You are on page 1of 2

ATER-ATER ANUSWARA

Ater-ater anuswara yaiku ater-ater (awalan) sing diasilake saka swara irung. Wujude ater-
ater anuswara ana 4, yaiku n, m, ng, lan ny. Gunane yaiku kanggo ndhapuk bagian dadi rimbag
tembung kriya tanduk (kata kerja aktif).

Wujude ater-ater anuswara:

1. Ater-ater (n-); kanggo ngater-ateri tembung-tembung sing wiwitane konsonan d, dh, t,


lan th.
Tuladha:
a. (n-) + dadi= ndadi
b. (n-) + tulis= nulis
c. (n-) + dhalang= ndhalang
d. (n-) + thuthuk= nuthuk
2. Ater-ater (m-); kanggo ngater-ateri tembung sing wiwitane konsonan b, p, lan w.
Tuladha:
a. (m-) + biji= mbiji
b. (m-) + patri= matri
c. (m-) + weling= meling
3. Ater-ater (ng-); yaiku kanggo ngater-ateri tembung sing wiwitane konsonan g, k, r, l, lan
vocal a, I, u, e, o.
Tuladha:
a. (ng-) +gawe= nggawe
b. (ng-) + karang= ngarang
c. (ng-) + rimuk= ngrimuk
d. (ng-) + lempit= nglempit
e. (ng-) + angsu= ngangsu
f. (ng-) + ingu= ngingu
g. (ng-) + urug= ngurug
h. (ng-) +edan= ngedan
i. (ng-) + obrol= ngobrol
4. Ater-ater (ny-); yaiku kanggo ngater-ateri tembung sing wiwitane konsonan c, j, lan s.
Tuladha:
A. (ny-) + cekel= nyekel
B. (ny-) + jarring= njaring
C. (ny-) + suwun= nyuwun

You might also like