You are on page 1of 7

KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA IKADI DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA

EDISI 343
3 Februari 2023 M
12 Rajab 1444 H

KAUTAMANIPUN WULAN RAJAB


Dening: Ust. Umar Mujtahid
(PD Ikadi Sleman, DIY)
Nyalin Basa: Ust. Dhanie Asy Syakieb, M.Pd.
(PD Ikadi Bantul, DIY)
َ َ ‫ََحَ َ َ ح‬ َ ‫ه‬ َ َ ‫َ حَ ح ُ ه ه ح َ ه َ َ ح َ ح َ ه ُ ح‬
‫اِص‬ َ ‫ ونبت َعد ع َن المع‬،‫اَّلي فضل بعض اْليامَ َِلك َِث َمن الطاَعت‬ َ ‫ّلِل‬َ َ ‫اْلمد‬
َ َ ‫َ حُح‬
‫والمنكرات‬
‫ََ ح َ ُ َ ه‬ َ َ ‫ه‬ َ ‫ح‬ َ‫َ َ ح َُ َ َ ح َ َ َ ُ ح‬ ‫ََ ح َ ُ َ ح َ ََ ه‬
‫ وأشهد أن‬،‫ خا َلق اْلر َض والسماوات‬،‫َشيك َل‬ َ ‫وأشهد أن َل َإَل َإَل اهلل وحده َل‬
‫ح ح‬
‫ات َوال ُمع َج َزات‬ َ َ ‫ َص ُ ح‬،‫َسيِّ َدنَا ُُمَ هم ًدا َعبح ُد ُه َو َر ُس حو َُل‬
َ ‫احب الك َرام‬َ
َ َ ‫ح‬ ََ ‫َ َُه‬ َ َ َ ‫ُ َ َ َح‬
ٍ‫اَل َو َصح َب َه َو َم حن ت َب َع ُه حم َإَل يَ حوم‬
َ َ ‫الله هم ص َل لَع عب َدك س َي َدنا َو َر ُس حولَك ُمم ٍد ولَع‬
ُ َ َ َ‫ح‬ ‫ُح‬
.‫الس َيئَات‬
‫ات َو ه‬ ‫ُت َزى اْلسن‬
ُ‫أَ هما َب حعد؛‬
َ ََ َ َ َ ‫ه ُ ح َ َ ه ُ َ ََ َ ُ ح ُ ه ه ََحُ ح ُ ح ُ ح‬ َ َ
:‫ قال اهلل تعاَل‬.‫ َاتقوا اهلل حق تقاتَ َه وَلتموتن َاَل وأنتم مس َلمون‬،‫فيَا َعبَاد اهلل‬
َُ ‫َ َ ه‬ ُ ‫ه ح َ َ ُّ َ ه ح َ َ َ ُ ح ه‬ َ ‫ح‬ ‫َ ه‬ ُ‫َ ُح‬
‫اَّلين ءامنوا َإتقوا اهلل حق تقاتَ َه‬ َ ‫ «يأيها‬:‫ان الر َجي َم‬ َ ‫هلل َمن الشيط‬ َ ‫أعوذ بَا‬
َ ‫ََ ُ ه ح‬
»‫َوَلت ُم حوت هن َإَل َوأنتُ حم ُم حس َل ُم حون‬

Hadirin Jamaah Jumat Rahimakumullah


Wonten ing warso Hijriah, wonten wulan-wulan ingkang dipun
agungaken dening Gusti Allah Swt. Sakperanganipun wulan ingkang kasebat,
dipun mulyaaken amargi wontenipun ibadah ingkang kautamanipun inggil
kados dene wulan Ramadhan lan wulan Dzulhijjah. Sakperangan sanesipun

Edisi 343 | Jumat, 3 Februari 2023 M / 12 Rajab 1444 H 1


KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA IKADI DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA

minangka wulan ingkang dipun mulyaaken saha dipun awisi perang wonten ing
wulan-wulan kasebat.
Pramila wulan-wulan kasebat dipun wastani al-Asyhur al-Hurum, utawi
wulan-wulan haram. Haram dipun maknai dipun mulyaaken, inggih punika
saking tembung al-Hurmah ingkang artosipun kamulyan. Utawi kasebat wulan
haram amargi wonten ing lebetipun dipun haramaken peperangan. Wulan-
wulan kasebat inggih punika wulan bulan Dzulqaidah, Dzulhijjah, Muharram
lan Rajab. Allah Swt. Paring pangandikan wonten ing Alquran surah at-Taubah
ayat kaping 36:

‫ات‬ ‫اّلِل يَ حو َم َخلَ َق ه‬


َ ‫الس َم‬ ‫ه‬ َ‫َش َش حه ًرا ِف كت‬ ‫حَ ه ح‬
َ َ ‫اثنَا َع‬ ُّ َ ‫ه ه‬
ُ ‫الش‬
َ ‫او‬ َ ‫اب‬ َ َ َ ‫اّلِل‬
َ ‫د‬‫ن‬‫ع‬َ ‫ور‬
َ ‫ه‬ ‫َإن َعدة‬
‫كمح‬ُ َ ُ‫ه َح‬ ُ ‫ُ حَ ُ ََ َح‬ َ َ ٌ ُ ُ ٌََ‫َ حَح َ حَ َح‬
‫يهن أنفس‬ َ ‫لين الق َيم فَل تظ َلموا َف‬ َ ‫واْلرض َمنها أربعة حرم ذلَك ا‬
“Satemene cacahe sasi miturut Allah iku rolas sasi, (kaya) ing katetepane Allah nalika
Panjenengane nitahake langit lan bumi, kang ana patang sasi haram (kanggo perang).
Iki (ketetapan) agama sing lurus, mulane aja padha nganiaya marang awakmu dhewe
ing (wulan kaping papat)....” (Q.s. At-Taubah: 36)

Rasulullah Saw. Ugi paring pangandikan:

َ‫لسنَ ُة َا حثنَا َع ََش‬ َ


‫ ا َ ه‬:‫واْل حر َض‬ ُ ‫ار َك َهيحئَته يَ حو َم َخلَ َق‬ ‫ان قَد ح‬
َ ‫استَ َد‬ َ َ ‫ه ه‬
‫ات‬
َ ‫او‬َ ‫الس َم‬
‫اهلل ه‬
ََ َ ‫َإن الزم‬
َ ُ ٌ َ ََُ ٌ ََ ٌ ُ ُ ٌََ‫َ حً حَ َح‬
َ ‫ َوال ح ُم‬،‫ َوذ ُو اْل هجة‬،‫الق حع َدة‬
ُ،‫ح هرم‬
َ َ َ ‫ ذو‬:‫ ثَلث متو َاِلات‬:‫ َمنها أربعة حرم‬،‫شهرا‬
َ ‫َ ح‬ َ َُ َ‫َ َ ُ ُ َ َ ه ح َح‬
‫ُجادى َوشعبَان‬ ‫اَّلي بْي‬
َ ‫ورجب مَض‬
“Satemene jamane wis ganti kaya nalika Allah nitahake langit lan bumi. Ing taun iku
ana rolas sasi, kang ana patang sasi mulya, telung sasi berturut-turut; Dzulqa'dah,
Dzulhijjah, lan Muharram lan Rajab Mudhar, yaiku antarane wulan Jumadil Akhirah
lan Sya'ban.” (Muttafaq ‘Alaih)

Ibnu Katsir jelasaken wonten ing tafsiripun bilih kezaliman wonten ing
wulan-wulan haram dosanipun langkung ageng tinimbang tumindak zalim
wonten ing wulan sanesipun. Sinaosa tumindak zalim minanga dosa ingkang
ageng, ananing manawi dipun tindaaken wonten ing wulan-wulan haram mila
dosanipun dados langkung ageng wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT.
Lan dados hak Allah kagem ngagungaken ciptaan-ciptaanipun sakkarepipun
ingkang dipun Gusti Allah kersaaken. Perkawis punika, kados dene nalikanipun
Allah SWT milih antawisipun malaikat-malaikatipun ingkang dados perantara

Edisi 343 | Jumat, 3 Februari 2023 M / 12 Rajab 1444 H 2


KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA IKADI DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA

antawis Allah SWT kaliyan Rasul-rasulipun. Makaten ugi Allah SWT milih
sakperanganipun tiyang kagem ngasta risalahipun. Allah ugi milih masjid
kagem papan panggenan ingkang dipun tresnani lan sak pinunggalanipun.
(Tafsir Ibnu Katsir: 4/148)

