You are on page 1of 5

PENILAIAN TENGAH SEMESTER SATU

SMP ISLAM TERPADU PAPB


TAHUN PELAJARAN 2019/2020

LEMBAR SOAL
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : VIII (Delapan)
Hari, Tanggal : Rabu, 18 September 2019
Waktu : 10.00-11.30 WIB

PETUNJUK UMUM
1. Bacalah dengan teliti petunjuk dan cara mengerjakan soal
2. Kerjakan pada lembar jawaban yang disediakan
3. Bacalah dan pahami petunjuk yang terdapat pada lembar jawaban
4. Periksalah kembali seluruh pekerjaan anda sebelum diserahkan pada pengawas.

SELAMAT BEKERJA

I. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi cekak aos!

Semaken crita legenda ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 1-6!

Asal Usule Desa Nglimut Kendal


Kacarita, ing sisih lor saka Gunung Ungaran, ana salah sijine panggonan utawa tlatah
kang gemah ripah loh jinawi. Rakyate urip rukun, tentrem, ora seneng cecongkrahan karo
tanggane. Uripe ayem, ngibadahe uga sregep lan oleh pangayomipun gusti, panguripane ora
kacingkranagan, cukup lair tumekaning batin. Kahanan kang kaya mangkene mesthi wae
dadi kasenengan lan karemenan masarakat sakiwa tengene. Masarakat sakiwa tengene pengin
pindhah lan nguwasani tlatah kang subur makmur mau.
Desa kang makmur kaya mangkene, akeh wong kang melik kepingin nguwasani. Apa
maneh kanggone wong kang sugih, sawise keprungu kabar Manawa ana desa kang gemah
ripah loh jinawi iki, kepengin nguwasni. Salah sijine dina ana sedagar sugih arep ngrawuhi
papan panggonan iki saprelu nguwasani papan panggonan iki. Ora mung sedagar sugih
nanging uga para brandhal, kecu kepingin nguwasani tlatah iki. Kabeh padha kasengsem
papan kang dadi kembanging lambe wong akeh. Kabeh wong padha penasaran marang tlatah
iki. Kabeh kepingin weruh lan nguwasani.
1. Tlatah sing gemah ripah loh jinawi miturut crita kasebut mapan ing….
2. Masyarakate ing sakiwa tengene papan sing gemahripah loh jinawi kahanan uripe
yaiku….
3. Sing kepincut kepingin nguwasani tlatah sing gemah ripah loh jinawi yaiku….
4. Uripe ayem, ngibadahe uga sregep lan oleh pangayomipun gusti, panguripane ora
kacingkranagan, cukup lair tumekaning batin. Tembung panguripane tegese yaiku….
5. Kabeh padha kasengsem papan kang dadi kembanging lambe wong akeh. Tegese
kasengsem yaiku….
6. Kabeh wong padha penasaran marang tlatah iki. Tegese tembung tlatah yaiku….
Semaken crita legenda ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 6-11!

Niyat jahate ora kaleksanan amarga papan panggonan kasebut sawise dicedhaki, mung
awujud papan kang amba kebak sukete. Sedagar mau utusan anak buahe njingglengi. Sawise
njingglengi papan kasebut nganti kesel, uga ora mirsani apa-apa. Penggalihe sedagar sugih
kuciwa banget amarga rumangsa diapusi, mulane sedagar duka marang anak buahe. Liya dina
rombongan brandhal, kecu kanthi nepsu lawamah, mau teka ing papan iki. Para brandhal, kecu
ngamuk amarga kabeh ora kasunyatane. Akeh wong kang sugih lan nduwe nepsu lawamah
priksa papan iki. Saben disawang saka kadohan katon gemah ripah loh jinawi. Sawise
dicedhaki ilang utawa nglimuni/ilang. Wong-wong ngarani papan iki nglimut tegese nylamur,
ilang, kang mapan ing Desa Gonoharja, Kecamatan Limbangan, Kabupaten Kendal.

