You are on page 1of 8

‫‪Khutbah Idul Fitri 1440 H / 2019 M‬‬

‫‪NJAGI FITRAHING QALBU‬‬


‫ِ‬
‫لسالَ ُم َعلَْي ُك ْم َو َرمْح َةُ اهلل َو َبَر َكاتُهُ‬‫اَ َّ‬
‫اَهللُ اَ ْكَب ُر اَهللُ اَ ْكَب ُر اَهللُ اَ ْكَب ُر‪ ,‬اَهللُ اَ ْكَب ُر اَهللُ اَ ْكَب ُر اَهللُ اَ ْكَب ُر‪ ,‬اَهللُ اَ ْكَب ُر‬
‫ْر ًة‬ ‫ك‬ ‫ب‬ ‫هلل َكثِيْرا وس بحا َن ِ‬
‫اهلل‬ ‫ْد ِ‬ ‫ْرا َواحْلَم ُ‬ ‫ِ‬
‫ُ َ‬ ‫ً َُ َْ‬ ‫اَهللُ اَ ْكَب ُر اَهللُ اَ ْكَب ُر َكبي ً‬
‫ص نْي َ لَ هُ ال ّديْ َن َولَ ْو َك ِر َه‬ ‫واَ ِص يالً‪ ،‬آَل اِلـه اِالَّ اهلل والَ َنعب ُد اِالَّ اِيَّاه خُمْلِ ِ‬
‫ُ‬ ‫ُ َ ُْ‬ ‫َ‬ ‫َ ْ‬
‫الْ َكافِرو َن‪ ،‬آَل اِلـه اِالَّ اهلل واهلل اَ ْكبر اهلل اَ ْكبر و ِ‬
‫هلل احْلَ ْم ُد‪.‬‬ ‫ُ َ ُ َُ ُ َُ َ‬ ‫َ‬ ‫ُْ‬
‫يْدا لِعِبَ ِاد ِه الْ ُم ْؤ ِمنِنْي َ ‪َ ،‬و َختَ َم بِ ِه َش ْهُر‬ ‫هلل الَّ ِذ ْى َج َع َل الَْي ْو َم ِع ً‬ ‫ْد ِ‬ ‫اَحْلَم ُ‬
‫ِ ِ ِِ‬ ‫ص ‪ ،‬وجع ل ىِف طَ ِ ِ ِ‬ ‫الصـِــيام لِْلمخلَ ِ‬
‫اعت ه ع َّز ال ُّد ْنيَا َواآْل خ َر ِة للطَّائعنْي َ‬ ‫َ‬ ‫َ ََ َ‬ ‫َ‬ ‫نْي‬ ‫ََّ ُْ‬
‫صي ِة ذُ َّل الدَّاري ِن لِْلع ِ‬ ‫ِ‬
‫اصنْي َ ‪.‬‬ ‫َْ َ‬ ‫َوىِف َم ْع َ‬
‫َعَّز ُجْن َد ُه‬ ‫أ‬ ‫و‬ ‫ه‬ ‫د‬ ‫ب‬ ‫ع‬ ‫ر‬ ‫ص‬ ‫ن‬ ‫و‬ ‫ه‬ ‫د‬ ‫ع‬ ‫و‬ ‫ق‬ ‫د‬ ‫ص‬ ‫ه‬ ‫د‬ ‫ح‬ ‫و‬ ‫اهلل‬ ‫َّ‬
‫ال‬ ‫أَشهد اَ ْن الَّ اِلـه اِ‬
‫َ‬ ‫َ‬
‫ُ َ ْ ُ َ َ ْ ُ َ َ َ َْ ُ َ َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َُْ‬
‫َن حُمَ َّم ًدا َعْب ُدهُ َو َر ُس ْولُهُ الْ َم ْش ُه ْو ُر‬‫اب َو ْح َدهُ‪َ ،‬وأَ ْش َه ُد أ َّ‬ ‫َو َهَز َم االَ ْحَز َ‬
‫ص ْحبِ ِه‬ ‫ِِ‬ ‫ِ‬ ‫ِِ ِِ ِ ِِ ِ ِِ‬
‫ص َّل اهللُ َعلَْيه َو َعلَى آلـه َو َ‬ ‫بَِفطَانَته َواََمانَته َوص ْدقه َوَتْبلْيغه َ‬
‫اَمْج َعِنْي َ ‪.‬‬
‫اهلل اُو ِصي ُكم واِيَّاي بَِت ْقوى ِ‬ ‫ِ ِ‬
‫اهلل َوقَ ْد فَ َاز الْ ُمَّت ُق ْو َن‬ ‫‪.‬اََّما َب ْع ُد‪َ :‬فيَا عبَ َاد ْ ْ ْ َ َ َ‬

‫‪1‬‬
Jamaah Idul Fitri, rahimakumulloh..

