You are on page 1of 3

Teks Khutbah Jumat Singkat Basa Jawa

Dzikir Lan Syukur –

‫ف ِب ِه‬ َ ‫ص‬ َ ‫ أَحْ َم ُدهُ ُسب َْحا َن ُه َعلَى ما ا َّت‬، ‫ِيع اآل َث ِم‬ ِ ‫ب من َجم‬ ِ ‫وقاب ِل ال َّت ْو‬
ِ ‫ب‬ َّ ‫ غاف ِِر‬، ‫ ْال َعلِيِّ ْال َعظِ يْم ْال َك ِريْم السَّالم‬، ‫هلل ْال َملِكِ ْال َع ِزي ِْز ْال َعاَّل م‬
ِ ‫الذ ْن‬ ِ ِ ِ ِ ِ ‫الحم ُد‬
‫ك َل ُه َش َها َد ًة أَرْ جُوا‬َ ‫ وأَ ْش َه ُد أَنْ اَل اِل َه ااَّل هللاُ َوحْ َدهُ اَل َش ِر ْي‬، ‫ وأَ ْش ُك ُرهُ على ما أسْ دَ اهُ مِنْ َج ِزي ِْل ْال َفضْ ِل واإْل ِ ْن َع ِام‬، ‫ت ْال َجاَل ِل َو ْااِل ْك َر ِام‬ ِ ‫مِنْ صِ َفا‬
‫اْل‬ ْ َ
‫ك َو َرس ُْول َِك م َُح َّم ٍد‬ َ
َ ‫ص ِّل َعلى َع ْب ِد‬ َّ ْ
َ ‫ الل ُه َّم‬، ‫ان َوااِل سْ الَ ِم‬ َّ ُ ْ
َ ‫ وأش َه ُد أنَّ َسيِّدَ َنا م َُحم ًَّدا َع ْب ُدهُ و َرس ُْول ُه الذِىْ أط َه َر هللاُ ِب ِه ا ِ ْي َم‬، ‫ار ال َّسالَ ِم‬ ِ َ‫ِب َها ْال َف ْو َز ِبد‬
‫ اما بعد‬، ً‫ َو َسلِّ ْم َتسْ ِل ْيمًا َك ِثيْرا‬، ‫ار ِة ْالك َِر ِام‬ َ ‫و َعلَى آ ِل ِه وأصحابه ْال َب َر‬.

‫ َفا َّتقُ ْوهُ لَ َعلَّ ُك ْم ُت ْفلِح ُْو َن َوأَطِ ْيع ُْوهُ لَ َعلَّ ُك ْم ُترْ َحم ُْو َن‬، ‫از ْال ُم َّتقُ ْو َن‬ َ ‫ ا ُ ْوصِ ْي ُك ْم َو ِاي‬: ‫ َف َيا أَيُّها َ ْالمُسْ لِم ُْو َن َر ِح َم ُك ُم هللا‬.
ِ ‫َّاي ِب َت ْق َوى‬
َ ‫هللا َف َق ْد َف‬

Kaum Muslimin sidang Jum’ah Rahimakumullah

Ing ndalem kesempatan ingkang sahe menika, mangga sareng-sareng ningkataken ketaqwaan
kita dumateng Allah SWT kanthi nindakake sedaya prentah lan nilar kabeh sedaya awisanipun
Allah, amargi mboten wonten perkawis ingkang langkung sahe kita lampahi menggahipun Allah
SWT, kajawi taqwa kita dumateng Panjenenganipun kanthi sak sahe-sahenipun takwa.

Kaum Muslimin sidang Jum’ah Rahimakumullah

Mila mangga sami nuhoni ayat 152 surat Al-Baqarah:

‫َف ْاذ ُكر ُْونِي اَ ْذ ُكرْ ُك ْم َوا ْشـ ُكر ُْوا لِي َوالَ َت ْكفُر ُْو َن‬

Elinga sira kabeh marang Ingsun, ingsun bakal eling marang sira kabeh, lan pada ngucapo
syukur sira kabeh marang Ingsun lan ojo pisan-pisan sira kabeh asikap kufur marang nikmat
saka ingsun.

Adhedasar ayat ing nginggil, kita diprentah dening Allah supados tetep emut dumateng
Panjenenganipun awit Allah menika dzat ingkang nitahaken sakkabehing titah, nitahaken
sedanten perkawis ingkang wonten alam dunya punika. Panjenenganipun Allah ingkang
kuwahos tiyang ingakang sampun pejah saged gesang malih. Allah dzat ingkang mboten
badhe risak binasa, ugi mboten dzat sanes ingkang saged nandingi kuwasanipun.

