You are on page 1of 5

َ‫ اَ ْش هَ ُد اَ ْن آلاِلَ ه‬ 

. ُ‫ي لَ ْوالَ َأ ْن هَ َدانَاهللا‬ َ ‫اَ ْل َح ْم ُد هللِ اَّل ِذى هَ َدانَا ِلهَ َذا َو َم ا ُكنَّا ِلنَ ْهتَ ِد‬
َ‫اِالَّهللاُ َواَ ْش هَ ُد َأ َّن ُم َح َّم ًدا َع ْب ُدهُ َو َر ُس ْولُهُ الَ نَبِ َي بَ ْع َدهُ الَ َح ْو َل َوالَ قُ َّوةَ اِالَّ بِاهلل‬
‫ص لِّ َو َس لِّ ْم َعلَى َس يِّ ِدنَا َو َم ْوالَ نَ ا ُم َح َّم ٍد َختَ ِم اَْأل ْنبِيِ ا ِء‬ َ ‫ اَللَّهُ َّم‬.‫ْال َعلِ ِّي ْال َع ِظي ِْم‬
‫ فَيَ ا اَيُّهَ ْاالُ ْم ِس لُ ُم ْو َن فَيَا اَيُّهَ ا ْالُمْؤ ِمنُ ْو َن‬.‫ص حْ بِ ِه َو َس لِّ ِم‬
َ ‫َو ْال ُمرْ َس لِي َْن َو َعلَى اَلِ ِه َو‬
َّ‫ق تُقَاتِ ِه َوالَ تَ ُم ْوتُ َّن اِال‬ َّ ‫ ِإتَّقُ وا هللاَ َح‬: ‫ص ْي ُك ْم َونَ ْف ِس ي بِتَ ْق َوى هللا‬ ِ ‫َر ِح َم ُك ُم هللا اُ ْو‬
:  ‫َّجي ِْم‬
ِ ‫ان الر‬ ِ َ‫َأ ُع ْو ُذ بِاهللِ ِم َن ال َّش ْيط‬: ‫ال تَ َعاَلى فِي ِكتَابِ ِه ْال َك ِري ِْم‬ َ َ‫ َوق‬.‫َواَ ْنتُ ْم ُم ْسلِ ُم ْو َن‬
‫ َعلَ ْي ُك ْم اِ ْذ ُك ْنتُ ْم اَ ْعدآ ًء‬. ‫هللا‬
ِ  َ‫ص ُم ْوا ِب َحب ِْل هللاِ َج ِم ْي َعا َوالَ تَفَ َّرقُ ْوا َو ْاذ ُكر ُْوا نِ ْع َمة‬ ِ َ‫َوا ْعت‬
ْ ‫ف بَي َْن قُلُ ْوبِ ُك ْم فََأصْ بَحْ تُ ْم ِبنِ ْع َمتِ ِه ى‬
.‫اخ َوانًا‬ َ َّ‫فََأل‬

HADIRIN SIDANG JUMAT RAHIMAHULLOH

Monggo kito tansah ningkataken anggen kito sami TAQWAlloh saben ndintenipun, kranten
kanthi TAQWA, kito sedoyo saget manggeh keslametan dunnya tuwin akhirat.

Wonten ing wekdal meniko, kita sedoyo nembe dipun paring pacoban dating Alloh, ingkang
sami-sami kito sumerapi sesarengan, pramilo monggo samiho tansah nindaaken
kesabaran, langkung2 naliko nampi ujian saking alloh, sebab kito gesang meniko temtu
dipun uji deneng alloh, kang supados saget dipun sumrapi pundi tiyang ingkang leres2
saestu iman dateng alloh, ujian kolo wahu ugi maneko warni, wonten ingkang arupi luwe /
kekirangan sandang pangan, ajreh sudo bondonipun/jiwonipun, ajreh rugi daganganipun
soho lintu2nipun. Lan sabar puniko penting2ipun perkawis, kranten sarono sabar meniko
sedoyo perkawis ingkang dados cita2nipun bade khasel.

firman Allah dalam surat at-Taubat ayat 51:

‫ب هللاُ لَنَا هُ َو َم ْوالَنَا َو َعلَى هللاِ فَاْليَتَ َو َّك ِل ْال ُمْؤ ِمنُ ْو َن‬ ِ ‫قُلْ لَ ْن ي‬
َ َ‫ُص ْيبَنَا إالَّ َما َكت‬

“Dawuhno Muhammad: Ora pisan-pisan salah suwijine perkoro iku bakal tumibo
maring kita, kejoboopo kang wus din tetepake Allah maring kito, Allah iku bendoro
kito, lan naming dating Allah wong-wong kang iman kudu tawaakkal”

Dibalik setiap takdir, mestilah “ibroh” wonten makno engkang tersembunyi, termasuk
kados musibah utawi ujian wabah sakmeniko, kedah wonten hikmah engkang kitho
pundut..

