You are on page 1of 2

Sueneng Karo Dian

Tok,tok,tok
"Bapak, pak bapak. Njenengan Ten lebet?" Terose Candra anak e bapak Kaka
"Nggeh nak melebet mawon" Terose Bapak Kaka
Ketok bapak Kaka lagi Ten meja kerja kalean nyetel tembang Jaka mlarat
"Pak Kula rungokaken bapak kok sueneng banget kalean tembang Jaka mlarat pak?"
Ngerungakke niku bapak Kaka mung mesem lan mantun niku Bapak Kaka narik nafas lan
ngomong kalean Candra.
"Lagu Niki niku mirip kalean kisah bapak le. Kisah bapak pas bapak sueneng kalean tiyang
Namine Dian"
"Kisahne Bapak?, kisah nopo pak"
Ndelok anake penasaran bapak Kaka ngengken Candra lungguh Ten kursi pinggir bapak Kaka.
Candra lungguh ten mriku lan bapak Kaka mulai cerita kisahne.
Pirang pirang tahun Niko
Bapak kaka Tasik alit, kito sebut mawon Kaka Tasik kelas setunggal SD. Dinten niku Kaka
mantuk sekolah. Bajune lusuh kuning kuning. Celanane bekas, suwek pisan Ten ujung tengen.
Topine pun pun lecek Ra Rupo topi. Maklum pencen barang barang bekas. Ibuk lan bapakke Kaka
mboten saget damel nukokake Kaka seragam anyar, dadi sak entene. Masio ndamel seragam bekas
Kaka tasek semangat sekolah. Tapi dinten Niki Kaka mantuk Ten griya kalean nesu. Ibuk lan
bapakne kaka malih bingung,
"Lapo to le kok nesu banget ngoten" ucape ibukne kaka kalean nyiapaken maem didamel maem
bareng. Bapakne Kaka njeber keloso Ten ndisor. Griyane Kaka mboten enten tekel e, Tasik Lemah
mawon. Lan griyane niku teko Pring sing dianyam. Kaka langsung ngerangkul ibukke kalean
ngomong
"Buk, Niki surat ndugi bu guru. Terose bu guru ibuk dikengken mbayar sekolah Kulo, soale pun
hampir setunggal tahun ibuk mboten mbayar. Terose bu guru yen kula mboten mbayar kula
mboten saget sekolah male buk. Yok nopo Niki buk."
Kaka nangis-nangis pas cerita niku. Ibukne Kaka Melu nangis pas ngerungakake ceritane Kaka.
Bapak kaka Seng ngerungokaken pisan Melu nesu. Bapakne Kaka kerjane nyambi Nyambi.
Dinten niki bapak Kaka kerja Ngarit. Mbenjeng buruh sawah. Mbenjeng e male angkat angkat
Ten pasar. Paling paling penghasilane bapak Kaka 20-30 ewu. Niku pun saget damel maem dinten
niku pun bersyukur. Tapi penghasilane bapak Kaka Tasik kurang yen didamel Kaka sekolah.
Ibukne Kaka nyawang bapakne Kaka kalean nesu lan ngomong ten Kaka.
"Ngapunten ngge nak. Ibuk kale bapak mboten enten Arto di damel sampean sekolah le.
Sampeyan mboten sekolah dipek mboten nopo-nopo nggeh. Benjeng lek ibuk kalean bapak pun
nggada Arto Kaka, sekolah male." Terose ibukne Kaka kalean nangis nangis.
Kaka manut Ten ibukne. Soale Kaka nggeh semerap keadaan ekonomine wong tuwane.
Akhire sekawan tahun kemudian Kaka lanjut sekolah. Tapi Kaka Tasik kelas kale. Padahal umure
Kaka pun setunggal doso taun. Tapi masalah niku mboten nggawe Kaka menyerah. Kaka
semangat sekolah Ben dinten masio kadang di ejek kalean koncone amarga pun setunggal doso
tahun.
Singkat cerito. Kaka pun lulus SD, Kaka lulus kalean biji terbaik sak kecamatan. Akhire Kaka
entuk beasiswa di damel SMP lan SMA. Ibuk lan bapakne Kaka bersyukur lanbangga banget
kalean Kaka. Pun mboten mikiri biaya sekolah damel Kaka.
Sekawan tahun kemudian, Kaka sakniki pun kelas 11 SMA. Kaka dadi anak sing paling
berprestasi ten SMA. Kaka paling seneng kalean pelajaran seni. Ngge mboten heran Yen bijine
