You are on page 1of 2

RENCY KIREINA JOVANKA

8 – KPA / 24 – MIPA 3

No Struktur Katrangan
Struktur Lair

1 Tipografi-Blegre Geguritan “Wulan Pasa” anggitane Aming Aminoedi . Geguritan


mau dadi saka 3 pada, lan saben pada dumadi saka 5 gatra,
nanging ing pungkasane pada ana 4 gatra.
Penulisane diati-ati banget, buktine cacahe saben pada ora
luwih saka 6 tembung.
Geguritan “Wulan Pasa” kang ditulis mepet kiwa lan
nggunakake tanda pamaca yaiku tanda koma (,). Kabeh
tembunge nggunakake aksara cilik.
2 Panyitra Nggunakake citra panindak, buktine yaiku tegese tegen / kayata
ngaji lan salat weingi (pada 3)
Nggunakake citra pandeleg buktine yaiku / sabanjure akeh uga
wong-wong kang weweh (pada 1)
Nggunakake citra pangrasa, buktine yaiku / palaganing hawa
nepsune dhewe-dhewe (pada 2)
Nggunakake citra panindak buktine yaiku / tumindak apik (pada
3)
Nggunakake citra panindak buktine yaiku / kudu wani mbuwang
laku goroh / laku mbotoh (pada 2).
3 Gaya-Lelewane Geguritan “Wulan Pasa” iku milih ukara kang ora dawa banget
Basa nanging jelas. Ing geguritan iku mau ana Basa Kawi yaiku
mbotoh kang tegese ngapusi. Ana uga nggunakake Tembung
Mirunggan patuladhane yaiku weweh. Ana uga Tembung Saroja
utawa tembung kang artine meh padha utawa padha,
patuladhane yaiku apik-becik. Ing geguritan mau uga ana
tembung kanthi teges entar (konotatif) yaiku palaganing hawa
nepsune.
4 Enjabemen Akeh tinemu enjabemen ing geguritan “Wulan Pasa” diantarane
yaiku padha / sregep menyang, wulan apik / gaweya laku,
palagan / palaganing, laku goroh / laku mbotoh, cedhak /
marang, tumindak / apik.
5 Purwakanthi Ing geguritan “Wulan Pasa” ana kang nggunakake purwakanthi
guru swara kang runtut yaiku palaganing hawa nepsune dhewe-
dhewe / waning perang ing palagan artine. Ing kutipan ku swara
akhire padha yaiku e.
Akeh tinemu uga tembung kanthi aksara gososkan ing pada 1, 2,
3 salah sijine wulan / taraweh / weweh / gaweya (pada 1)
Tembung-tembung iku mau kelebu purwakanthi guru sastra
kang diarani aksara lambe. Ana uga aksara liat, wulan /
palaganing / laku. Ing geguritan mau ana uga asksara sigeg ing
gorokan (velar) salah sijine yaiku cedhak / tumindak / apik,
kayata. Ana uga aksara untu ing geguritan “Wulan Pasa”
diantarane pasa / sregep / sing / hawa nepsune / salat wengi.
Ana uga aksara liat salah sijine padha / kandhane / dhewe-
dhewe/ cedhak. Ana uga ng aksara sigeg ing / menyang / kang /
palaganing/ perang.
Aksara Batin

1 Tema Gagasan pokok kag dirembug ing geguritan “Wulan Pasa” iku
mau yaiku ngenani apa wae kang kudu dilakoni ing wulan pasa
2 Wirasa Wirasa ing geguritan “Wulan Pasa” iki bisa kalebu golongan
pangajak. Panggurit kaya-kaya nuturi apa bae kang ora oleh
dilaknoi ing wulan pasa lan apa bae kang kudu dilakoni ing
wulan pasa. Iki ditulis ing pada 2 lan pada 3.
3 Amanat Amanat kang ana ing geguritan iku yaiku kudu gawe laku sing
becik ing wulan pasa. Iki ana ing pada 1. Ana uga amanat kang
kudu mbwang laku goroh. Iki ana ing pada 2. Lan amanat ing
pada 3 yaiku, kita kudu cedhak marang Gusti lan ngelakuni
kegiatan sing apik, contohe ngaji lan salat wengi.

You might also like