7. Sing diutus sedagar kanggo njingglengi papan subur kasebut yaiku….


8. Asil saka anggone njingglengi papan subur kasebut yaiku….
9. Sejatine papan sing saka kadohan katon subur makmur kasebut yaiku….
10. Sing ditindakake sawise para brandhal lan kecu mriksa papan sing katon subur makmur
kasebut yaiku….
11. Papan kasebut diarani nglimut amarga….
Semaken crita legenda ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 12-18!

KUTHA TEGAL

Ki Sedayu remen cegah dhahar lawan guling tegesipun asring siyam. Kejawi ngirangi
dhahar ugi ngirangi sare. Ki Sedayu remen prihatos. Menapa malih rikala wonten ontran-
ontran perang saudara. Ki Sedayu sansaya prihatos tuwin nglajengaken anggenipun siyam
ngantos ngentur utawi bibar. Rikala perang saudara botem bibar-bibar saha dereng tuntas Ki
Sedayu malah mundur saking atribut kebangsawanan tuwin mbiyantu para manungsa
ingkang saben dina gesangipun nelangsa amarga perang saudara kasebut. Sasampunipun
uwal saking trah kebangsawanan Ki Sedayu pilih ngumbara kangge paring pambiyantu
masarakat miskin/kecingkrangan gesangipun. Anggenipun ngumbara dumugi dhusun
ingkang kebak sesuketan, dhusun ingkang gung liwang-liwung, wingit. Dhusun kasebut ugi
gadhah lepen ingkang bening toyanipun. Lepen kasebat inggih menika lepen Gung amargi
celak kaliyan Gunung/redi Agung, satunggaling nama kina celak Redi Slamet. Masarakat ing
dhusun ngriki saperangan ageng boten ngibadah, boten mangertos ngaji, saha tansah nerak
angger-anggering masarakat, nusa bangsa, saha agami, meh saben dinten aben sawung utawi
adu jago, judi, mabuk, mbegal, lan sanes-sanesipun. Pancen boten pedamelan ingkang
entheng kanggenipun Ki Gedhe Sedayu kangge ngewahi adat ingkang sampun lumampah
wiwit saking nenek moyang rumiyin. Nanging Sedhayu kagungan pitadosan bilih masarakat
wonten tlatah ngriki mesthi saged ewah sauger lon-lonan saha ngenut prinsip ing ngarsa sung
tuladha. Ki Gedhe tansah paring panutan kanggenipun masarakat ing tlatah ngriki ingkang
cacahipun dereng kathah.

12. Watak Ki Gedhe Sedayu miturut wacan kasebut yaiku….


13. Sudut pandang miturut crita kasebut yaiku….
14. Urut-urutaning crita miturut crita kasebut yaiku….
15. Latar papan panggonan sawise Ki Sedayu ngumbara yaiku ing….
16. Latar swasana sadurunge Ki Gedhe Sedayu uwal saka trah kebangsawanan yaiku….
17. Tegese tembung cegah dhahar lawan guling yaiku….
18. Kahanan masyarakat sadurunge Ki Sedayu rawuh ing papan kasebut yaiku….

Semaken pawarta ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 19-25!

