You are on page 1of 8

KHUTBAH IDUL FITRI 1443 H / 2022 M

‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

‫هللا أكبر هللا أكبر وهلل الحمد‬


, ‫هللا أكبر‬
, ‫هللا أكبر‬
, ‫هللا أكبر‬
, ‫هللا أكبر‬
, ‫هللا أكبر‬
, ‫هللا أكبر‬
, ‫هللا أكبر‬.

‫ب َولَ ْم يَجْ َعلْ لَّهٗ ِع َوجًا‬ َ ‫ي اَ ْنزَ َل ع َٰلى َع ْب ِد ِه ْال ِك ٰت‬ ْٓ ‫ۜ اَ ْل َح ْم ُد هّٰلِل ِ الَّ ِذ‬
‫ت اَ َّن لَهُ ْم اَجْ رًا َح َسنً ۙا‬
ِ ‫صلِ ٰح‬ ّ ٰ ‫قَيِّ ًما لِّيُ ْن ِذ َر بَْأسًا َش ِد ْيدًا ِّم ْن لَّ ُد ْنهُ َويُبَ ِّش َر ْال ُمْؤ ِمنِ ْينَ الَّ ِذ ْينَ يَ ْع َملُوْ نَ ال‬
‫َّما ِكثِ ْينَ فِ ْي ِه اَبَد ًۙا‬

َّ ‫ك لَهُ َواَ ْشهَ ُد اَ َّن ُم َح َّمدًا َع ْب ُدهُ َو َرسُوْ لُهُ َوال‬


‫صالَةُ َوال َّسالَ ُم َعلَى نَبِيِّنَا ُم َح َّم ٍد َو َعلَى اَلِ ِه َواَصْ َحابِ ِه‬ َ ‫اَ ْشهَ ُد اَ ْن الَ اِلهَ اِالَّ هللاُ َوحْ َدهُ الَ َش ِر ْي‬
‫َو َم ْن تَبِ َعهُ اِلَى يَوْ ِم ال ِّديْن‬

ِ ‫ ُأ‬،ِ‫فَيَا ِعبَا َد هللا‬.


َ‫ص ْي ُك ْم َونَ ْف ِسي بِتَ ْق َوى هللاِ فَقَ ْد فَا َز ْال ُمتَّقُوْ ن‬

Qalallahu ta’ala fil qur’anil karim:

« ‫يا أيها الذين أمنوا اتقوا هللا حق تقاته وال تموتن إال و أنتم مسلمون‬
Waqolla aidhon
۟ ُ‫ت لِ َغ ٍد ۖ َوٱتَّق‬
َ‫وا ٱهَّلل َ ۚ ِإ َّن ٱهَّلل َ خَ بِي ۢ ٌر بِ َما تَ ْع َملُون‬ ۟ ُ‫ٰيََٓأيُّهَا ٱلَّ ِذينَ َءامن‬
۟ ُ‫وا ٱتَّق‬
ْ ‫وا ٱهَّلل َ َو ْلتَنظُرْ نَ ْفسٌ َّما قَ َّد َم‬ َ

(‫ق هللاُ ْال َع ِظ ْي ُم‬


َ ‫ص َد‬
َ

Allahu akbar 3 X, Lailaha ilallahhuwalllah akbar, Allahu akbar walilahilhamd,


Jama'ah sidang 'Idul-Fithri rahimakumullah.

Kerana sih nugrahanipun Allah SWT, énjang punika kita saged nemahi Dinten Riyadi Fithri
mahargya Pratandhaning Wulan Ramadhan tahun 1443 H/2022 M sampun kito tilaraken.
d۟ ‫وا ْٱل ِع َّدةَ َولِتُ َكبِّر‬
َ‫ُوا ٱهَّلل َ َعلَ ٰى َما هَ َد ٰى ُك ْم َولَ َعلَّ ُك ْم تَ ْش ُكرُون‬ d۟ ُ‫َولِتُ ْك ِمل‬

Jawinipun: "... banjur sampurnakna wilangan pasanira (sesasi), lan supaya padha ngagungaké
asmanÉ Allah kerana pituduh-É (kang diparingaké) marang sira. Kanthi mengkono yekti sira
dadi kawula kang padha syukur".
Shalawat sinareng salam mugi tansah lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados
panutan patuladhan kula panjenengan nuwun inggih Rasulullah Kanjeng Nabi Muhammad
SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafa’atipun wonten yaumil qiyamah. Ugi saha
kuluargonipun, para sahabat, para tabi`it tabi`in kalebet kulo lan panjenengan sedoyo ingkang
hadir wonten dinten meniko ngantos akhir jaman. Allahumma amin.

