You are on page 1of 6

PAMARAGANE PARAGA JAYAKATWANG SAJRONE

KETOPRAK “BAGASKARA ING BUMI WILWATIKTA”

Oleh:

1. Muhammad Farid Amrulloh(18)


2. Gale Fernando(12)

SMA NEGERI 1 KEDAMEAN


2023/2024
BAB 1
PURWAKA

1.1 Lelandesan panliten


Kebudayaan Jawa yaiku kebudayaan sing asale saka Jawa lan di anut Karo
masyarakat Jawa khususe ing provinsi Jawa tengah, yogakarta lan Jawa timur.
Kebudayaan Jawa secara garis besar yaiku di bedakan dadi 3 yaiku budaya banyumasan,
budaya Jawa tengahan, lan budaya Jawa timuran

Seni pertunjukan yaiku karya seni sing ngelibatake aksi individu utawi kelompok
ing panggonan lan wektu tertentu. Performance biasane ngelibatake 4 unsur yaiku unsur
ruang, waktu, gerakane awak para seniman lan hubungan e seniman karo penonton.
Kesenian Jawa iku akeh maceme yaiku ludruk, ketoprak, wayang wong, wayang golek,
lan sapanunggalane, salah sijine ketoprak sing wis ngerembaka ing tengah masyarakat.

Ketoprak yaiku sejenis pentas seni pentas drama tradisional sing di yakini asale saka
Surakarta lan tuwuh kanti cepet ing Yogyakarta mulane biasane ketoprak disebut Karo
sebutan ketoprak Mataram. Ketoprak biasane nyeritakake tentang paraga ing zaman
kerajaan utawi istanah sentris. Tuladhane: Jaka Tingkir, Rara Jonggrang lan Bandung
Bondowoso, Angling darma, andhe andhe lumut, damar Wulan, lan sapanunggalane.
Salah sawijine yaiku cerita ngenani pamaragane paraga raja jaya katwang, raja jaya
katwang yaiku raja sing nguasani kerajaan gelanggelang sing Saiki dadi wilayah Madiun.

1.2 Uderane panliten


1. Kepriye watake paraga jayakatwang sajrone pagelaran ketoprak bagaskara ing bumi
wilwatikta?
2. Kepriye kalungguhane paraga jayakatwang sajrone pagelaran ketoprak bagaskara ing
bumi wilwatikta?

1.3 Ancase panliten


1. Mangerteni watake paraga jayakatwang sajrone pagelaran ketoprak bagaskara ing
bumi wilwatikta
2. Mangerteni kalungguhane paraga jayakatwang sajrone pagelaran ketoprak bagaskara
ing bumi wilwatikta
BAB 2
ANDHARAN

2.1 Kalungguhane paraga jayakatwang

•Paraga utama
Wiwit wiwitan pagelaran ludruk sarip tambak oso tansah nyritakake babagan Sarip
lan uga kerep katon ing saben adegan.
“Di arani paraga utama amarga ing sajrone pagelaran ketoprak Bagaskara ing
bumi wilwatikta, jayakatwang yaiku Paraga kang asring katon ing saben crita nganti
pungkasane crita, Jayakatwang uga nduweni peran ing crita Bagaskara ing bumi
wilwatikta”
Saking andharan ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih Jayakatwang inggih
menika paraga utama ingkang asring medal saking wiwitan cariyos ngantos
pungkasaning cariyos

2.2 Pamaragane paraga jayakatwang

•Pendendam

Jayakatwang nduweni sipat dendam, ing crita Bagaskara ing bumi wilwatikta
Jayakatwang nduweni kekarepan kanggo mrentah kerajaan Singasari
“Di arani pendendam amarga ing njero cerita Bagaskara ing bumi wilwatikta
jayakatwang nduweni dendam karo kerajaan Singasari, jayakatwang nyerang
kerajaan singasari sing di pimpin Karo raja terakhir Singasari yaiku Kertanegara,
deweke iku bisa mateni raja Kertanegara kan jayakatwang uga dadi raja, nanging
ora sue amarga arep di pateni Karo utusane kaisar Cina”
Saka andharan wonten ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih raja
Jayakatwang menika gadhah sipat dendam lan ugi gadhah karep kangge mbalekaken
karajan leluhuripun
•Egois

Jayakatwang nduweni sipat egois, ing Ketoprak Bagaskara ing bumi wilwatikta
Jayakatwang nggawe serangan marang kerajaan Singasari.
“Di arani egois amarga ing sajrone cerita Bagaskara ing bumi wilwatikta
jayakatwang nyerang kerajaan Singasari Jayakatwang kasil mateni Prabu
Kertanegara, yaiku raja kerajaan Singasari lan dadi raja, Jayakatwang mbebasake
Raden Wijaya sing dadi mantune Prabu Kertanegara lan diparingi alas trik(Alas
tarik Sidoarjo), nanging kekuwatane Jayakatwang mung nganti setaun amarga Raden
Wijaya bisa nyerang maneh raja Jayakatwang lan ngadegake kerajaan Majapahit.
Saka andharan wonten ing nginggil bisa dijupuk yen raja jayakatwang nduweni sipat
egois
BAB 3
PENUTUP

Pagelaran ketoprak Bagaskara ing bumi wilwatikta yaiku pagelaran ketoprak sing
ngelibatake unsur kang ono ing saben tataran proses iki. Milih lan nemtokake naskah
pagelaran ketoprak Bagaskara ing bumi wilwatikta limrahipun nemtokaken watak paraga
saha paraga ingkang dipunlakoni dening paraga pagelaran ketoprak biasanipun nyariyosaken
babagan cariyos ing jaman kraton kadosta cariyos ketoprak Bagaskara ing bumi wilwatikta.

Ing pagelaran ketoprak Bagaskara ing bumi wilwatikta nyritakake babagan raja
jayakatwang saka kerajaan Gelanggelang sing saiki dadi wilayah kutha Madiun, Kerajaan
Gelanggelang minangka bawahan saka kerajaan Singasari sing dipimpin dening raja
pungkasan, yaiku Prabu Kertanegara, raja jayakatwang mberontak dening kerajaan
Kertanegara alasane arep mbalekake kerajaan leluhure yaiku kerajaan kadiri, raja
jayakatwang nyerang raja Kertanegara dening sekawan arah lan berhasil nguasai balik,
nanging ora sue mung setahun dadi raja amarga di serang Karo utusanipun kekaisaran Cina
lan di kuasai Karo kekaisaran Cina.
Sajrone cerito ketoprak Bagaskara ing bumi wilwatikta Iki nyeritakake tentang paraga
raja jayakatwang sing nduweni sifat apik nanging nduweni sifat pendendam amarga kapingin
mbalekake kerajaan leluhure lan kalungguhanipun jayakatwang yaiku dadi Bupati ing
kerajaan gelanggelang, sukses iso ngrebut kekuasaan lan dadi raja sajrone kerajaan Singasari.

You might also like