You are on page 1of 2

KARATON SURAKARTA HADININGRAT

LEMBAGA DEWAN ADAT


Kepmenkumham RI no : AHU-0039342-AH.01.07 Tahun 2016 & No. AHU-0000671.AH.01.08 Th. 2019
Kep. MARI No. 330K/Pdt/2020, Penetapan PN Surakarta No.211/Pdt.P/2020/PN.Skt
Telpon (0271) 641243 – Kamandungan Karaton Surakarta – Jawa Tengah 57114
www.karatonsurakarta.com; IG: kratonsurakarta

-----------------------------------------------------------------------
Donga Akhir Taun

ّ‫ب ِّم ْنه‬ ‫َت‬


‫أ‬
ْ ْ َّ ‫م‬ ‫ل‬
َ ‫ّو‬ ‫ه‬ ‫ن‬
ْ ‫يّع‬
َ
ِ ‫يّه ِذ ِه ّالسن ِة‬
ِ‫ّممّاّنَ َه ْيتَن‬
ّ َ ٰ ِ‫ّعم ٍل ّف‬
َ
َ ْ ‫ن‬ ِ ‫اَللّهّمَّ ّماّع ِملْت‬
‫ّم‬ َ َ
ّ‫ّو َد َع ْوتَنِ ْيّإِلَىّالت ْوبَِة‬ ‫ي‬ ِ‫ّعلَىّعقوبت‬ ‫ك‬ ِ‫وحلمتّفِيهاّعلَيّّبَِفضلِكّب عدّق ْدرت‬
َ ْ َْ َ َ َ َ َْ َ ْ َ ْ َ ْ ََ
ّ‫اّع ِملْتّفِ ْي َها‬ ِ‫صيتِكّفَِإنيّّاَست ْغ َفرتكّفَا ْغ ِفرل‬ ِ ِ
‫م‬‫ّو‬
َ ََ ْ ْ ‫ي‬ َ ْ َْ َ َ ِ ‫ىّم ْع‬
َ َ‫ّعل‬َ ‫اءتِ ْي‬ َ ‫ّج َر‬
َ ‫م ْنّبَ ْعد‬
ّ‫ك ّأَ ْن ّتَ تَ َقب َل ِّمن ّْي ّ َوََل ّتَ ْقطَ ْع‬ َ ‫َسئَ ل‬
ْ ‫اب ّفَأ‬
ِ َ ‫ضى ّوو َع ْدتنِي‬
َ ‫ّعلَْيه ّالث َو‬ َ َ َ ‫مما ّتَ ْر‬
ِ
ّ‫كّيَاّ َك ِريْم‬َ ‫َر َجائِ ْي ِّم ْن‬
Allâhumma mâ ‘amiltu min ‘amalin fî hâdzihis sanati mâ nahaitanî ‘anhu, wa lam
atub minhu, wa hamalta fîhâ ‘alayya bi fadhlika ba‘da qudratika ‘alâ ‘uqûbatî, wa
da‘autanî ilat taubati min ba‘di jarâ’atî ‘alâ ma‘shiyatik. Fa innî astaghfiruka,
faghfirlî wa mâ ‘amiltu fîhâ mimmâ tardhâ, wa wa‘attanî ‘alaihits tsawâba,
fa’as’aluka an tataqabbala minnî wa lâ taqtha‘ rajâ’î minka yâ karîm.

Jarwan:

Dhuh Allah! Kawula nyuwun pangapunten ing sadaya pedamelan kawula ing
taun puniki kang kalebet Tuwan awisi, ing mangka kawula dereng mertobat,
sadaya pedamelan kawula kang Tuwan arisi awit sih kanugerahan Tuwan kang
mangka Tuwan kuwaos anatrapi paukuman dhateng kawula, lan lampah (dosa)
kang Tuwan dhawuhaken kinen mertobat kang mangka kawula kumawantun
handurakani Tuwan. Kawula angajeng-ajeng mugi Tuwan anampeni pedamelan
kawula kang Tuwan renani ing taun puniki lan pedamelan kawula kang Tuwan
prasetyani jangji badhe pinaringan sawabipun, mugi Tuwan boten amegot
pangajeng-ajeng kawula saking Tuwan. Dhuh Dzat Kang Maha Mulya/Loman.
KARATON SURAKARTA HADININGRAT
LEMBAGA DEWAN ADAT
Kepmenkumham RI no : AHU-0039342-AH.01.07 Tahun 2016 & No. AHU-0000671.AH.01.08 Th. 2019
Kep. MARI No. 330K/Pdt/2020, Penetapan PN Surakarta No.211/Pdt.P/2020/PN.Skt
Telpon (0271) 641243 – Kamandungan Karaton Surakarta – Jawa Tengah 57114
www.karatonsurakarta.com; IG: kratonsurakarta

-------------------------------------------------------------------------------

DONGA AWAL TAUN*

‫شرها و استكفيك‬
ّ ‫اللهم انت ربى قديم و هذه سنة جديدة فأسألك من خيرها و اعوذ بك من‬
‫مؤنها و شغلها و العون على هذه النفس األماّرة بالسوء واالشتغال بما يقربنى اليك يا ذالجالل‬
‫و االكرام‬

Allohumma anta robbi qodim, wa hadzihi sanatun jadidah, fa as’aluka min


khoiriha wa a’udzu bika min syarriha wa astakfika muanaha wa syughlaha wal
‘auna ala hadzihin nafsil ammarati bis su’i wal isytighol bima yuqorribuni ilaika ya
dzal jalali wal ikrom.

Jarwan:
Dhuh Allah! Tuwan Pangeran kawula Dzat Kang Dingin. (Dalu) punika taun
enggal, Kawula nyuwun ing Tuwan kasaenan taun punika lan kawula nyuwun
baureksa Tuwan saking awoning taun puniki, kawula nyuwun Tuwan kang
nyekapi sedaya rerepot lan ketungkul kawula ing taun puniki saha pitulungan
Tuwan amrih sageda angawonaken hawa napsu (kawula) kang tansah parintah
lampah kang awon puniki lan (mugiya kawula saged) ketungkul dhateng
samukawis kang nyaketaken kawula kalihan Tuwan; Dhuh Dzat Kang Maha
Agung lan Maha Mulya!

*Abdidalem Koncakaji Karaton Surakarta Hadiningrat, 1 Sura Ehe 1956/29 Juli 2022M

You might also like