciri geguritan


Ciri - ciri wonten ing geguritan yaiku :
1. duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan
guru gatra
2. duweni makna utawa arti ana ing lirik lirik e
3. duweni bahasa ingkang endah lan mentes
4. Ing teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang
geguritan

C. Unsur - unsur intrinsik 


Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur
intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
1. Tema
2. Bahasa kang endah
3. Judul Geguritan
4. Diksi
5. Citra
6. Purwakanthi
7. Amanat kang ono ing jero ne geguritan

D. Jenis - jenising Geguritan


Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :
1. Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)
2. Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)
3. Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran

E. Syarat syarat maca Geguritan


Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora sembarangan ingkang moco geguritan .
Syarat syarate yaiku :
1. Wirama -->  Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara.
2. Wirasa --> Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan
3. Wiraga --> Polah utawa gerake ketika moco geguritan
4. Wicara --> lancar orak e moco geguritan

Contoh geguritan :

Ringgit
(Anggitipun: Irma Eftiyana)
 
Soca iki lena dening wayah
Mulat endahing cipta, san juru budaya
Sengseming ai marang budaya iki
Saya agung gumunggung
Larasing gamelan majing jroning tyas…
Tumancep…
Bebarengan sayempraba kuwi.. dumadakan
Kembeng-kembang kemembeng
Waspa dres mijil… manah karerantan
Mulat kasusatran jawi
Kang surem, sepi… memelas
Mangkana kuwi ang dadi kasunyatan
Kadya unine sekar macapat maskumambang
Ing tengahing ratri iki

You might also like