You are on page 1of 6

Naskah Anoman Obong

Kacarita, ing negara Alengka, sang Prabu Rahwana utawa Dasamuka lagi
nandang tresna marang Dewi Sinta. Prabu Dasamuka ora bisa turu jalaran terus
mbayangake ayune Dewi Sinta. Nalika ngelamun, dumadakan ana sang Dewi
Sinta ngadek ing ngarepe. Prabu Dasamuka langsung mbopong lan ngrayu gawe
ukara-ukara kang endah. Ora suwe, Prabu Dasamuka sadar yen sing dibopong
dudu Sinta nanging abdine Kala Marica, Prabu Dasamuka langsung murka
marang Kala Marica.

Rahwana : Eh! Iblis laknat!

Kala Marica : Nyuwun Pangpunten ingkang agung duh gusti Prabu,

Rahwana : Duh wong ayu sesotyaning atiku Sinta, Sinta... Bisa temen kowe
ngorak-ngarik jagadku wong ayu.

Kala Marica : Sampun-sampun sanget kebondo ing raos wuyung dateng rekyan
Sinta

Rahwana : Ehm, Marica! Bener kepara nyata kandhane yayi Sarpa Kenaka.
Ana ing alas Dandaka, cetha kasulistiyane Dewi Sinta putri
Manthili. Byuh-byuh wah, aku wes weruh dewe. Aku wes
nyatakake dhewe. Wiwit pucuking rambut nganti jempoling suku,
babar pisan ora enek gethek cacate. Hahahaha... tiba senenge atiku
yen to bisa nggarwa Rekyan Sinta. Marica!

Kala Marica : Kula Wonten Dawuh.

Rahwana : Kepriye panemumu?

Kala Marica : Kula nuwun sewu, mbok pados wanita sanesipun Dewi Sinta
kemawon. Sampun ngantos ngrusuhi garwane liyan.

Rahwana : Cangkemmu! Dasamuka mbok elek anggepmu bayi. He! Kowe


tetungguling gentho, kowe benggole wong julik, kowe
dhedhengkote maling. Rekadayamu, tindakno! Piye carane supaya
kowe bisa misa Sinta karo Rama. Yen nganti ora bisa, tugel
gulumu.

Kala Marica : Inggih ngestokaken dawuh.

Sakwise urun rembug, Prabu Dasamuka lan Kala Marica banjur budhal
menyang wana Dandaka.
Nalika semana ing wana Dandaka Raden Rama Wijaya lan Dewi Sinta dikancani
adike kang aran Raden Lesmana Widagda.

Rama Wijaya : Yayi sinta Gawane pun kakang wong ayu, pun kakang mundhut
pangaksama dene jejering kakung ora bisa weweh rasa kamulyan.
Kapara sira wong ayu tak ajak manjing njero alas karembet ri
bebondotan babar pisan datan ana rasa semsem, yayi.

Dewi Sinta : Duh kakangmas, kasetiyanng garwa paduka mboten amung


kalanipun paduka nggregem brana, drajad, lan pangkat. Nanging
setunggaling garwa kedah bekti dhateng kakung madyapada
prapteng delahan.

Lesmana : Semanten ugi kula kakangmas, anggen kula tansah miring paduka
estining tekad. Kejawi nderek bebela raos paduka kakang Rama,
lugunipun sageta dados sarana. Memayu hayuning jagad raya
kakang.

Kala marica wes mlebu wana Dandaka banjur malih rupa dadi kidang
kencana sing wulune emas. Kidang kencana mau banjur nyedaki lan nggodha
Dewi Sinta. Dewi Sinta kagodha kepengin ngingu kidang kencana. Dewi Sinta
banjur matur marang garwane supaya dicekelake kidang kencana mau.

Raden Rama Wijaya banjur ngejar kidang kencana. Amarga kesit, Rama
banjur menthangake gendewa (busur) ngelepasake panahe kanggo nglumpuhake
kidang kencana. Panah tumancep ing gulune, babar sejatining wujud yaiku Kala
Marica. Kabukak wadine, Kala Marica langsung nrajang Rama Wijaya. Kala
Marica perang tanding karo Rama Wijaya. Perang iku dimenangake dening Rama.

Kala Marica nggunakake sisa kesaktiane kanggo nglabuhi Dewi Sinta dan
Lesmana. Dheweke niru suarane Rama sing sambat kelara.