Swanten takbir, tasbih saha tahmid sampun kepireng milai kalawingi


sonten, yektos mertelaaken raos syukur kita dumateng ngarsanipun Allah
SWT, atas sedaya peparingipun, lan ugi mujudaken pratanda bilih ramadhan
sampun paripurna, kados ingkang sampun kasebat wonten ing al-Qur’an surah
al-Baqarah 185
       
“ Lan supaya sira kabeh padha ngagungake Allah, ing atase apa kang wus den
paringne marang sira kabeh, supoyo sira kabeh padha bersyukur “

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamd

Wonten dinten ingkang kebah berkah punika, kawula ngajak pribadi


kawula saha jamaah sekalian, monggo kita tansah ngupadi supados iman lan
takwa kita tansah ngrembaka, injih kanthi nindaaken perintahipun gusti Allah,
saha anebihi sedaya awisanipun, ing tembe sageto kita begjo dunyo dumugi
akherat, aamiin

Maasyirol muslimin rahimakumullah

Wulan Ramadhan ingkang nembe kita raosaken, yektos mujudaken sih


kawelasanipun Allah SWT dumateng kita umat manungso, lir ipun, ing wulan
ramadhan punika Gusti Allah sampun paring pitedah arupi latihan ruhani
supados kula lan panjenengan sami saget fokus lan ngremeni perkawis
amaliyah ruhaniyah, supados wilujeng ngayahi jejibahan gesang ing dunyo, lan
anggadahi sangu kangge gesang wonten ing akherat benjing.

Allah SWT sampun paring pangapunten dhateng sedaya kalepatan,


sahingga ing dinten punika kita dados pribadi ingkang fitrah. Allah dadosaken
pribadinipun tiyang-tiyang ingkang iman lan Islam kawontenanipun kados bayi
ingkang nembe lahir saking gua gharbanipun ibu.

2
Dinten punika dados dinten ingkang istimewa, jalaran ing dinten
punika Allah SWT sampun ngluberaken welas asih lan maghfirahipun,
sahingga ing dinten punika sedaya tiyang sami ngrumaosi dados tiyang
ingkang gadhahi sifat khata’ lan nisyan, lepat lan supe, sahingga kanthi sifat
punika sami ngrumaosi bilih sifat-sifat punika tansah manggen ing
pribadinipun manungsa sahingga saget nyebabaken dosa. Dosa dhateng Allah
amargi nindakaken perkawis ingkang dipun awisi dening Allah.

Pramila kangge nglebur dosa lan kesalahan punika margi ingkang


gampil inggih punika kanthi nyuwun pangapunten dhateng tiyang-tiyang
ingkang nate dipun dhalimi, tiyang-tiyang ingkang nate dipun pilara, tiyang-
tiyang ingkang nate dipun fitnah lan saterusipun. Allah zat ingkang paring
pangapunten, dosa alit kanthi maos istighfar lan dosa ageng kanthi mertobat
dhateng Allah. Nanging dosa dhateng sesami gesang inggih kedah nyuwun
pangapunten dhateng sesaminipun.

Nyuwun pangapunten punika pedamelan lisan ingkang awrat dipun


ngendikaken, lan kosok wangsulipun kathah tiyang ingkang gampil lan ringan
ngaturaken nyuwun pangapunten. Satuhunipun ringan lan awrat punika
gumatung kalian manahipun. Ati ingkang peteng, ingkang sampun katutup
hawa nafsu panci awrat, namung ati ingkang sampun padhang pikantuk
pitedah sahingga kathah ingkang sami mendhet wulan Syawal kangge
shilaturahim, sowan-pisowanan ing sesami sedherekipun.

Allahu Akbar 3x Walillahil hamd


Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah

Menawi kita muhasabah, ngitung-ngitung dhateng amal ibadah kita


dipun bandingaken kalian nikmatipun Allah. Wekdal 24 jam ingkang dipun
paringaken Allah namun pinten jam kita ginakaken kangge ngibadah, umur
ingkang panjang, sehat lan sempatipun napa sampun kita ginakaken kangge

3
ningkataken ibadah. Kalebet sedaya sumber daya alam arupi oxygen, toya,
siti, wit-witan, lan sedaya gegremetan ing darat lan samudra, sedaya punika
dipun sediakaken dening Allah kangge mujudaken pribadi muslim ingkang
tansah syukur dhateng Allah.