Kaum Muslimin sidang Jum’ah Rahimakumullah

Perintah dzikir dalam al-Qur’an kathah sanget, ing antawisipun dipun sebat ing Surah al-Ahzab
ayat 41-42:

‫ َو َس ِّبحُوهُ ُب ْك َر ًة َوأَصِ ياًل‬، ‫ُوا ٱهَّلل َ ذ ِْكرً ا َكثِيرً ا‬


۟ ‫وا ْٱذ ُكر‬ َ ‫ٰ َٓيأ َ ُّي َها ٱلَّذ‬
۟ ‫ِين َءا َم ُن‬

He, wong-wong kang pada beriman, nglakonono dzikir kanthi nyebut Asma Allah, yaiku dzikir
kang sak akeh-akehe. Lan ngucapno tasbih marang Allah ing wektu isuk lan surup.(QS. al-
ahzab 41-42)
Allah ugi berfirman:

۟ ‫وا مِن َفضْ ِل ٱهَّلل ِ َو ْٱذ ُكر‬


َ ‫ُوا ٱهَّلل َ َكثِيرً ا لَّ َعلَّ ُك ْم ُت ْفلِح‬
‫ُون‬ ِ ْ‫ُوا فِى ٱأْل َر‬
۟ ‫ض َوٱ ْب َت ُغ‬ ۟ ‫صلَ ٰوةُ َفٱن َتشِ ر‬ ِ ‫َفإِ َذا قُضِ َي‬
َّ ‫ت ٱل‬

Nalika salat wis rampung dilakoni, sira kabeh supaya menyebar ing saindenging jagad; Lan sira
kabeh pada goleko kanugrahaning Allah lan ngakehna sira kabeh eling marang Allah, supaya
sira kabeh meruhi kabegjan. (QS. al-Jumuah:10)

Lafadz dzikir niku ‫( الَ ِالَ َه ِاالَّ هللا‬ora ana Pangeran kejaba Allah). Nanging margi kagem dzikir iku
kathah sanget. Ing antawisupun:

Kanthi merhatosaken titahing Allah, mboten malih merhatosaken sedaya ciptaanipun Allah,
nanging focus dumateng dzat ingkang menciptakan, inggih mboten sanes Allah piyambak.
Tiyang ingkang saged dzikir kados mekaten meniko klebet tiyang-tiyang ingkan diwastani ulul
albab. Sinten ulul albab menika? Kasebat ing surah Ali Imron:

َ ‫ك َفقِ َنا َع َذ‬


ِ ‫اب ٱل َّن‬
‫ار‬ ِ ْ‫ت َوٱأْل َر‬
َ ‫ض َر َّب َنا َما َخلَ ْقتَ ٰ َه َذا ٰ َبطِ اًل ُسب ٰ َْح َن‬ ِ ‫ُون فِى َخ ْل ِق ٱل َّس ٰ َم ٰ َو‬ ِ ‫ُودا َو َعلَ ٰى ُج ُن‬
َ ‫وب ِه ْم َو َي َت َف َّكر‬ َ ‫ِين َي ْذ ُكر‬
ً ‫ُون ٱهَّلل َ قِ ٰ َيمًا َوقُع‬ َ ‫ٱلَّذ‬

(yaiku) wong-wong sing eling marang Allah nalika ngadeg utawa lungguh utawa ngaso lan
padha mikir babagan tumitahe langit lan bumi (kanthi ngucapake): “Dhuh Pangeran kawula,
Paduka mboten nyipta-nyipta kanthi muspra, Maha Suci Panjenengan. Pramila mugio kersa
Panjengan njagi kita saking siksa neraka. (QS. Ali Imron: 191)

َّ ‫“ أَق ِِم ال‬Ngedekno salat, kanggo


Njumenengaken salat, adhesasar pangandikaning Allah ْ‫صالَ َة ِل ِذ ْك ِري‬
dzikir marang Ingsun“. Ananging salat kedah kanthi khusyuk, artosipun perbuatan lan manah
kedah konsentrasi kagem nglampahi salat. Awit sajrone wektu salat, taksih wonten ingkang
manahipun mboten jenjem anggenipun nglampahi salat.