Mingko khotib ing dinten meniko, kuwulo ngajak dumateng pribadi kulo piyambak lan kagem
sidang Idul Fitri monggo kito sedoyo tansah ningkaten kualitas lan kuantitas iman lan Taqwa
dumateng ngarso dalem Allah SWT kanthi : Imtitsalu awamirillah wajtinabu nawahihi
“Nindakaken sedoyo printah Allah SWT lan nebihi sedoyo awisani-Pun.

Khutbah dinten meniko mawi judul : Syiam Ramadhan Madrosah Panggesangan

Allahu akbar 3 X, Lailaha ilallahhuwalllah akbar, Allahu akbar walilahilhamd,


Jama'ah sidang 'Idul-Fithri rahimakumullah
Ing énjang punika, kita makempal sesarengan sedherek sedhèrèk seiman, anggelar sajadah,
saperlu manembah manungku puja. Asta kekalih takbir kanthi asta kaangkat marambah-
rambah. Lajeng kalarapaken rata bantala, manekung sujud ing Ngarsa Dalem Allah ingkang
Maha Agung. Salebeting batos, matur, "Dhuh Allah, saat punika kawula marak sowan
sangandhaping pepadaning Paduka. Pejah gesang ing Asta Paduka. Gigir manekung jalaran
kawratan dedosa. Lesan gurawalan datan kewawi ngétang kathahing nikmat Paduka." Ing
papan punika, kita sadaya ngakeni sedaya lepat lan dosa, nyuwun lumunturing pangaksami lan
sih wilasa saking Allah 'Azza wa Jalla.

Allahu akbar 3 X, Lailaha ilallahhuwalllah akbar, Allahu akat walilahilhamd,


Jama'ah sidang 'Idul-Fithri rahimakumullah

Alhamdulillah, bilih dinten meniko kito sampun dipun tebihaken saking kawontenen 2 tahun
kepengker inggih meniko pandemic covid 19 ingkang andadosaken pacoben ngagesang
ingkang awrat amargi nguras energi pikiran, wekdal, harta benda dan energi sanesipun.

Setunggal wulan nutuk kepengeker kito sedoyo sampun nglampahi Tarbiyah


Dzatiyah/pembinaan diri dados pribadi insan Taqwa/insan kamil/tiang Islam sampurno kados
ngendiko dalem Allah SWT ing akhir printah syiam Ramadhan “la’alakum tatakuqun” mugo-
mugo dadi wong sing taqwa.
Amargi derajat manungso menggahing Allah SWT bade disebat tiyang mulia menawi saged
nggayuh derajat taqwa kados ngendikani-Pun :
‫ِإنَّ َأ ْك َر َم ُك ْم ِع ْن َد هَّللا ِ َأ ْتقَا ُك ْم‬

Sejatine wong sing paling mulia ing antarane siro marang pirsane Allah yo kuwi wong sing
paling taqwa (QS. Al Hujurat : 13)
Allahu akbar 3 X, Lailaha ilallahhuwalllah akbar, Allahu akat walilahilhamd,
Jama'ah sidang 'Idul-Fithri rahimakumullah

Madrasah syiam Ramadhan kepengker sampun maringi piwucal attawazun/keseimbangan


antawisipun panggesangan donyo lan panggesangan akhirat.
Menawi satunggalipun tiyan sampun nglampahi madrasah/sekolah tamtu sak sampunipun
lulus piwucal ingkang dipun tampi kedah saged dipun amalaken. Lan piwucal syiam Ramadhan
kedah dipun amalaken wiwit dinten Syawal meniko dan wulan-wulan ngajengipun.
Madrasah Ramadhan maringi kathah sanget hikmah ing antawisipun :
1. Dados muslim ingkang disiplin ‘ibadah ritual (sholat, zakat, dzikir lan sak
panunggalanipun) kangge panggesangan mingongko dimensi akhirat
2. Dados muslim ingkang anggadahi social sensitivity/kepekaan sosial kanthi ikhlas mbayar
ZIS kangge sederek sanes, mbangun peradaban sosial minongko dimensi donyo