Kathah para manungsa ingkang dereng ngrumaosi bilih sedaya


peparingipun Allah punika, sawekdal-wekdal badhe dipun pundhut malih
dening Allah. Sedanipun manungsa boten nenggo nalika nembe sakit, wonten
kawontenan mlarat, nalika yuswa sampun sepuh lan nalika nembe repot.
Nanging kathah tiyang dipun pundhut nyawanipun, ing wekdal enjang tasih
sehat, wekdal sonten sampun seda, wekdal dalu tasih sehat wekdal siang
sampun dipun tumpakaken kreta jawa. Kanthi mekaten Rasulullah SAW nate
paring pemut:

َ ‫ك َقْب َل َس َق ِم‬
‫ك َو‬ َ َ‫ك َو ِص َّحت‬ َ ‫ك َقْب َل َهَر ِم‬
َ َ‫ َشبَاب‬: ‫س‬ ٍ ْ‫اِ ْغتَنِ ْم مَخْ ًسا َقْبل مَخ‬
َ
ِ
َ ِ‫ك َقْب َل َم ْوت‬
‫ك‬ َ َ‫ك َو َحيَات‬ َ ‫ك َقْب َل َش ْغل‬ َ َ‫ِغن‬
َ ‫اك َقْب َل َف ْق ِر َك َو َفَرا َغ‬

“Gunakna limang perkara sak durunge tumeka limang perkara, gunakna


wektu nomira sadurunge tumeka wektu tuanira, gunakna wektu sehatira
sadurunge tumeka laranira, gunakna wektu sugihira sadurunge tumeka wektu
mlaratira, gunakna wektu longgarira sadurunge tumeka wektu rupekira,
gunakna uripira sadurunge temeka patinira”.(HR. Hakim)

Mila mekaten nalika kita mlebet ing wulan Syawal punika, mangga kita
pendhet hikmah wulan Ramadhan, wulan kangge ningkataken amal ibadah
kaleres ing kuantitas lan ugi kualitasipun, jumlahipun lan ugi mutunipun.
Umpami ing sak jawinipun wulan Syawal, sedaya tiyang tansah ngumbar
nebar sih katrisnan lan paring pangapunten, yektos Allah tansah badhe
ngluberaken sih katrisnanipun dhateng kawulanipun. Sedaya tiyang sami

4
gemregah ningkataken ibadhahipun, yektos Allah badhe nurunaken
rahmatipun. Allah SWT ngendika:
       
       
  
“Menawa sekirane para pendhudhuke negara-negara padha iman lan taqwa,
wus mesthi Ingsun bakal nurunake marang dheweke mau berkah sangka
langit lan bumi, ananging dheweke padha anggorohake (marang ayat-ayat
Ingsun) kuwi, akhire Ingsun siksa wong-wong mau amarga lelakone dheweke”
(QS. Al A’raf: 96)

Pramila sasampunipun kita mlebet ing dinten riyadin, dinten fitrah,


Allah SWT boten jamin kawulanipun saget njagi kawontenan fitrah punika.
Amargi ningali ing tahun-tahun ingkang sampun dipun tindakaken. Budaya lan
adhatipun kaum muslimin punika badhe kondur kados wekdal saderengipun
Ramadhan. Malah ngraosaken bilih puasa Ramadhan lan sedaya amal ibadah
ing wulan Ramadhan punika dados beban. Mekaten punika amargi
pribadinipun manungsa punika wonten kalih, inggih punika jasmani lan rohani
utawi lahir lan batin. Lan ing sak dangunipun nindakaken pakaryan tansah
dipun adhepaken kalian goda lan cobi. Kanthi mekaten, wonten ingkang kiat
ngadhepi goda lan cobi punika, sahingga derajatipun saget ningkat dados
akhsani taqwim lan jiwanipun dados mutmainnah. Nanging ugi kanthi goda
lan cobi punika kathah ingkang boten kiat sahingga derajatipun manungsa
dados langkung ashor. Allah SWT ngendika:

        


       
    
“ Satemene Ingsun wus nitahake manungsa kanthi wangun kang saapik-
apike. Banjur Ingsun balikake dhewekne marang panggonan kang luwih
endhek-endheke panggonan endhek (neraka), kejaba wong-wong kang padha
5
iman lan padha ngamal shalih, mula tumrap dhewekne kabeh ganjaran kang
ora ana pedhote” (QS. Attin:4-6)

