You are on page 1of 1

Ukara-ukara nganggo basa ngoko ing ngisor iki owahana dadi basa ngoko alus, krama lugu, lan

krama
alus!

1. Bapak jupukna panganan sing enak kuwi!


Ngoko Alus:Bapak pundhutaken panganan sing enak kuwi!
Krama Lugu:Bapak pundhutaken dhaharan ingkang eco menika!
Krama Alus:bapak pundhutaken dhaharan ingkang eco menika!

2. Ayo padha ndeleng sendratari ing pendhapa kabupaten


Ngoko Alus:Ayo padha mirsani sendratari ing pendhapa kabupaten
Krama Lugu:Mangga sami ningali sendratari dhateng pendhapa kabupaten
Krama Alus:Mangga sami mirsani sendratari dhateng pendhapa kabupaten

3. Pak burhan menehi kabar marang Bu Rahma menawa arep ana lomba panembrana

Ngoko Alus:Pak Burhan maringi kabar marang bu rahma manawa ana lomba panembrama
Krama Lugu:Pak burhan nyukani pawarta dhateng bu rahma manawi wonten lomba
panembrama
Krama Alus:pak burhan maringi pawarta dhumateng bu rahma manawi wonten lomba
panembrama

4. Apa kowe sida nyilih majalah ing mbak retno?

Ngoko Alus:Apa panjenengan sida ngampil majalah ing mbak retno?


Krama Lugu:menapa sampeyan siyos nyambut kalawarti dhateng mbak retno?
Krama Alus:menapa panjenengam siyos ngampil kalawarti dhateng mbak retno?

5. Surat saka Bapak iki wenehana marang adhimu!


Ngoko Alus:surat saka Bapak iki aturnaken marang adhikmu
Krama Lugu:layang saking bapak menika aturaken dhateng rayi sampeyan
Krama Alus:layang saking bapak menika aturaken dhateng rayi panjenengan

You might also like