Professional Documents
Culture Documents
1. Hijrah Mental.
Inggih menika hijrah kanti ngendaleni nafsu,
saking nafsu amarah tumuju dateng nafsul
lauwwamah lan nafsul muthmainnah. Jalaran nafsu
amarah punika tentu tansah ngajak tumuju dateng
pendamel awon, kados dawuhipun Allah :
ُّ ٌ َ َّ َ َ َ ْ َّ َّ
وء
هإن النفس لأ مارة هبالس ه
“Temenan nafsu iku tansah perintah kelawan penggawe
ala” (QS. Yusuf : 53).
2. Hijrah Kultural.
Inggih menika hijrah saking keterbelakangan
tumuju dateng kemajengan. Kawontenan kita
ingkang tasih katah katilar dening kemajengan,
kedah dipun ikhtiyari supados langkung saget
nggayuh kawontenan ingkang langkung sae. Kados
dene kawontenan pendidikan, lapangan pakaryan.
Mekaten ugi kabudayan ingkang saya ngrisak
dateng akhlak lan moralipun masyarakat lan sak
pinunggalipun. Punika kedah kita prihatosaken
syukur saget gumantos kabudayan ingkang laras
kaliyan tuntunan agami Islam.
3. Hijrah Sosial.
Inggih menika hijrah saking kondisi sosial kita
ingkang nemahi kerisakan jalaran pengaruh budaya
ingkang sering kebablasen. Hubungan pasederekan,
tetanggan lan sesrawungan kedah dipun usahani
kanti hijrah tumuju dateng kondisi sosial ingkang
langkung sae. Tiyang pinter pirang pirang, nanging
tiyang bener arang arang. Mila semangat hijrah
kedah tumanem ing manahipun saben saben tiyang
Islam.
4. Hijrah Material
Khutbah PCNU Bantul 5
Hijrah Material punika upaya perubahan
kangge nggayuh kawontenan ingkang langkung sae
ing babagan ekonomi, kita kedah gumbregah kedah
cancut tali wanda, mboten kenging kedlarung,
berlarut larut ing swasana sungkawa jalaran
musibah kapengker. Kita kedah semangat makarya
kangge nggayuh kebahagyaan dunya lan akhirat,
dunyane nggayuh baldatun thayyibatun warabbun
ghafur, akhirate beja mulya slamet saking siksa
wusananipun mlebet swarga . Amin.
Mugi mugi Allah tansah maringaken rahmat lan
hidayahipun dateng kita, kanti pinaringan panjang
umur ingkang manfa’at lan wilujeng dunya akhirat.
ُ َ ْ ُ
ْاّلل َوإَّياك ْم م َن ال َفائز ْي َن ْال َامن ْي َن * َوأ ْد َخ َل َنا َوإَّياكم ُ ٰ َج َع َل َنا
ه ه ه هه ه ه
َ ْ ْ ُ َ َّ ُْ
الح ْين * َوقل َر هب اغ هف ْر َو ْارح ْم هفي زم َر هة هع َب هاد هه الص ه ه
َ
َْ َّ ُ ْ َ َ ْ َ
*اح همين وأنت خيرالر ه
Rasulullah bersabda:
َّر هح ْي ٌم
ْ
ْ ُْ ْ ٰ َ َْ َ َ َ ٰ َّ ٰ َ َ ُ ُ ْ َ ْ َ ْ ْ
ان و هإيت هاء هذي القربى اّلل ،إن اّلل يأمر هبالعد هل وال هإحس ه هعباد ه
ُ ْ َ َ َْ ٰ َ
الب ْغيَ ،يع ُظكمْ الف ْح َشاء َوال ُم ْنكر َو َ ن ع وينهى
ه ه ه ه ه
ٰ ْ ُ َّ َ َّ ُ
اّلل ال َعظ ْيمَل َعلك ْم َت َذك ُر ْو َنَ .فاذك ُر ْوا َ
ه
ٰ َ ْ ْ ُ ُ َ ْ
اّلل أك َبرُ. ر ُ كَيذك ْرك ْم َول هذ
ه