You are on page 1of 3

Tulung Tinulung Ing Dalem Kebagusan Lan Takwa

2

.

















..





.


.

!















.








.







Hadirin sidang jumat ingkang minulyo.
Mangga kita ngaturaken taqwa lan syukur ing ngarsaning Allah SWT. Ingkang sampun maringi
kanikmatan, kesenengan, rizki, lan panggesangan datng kawulanipun sahingga kanthi rahmating
Allah ugi kita sedaya tetep wonten ing salebeting iman lan Islam.
Mugi rahmat saha salam kaparingna dateng panutan kita Nabi Muhammad SAW ingkang
sampun kautus dening Allah supados nuntun umat manungsa nuju dateng margi ingkang leres.
Mugi-mugi kita sedaya kagolong ewoning para Muttaqin ingkang estu-estu taqwa dateng Allah
tansah nindakaken dhawuhing Allah sarta nebihi awisanipun. Lan samiyo tulung tinulung ingdalem
kebagusan lan takwa, keranten nyuperih dateng ridhonipun Gusti Allah SWT., ingkang mekaten
puniko Allah Taala badhe ngagungaken ganjaranipun kito sedoyo.
Lan mangertoso bilih hubungan antawisipun sesami tiyang Islam puniko perkawis ingkang
kedah kito galang sak estu. Sebab kanti pendidikan saestu puniko nimbulaken akibat ingkang sahe,
inggih meniko tujuan izzul Islam wal muslimin, saged enggal terwujud. Lan monggo kito samiyo
imut dateng dawuhipun Allah SWT wonten ing al-Quran surat al-Hujurat : 10:

Artosipun: sejatine wong-wong mukmin kabeh iku sedulur, mulo siro kabeh podho islaho /
bagusono ing antarane siro kabeh, lan siro kabeh podho wediyo marang Gusti Allah supoyo siro
kabeh deh diwelasi.
Poro hadirin sidang jumat ingkang minulyo.

Ayat puniko mengandung perintah dateng kito sedoyo supados ngeraketaken anggenipun
persederekan kito, sebab panci ing antawisipun tiyang Islam kaliyan tiyang Islam lintunipun kedah
saling ngiyataken kados bangunan griyo. Amargi kanjeng Nabi Muhammad SAW sampun dawuh:











Artosipun: Wong mukmin marang mukmin liyane iku koyo dene bangunan siji, kang setengah
marang setengahe tansah nguwatake / saling nguwatake.
Kanthi katerangan ayat kaliyan hadis kolo wahu, nedahaken ing kito bilih tiyang Islam
utawi tiyang mukmin kaliyan konco sesami mukmin puniko kedah tansah menggalang persatuan
lahir tuwin bathin. Kitho kedah selalu asih-asihan kaliyan sesami sederek Islam, lan kito kedah
njagi dateng hak-hakipun persederekan lan sampun ngantos kito meniko nyakiti dumateng
manahipun sederek kito sesami Islam. Sebab kito piyambak manawi dipun sakiti inggih boten
puru,. Pramilo monggo kito jagi supados kito sampun ngantos nyakiti dateng manahipun tiyang
sanes.
Hadirin, sidang jumat ingkang minulyo.
Mengertoso bilih umumipun ukhuwwah islamiyah ingkang retak puniko dipun sebabaken
saking hasud lan ungkur-ungkuran, lan rebutan perkawis dunyo ingkang mirah reginipun
dibandingaken ukhuwah islamiya meniko, ingkang akhiripun boten rumahos, bilih ngeten puniko
saged nimbulaken retakipun persederekan.
Mugi-migi kito termasuk tiyang mukmin ingkang sahe lan njagi hak-hakipun sesami
mukmin.









,








.

-













-

























.














-oOo-

You might also like