Wonten Al Qur’an kirang langkung wonten 27 penyebatan َ‫ وة‬d‫وا ال َّز ٰك‬dُ‫ ٰلوةَ َو ٰات‬d‫الص‬
َّ d‫وا‬dd‫ َواَقِ ْي ُم‬: dekno
sholat lan podho bayar zakat, nedahaken bilih antawisipun donyo lan akhirat kedang dipun
lampahi kanthi attawazun alias seimbang

Katingali ing wulan syiam Ramadhan, tiang muslim giat semangat nindakaken ‘ibadah ritual
sholat 5 wekdal, sholat tarawih, dzikir, muroja’ah Al Quran. Sedoyo wau dipun sadari kangge
to’at printah Allah SWT lan pangajeng kaparingan ganjaran ingkang ageng. Ningali
kawontenan wau, bilih sejatosipun umat Islam saged tansah nindakaken printah Allah SWT
bilih anggadahi azam/krentek ing saklebetipun manah. Saged maringi porsi wekdal kangge
ibadah saking 24 jam sedinten. Wekdal sholat/dzikir/maos Al Quran dipun paringi wekdal
khusus, mboten sisa/turahan wekdal. Amargi sholat 5 wekdal sampun wonten kaifiyat/aturan
fikih saking agama mboten saged dipun gantos wekdal menawi mboten wonten
rukshoh/keringanan agama :
d‫َت َعلَى ْال ُمْؤ ِمنِينَ ِكتَابًا َموْ قُوتًا‬
ْ ‫صاَل ةَ َكان‬
َّ ‫ِإ َّن ال‬
“Sejatine sholat kuwi sawijining kewajiban kanggo wong sing duwe iman sing wis ditentoke
wektune (QS. Annisa : 103)
Allahu akbar 3 X, Lailaha ilallahhuwalllah akbar, Allahu akat walilahilhamd,
Jama'ah sidang 'Idul-Fithri rahimakumullah
Kanthi Syiam Ramadhan umat muslim ngasah jiwanipin kangge ngendaliaken nafsu hewani,
sifat serakah, menang piyambak, supados langkung sabar, sae sopan santunipun lan
sanesipun.
Ing wulan syiam umat Islam ugi dipun dawuhi mbayar zakat Fitrah lan kathah sedekah kangge
sederek sanesipun ingkang kasebat mustahik minongko wujud empati. Sedoyo kolo wau bukti
tresnanipun kalian sederekipun wonten ing bab ukhuwah Islamiyah lan kangge mbangun
peradaban sosial .

Allahu akbar 3 X, Lailaha ilallahhuwalllah akbar, Allahu akbar walilahilhamd,


Jama'ah sidang 'Idul-Fithri rahimakumullah

Minongko umat Islam kita kedah saged ningali printah agama saking dimensi ayat Quraniyah
lan ayat kauniyah. Quraniyah utawi tekstual kaserat wonten Al Quran lan ayat Kauniyah utawi
kontekstual meniko maos kawontenan panggesangan.
Conto, dimensi tekstual printah sholat, bilih sholat 5 wekdal kewajiban fardhu ‘ain sedoyo
tiyang muslim ingkang sampun baligh/mumayis sahingga sholat wajib dipun tindakaken
wonten kondisi menopo kemawon dan ing pundi papan :
d‫َت َعلَى ْال ُمْؤ ِمنِينَ ِكتَابًا َموْ قُوتًا‬
ْ ‫صاَل ةَ َكان‬
َّ ‫ِإ َّن ال‬
“Sejatine sholat kuwi sawijining kewajiban kanggo wong sing duwe iman sing wis ditentoke
wektune (QS. Annisa : 103)

Lajeng Conto, dimensi kontekstual bilih sholat meniko salah setunggalipun kangge nyegah
pedamelan ingkang keji lan mungkar :

‫ر‬dِ ‫صاَل ةَ تَ ْنهَى َع ِن ْالفَحْ َشا ِء َو ْال ُم ْن َك‬


َّ ‫ِإ َّن ال‬

“Sejatine sholat kuwi kanggo nyegah tumindak keji lan mungkar” (QS. Al ‘Ankabut: 45).