Hikmahipun, tumrape tiyang-tiyang engkang lolos saking bencana utawi musibah inggih
tiyang-tiyang engkang beruntung amargi taksih sempat dipun tegur saking Allah SWT.
Taksih dipun paringi kesempatan kagem memperbaiki kualitas ketaqwaan, keimanan lan
taksih sempat nyuwun ampunan dumateng Allah saking sedoyo kesalahan sarto saget
ninda’aken amal sahe wonten ing gesangipun.

Bencana utawi ujian dados teguran tumrape tiyang engkang selamet, mekaten ugi
tumrapipun Tiyang engkang mboten kenging bencana utawi musibah gadahi tanggungan
utawi kewajiban nulung dumateng tiyang engkang kesusahan. Engkang kagungan harta lan
benda, kagungan kewajiban maringi pitulungan arupi daharan, sandangan lan kabutuhan-
kabutuhan lintunipun dumateng tiyang engkang tertimpa bencana.

Rasulullah saw dawuh, “sing sopo wonge gelem nglepasake kesusahane wong muslim
saking kesusahan dunyo, mangko Allah bakal nglepasake kesusahane wong iku mau ono
ing akherat. Sing sopo wonge gelem ngentengake bebane wong sing kesusahan, mongko
Allah bakal gampangake urusane ono ing akherat, lan sing sopo wonge gelem nutupi
aib/cacate wong muslim, mongko Allah bakal nutupi cacate wong iku mau ono ing dunyo
lan akherot, lan gusti Allah tansah nulungi marang hambane selagine hambane iku mau
gelem nulungi marang sedulure muslim (HR. Muslim).

Kenapa Aku Diuji? Al-Qur'an Menjawab!

‫ب النَّاسُ َأ ْن يُ ْت َر ُك ْوا َأ ْن يَقُ ْولُ ْوا َءا َمنَّا َوهُ ْم الَ يُ ْفتَنُ ْو َن‬
َ ‫َأ َح ِس‬
Apakah manusia itu mengira bahwa mereka dibiarkan (saja) mengatakan: "Kami telah beriman",
sedang mereka tidak diuji lagi?
‫ين‬ ۟ ُ‫ص َدق‬
َ ِ‫وا َولَيَ ْعلَ َم َّن ْٱل ٰ َك ِذب‬ َ ‫ين ِمن قَ ْبلِ ِه ْم ۖ فَلَيَ ْعلَ َم َّن ٱهَّلل ُ ٱلَّ ِذ‬
َ ‫ين‬ َ ‫َولَقَ ْد فَتَنَّا ٱلَّ ِذ‬

Dan sesungguhnya kami telah menguji orang-orang yang sebelum mereka, maka sesungguhnya
Allah mengetahui orang-orang yang benar dan sesungguhnya Dia mengetahui orang-orang yang
dusta.
Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam juga pernah bersabda
‫ال ُّد ْنيَا ِسجْ ُن ْال ُمْؤ ِم ِن َو َجنَّةُ ْال َكافِ ِر‬
Dunia adalah penjara bagi orang mukmin dan surga bagi orang kafir.” (HR. Muslim no. 2956)

KENAPA AKU TAK MENDAPAT APA YANG AKU INGINKAN ?

۟ ‫وا َش ْيـًٔا َوهُ َو َخ ْي ٌر لَّ ُك ْم ۖ َو َع َس ٰ ٓى َأن تُ ِحب‬


‫ُّوا َش ْيـًٔا َوهُ َو َشرٌّ لَّ ُك ْم ۗ َوٱهَّلل ُ يَ ْعلَ ُم‬ ۟ ُ‫َو َع َس ٰ ٓى َأن تَ ْك َره‬
َ ‫َوَأنتُ ْم اَل تَ ْعلَ ُم‬
‫ون‬
Boleh jadi kamu membenci sesuatu, padahal ia amat baik bagimu, dan boleh jadi (pula) kamu
menyukai sesuatu, padahal ia amat buruk bagimu; Allah mengetahui, sedang kamu tidak
mengetahui.