Pengukir Wayang Kulit Butuh Uluran Tangan


Surabaya (Panjebar Semangat) Sanajan Mulyanto alias Menthong wiwit enom wis
dadi perajin wayang kulit kang karyane kondhang Mulyanto Menthong piyayine ora lulus
SD. Anggone sekolah mung tekan klas 5 SD amarga kahanan ekonomi wong tuwane. Wong
tuwane mung nyambut gawe buruh tani lan putrane akeh. Mulyanto wiwit cilik udakara umur
13 taun wis wiwit nglukis lan ngulir wayang ing daleme wong tuwane Klaten, Jawa Tengah.
Amarga karyane apik lan alus mula akeh nampa pesenan mligine saka dhalang Ki Darman
kang asli Sragen. Wiwit saka iku Menthong wiwit pindhah lan ngenggoni kontrakan ing
Sragen kanthi maksud kanggo nyedhaki daleme Ki Darman. Kanthi akeh pesenan asile
Menthong lumayan.
Ing jaman globalisasi kaya mangkene pelukis lan pengukir wayang kang wis
kawentar kalindhih dening jaman. Kanggo tuku piranti lan bahan dhasar wayang wae wis
larang regane, ing mangka modhal kang diduweni Menthong sansaya tipis. Kanggo
ngrampungake pesenan kang numpuk lan kanggo nambahi produksine mesthi wae butuh
modal kang ora sithik. Dheweke butuh modhal gedhe amarga kanggo nerusake pesenan sing
numpuk, nanging durung bias digarap.
19. Sing nyebabake Mulyanto sekolah mung nganti tekan klas 5 SD yaiku….
20. Pegaweyan wong tuwane Mulyanto yaiku….
21. Ngukir lan ngulir wayang dilakoni dening Mulyanto wiwit….
22. Sragen dadi kutha pilihan Mulyanto pindah saka Klaten amarga….
23. Pesenan wayange Mulyanto numpuk ora kegarap amarga…
24. Ing jaman globalisasi kaya mangkene pelukis lan pengukir wayang kang wis kawentar
kalindhih dening jaman. Tembung kawentar nduweni teges….
25. Kanggo tuku piranti lan bahan dhasar wayang wae wis larang regane ing mangka modhal
kang diduweni Menthong sansaya tipis. Tembung piranti tegese yaiku….
Semaken pawarta ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 26-31!

Umat Hindu Nindakaken Upacara Melasti


Gunung Kidul (Kuthane Dhewe)-Dhungkap dinten riyaya Nyepi, warsa enggal Saka
1936 rikala surya kaping 30 Maret 2014 atusan umat Hindu saking wewengkon
Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun nindakake upacara Melasti, ing Pesisir Ngobaran,
Gunung Kidul. Ancasing upacara kangge sesuci dhiri utawi buwana alit lan buwana agung
utawi jagat raya.
Upacara Melasti kangge mahargya dinten riyaya Nyepi, tandha gumantosing warsa
enggal Saka 1936 dipuntindakaken ing pura Segara Wukir, Pesisir Ngobaran Saptosari
Gunung Kidul dinten Minggu (30/3) siyang. Upacara Melasti dipunestreni dening atusan
Umat Hindu sawewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun, kalebet umat Hindu
saking 15 pura ing Gunung Kidul. Umat Hindu katingal tumemen nindakake upacara ingkang
dipunpandhegani dening Pendheta Puja Bratha Jati.
Miturut ketua Parisada Hindu Dharma Indonesia (PHDI) Gunung Kidul Purwanto
Upacara Melasti mengku werdi sesuci dhiri lan jagad raya kangge manunggalaken
trihitakarana sarta minangka rerangkening upacara lan brata penyepian ingkang badhe
dhateng. Kajawi punika, Melasti ugi mengku ancas kangge sesuci asil pertanian kanthi
nyawisaken sesaji utawi banten, pekuluh, tumpeng, sarta gunungan.
Upacara Melasti dipunpungkasi kanthi nglarung sesaji dhateng seganten kangge
mbucal watak manungsa ingkang awon srakah, murka, bingung sarta dengki lan srei.
26. Gagasan utama saka pawarta kasebut mapan ing ukara….
27. Upacara Melasti ditindakake dening…
28. Upacara Melasti ditindakake kanthi tujuwan….
29. Papan panggonan dianakake upacara Melasti yaiku….
30. Sing mandhegani Upacara Melasti yaiku….
31. Upacara Melasti dipungkasi kanthi acara….
Semaken pawarta ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 32-35!
Pemerintah Desa Sendangadi, Kecamatan Mlati, Sleman, dinten Minggu (20/12)
siyang nggelar upacara adat bersih desa lan ambal warsa 69 taun madegipun Desa
Sendangadi. Lampahing upacara kasebat dipunregengaken kirab budaya. Kirab budaya
dening warga padhukuhan sawewengkon Desa Sendangadi, Kecamatan Mlati, Kabupaten
Sleman mlampah wiwit saking Padhukuhan Jongke Lor tumuju dhateng Lapangan
Sendangadi, nempuh lampah watawis tigang kilometer dene lampahing kirab
dipunbidhalaken dening Camat Mlati, Suyudi, kanthi nggunting roncen sekar.

