You are on page 1of 4

LAMPIRAN

Glepung Tekek

SALIM wis kondhang wong jujur lan lurus. Upama ana piranti kanggo ngukur kejujuran,
banjur dianakake lomba kejujuran sadonya, ya Salim iku juarane. Saking jujure nganti
dheweke percaya wae nalika Dogong ngandhani.
“Lim, nek kowe pengin ngerteni nasibmu bakal mlarat apa sugih, takona marang tekek”.
“Carane piye Gong?” takone nggenahake.
“Nek ana tekek muni, tekeek-tekeek-tekeek … kowe muni, sugih-mlarat-sugih-mlarat, nganti
tekek mandheg. Yen buri dhewe tiba sugih, ateges kowe bakal sugih merga entuk pamujine
tekek”.
“Lha nek tiba mlarat?” takone Salim
“Ya ateges kowe bakal mlarat-arat-arat sajege, awit entuk sabdane tekek. Ning tindakna
apese ping pitu.”
Sorene bubar Magrib Salim wis mapan lungguh ing emper, ngenteni tekek muni. Jebul ora
muni. Nganti manjing Isya. Salim sholat Isya dhisik. Oleh rong rekangat, jebul si tekek muni,
lan Salim wiwit ngetutake muni:

“Tekeek… sugih, tekeek … mlarat, tekeek… sugih, tekeek … mlarat; tekee… k… sugih;
tekee… k mlarat…”
Mandheg. Wah kok tiba mlarat? Apa pancen nasibku dadi wong mlarat? Nanging iki lagi
sepisan. Omonge Dogong: ditindakake nganti ping pitu. Sajake sing muni mau kuwalik,
kudune diwiwiti saka mlarat.
Let sauntara tekeke muni maneh. Agahan Salim ngetutake muni, diwiwit saka mlarat:
“Tekeek… mlarat; tekeek… sugih; tekeek…. mlarat; tekeek… sugih; tekeek… mlarat”.

Mandheg. Wadhuh tiba mlarat maneh. Apa pancen nasibku kon dadi wong mlarat ta ya?
Atine dadi kemrengseng, karepe dadi notol kepengin mbuktekake nganti ping pitu. Mula
nganti kliwat tengah wengi Salim lungguh ing ngemper karo nunggu unine tekek. Gonta-
ganti olehe miwiti, wiwit sugih dhisik, nganti wiwit mlarat dhisik, nganti ping enem, tetela
tiba mlarat terus. Kojuur, kojur. Kari pisan engkas, yen tetela tiba mlarat maneh, ya wis
tinakdir uripku kon dadi wong nggombal pitung tumama.
Satengahe ngresula, si tekek muni. Enggal dheweke ngetutake muni:
“Tekee…k sugih, tekeek… mlarat; tekeee …. k sugih, tekee… k mlarat; tekeeek …. sugih,
tekeee…k …. mlarat…”
Mandheg. Wis cetha saiki. Dadi wong nggombal. Sok ana wong muni: yen lagi kebeneran
uripe, suket-godhong dadi rewang, ning yen lagi sial oh, suket godhong dadi mungsuh. Salim
rumangsa nasibe sial, si tekek wae sing padha-padha manggon ing omahe, kok ya dadi
mungsuh. Wis melu manggon ora mujekake sugih malah mujekake mlarat. Salim capeng,
mripat mencereng nyawang mendhuwur, lambene kedher, ngucap semu serak:
“Tekek, ora ngrumangsani kowe nunut manggon ing omahku, pujimu elek banget. Ping pitu
olehku ngetung, kabeh kok tibake mlarat. Nek ngono kowe tetep mungsuh. Sesuk dak buru
nganti ketemu, bakal dak goreng nganti garing lan dak remuk dadi glepung tekek. Ora mung
kowe nanging kabeh kancamu tekek sajagad iki, yen ketemu mesthi dak cekel, dak goreng
garing, dak remuk dadi glepung tekek. Aja sembrana karo Salim kowe kek!”

Salim tetela ora main-main. Esuke dheweke wiwit tumandang gawe. Tekek-tekek sing
manggon ing dhuwur blandar emper diopyak-opyak. Sing katon mlayu diburu. Mung ana loro
sing kecekel, liyane padha bisa ndhelik ing papan sing luwih primpen. Batine Salim: Ora
papa, sesuk maneh mesthi kecekel. Dina iki cukup loro iki wae.
Tekek loro sing wis kejel-kejel kena seblake Salim iku digoreng. Nganti garing. Banjur
didheplok nganti ajur dadi glepung tekek. Ambune gurih. Glepung gurih iku nuli dipendhem
ing lemah kebon.
Wiwit dina iku Salim dadi kondhang Salim tekek, kanggo mbedakake karo Salim liyane ing
desa kono sing wis kondhang diparabi Salim bengkel, awit gaweyane ndandani mesin rusak.