Kala Marica : (Menirukan Suara Rama) Yayi, tulungana pun kakang dimas.
Lesmana, pinancal kidang jebol dhadhaku. Yen ora mbok tulungi,
aku bisa teko pati yayi.

Keprungu suara mau Dewi Sinta kepengin nggoleki saperlu awek tetulung,
nanging dipenging karo Lesmana.

Lesmana : Kakangmbok badhe tindak pundi?

Dewi Sinta : (Sedih) apa kowe ora krungu sesambate kakangmas Regawa?

Lesmana : Kakangmbok, nitik saking suwaten punika dudu kakangmas.


Nyuwun pangapunten, punika wonten jeroning wanadri kathah
sabikalanipun.
Dewi Sinta : Batobat-tobat. Lesmana, ora ngira yen ta jebul kowe tega marang
patine sedulur tuwa. Yen to mangkono kowe sugih melik mengku
pamrih. Batobat, kowe seneng yen ta sang Rama prapting pati.
Kowe nduwe pangajat marang aku. Bisa nyenggol kulitku, tak
beset tekan daginge.

Lesmana : (Kaget) Sewu mbioten nginten jebul, anggen kula setya dhateng
kadang awoh panyengguh miwah panyakra bawa awon.
Kakangmbok, mboten paja-paja kula badhe melik dhateng salira
paduka. Inggih, menawi mekaten keparengipun kula badhe ndherek
kepareng paduka ngupaya kakangmas Regawa. Kula aturi lenggah
mriku papan punika badhe kula rajah kangmbok.

Sakdurunge nggoleki Rama, Lesmana gawe rajah kanggo Sinta.


Sakjengkare Raden Lesmana Widagda, dumadakan teka si Kakek Pikun sing
sejatine yaiku Dasamuka kang njalma amarga ora bisa nembus rajah Dewi Sinta.
Kakek Pikun mau njaluk pitulungan marang Dewi Sinta.

Kakek Pikun : Hadeh, kusuma dewi. Kula nyuwun kawelasan, sakit gondhang
kula menawi mboten pkantuk toya, kula badhe pejah wonten mriki.
Kula nyuwu toya den ayu.

Dewi Sinta : Penemban ing kene ora ana tirta lan aku ora bisa nggolekake.

Kakek Pikun : Menawi mekaten, mbok inggiha suruh ingkang paduka asta
punika kula suwun? Kengenga kangge jampi.

Dewi Sinta : Ya ya, mara kaki nyaketa mrene kyai!

Kakek Pikun : Kula mboten saget ndlawat, sampun tigang dinten tigang dalu
punika mboten mangan menapa-menapa. Kala mben namung
angsal endog alit.

Dewi Sinta : ya toh, yen ta pancen mangkono, mara sikil tampanen.

Dewi Sinta menehake sirih sing digawa marang Kakek Pikun. Nalika
ngelungake sirih, asta Dewi Sinta langsung digegem lan Kakek Pikun bali marang
wujud asale yaitu Rahwana Raja. Rahwana sigra nyidra (nyolong) Dewi Sinta.

Gantining wektu, Raden Rama Wijaya saiki dadi raja ing negara Pancawati. Prabu
Rama gelar sapatemon kanggo ngrembok babagan garwa sing dicidra dening
Dasamuka. Sang Prabu kepengi ngerteni kahanan garwane. Pertemuan mau
ditekani dening Raden Lesmana, Anoman, lan Ki Lurah Semar.

Ki Semar : Ehg... Mbegegeg ugeg-ugeg hmel-hmel eh... Mbok inggih sampun


amung mangu-mangu kewala gus.
Prabu Rama : dene sira kakang Semar. Tetela ing ri palungguhan iki, ora tekan
rasaku gonku tansah kengen nakyenake lenggahe yayi Dewi (Sinta).

Ki Semar : Eh... menawi namung dipun penggalih kewala mboten badhe


pinanggih.

Anoman : Amitpasangkalimantabih, keparenga Anoman ngunjuk atur.

Prabu Rama : Ana wigati apa Anoman?

Anoman : Menawi wonten kepareng paduka sinuwun, Anoman sagah dados


duta paduka prapteng negari Ngalengka. Ngupaya gusti kula Dewi
Sinta.

Prabu Rama : Anoman apa sira laer tulusing batin?

Anoman : Kabedela dhadha kula sinuwun.

Ki Semar : Aha, niku langkung prayogi.

