You are on page 1of 2

DEWI BANOWATI

Madyaning kedhaton kilen, wonten balumbang pinetha segara anakan, tepine pinager banon, saben sajangkah sinung tanemah wit nagasari, kenanga tuwin kanthil. Ngandhaping wreksa jinajaran pepasren kembang kang jinembangan kinarya hangapit pancuran. Pinggiring kolam rinengga pratima rukmi pinetha remaja hangangsu toya. Anenggih punika pepasren hing tamansari negari Astina ingkang awasta taman Kadilengeng. Ingkang kepareng lenggah aneng tepining balumbang sangandhaping wreksa kenanga, yekti punika titahing bathara asipat pawestri, kalamun cinandra prasasat pratisara rinengga huswa, tan sanes muhung sang nareswari inggih sang narpadayinta prameswarining nata Prabu Duryudana. Putri saking tlatah Madras inggih nagari Mandaraka, atmajane Prabu Salya ingkang angka tiga sesilih kusumaning ayu Dewi Banuwati inggih wewangi Dewi Tanuwati. Pramila sesilih Dewi Banowati, Banuwati inggih tanuwati hamengku werdi melok wedanane sang putri sumorot pindha soroting toya. Dhasar wanodya sulistya atmajane narendra ginarwa ratu kawimbuh baut hangadi salira tuwin hangadi busana, pramila
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

katingal mbranyak pasemone, sak solahe sarwa patut. Rikma cemeng nyekar bakung, ngandhanandhan rinengga gelung, dedeg rangkung agawe wuyung, palarapan nyigar demung, idep manglung kaya kluwung, imba pinulas bayu kaya sinambung, grana ngrungih kaduk mancung, uwangnya hanyangkal putung, netra mblalak mbawang sasiung, kedhep tesmak nyorot lembayung, lathi jingga lir sekar tanjung, waja pethak mbanyu tumiyung, jangga manglung hangelung gadhung, payudara ndegan gemadhung, jaja wijang karengga kalung, pamidhangan hanraju triujung, nawon gumana embaning lambung, asta nggendhewa lir teja ngenguwung, drijine hamucuk tanjung, jempol hanyirah sarpa dumung, pocong sedheng nora sinambung, pupu mokang walang kadung, kempol kiyal hanyarung jagung, kencet lenggang katon tumlawung, tungkak bunder mbotor sinandhung. Lenggahira sang Dewi kahadhep para inya emban cethi kang munggweng ngarsa. Datan pantara dangu katungka sowane abdi parekan asung sasmita badhe kundure sang nata. Daya-daya sang nareswari gya jumangkah katon lelewane milangoni, ing cipta arsa mapag kundure ingkang raka Prabu Kurupati.
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

You might also like