Kaka ten pelajaran seni mboten pernah ndisore 90. Tapi Kaka sakniki pun dewasa. Kaka ternyata
meneng meneng seneng kalean konco sekelas e namine Dian. Dian niki tiyang e ayu, sopan, lan
pinter. Tiyang jaler pundi sing mboten kepincut. Kaka seneng kalean Dian ket kelas sedoso niko.
Dian ngge mboten kalah pinter kalean Kaka. Dian ngge berprestasi, lan malah tau mewakili
sekolah damel lomba kalean Kaka. Tapi Kaka mung meneng mawon lek Misale Kaka seneng
kalean Dian. Sing semerap lek Kaka seneng kalean Dian ngge mek konco terdeket e Kaka, namine
Rendi. Rendi Niki wing tuwane sugeh banget. Ibukne dokter lan bapakne TNI. Lan pangkat e pun
duwur. Kaka mboten tau nggada sangu pas sekolah. Tapi Rendi mesti nraktir Kaka ten kantin
sekolah. Kaka bersyukur nggada konco kiling Rendi. Mung Rendi mawon sing semerap yen
misale Kaka seneng kalean Dian. Tapi ora ten sepengetahuan Kaka, Rendi ngomong ten Dian yen
semisale Kaka seneng kalean Dian. Lan sinten sing nyono yen misale Dian ngge seneng kalean
Kaka. Akhire Kaka lan Dian tambah cedek. Sampek akhire Kaka, Rendi, lan Dian lulus SMA.
Kaka mutusake kerja, damel ngewangi wong tuwane. Rendi mutusake damel nerusnake pekerjaan
bapakne dadi TNI. Lan Dian mutusaken kuliah mawon. Tapi yen prei Dian ketemuan ten taman
kalean Kaka. Lan niku terus ngoten Sampek setahun. Akhire karantun dinten e pun pas Kaka cerita
tentang Uripe.
"Dian kula pengen ngomong"
"Sampean ngomong wae mas"
"Dian, kula niki wong biasa. Mboten sugih. Pas tasik alit kula wae sempet mutul SD. Lek semisale
kula pengin ngelamar sampean, sampean gelem nopo nerima wong mlarat kiling kula."
Dian sing lungguh ten sebelahe Kaka mundhut tangan e Kaka. Kalean mesem Dian ngomong.
"Kula niku gelem nerima mas Kaka apa anane."
"Matur nuwun Dian." Terose Kaka kalean mesem.
Singkat cerito, Dian lan Kaka ketemuan ten taman biasane. Tapi kali iki Dian pingin ngomong ten
Kaka. Wajahe nesu banget. Kaka lungguh Ten kursi dowo pinggire Dian.
"Ngapunten mas Kaka, Dian mboten saget nerusaken hubungan Kito. Dian dipunjodohaken
kalean wong tuwa Dian. Terus Dian ngge ngapunten, ra bisa nepati janji yen nerima sampean apa
anane. Jaman sakniki apa-apa butuh biaya mas, ngapunten." Dian cerita kalean nangis-nangis
"Mboten nopo-nopo dian Kula paham. Tapi sampean dijodohaken kale sinten?"
"Anu, mas Kaka. Rendi Kanca cedhek e mas Kaka."
Ngerungkokake niku, Kaka syok lan mung bisa mesem mawon padahal ning lebet atine, Kaka
ancur."
"Oalah ngoten, ngge pun Rendi niku pancen tiyang sugih. Muga-muga bahagia Sampean kalean
Rendi."
"Ngge mas Kaka matur nuwun. Dian pamit"
“Rendi, sampean niku pancen tiyang sugih. Mboten heran sampean dijodohaken kalean Dian.
Matur nuwun ngge pun dadi konco kula seng paling apik. Tapi kula bakal butekne lek kula ngge
saget dadi wong sukses lan sugih.” Batine kaka.
Akhire Kaka mutusaken kuliah kalean nyambi kerja. Lumayan angel tapi Kaka kudu piye maneh
lek mboten ngeten. Tapi pada Akhire Kaka saget lulus kuliah lan entuk gelar. Sak niki Kaka pun
dadi Kepala sekolah sing sukses.
"Oalah ngoten to pak."
"Nggeh le, tapi bapak bersyukur. Bapak entuk estri kayak ibukmu lan nggada yuga apik kayak
sampean le."
Bapak Kaka ngrangkul Candra lan mbatin
"Dian, matur nuwun sampean mpun nggawe kula semangat dadi sukses. Muga muga sampean
bahagia kale Rendi"

You might also like