Kanthi makaten dereng cekap tiang muslim nindak’aken kewajiban sholat 5 wekdal kemawon,
menawi dereng saged memaknai secara kontekstual inggih meniko nebihaken diri pribadi
saking pedamelan keji lan mungkar. Pedamelan keji lan mungkar meniko kathah sanget :
Syirik, wanton kalian tiang sepuh/duroko, watak bengis kalian tiang sanes, mendet harta
benda sanes gadahanipun, ngapusi, minum khomer, maisyir/judi, damel kasengsaran sederek
sanes lan sak panunggalanipun.
Lajeng Conto, dimensi tekstual ZIS
‫ص ِّل َعلَ ْي ِه ۗ ْم‬ َ ‫ُخ ْذ ِم ْن اَ ْم َوالِ ِه ْم‬
َ ‫م بِهَا َو‬dْ ‫ص َدقَةً تُطَهِّ ُرهُ ْم َوتُزَ ِّك ْي ِه‬
Artine : Jupukno zakat/sedekah seko rojobrono deweke (kaum muslim), kanggo ngresi’i dan
gawe suci dewek’e (kaum muslim) dan podho ndedongo kanggo dewke’e (QS. At Taubah :
103)

Mbayar zakat meniko laras kalian penghasilanipun saged saking : nyambut damel (zakat maal),
dagang (tijaroh) lan sak panunggalanipun.

Conto dimensi kontekstual ZIS : bilih mbayar ZIS minongko bukti bilih tiyang muslim trisno
kaliyan sederekipun, ngicalaken trisno kelewat kaliyan harta benda ingkang saged mbeto
pedot pasederekan. ZIS dados instrument ketahanan sosial ing saklebetipun masyarakat.
Menawi ing antawisipun pemberi ZIS (muzaki) kaliyan penerima (mustahiq) mbangun
katrisnan pasederakan ingkang sae tamtu bade tansah ayom tentrem kawontenan
satunggalipun masyarakat. Zakat ugi dados transformasi sosial, inggih meniko saged kangge
pemberdayaan ekonomi sahinggo ing tahun-tahun ngajengipun mustahiq saged minggah
status dados muzaki/pambayar zakat.

Allahu akbar 3 X, Lailaha ilallahhuwalllah akbar, Allahu akbar walilahilhamd,


Jama'ah sidang 'Idul-Fithri rahimakumullah

Agami Islam gadhah ancas bangun kapribadèn luhur. AD-DÍNU


ANNASEHAH maknanipun "agama iku wulangan
Panuntun tumuju budipekerti ingkang luhur" makaten sabdanipun Kanjeng Rasul Shallalahu
'alaihi wa sallam. Shiyam Ramadhan, saha pangibadah sanèsipun, puncaking ancas ingkang
katuju nyempurnaaken manungsa kanthi lampah ingkang pinuji. Tiyang ingkang nglampahi
shiyam lan shalat, ananging asring damel sakit tiyang sanès kanthi lésanipun, punapa ugi
anggota badanipun, miturut pangandikanipun Rasulullah Shallalahu 'alaihi wa sallam tan
piguna siyam saha shalatipun.
Sahingga tanpa gina Muslim ingkang shiyam, shalat, zakat, lan haji, menawi taksih kasinungan
watak-wantu ingkang wengis, mentingaken dhiri pribadi, mboten asih dhateng tiyang ingkang
nandhang kacingkrangan. Dados werdi saha èdining ibadah ing Islam kedah ketingal wonten
ing indaking kebagusaning lampah ing pasrawungan bebrayan ageng.

Bathuk (palarapan ing praupan kita) saged dados cemeng kerana kathahipun manungkul
sujud, ananging dados muspra tanpa gina menawi jumangkah ing madyaning gesang bebrayan
kanthi dongak, umuk ngetingalaaken dhiri kerana kathahing bala, inggiling pangkat, semat,
drajat lan kalenggahan, ugi kerana karoban bandha gegadhahan.

Menawi lesan teles kerana dzikir memuji Mahaagungipun Allah saha Mahamulyanipun,
sinartan dedonga saha munajat kanthi ngangkat astanipun, boten pantes menawi lésan lan
asta punika ugi kaginaaken ngendhak sikara dhateng sesami, ngrampas hakipun ngasanès,
utawi ngrakup bandha ingkang haram? Manawi padharan sampun saged kaajak siyam,
ngraosaken luwé lan tenggorokan ngraosaken salit lan ngorong kados ingkang karaosaken
sedhèrèk KITA FAKIR LAN MISKIN. Ingkang bèntenaken, fakir lan maskin kaluwen mboten
jalaran siyam, ananging jalaran boten manggihaken dhaharan lan unjukan.