Prabu Rama : Minangka tanda dutaku, mara sikil mundiya cincin aturna marang
garwaku yayi Dewi Sinta.

Anoman : Nuwuninggih ngestokaken dhawuh.

Sakwuse nampa cincin saka Prabu Rama, Anoman njaluk pamit budhal
menyang negara Alengka. Ing pinggir samodra, Anoman ngetokake kasekten,
matek aji sepi angin peparinge Batara Bayu. Kanthi dayane ajian iku, Anoman
mabur nyebrangi samudra kaya bantere angin.

Sawetara iku ing Alengka, Rahwana marani taman Argasoka. Rahwana


sabendina mbujuk Sinta supaya gelem dadi bojone tapi mesti tanpa asil. Dewi
Sinta malah tambah sedih amarga suwi pepisahan karo Rama. Saben dina Dewi
Sinta dikancani Dewi Trijata sing ora liya ponakane Dasamuka. Beda karo paklike
(pamane), deweke mesti aweh panglipur marang Sinta.

Rahwana : ehm, Sinta Sinta. Njur besok kapan nggonmu gelem ngladeni pun
kakang, yayi. Hahaha, hahaha...

Dewi Sinta : Nadyan jagad bisa mbok gulung, nanging ora bakal bisa nelukake
atiku.

Rahwana : Piye! Piye balenana! Dasamuka dudu bayi, hem! Ora bisa tak
telukake sunaris, tak rodapeksa karepku.

Di getak Dasamuka, Dewi Sinta ngunus (njupuk) curiga (keris) lan arep
suduk salira ( bunuh diri) yen kulite kademek Dasamuka. Weruh kahanan kaya
mangkono Dasamuka langsung ngaleh saka taman Argasoka.
Dewi Sinta : Age senggolen, aku mati

Rahwana : (Berteriak) Ah, Sinta...!

Anoman teka ngadhemngake kahanan. Anoman banjur masrahake cincin


Prabu Rama marang Dewi Sinta.

Dewi Sinta : Ana rewanda seta kang bisa ngaturake simsim ageming Pangeran
Rama.

Anoman : Inggih, kula utusanipun sang Rama Regawa. Nami kula pun
Anoman.

Dewi Sinta : Ya aku Rekyan Sinta.

Dewi Sinta : Ana wigati apa Anoman?

Anoman : Nggih, estonipun mboten dangu maleh gusti kula Raden Rama
Wijaya badhe methok kondor paduka.

Dewi Sinta : (Nyedak) Jagad Ywang Agung paduka sampun pareng


pepadhang. Anoman, yen ngono we enggal baliha. Iki cundamanik
aturna pangeran Rama minangka tanda bektiku.

Anoman : Ngatoraken agenging panuwun kusuma dewi, kula nyuwun pamit.

Sakwuse ngrampungake kewajiban, Anoman pamit mbalik menyang Pancawati.


Ing gerbang taman Argasoka, Anoman dicegat prajurit raksasa sing meruhi
dheweke. Banjur dadi perang antarane prajurit raksasa Alengka musuh Anoman.
Para prajurit ora kuat nandangi kasektene Anoman. Akeh prajurit mati. Weruh
kahan kang mbebayani, Raden Indrajit (putra Dasamuka) nglepasake panah rantai
Kyai Nagabanda. Anoman bisa dilumpuhake. Anoman banjur diadhepake marang
Prabu Rahwana kanggo diadili.

Rahwana : Wah, keparat! Iki sapa gawe geger Jit?

Indrajit : Kengkenanipun Rama Wijaya, naminipun Anoman.

Rahwana : Keparat! Bosen urip, bakar Jit!

Raden Indrajit karo para prajurit raksasa banjur ngelumpukake kayu lan
ditata kaya gunung anakan kanggo mbakar Anoman. Geni wis diurupak. Anoman
sing ana ing njero geni ora kobong. Malah tambah gedhi. Anoman banjur
ngobrak-ngabrik tumpukan geni. Alengka dadi kobong sak nggon-nggon.
Keterangan tokoh:

1. Rahwana/Dasamuka/Kakek tua : Ela

2. Kala Marica : Jeje

3. Rama Wijaya : Zidan

4. Dewi Shinta : Valerina

5. Lesmana : Putri

6. Anoman : Bram

7. Ki Lurah Semar : Silfia

8. Indrajit : Imam

#rahwana dasamuka kakek tua itu 1 orang

You might also like