KENAPA UJIAN SEBERAT INI ?

ۚ ‫اخ ْذنَٓا ِإن نَّ ِسينَٓا َأوْ َأ ْخطَْأنَا‬


ِ ‫ت ۗ َربَّنَا اَل تَُؤ‬ ْ َ‫ف ٱهَّلل ُ نَ ْفسًا ِإاَّل ُو ْس َعهَا ۚ لَهَا َما َك َسب‬
ْ َ‫ت َو َعلَ ْيهَا َما ٱ ْكتَ َسب‬ ُ ِّ‫اَل يُ َكل‬
ۖ ‫َربَّنَا َواَل تَحْ ِملْ َعلَ ْينَٓا ِإصْ رًا َك َما َح َم ْلتَهۥُ َعلَى ٱلَّ ِذينَ ِمن قَ ْبلِنَا ۚ َربَّنَا َواَل تُ َح ِّم ْلنَا َما اَل طَاقَةَ لَنَا بِ ِهۦ‬
َ‫ف َعنَّا َوٱ ْغفِرْ لَنَا َوٱرْ َح ْمنَٓا ۚ َأنتَ َموْ لَ ٰىنَا فَٱنصُرْ نَا َعلَى ْٱلقَوْ ِم ْٱل ٰ َكفِ ِرين‬ ُ ‫َوٱ ْع‬
Allah tidak membebani seseorang melainkan sesuai dengan kesanggupannya. Ia mendapat
pahala (dari kebajikan) yang diusahakannya dan ia mendapat siksa (dari kejahatan) yang
dikerjakannya. (Mereka berdoa): "Ya Tuhan kami, janganlah Engkau hukum kami jika kami lupa
atau kami tersalah. Ya Tuhan kami, janganlah Engkau bebankan kepada kami beban yang berat
sebagaimana Engkau bebankan kepada orang-orang sebelum kami. Ya Tuhan kami, janganlah
Engkau pikulkan kepada kami apa yang tak sanggup kami memikulnya. Beri maaflah kami;
ampunilah kami; dan rahmatilah kami. Engkaulah Penolong kami, maka tolonglah kami terhadap
kaum yang kafir".

BAGAIMANA AKU HARUS MENGHADAPINYA ?

َ ‫يرةٌ ِإاَّل َعلَى ْال َخا ِش ِع‬


‫ين‬ َ ِ‫صاَل ِة ۚ َوِإنَّهَا لَ َكب‬ َّ ‫َوا ْستَ ِعينُوا بِال‬
َّ ‫صب ِْر َوال‬
Jadikanlah sabar dan shalat sebagai penolongmu. Dan sesungguhnya yang demikian itu sungguh berat,
kecuali bagi orang-orang yang khusyu',

APA YANG AKU DAPAT ?

ۚ َ‫ين َأ ْنفُ َسهُ ْم َوَأ ْم َوالَهُ ْم بَِأ َّن لَهُ ُم ْال َجنَّة‬
َ ِ‫ِإ َّن هَّللا َ ا ْشتَ َر ٰى ِم َن ْال ُمْؤ ِمن‬
Sesungguhnya Allah telah membeli dari orang-orang mukmin diri dan harta mereka dengan memberikan
surga untuk mereka.

KEPADA SIAPA AKU BERHARAP ?

‫ش ْٱل َع ِظ ِيم‬ ُ ‫فَِإن تَ َولَّ ْو ۟ا فَقُلْ َح ْسبِ َى ٱهَّلل ُ ٓاَل ِإ ٰلَهَ ِإاَّل هُ َو ۖ َعلَ ْي ِه تَ َو َّك ْل‬
ِ ْ‫ت ۖ َوهُ َو َربُّ ْٱل َعر‬
Jika mereka berpaling (dari keimanan), maka katakanlah: "Cukuplah Allah bagiku; tidak ada Tuhan selain
Dia. Hanya kepada-Nya aku bertawakkal dan Dia adalah Tuhan yang memiliki 'Arsy yang agung".