Pasarta dumados saking sawetawis bregada, antawisipun bregada prajurit, bregada


kendhi Toya Sendangsari, bregada gunungan sarta sawetawis bregada kesenian tradisional
lan barongsai. Sasampunipun dumugi Lapangan Sendangadi, 14 kendhi isi Toya Sendangsari,
dening Kades Sendangadi, dipunpasrahaken dhateng 14 dhukuh sadesa Sendangadi dene
gunungan wulu wedaling bumi dipunrebataken dhateng warga. Miturut Kades Sendangadi,
Damanhuri, kridha samangke kejawi kangge ngregengaken bersih desa ugi kangge mengeti
ambal warsa 69 taun madegipun Pemerintah Desa Sendangadi sarta memetri budaya
tilaranipun leluhur. Kridha ingkang dipunestreni dening warga sedaya padhukuhan sadesa
Sendangadi, inggih saweg sepisanan dipungelar. Awit nampi panyengkuyung saking maneka
pehak, pramila badhe ajeg dipunadani saben wulan Desember. (Subardi)
32. Kirab budaya ing Mlati Sleman dianakake kanggo mengeti....
33. Upacara kasebut diwiwiti saka….
34. Kirab budaya kasebut bakal dianakake saben wulan....
35. Cacahe bregada ing kirab budaya mengeti merti desa ing Sendangadi yaiku ana....
Semaken crita legenda ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 36!

Asal Usule Desa Nglimut Kendal


Kacarita, ing sisih lor saka Gunung Ungaran, ana salah sijine panggonan utawa
tlatah kang gemah ripah loh jinawi. Rakyate urip rukun, tentrem, ora seneng cecongkrahan
karo tanggane. Uripe ayem, ngibadahe uga sregep lan oleh pangayomipun gusti, panguripane
ora kacingkranagan, cukup lair tumekaning batin. Kahanan kang kaya mangkene mesthi wae
dadi kasenengan lan karemenan masarakat sakiwa tengene. Masarakat sakiwa tengene pengin
pindhah lan nguwasani tlatah kang subur makmur mau.
Desa kang makmur kaya mangkene, akeh wong kang melik kepingin nguwasani.
Apa maneh kanggone wong kang sugih, sawise keprungu kabar Manawa ana desa kang
gemah ripah loh jinawi iki, kepengin nguwasni. Salah sijine dina ana sedagar sugih arep
ngrawuhi papan panggonan iki saprelu nguwasani papan panggonan iki. Ora mung sedagar
sugih nanging uga para brandhal, kecu kepingin nguwasani tlatah iki. Kabeh padha
kasengsem papan kang dadi kembanging lambe wong akeh. Kabeh wong padha penasaran
marang tlatah iki. Kabeh kepingin weruh lan nguwasani.
36. Critakna nganggo basa padinanmu isi saka crita legenda kasebut kathi trep!
37. Sebutna latar panggonan, paraga lan watake, lan amanat saka crita kasebut!
Semaken crita legenda ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 37-38!