‫ هللا أكبر وهلل الحمد‬،‫ هللا أكبر‬،‫هللا أكبر‬


Jama'ah 'Idu l-Fithri rahimakumullah.
Ing dinten punika Riadi punika, kula lan panjenengan ngraosaken swasana remen lan bagja
mulya, kempal manunggal sareng kulawarga, tiyang sepuh, lan para kadang sutresna, bagé
binagé, andum cariyos sinambi gegojegan. Ananging, pageblug Corona dèrèng surut kanthi
tuntas 100%. Pramila kita sedaya kedah tetep waspada lan kebak pangatos-atos. Sampun
ngantos kita lirwa sahingga nyebabaken kawontenan dados ngajrih ajrihi wangsul kados
kawontenan tengah-tengahing pagebluk rumiyin.

Saèstu, namung golongan tetiyang ingkang iman ingkang saged nyecep hikmahing prastawa.
Manungsa punika kanyatan ringkih. Namung ngadhepi virus Corona makhlukipun Allah
ingkang alit, kepara mboten kasat ing paningal, nglumpruk tanpa daya. Lajeng punapa ingkang
saged dipun ongasaken? Kanthi alasan punapa menungsa kumawantun lancang nyingkur saha
mbadal pranatan lan hukumipun Allah, Ingkang Murba lan Misesa Jagad saisinipun?

Sumangga sami memuji, mugiya pageblug énggal sumingkir tuntas, sahingga swasana wangsul
pulih kados wingi uni, tentrem ayom-ayem, cakraning gesang bebrayan, budaya lan agami
saged langkung saé dipun lampahi, kairing tasyakur awit kanugrahan kasarasan lan karaharjan
saking ngarsanipun Allah 'Azza wa Jalla.

Jama'ah, Iedul Fitri Rahimakumullah.


Magepokan kaliyan Idul-Fithri, kawula ngajak, sampun sami klenta-klentu pambabar. Ing
dinten Fithri punika, manah kita kedah tresna ingkang ing sesami. Boten kemresik-resik
sumuci suci. Sucining dhiri kawistara ing saéning tumindak. Pramila remen ngakeni lepat, saha
suka nyuwun pangaksami anjagi indaking lepat lan dosa. Pramila Panutan agung Nabi
Muhammad shalllahu 'alaihi wa sallam, saben dinten, boten kirang istighfar satus ambalan
nyuwun pangapunten dhumateng Allah Dzat Ingkang remen Nglubèraken maaf saha Maha
angapunten. Allah punika Mahasuci, Sowaning titah manungsa dhumateng Allah kedah anjagi
sucining dhiri. Rasulullah piyambak ikhtiyar anjagi kesucian. Pangandikanipun:

Aku kepingin bali marang Pangeranku nalika aku ing kahanan kang resik suci"
Idul Fithri ugi kawastanan Lebaran, kerana lebar pasa, ing kawontenan mekaten ibarat kewan
medal saking kandang rumaos bebas lepas saking sengkeran, ing saat pundi setan sumbering
panggodha ugi bebas makarya ngrimuk manahing manungsa, supados nglampahi kadurakan.
Pramila mangga kita tetep gegondelan pitedahipun Allah, sampun ngantos kesaénan kita
namung sak krempyengan nalika ing Ramadhan. Pepèngetipun
Allah sanget alus ananging tandes ing QS An-Nahl (16) ayat 92:

‫ت غ َْزلَهَا ِم ۢن بَ ْع ِد قُ َّو ٍة َأن ٰ َكثًا‬ ۟ ُ‫َواَل تَ ُكون‬


َ َ‫وا َكٱلَّتِى نَق‬
ْ ‫ض‬
Jawinipun: "Sira aja dadi kaya wong wadon kang ngudari benang lawé sakwusé dipintal
kuat..."