Hadirin siding jumat ingkang minulyo,

Akhiripun, kido kedah enget, bilih sak wanci-wanci bencana saget dumugi tanpo kito
songko-songko kapankemawon lan wonten pundi mawon, pramilo meniko sumonggo kitho
enggal sadar lan ajreh ugi taubat dumateng Allah, sumonggo kitho ngatah-ngatahaken
istighfar lan nambahi sabar kitho. Lan sumonggo kitho dunga’aken sedulur-sedulur kitho
engkang tinggal dunyo keranten kenging musibah wabah puniko, mugi-mugi termasuk
golonganipun tiyang engkang sae.

Lan sumonggo kitho enggal peduli kagem ambiyantu sedulur-sedulur kitho engkang gadahi
kesusahan lan bencana, mugi2 mawon kitho dipun tebihaken saking sedoyo ponco boyo
eng dalem dunyo ugi dating akhirat, Allahumma amiin.

Ya Allah ya Rab, Panjenengan limpahaken shalawat dumatheng kanjeng Nabi Muhammad SAW. Mugi
kanthi barokah shalawat meniko panjenengan paring kebebasan dumatheng kulo sedhoyo saking
bencana lan musibah ndunyo kelawan akhirat. Ya Allah ya Karim, panjenengan tetepaken wonten
manah lan dhohir kulo mantep dumatheng agami Islam, panjenengan jagi Iman sa`lebete manah kulo
sedhoyo ya Allah supadoso mboten enggal sirno saking sa`lebetipun manah

Ya Allah ya Rab, kulo sedhoyo nyuwun dumatheng panjenengan petunjuk ingkang leres ya Allah, nggih
petunjuk supadoso kulo sedhoyo sageto istiqomah wonten margi ketakwaan dumatheng panjenengan. Ya
Allah ingkang kagungan sedhoyo kamulyaning jagad, panjenengan paringi kulo lan sedhoyo jama`ah
kesehatan jasmani lan kesehatan rohani, ugi panjenengan paringi kulo lan sedhoyo jama`ah sugihipun
manah lan Iman dumatheng panjenengan ya Allah.

Ya Allah ya Rab, panjenengan limpahaken wonten manah kulo raos ajrih dumatheng panjenengan, raos
manah ingkang saged ndadosaken benteng saking lelampah maksiat dumatheng panjenengan. Ya Allah,
limpahaken datheng manah kulo sedhoyo raos tansah kepengin taat, nunduk lan pasrah maring
panjenengan, Ugi Raos ingkang saged ndadosaken kulo lan sederek kulo sedhoyo kalebet wonten
suwargo panjenengan ya Allah, Ya Allah ya Rab, panjenengan gesangaken keyakinan ingkang saged
ndadosaken ringan saking sedhoyo beban penderitaan, raos kepengin mbales dendam lan sedhoyo
musibah ingkang nyoto utawi ingkang taksih samar.

Ya Allah ya Rab, panjenengan dadosaken sae rerungon lan netro kulo ya Allah, lan sedhoyo kekarepan
sarto kekuatan ingkang kalebet wonten manah lan dhohir kulo, ugi panjenengan dadosaken sedhoyo
meniko wau warisan kangge anak keturunan kulo sedhoyo ya Allah. Ya Allah ya Karim, Panjenengan
paringi dalem doyo utawi kekuatan manah saking sedhoyo tiyang ingkang dzolim dumatheng kulo lan
sedhoyo sederek muslim, ugi panjenengan paringi kulo lan sederek kulo sedhoyo pitulungan saking
jahatipun tiyang-tiyang ingkang musuhi agami Islam

Ya Allah ya Rob, sampun panjenengan timpahaken musibah dumatheng agami kulo, ugi sampun
panjenengan dadosaken sedhoyo gebyaring ndunyo minongko tujuan gesang kulo, Ya Allah. Sampun
panjenengan paringaken dumatheng kulo sedhoyo pemimpin ingkang mbalelo dumatheng printah
panjenengan, pemimpin ingkang mboten kagungan raos ajrih dumatheng panjenengan, lan pemimpin
ingkang mboten kagungan welas asih dumatheng sa`kathahe umat Islam.