Kondhange Salim tekek keprungu dening Pak Haji Markum ing liya desa. Sakala Pak Haji
nggoleki menyang omahe.
“Assalamu ngalaikum.” Uluk salame Pak Haji Markum.
Disauri Salim: “Wah ngalaikum salam. Onten dhawuh napa Pak Haji, kok kadingaren
njenengan rawuh ing griya kula.”
“Badhe takon, Mas, napa sampeyan simpen glepung tekek?”
“Boten niku, Pak Haji.”
“Sampeyan rak sering pados tekek, digoreng terus diglepung?”
“Enggih ning boten kula simpen. Nek empun dadi glepung terus kula pendhem utawi kula
bucal teng lepen.”
“Wah, sesuk nek ngglepung malih ampun diguwang. Kula peke Mas.” Salim nyawang Pak
Haji sajak gumun.
“Kagem napa ta, Pak Haji?”
“Ajeng kula jajal kangge nambani ponakan kula sing sakit mengi. Empun bola-bali mertamba
teng dhokter, malah bola-bali opname teng rumah sakit, meksa mboten mantun. Nggih
mantun sanalika, ning let sesasi-rong sasi kumat malih.”
“Oh, nek ngoten kula padoske, mengke nek empun dadi glepung kula aturke teng daleme.”
“Wah, nedha nrima sanget, Mas Salim, saestu kula entosi nggih.” Ucape Pak Haji, nuli pamit
mulih.
Langsung wae Salim golek tekek mrana-mrana. Esuke wis oleh tekek lima, digoreng garing,
di glepung, banjur enggal-enggal diterake menyang omahe Pak Haji Markum ing tangga
desa. Nalika arep diulungi dhuwit, Salim nulak:

“Pak Haji, kula boten sadeyan glepung tekek. Lan malih ponakane dereng kantenan yen
saged mantun krana glepung tekek niku. Mila glepung tekek niku ampun dituku, niku
namung kula caoske mawon.”
“Oh, nedha nrima Mas Salim.”
Salim mulih, lan wis ora tau nggagas glepung tekek sing diaturake Pak Haji Markum.
Nanging wiwit dina iku yen nemu tekek maneh glepunge disimpen ing botol. Sapa ngerti yen
ana sing mbutuhake, kari ngulungake.
Nyatane pancen akeh sadulur sing mara menyang nggone Salim njaluk glepung tekek.
Sajrone setaun wis kliwat wong telung puluh sing mara mrono. Lan tetep wae salim emoh
diwenehi dhuwit. Nganti ing sawijining dina, Pak Haji Markum lan sawatara pawongan teka
ing omahe.
“Mas Salim ki jane kepengin kerja apa ta?” takone Pak Haji.
“Jane kula niku kepengin gadhah mobil gundhul, kangge ngangkut barangbarang umpamine
kayu, mebel, utawi jagung, tembakau, gabah, lan napa mawon sing perlu diangkut. Niku sing
paling kula remeni, Pak Haji, sebab kanthi ngangkut barang-barang, saben dinten kula
sumerep pundi-pundi, kenalane kathah, sami mawon dolan entuk dhuwit. Nanging tiyang
kados kula niki boten mampu tuku mobil. Dilalah tekek mawon nggih mujek-mujeke kula
mlarat.”
Pak Haji ngucap karo ngguyu; “Mas, sing mujekake mlarat niku sanes tekeke, ning lambe
sampeyan dhewe. Ngeten mawon; mobil kula nika sampeyan utang, dicicil saben sasi sak
mampune, napa sajuta, napa limang atus ewu, ngantos lunas. Pripun?”
“Napa mboten kedangon, Pak Haji?” ucape Salim nggenahake.
“Boten napa-napa, kula lega lila, awit saniki ponakan kula mpun boten perlu wira-wiri
mriksakake dhateng dokter utawi rumah sakit.”
Rembuge cocog. Mobil angkutan barang, Suzuki ireng weton sepuluh taun kepungkur iku
pindhah menyang omahe Salim. Merga wis kondhang jujur, sregep lan wis akeh wong
rumangsa dibeciki sarana glepung tekek, olehe dadi  tukang angkut-angkut laris banget,
prasasat saben dina ora tau lowong, dadi jujugane wongwong sing kepingin kirim barang
dagangan. Saben sasi Salim bisa nyicil rong juta.
Nadyan mengkono, saben ana wong takon iwak tekek Salim tetep nggolekake, tanpa gelem
diwenehi dhuwit. Malah saiki Salim ngingu tekek pirang-pirang ing omahe, saben dina
dipakani, supaya sawanci-wanci butuh ora perlu golek mrana mrana. Pisan dadi panglipuring
ati. Yen bengi klekaran ing lincak karo ngrungokake swarane tekek, kang rinasa merdhu
banget ing kupinge Salim.
“Tekeek, ….tekeek, ….tekeek, ….”

You might also like