You are on page 1of 1

NABI MUHAMMAD SAW.

Kanjeng nabi iku asal e sing kabilah Quraisy yaiku keturunane Hasyim.Aran bapane kanjeng nabi iku
Abdullah bin Abdul Mutholib lamon mbok e arane Aminah binti Walib,tapi bapane kanjeng nabi wafat
pas kanjeng nabi masih ana ning kandungan.Kanjeng nabi muhammad saw lahir pas bulan rabiul
awal,tahun 571 masehi ning makkah,tas lahir kanjeng nabi di serahaken ning halimatus sa’diyah 4 taun
suene,terus Aminah jemput kanjeng nabi maning.

Mung setaun kanjeng nabi bari mboke,mboke kanjeng nabi ninggal,akhire kanjeng nabi tinggal karo
bapa tuane yaiku Abdul Mutholib,tapi pas umur 8 taun abdul Mutholib wafat lan kanjeng nabi tinggal
karo mamang e yaiku Abu Tholib sampe umur 25 taun kanjeng nabi akhire kawinan karo Khadijah,pas
kuen Khadijah wis umur 40 taun kanjeng nabi due anak 7.

Pas umur 40 taun kanjeng nabi di utus ning gusti allah dadi nabi,gusti allah mai wahyu ning kanjeng nabi
yaiku berupa Al Quran sing ora bisa ditandingaken ning jin utawi menusa,kanjeng nabi wafat pas umur
63 taun.Jare pendapate mashyur kanjeng nabi wafat pas dina Senen wulan Shafar 11 hijriyah ning
madinah.

Kanjeng nabi wis sepantes e di idolakaken ning umat muslim sekabehane dunya,sebab kanjeng nabi
nduweni ahlak sing mulai,jujur,bli pernah suudzon ning wong apa maning ning gusti allah,lan masih akeh
sifat mulyane kanjeng nabi sing bli bisa di sebutaken siji siji,sifate kanjeng nabi wajib dadi contoh kanggo
kita kitaan umat muslim kabeh.

You might also like