Ya Allah ya Rab, kanthi sa`leresipun Fatihah lan kanthi rahasia ingkang ke kandung wonten serat Fatihah,
kulo nyuwun dumatheng panjenengan supadoso saged sirno sedhoyo kesedihan lan penderitaan wonten
gesang kulo sedhoyo, Ya Allah ingkang kinasih dumatheng sedhoyo umat, gusti Allah ingkang saguh
nebihaken sedhoyo bala`, panjenengan tebihaken sedhoyo bala` bencana ya Allah, kekejian lan
kemungkaran wonten sa`lebete negari. Ugi panjenengan tebihaken sengketa, kekejaman lan peperangan
ingkang kasunyatan wonten netro ugi ingkang taksih samar, ingkang kawontenan sa`jeroning negeri kang
kulo panggeni ugi ingkang dipun panggeni sedhoyo umat muslim. Panjenengan tebihaken ya Allah 3x.

Ya Allah ya Rab, kulo sedhoyo nyuwun dumatheng panjenengan petunjuk supadoso kulo sedhoyo saged
nglampahi tobat kanthi terus-terusan saking sedhoyo dosa lan kesalahan-kesalahan, ugi panjenengan
lindungi kulo lan sedhoyo derek kulo saking kathahing perbuatan maksiat lan sedhoyo ingkang dados
panyebabipun. Panjenengan dadosaken kulo sedhoyo tiyang ingkang tansah eling dumatheng
panjenengan ya Allah sa`derenge dumugi hasrat nglampahi karep maksiat.

Ya Allah ya Karim, panjenengan sirna`aken saking pikiran kulo sedhoyo perasaan wontene manfaat
saking perilaku maksiat, panjenengan gantos kalihan perasaan benci datheng sedhoyo bentuk lelampah
maksiat ya Allah. Ugi panjenengan gesangaken saking manah kulo sedhoyo raos kanthi kepengin tobat
dumatheng panjenengan, tobat saking doso lan sedhoyo kesalahan-kesalahan ingkang sampun kelanjur
kulo lampahi.

Ya Allah ya Rab, panjenengan ngapunten sedhoyo doso lan kesalahan kulo, sedhoyo doso lan kesalahan
tiyang sepuh kulo ya Allah. Panjenengan paringi welas asih datheng kekalihipun kados kekalihe taksih
gesang lan ngrawat kulo ing wekdal alit. Ugi panjenengan paringi ampunan doso lan sedhoyo kesalahan
dumatheng tiyang Islam ya Allah, tiyang Islam ingkang jaler utawi ingkang istri, ingkang taksih gesang
utawi ingkang sampun suwargi.

Ya Allah, panjenengan ampuni lan panjenengan kinasihi kulo sedhoyo ya Allah, keranten namung
panjenengan ingkang saged maringi sedhoyo panyuwun kulo, Ya Allah ya Rab, mboten wonten malih
kekuatan kejabi saking pitulungan panjenengan ya Allah, Gusti ingkang maha agung lan maha luhur.

Panjenengan paringi panjang umur kulo sedhoyo ya Allah, panjenengan paringi sehat lahir lan bathin
kulo, panjenengan paringi cahyo wonten manah kulo lan panjenengan tetepaken Iman kulo ya Allah,
panjenengan dadosaken sae sedhoyo amalan kulo ugi panjenengan jembaraken rejeki kulo sedhoyo. Ya
Allah ya Rab, panjenengan cela`aken kulo sedhoyo wonten tindak kebecikan, lan panjenengan tebihaken
kulo sedhoyo saking tindak kejahatan.
Ya Allah, Panjenengan ijabahi sedhoyo hajat kulo, panjenengan suceni manah kulo saking sedhoyo
bentuk tindak kejahatan, lan panjenengan unggahaken derajat gesang lan mati kulo sarto sedhoyo sederek
muslim ingkang kagungan Iman ya Allah.

Ya Allah ya Rab, panjenengan kabulaken sedhoyo tujuan gesang kulo ingkang sae, semanten ugi tujuan
sak sampunipun pejah kulo. Ya Allah ya karim, namung panjenengan ingkang saged angabulaken
sedhoyo panyuwunan abdi-abdi panjenengan ya Allah,.. panjenengan ijabahi sedhoyo hajat kulo, nggih
hajat wonten agami, hajat ndunyo, lan hajat akhirat, ya Allah sa`leresipun panjenengan maha kuwaos
dumatheng sedhoyo ingkang dumunung ing sa`jembaring jagad, dalem nyuwun dumatheng panjenengan
ya Allah 3x.

Subhaana rabbika rabbil `izzati `amma yashifuun, wasalamun `alal mursaliina wal hamdulillahi rabbil
`aalamiin.

You might also like