Kaum Muslimin sidang Jum’ah Rahimakumullah

Tiyang ahli dzikir lan sanes ahli dzikir menika benten sanget, sebab ahli dzikir naming
mandheng trenso dumateng Sang Khalik, wondenten tiyang ingkan mboten nate dzikir ingkang
ditresnani minangka makhluk. Padahal makhluk tergantung wektu gesangipun, gadah gradasi,
sawijining dinten mestio bakal dirusak, bakal manggihi dinten pembalasan, uggi saged manggihi
jaman kamulyan. Menawi wonten wekdal anggadahi kekuwatan, sawijining dina bakal ringkih,
sak nyatane makhluk taksih butuh bantuan saking tiyang, makhluk butuh mesin supados
ngentengi pendamelanipun. Nanging Allah mboten nate betah pitulung saking mesin utawa
pihak sanes dalam rangka ngayahi sedaya perkawis ing ngalam dunya menika.

Kadang-kadang, kita asring supe dumateng Gusti Allah. Amargi kita sibuk ngatasi masalah
kadonyan, menawi mekaten mila kita bakal supe babagan ing akhirat. Posisi, kasugihan,
wanita, bandha saged damel kita puas. Lha napa kedahe mboten perlu remen jabatan, bandha
utawi kekayaa? Sedaya menika wajar kemawon dipun lampahi, nanging ampun ngantos tresna
marang jabatan, bandha, sahingga bandha saged ngalahake rasa tresna kita dumateng Allah
SWT.

Manungsa menika sadermo titah makhluk. Manungsa namung saged ademel al-furu ‘nanging
ora bisa nggawe al-ashl. Al-furu’ diibarataken kados sorban, al-ashl diibaratake katun,
manungsa saged nitih mobil nanging mboten saged damel tambang wesi. Sedaya menika
mboten enten ingkang sempurna kekal abadi. Saged kemawon bandha ingkang ngrumiyini
ninggalake kita utawa kita ingkang nilar bandha padahal dereng dangu saged menikmati
sedayanipun.

Ingkang langkung utami, manga sami ngatahaken dzikir, supados kita kalebet tiyang ingkang
Ulul Albab.

Kaum Muslimin sidang Jum’ah Rahimakumullah

Wangsung dumateng kelanjutan ayat ‫َوا ْشـ ُكر ُْوا لِي َوالَ َت ْكفُر ُْو َن‬

Muji syukur dumateng Gusti Allah kaperang dados tiga:

‫ان‬
ِ ‫لس‬ َ ِّ‫ اَل ُّش ْك ُر ِبال‬Syukur kanthi lisan, inggih puniko ngucap (teks arab)
ِ َ‫ ال ُّش ْك ُر با ِْل َجنـ‬syukur kanthi manah, manah saged nampi sedaya peparinge Gusti Allah kanthi
‫ان‬
istilah basa Jawa nampa ing pandum.
‫ان‬ِ ‫ اَل ُّش ْك ُر ِباْألَرْ َك‬Inggih punika, syukur lumantar tumindak, kita nindakake sedaya dhawuhe Allah lan
tetep tebih saking sedaya larangan.

Saat menika, Indonesia ngalami bencana panyebaran Virus Corona-19 ingkang sampun meh
rata-rata disebar ing saindenging Indonesia. Niiki sanes ujian, nanging peringatan. Amargi yen
menika ujian ‫ ِا َذا اَ َحبَّ هللا ُ َع ْب ًدا ِابْتـَلَي‬pancen Allah bilih tresna dumateng abdine, mila bakal paring
ujian, sak lajengipun Allah bakal ngangkat derajatipun. Mbok menawi amargi kita asring
mboten emut dumateng Gusti Allah lan kirang bersyukur atas nikmat lan berkah ingkang
sampun diparengaken.

Pramila, kita sedaya ingkang rawuh ing masjid menika, sumangga kita tansah eling dhumateng
Allah lan ampun ngantos kesupen ngucapake matur nuwun kanthi nyanggong berkahipun Allah.
Amargi yen ngetang sedaya berkah dan nikmat Allah, mila kita mboten bakal mampu ngetung
‫هللا الَ ُتحْ ص ُْو َها‬
ِ ‫َواِنْ َتـ ُعد ُّْوا نِعْ َم َة‬

Kaum Muslimin sidang Jum’ah Rahimakumullah

Mekaten kutbah singkat ingkang saged kawula aturaken. Kanthi pangajeng, mugi-mugi kita
diklasifikasikake dados tiyang sing ahli dzikir lan ahli ngucapke syukur supados pikantuk
berkah lan kita bakal manggihi keslametan donya lan akhirat

You might also like