Kanthi punika kangge njagi kawontenan fitrah punika, mangga kita


tansah ngudi ilmu sak kathah-kathahipun, margi kanthi ilmu badhe mujudaken
tiyang ingkang wicaksana. Kita tingkataken amal ibadah, kita tingali tiyang sak
nginggilipun sahingga badhe nuwuhaken raos ikhlas lan ngicalaken sifat ujub.
Kita wujudaken shilaturahim, kanthi pasedherekan setunggal iman Islam,
pasedherekan ing masyarakat punapa malih pasedherekan kelawan setunggal
keturunan. Kita jumbuhaken sifat wasiyat-winasiyatan, nasehat-winasehatan,
tulung-tinulung ing margi ingkang leres lan taqwa. Insya-Allah sedaya
tumindak sae lan lepat punika amargi saking pakulinan.

Pedamelan sae menawi dipun tindakaken kanthi istiqomah yektos


badhe mujudaken raos ikhlas. Sinaosa pedamelan sae punika dhawuhipun
Allah nanging menawi boten dipun kulinakaken inggih badhe awrat, sahingga
syari’at agami Islam namung dados norma-norma. Satuhunipun Islam punika
sampun dipun tentukaken dening Allah minangka Rahmatan lil ‘alamin,
nanging jumbuhipun punika dipun tentukaken dening para manungsa
khususipun tiyang-tiyang Islam.

Akhiripun kita tansah nyuwun kekiatan dhateng Allah supados saget


dados pribadi ingkang bektha rahmat dhateng sedaya alam. Kanthi nyuwun
pitedah dateng Allah lan nyuwun pangapunten dhateng Allah kita aturaken.

Wusana, monggo kita dungo nyuwun dateng gusti Allah, mugi amal
ibadah kita ditun tampi dening gusti Allah, lan kita dados pribadi ingkang
muttaqiin, aamin yaa mujiibas saa iliin.

6
‫َج َعلَنَا اهللُ َو اِيَّا ُك ْم ِم َن الْ َعائِ ِديْ َن الْ َفا ئِِزيْ َن َوأ َْد َخلَنَ َاوإِيَّا ُك ْم ِىف‬
‫الرامِح ِ‬ ‫ر‬ ‫ي‬‫خ‬ ‫ت‬ ‫ن‬ ‫ا‬‫و‬ ‫م‬ ‫ح‬ ‫ار‬ ‫و‬ ‫ر‬ ‫ب ا ْغ ِ‬
‫ف‬ ‫ر‬ ‫الصاحِلِ‬ ‫ِ ِ ِِ‬
‫َّ‬
‫ْ َ ْ َ ْ َ َ َ ْ ُ نْي َ‬ ‫ْ‬‫َ‬ ‫ِّ‬ ‫ُز ْمَرة عبَاده َّ نْي َ َ ْ َ‬
‫ل‬ ‫ُ‬‫ق‬ ‫و‬ ‫‪.‬‬

‫‪Khutbah Kedua‬‬

‫اَهلل اَ ْكبر اَهلل اَ ْكبر اَهلل اَ ْكبر‪ ,‬اَهلل اَ ْكبر اَهلل اَ ْكبر اَهلل اَ ْكبر‪ ,‬اَهلل اَ ْكبر َكبِيرا واحْل م ُد ِ‬
‫ِهلل‬ ‫ُ َُ ُ َُ ُ َُ ُ َُ ُ َُ ُ َُ ُ َُ ًْ َ َ ْ‬
‫اهلل بكْرةً وأ ِ‬
‫َصْيالً‪.‬‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫َكثْيًرا َو ُسْب َحا َن ُ َ َ‬