Kesucian lan kemenangan lebaring siyam Ramadhan namung kita panggihaken nalikanipun
kita tetep ngugemi saéning ibadah nglestantuken padatan ngibadah ingkang kita ayahi ing
wulan Ramadhan. Lamun kita kèndeli kados ngudari lawé ingkang sampun dados bolah
ingkang kenceng tur kiyat. Kasyukuran lan kemenangan mangga kita sartani nyaketaken
sesambetan sesami dhateng sesami. Midhèrèk lampah Rasulullah SAW nalika ing Fathu
Makkah sasab lan unggul ing yudha boten matrapaken paukuman dhateng mengsah ananging
ambiwaraaken nugraha pangapunten dhateng sadaya tiyang, kalebet ingkang ing sewau
sampun ngancam sédanipun, utawi ingkang sami nggebag ing pancakara. Kamongka, Nabi
shalllahu 'alaihi wa sallam wenang matrapaken pidana awrat dhateng tetiyang wau. Kados
déné Jejaluning Jagad, Nabi Yusuf Alaihissalam, ingkang caos pangapunten dhateng sedhèrèk-
sedhèrèkipun ingkang tumindak sikara namaaken kacintrakan nalika pribadinipun taksih
tuwuh remaja, aturipun sinerat dhateng sedhèrèkipun sinerat ing QS. Yusuf(12) ayat 92:

َ‫ْب َعلَ ْي ُك ُم ْاليَوْ ۗ َم يَ ْغفِ ُر هّٰللا ُ لَ ُك ْم ۖ َوهُ َو اَرْ َح ُم ال ٰ ّر ِح ِم ْين‬


َ ‫قَا َل اَل ت َْث ِري‬

Jawinipun: "Diinten punika dika kalayan kula boten wonten (malih) raos memengsahan. Mugi-
mugi Allah paring pangapura dika sedaya, lan Panjenengan-É Allah Paling asih ing antarané
ingkang kagungan raos Asih."

Jama'ah, sidang Iedul Fitri Rahimakumullah.


Wusananing atur mangga sami ngapunten-ingapuntenan: paring pangapunten dhateng sok
sintena ingkang naté damel sakit dhateng jiwa-sarira kita, saha nyuwun pangapunten dhateng
sok sintena ingka naté kita damel piawon saaha sakit manahipun, ngendiko Kanjeng Nabi :
‫ْال ُم ْسلِ ُم َم ْن َسلَ َم ْال ُم ْسلِ ُمونَ ِم ْن لِ َسانِ ِه َويَ ِد ِه‬
Jawinipun : Sak wijining muslim kuwi yo kuwi kaum muslim liyane selamet seko lisan lan
tangane “ (HR. Bukhari).
Sak derengipun akhir khutbah, monggo tansah pepenget bilih kito sedoyo badhe wangsul
ngarso dalem Allah ingkang murbo waseso sedoyo alam. Menopo ingkang sampun kito
kempal’aken minongko sangu kados ngendikanipun :
۟ ُ‫ت لِ َغ ٍد ۖ َوٱتَّق‬
َ‫وا ٱهَّلل َ ۚ ِإ َّن ٱهَّلل َ خَ بِي ۢ ٌر بِ َما تَ ْع َملُون‬ ۟ ُ‫ٰيََٓأيُّهَا ٱلَّ ِذينَ َءامن‬
۟ ُ‫وا ٱتَّق‬
ْ ‫ر نَ ْفسٌ َّما قَ َّد َم‬dْ ُ‫وا ٱهَّلل َ َو ْلتَنظ‬ َ
Wahai wong-wong kang podho beriman, siro podho takwao maring Allah SWT, lan podho nggateake/ngeling-
eling opo sing wis siro ditindakake kanggo dino sisuk (akhirat) lan siro kabeh podho takwao maring Allah,
sejatine Allah Mohon pirso kabeh sing siro tindaake (QS. Al Hasyr : 18)

Wonten ing ayat sanes :


‫ فَاِ َّن خَ ي َْر ال َّزا ِد التَّ ْق ٰو ۖى‬d‫َوتَزَ َّو ُدوْ ا‬
Nggowo’o siro sangu, sebab sejatine sak apik-apik’e sangu yo kuwi takwa (QS. Al Baqarah :
197)

Monggo ing pungkasan khutbah puniko, sesarengan kito ndedongo wonten ngarso dalem
Allah SWT, nyuwun pangapunten sedoyo kalepatan, nyuwun tansah pinaringan kasarasan,
pinaringan kamulyan lan sanesipun.

Berdoa : Istighfar, ta’awud, syahadat, sholawat, asma’ul husna

Soropati, 30 Ramadhan 1443 H/ 1 Mei 2022

You might also like