KUTHA TEGAL

Ki Sedayu remen cegah dhahar lawan guling tegesipun asring siyam. Kejawi ngirangi
dhahar ugi ngirangi sare. Ki Sedayu remen prihatos. Menapa malih rikala wonten ontran-
ontran perang saudara. Ki Sedayu sansaya prihatos tuwin nglajengaken anggenipun siyam
ngantos ngentur utawi bibar. Rikala perang saudara botem bibar-bibar saha dereng tuntas Ki
Sedayu malah mundur saking atribut kebangsawanan tuwin mbiyantu para manungsa
ingkang saben dina gesangipun nelangsa amarga perang saudara kasebut. Sasampunipun
uwal saking trah kebangsawanan Ki Sedayu pilih ngumbara kangge paring pambiyantu
masarakat miskin/kecingkrangan gesangipun. Anggenipun ngumbara dumugi dhusun
ingkang kebak sesuketan, dhusun ingkang gung liwang-liwung, wingit. Dhusun kasebut ugi
gadhah lepen ingkang bening toyanipun. Lepen kasebat inggih menika lepen Gung amargi
celak kaliyan Gunung/redi Agung, satunggaling nama kina celak Redi Slamet. Masarakat ing
dhusun ngriki saperangan ageng boten ngibadah, boten mangertos ngaji, saha tansah nerak
angger-anggering masarakat, nusa bangsa, saha agami, meh saben dinten aben sawung utawi
adu jago, judi, mabuk, mbegal, lan sanes-sanesipun. Pancen boten pedamelan ingkang
entheng kanggenipun Ki Gedhe Sedayu kangge ngewahi adat ingkang sampun lumampah
wiwit saking nenek moyang rumiyin. Nanging Sedhayu kagungan pitadosan bilih masarakat
wonten tlatah ngriki mesthi saged ewah sauger lon-lonan saha ngenut prinsip ing ngarsa sung
tuladha. Ki Gedhe tansah paring panutan kanggenipun masarakat ing tlatah ngriki ingkang
cacahipun dereng kathah.

38. Critakna amanat apa sing bias kojupuk saka crita legenda kasebut!
Semaken pawarta ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 39-40!

Pemerintah Desa Sendangadi, Kecamatan Mlati, Sleman, dinten Minggu (20/12)


siyang nggelar upacara adat bersih desa lan ambal warsa 69 taun madegipun Desa
Sendangadi. Lampahing upacara kasebat dipunregengaken kirab budaya. Kirab budaya
dening warga padhukuhan sawewengkon Desa Sendangadi, Kecamatan Mlati, Kabupaten
Sleman mlampah wiwit saking Padhukuhan Jongke Lor tumuju dhateng Lapangan
Sendangadi, nempuh lampah watawis tigang kilometer dene lampahing kirab
dipunbidhalaken dening Camat Mlati, Suyudi, kanthi nggunting roncen sekar.

Pasarta dumados saking sawetawis bregada, antawisipun bregada prajurit, bregada


kendhi Toya Sendangsari, bregada gunungan sarta sawetawis bregada kesenian tradisional
lan barongsai. Sasampunipun dumugi Lapangan Sendangadi, 14 kendhi isi Toya Sendangsari,
dening Kades Sendangadi, dipunpasrahaken dhateng 14 dhukuh sadesa Sendangadi dene
gunungan wulu wedaling bumi dipunrebataken dhateng warga. Miturut Kades Sendangadi,
Damanhuri, kridha samangke kejawi kangge ngregengaken bersih desa ugi kangge mengeti
ambal warsa 69 taun madegipun Pemerintah Desa Sendangadi sarta memetri budaya
tilaranipun leluhur. Kridha ingkang dipunestreni dening warga sedaya padhukuhan sadesa
Sendangadi, inggih saweg sepisanan dipungelar. Awit nampi panyengkuyung saking maneka
pehak, pramila badhe ajeg dipunadani saben wulan Desember. (Subardi)
39. Critakna kepriye miturutmu minangka generasi mudha ngenani upacara adat kayadene
kang dianakake ing Desa Sendangadi!
40. Critakna isi pawarta kasebut nganggo basa ngoko!

You might also like