‫‪7‬‬
‫ص نْي َ ‪،‬‬‫هلل الَّ ِذى جعل الْيوم ِعي ًدا لِعِب ِاد ِه الْم ْؤ ِمنِ ‪ ،‬وختَم بِِه َش هر الص يام لِْلمخلَ ِ‬ ‫اَحْل م ُد ِ‬
‫ْ ُ َّ َ ُ ْ‬ ‫ْ َ َ َ َ ْ َ ْ َ ُ نْي َ َ َ َ‬ ‫َْ‬
‫صي ِة ذُ َّل الدَّاري ِن لِْلع ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِ ِِ‬ ‫اعتِ ِه ِعَّز ُّ‬
‫وجعل ىِف طَ ِ‬
‫اصنْي َ ‪.‬‬ ‫َْ َ‬ ‫الد ْنيَا َواآلخَر ِة للطَّائعنْي َ َوىِف َم ْع َ‬ ‫َ ََ َ‬
‫ِ‬
‫َن سيدنا حُمَ َّم ًدا َعْب ُدهُ َو َر ُس ْولُهُ‬ ‫ك لَهُ‪َ ,‬واَ ْش َه ُد أ َّ‬ ‫َواَ ْش َه ُد أَ ْن الَ الَهَ إِالَّ اهللُ َو ْح َدهُ الَ َش ِريْ َ‬
‫َخيَا ِر َو َسلَّ َم تَ ْسلِْي ًما َكثِْيًرا ‪.‬‬ ‫ِ ِ‬
‫ص َحابِه الطَّاه ِريْ َن اْأل ْ‬
‫ِِ‬ ‫ِ‬
‫صلَّى اهللُ َعلَْيه َو َسلَّ َم َو َعلَى اَله َواَ ْ‬ ‫َ‬
‫ِ‬ ‫َّاس َّات ُقوا اهللَ‪َ ,‬واَ ِطْيعُوا َّ‬
‫الر ُس ْو َل َواُوىِل اْأل َْم ِر مْن ُك ْم ‪ .‬إِ َّن اهللَ‬ ‫أ ََّما َب ْع ُد ‪َ :‬فيَاَيُّ َها الن ُ‬
‫صلُّ ْوا َعلَْي ِه َو َسلِّ ُم ْوا تَ ْسلِْي ًما ‪.‬‬ ‫ِ‬
‫صلُّ ْو َن َعلَى النَّيِب ِّ‪ ،‬يَاأَيُّهاَ الَّذيْ َن ءَ َامُن ْوا َ‬
‫ِ‬
‫َو َمالَئ َكتَهُ يُ َ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِِ‬ ‫ٍ‬ ‫ِ‬
‫ض َعنَّا َم َع ُه ْم‬ ‫ص ْحبِه َوالتَّابِعنْي َ َو ْار َ‬ ‫ص ِّل َو َسلِّ ْم َعلَى َسيِّدنَا حُمَ َّمد َو َعلَى آله َو َ‬ ‫اَللَّ ُه َّم َ‬
‫ِِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ ِِ‬ ‫ك يا أَرحم َّ مِحِ‬ ‫ِ ِ‬
‫الرا نْي َ ‪ .‬اَللَّ ُه َّم ا ْغف ْر ل ْل ُم ْؤمننْي َ َوالْ ُم ْؤمنَات َوالْ ُم ْسلمنْي َ‬ ‫بَرمْح َت َ َ ْ َ َ‬
‫ات ‪ .‬اَللَّ ُه َّم‬ ‫َّك مَسِ يع قَ ِريب جُمِ يب الدَّعو ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ات اْأل ِ ِ‬ ‫والْمسلِم ِ‬
‫َحيَاء مْن ُه ْم َواْأل َْم َوات إن َ ْ ٌ ْ ٌ ْ ُ َ َ‬ ‫ْ‬ ‫َ ُْ َ‬
‫ص ِر اْ ِإل ْسالَ َم َوالْ ُم ْسلِ ِمنْي َ َوأ َِذ َّل الش ِّْر َك َوالْ ُم ْش ِركِنْي َ َو َد ِّم ْر أ َْع َداءَ الدِّيْ َن ‪َ .‬ربَّنَا ا ْغ ِف ْر‬‫انْ ُ‬
‫ِِ‬ ‫لَنَا و ِإلخوانِنَا الَّ ِذين سب ُقونَا بِاْ ِإلمْيَ ِ‬
‫ان َوالَ جَتْ َع ْل ىِف ُقلُ ْوبِنَا ِغالًّ للَّذيْ َن اََمُن ْوا َربَّنَا إِن َ‬
‫َّك‬ ‫ْ َ ََ ْ‬ ‫َ َْ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫الر ِحْي ُم ‪َ .‬ربَّنَا آتِنَا يِف ُّ‬
‫اب النَّا ِر‪.‬‬ ‫الد ْنيَا َح َسنَةً َويِف اآلخَر ِة َح َسنَةً َوقنَا َع َذ َ‬ ‫ف َّ‬ ‫َر ُئ ْو ُ‬
‫ب‬‫ص َحابِِه اَمْج َعِنْي َ ‪َ .‬واحْلَ ْم ُد لِلَّ ِه َر ِّ‬ ‫ِِ‬ ‫ٍ‬ ‫ِ‬
‫صلَّى اهللُ َعلَى َسيِّدنَا حُمَ َّمد َو َعلَى اَله َواَ ْ‬ ‫َو َ‬
‫الْ َعالَ ِمنْي َ ‪.‬‬

‫‪8‬‬

You might also like