You are on page 1of 7

UPACARA ADAT KABUPATEN TULUNGAGUNG

“ CANDI BOYOLANGU “

( Desa Boyolangu, Kecamatan Boyolangu Kabupaten Tulungagung )


SMAK SANTO THOMAS AQUINO TULUNGAGUNG

TAHUN 2022/2023

Didamel kaliyan :

Alfen Talenta

Jovan Alexander Cendrawan

Hendrik Triatmojo Sukamto

Samuel Candra Wijaya

Mirile Wika Pascarani

Hellen Ocha Ferrari

Aurellia Kezia Putri Kama

Anggita Fatma Sari Asmoro

Lusi Ollivia Silitonga


BEBUKANING ATUR
Puji syukur kula aturaken dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad, amargi
saged ngrampungaken tugas makalah niki tanpa wonten alangan menapa-
menapa. Pramila saking punika pangripta ngaturaken agenging panuwun
ingkang tanpa pepindhan dhumateng Juru Kunci upacara adat Candi Boyolangu
ingkang sampun mangertosi asal-usul lan urut-urutan upacara menika. Mugi-
mugi pitulungan panjenenganipun niku angsal limpahan rahmat saking Gusti
Ingkang Murbeng Dumadi. Amiin. Kula lan rencang-rencang ngajengaken
upacara adat Candi Boyolangu menika saget dilestarekaken.

Ing makalah punika dipunandharaken asal-usulipun upacara adat Candi


Boyolangu. Mugi-mugi makalah punika saged dipunpigunakaken kangge
ngleluri sarta nglestantunaken upacara adat Candi Boyolangu.

Mbok bilih wonten kakirangan, kula ngaturaken nyuwun ngapunten. Kritik


saha saran ingkang ngebangun sanget kita ajeng-ajeng kangge
kasempurnanipun karya tulis niki. Mugi-mugi makalah niki saged migunani
kagem pemaos sedaya.

Tulungagung, 23 Oktober 2022


DAFTAR ISI

BEBUKANING ATUR

DAFTAR ISI

A. SEJARAH CANDI BOYOLANGU


B. UPACARA ADAT
1. PENGERTIAN UPACARA ADAT
2. TUJUAN UPACARA ADAT
3. TANGGAL PELAKSANAAN UPACARA ADAT
4. SUSUNAN ACARA
5. SYARAT-SYARATIPUN ACARA
C. FOTO
A.SEJARAH CANDI BOYOLANGU

Candhi Boyolangu utawa lumrahe diarani candhi Gayatri


yaiku candhi ing karajan Majapahit nalika jamane Prabu Hayam
Wuruk ( 1359-1389 ) kang didegake suwene 30 tahun. Candhi
Boyolangu yaiku sawijining komplek candhi kang dumadi saka 3
perwara. Candhi iki ditemokake maneh ing tahun 1914. Ing
tengah ana acra gayatri. Gayatri iku anak ke papat saka raja
kertanegara ( singosari ) lan garwane raja wijaya pendiri
kerajaan majapahit. Nalika isih urip gayatri manggon ing kraton
Mojokerto lan didadekake permaisuri. Gayatri iku budha lan
gayatri misuwur minangka pendeta budha kanthi gelar
rajapadmi. Wujudipun dhyani buddha wairocana kanthi
lenggah ing dhampar ingkangdipunhias godhong teratai kanthi
patrap asta dharmacakramuda saha badanipun arca saha
teratai wonten ing ngrikudipuntata rapi kanthi gaya majapahit.
Candhi iki ditemokake ing kahanan ora lengkap utawa sawatara
bagean padha ilang kayata sirah lan tangan. Candhi iki
minangka panggunan kanggo nyimpen awu saka awak gayatri
kang diobong.
B.UPACARA ADAT
Candhi Boyolangu kalebet papan ingkang sakral saengga papan
menika dipunginakaken masyarakat kangge nindakake maneka
upacara adat. Tuladhanipun inggih menika salah satunggaling suro
kawilujengan, ritual lan sanes-sanesipun. Mula candhi boyolangu iki
dadi papan kanggo nganakake maneka warna upacara adat. Tujuane
gumatung marang wong sing ngunjungi candhi. Yen dolan kanggo
slametan siji suro tegese tujuane kanggo megeti suro siji. Menawi
ngawontenaken upacara adat wonten ing candhi Boyolangu menika
kedah ijin rumiyin

1. PENGERTIAN UPACARA ADAT

Amarga akeh banget upacara adat sing dianakake ing candhi


Boyolangu, mula kita njupuk salah siji upacara adat kanggo dianalisis
yaiku slametan siji suro. Setunggal suro inggih menika dinten
kapwonten ing pananggalan jawi ing wulan suro. Wengi suro siji
mujudake wengi kang sakral kanggo wong jawa. Umume masyarakat
jawa isih percaya yen bengi siji suro mujudake wengi khusus sing
dianggep mistis lan suci lan kebak berkah.

2. TUJUAN UPACARA ADAT

Slametan wengi suro siji iki nduweni tujuan kanggo mengeti suro
siji. Ing wayah wengi siji suro biasane diselingi karo ritual lan waosan
donga sing tujuane kanggo njaluk berkah lan nyegah bahaya.
3. TANGGAL PELAKSANAAN UPACARA ADAT

Slametan suro siji iki dianakake ing dina kapisan penanggalan jawa
ing sasi sura. Biasane dipengeti ing wayah wengi sawise srengenge
surup ing dina sadurunge dina pisanan.

4. SUSUNAN ACARA

Ing wayah bengi siji suro, sawetara wong jawa biasane


nindakake ritual kayata ritual tirakatan, lek-lekan ( ora turu
sewengi ),ndonga, tapa lan uga pawai obor. Ing wengi suro iki
wong jawa nganggep wulan sing cocok kanggo mujudake
renungan, muji syukur marang Gusti lan introspeksi. Ing wulan
suro, masyarakat jawa tetep eling lan waspada.

5. SYARAT SYARATIPUN ACARA

Ing wayah bengi suro siji wong jawa biasane nindakake pantangan
kayata ora metu saka omah, nganakake pahargyan, pidhah omah lan
wong-wong kudu tansah eling marang godaan sing nyasarake, , Sesaji
sing kudu disiyapake yaiku kembang setaman sing dilebokake ing
wadhah sing diisi banyu bening.

C. FOTO

You might also like