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah


Wonten ing khutbah dinten punika, khatib badhe matur fadhilah utawi
kautamanipun salah satunggaling wulan haram inggih punika, wulan Rajab.
Wulan Rajab inggih punika wulan kaping pitu wonten ing wulan Hijriyah.
Wonten ing dinten punika kula lan panjenengan sami kaleres wonten ing surya
kaping 12 Rajab.
Ibnu Katsir Jelasaken, bilih tembung Rajab kapendhet saking tembung at-
Tarjib ingkang maknanipun ngagungaken. Sanesipun dados salah satunggaling
al-Asyhur al-Hurum, wulan Rajab ugi minangka wulan ingkang celak kaliyan
wulan Ramadhan, ingkang rumiyin Kanjeng Nabi Muhammad saw lan para
shahabat nyiapaken sedoyo perkawis kagem mangayubagya wulan Ramadhan.
Pramila, Ibnu Rajab al-Hambali ngendika bilih wulan Rajab minangka
lawang ingkang tumuju dhateng wulan ingkang kebak barokah lan kasaenan.
Makaten ugi Abu Bakar al-Warraq, salah satunggalipun ulama abad tiga Hijriah
ngendika: Sasi Rajab minangka sasi nanem, sasi Sya’ban minangka sasi kanggo nyirami
lan sasi Ramadhan minangka sasi kanggo panen. (Lathaif al-Ma’arif: 121)
Wonten ing hadits ingkang kariwayataken dening Abdullah bin Imam
Ahmad dipun sebataken bilih manawi mlebet wonten ing wulan Rajab,
Rasulullah saw dedonga :
َ َ ‫َ َ ََ حَ َ ََ ح‬ َ‫الله ُه هم بَار حك َِل‬
‫ارك ِلَا َِف َر َم َضان‬
َ ‫ب‬‫و‬ ‫ان‬‫ب‬‫ع‬ ‫ش‬‫و‬ ‫ب‬
ٍ ‫ج‬‫ر‬ ‫ِف‬
َ ‫ا‬ َ
Ya Allah, muga-muga muga-muga kita diberkahi ing wulan Rajab lan Sya'ban lan uga
berkahi ing wulan Ramadhan. (Musnad Ahmad, 5/260)

Sinaosa hadis punika lemah miturut ulama, ananing ulama serujuk bilih
kula lan panjenengan sami pikantuk dedonga nyenyuwun dhumateng Gusti
Allah Swt, saklaminipun mboten wonten gegayuhan awon utawi maksiat.
Pramila, estu edi peni manawi kula lan panjenengan sami ugi nyiapaken sedaya
uba rampenipun kagem mangayubagya wulan Ramadhan, kanthi gegayuhan

Edisi 343 | Jumat, 3 Februari 2023 M / 12 Rajab 1444 H 3


KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA IKADI DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA

supados Gusti Allah SWT tansah maringaken yuswa ingkang dawa, supados
saget gesang ngatos wonten wulan Ramadhan warsa punika.
Kautamanipun wulan Rajab sanesipun inggih punika wontenipun
prastawa agung Isra’ Mi’raj. Rasulullah dipun lampahaken wonten ing ndalu
saking Makkah dhanteng Baitul Maqdis wonten ing Palestina, lan
saklajeningipun dipun asta dhateng langit ngantos Sidratul Muntaha kagem
nampi pitedah jejibahan shalat kagem umat Islam. Allah nyebataken prastawa
punika wonten ing Surah Al-Isra’ ayat kaping 1:
‫حَح َ ه‬ ‫ح‬ َ ‫حَ َ َ ح‬ ‫ح‬ َ ‫ُ ح َ َ ه َ ح َ َح َحً َ ح‬
‫اَّلي‬
َ ‫اَّلي أْسى بَعب َد َه ِلَل َمن المس َج َد اْلرامَ َإَل المس َج َد اْلقَص‬
َ ‫سبحان‬
ُ ‫اْلص‬ ‫َ َح َ َ حَُ ُ َ ُ ح َ َ هُ ُ َ ه ُ ح‬
‫ي‬ َ َ ‫ُنيه َمن آياتَنا َإنه هو الس َميع‬
َ َ ‫باركنا حوَل ل‬
“Mahasuci (Allah) ingkang sampun nglampahaken kawulanipun (Nabi Muhammad)
wonten ing setunggaling dalu saking Masjidilharam dhumateng Masjidilaqsa ingkang
sampun Kita (Allah) berkahi kanan kiringipun ingkang supados Kita (Allah)
ngetawisaken dhumateng piyambakipun seperangan tandha yekti ke Agunganipun
Allah. Saestunipun Panjenenganipun Allah punika Maha Midanget lan Maha Pirsa”
(Al Isra’: 1)

Para ulama benten-benten pemanggihipun ngengingi wekdal lan wulan


punapa prastawa Isra’ dan Mi’raj kadadosan. Wonten ingkang kagungan
pemanggih wonten ing wulan Dzulqa’dah, wulan Rabi’ul Awwal. Ananging, al-
Hafidz Abdul Ghani al-Maqdisi lan ugi Imam an-Nawawi kagungan pemanggih
bilih Isra’ Mi’raj dumados wonten ing wulan Rajab. Pemanggih punika ugi dipun
pilih daning Darul Ifta’ al-Misriyyah minangka lembaga fatwa ingkang paling
inggil wonten ing Mesir.
Minangka piyantun Muslim, prastawa Isr’a dan Mi’raj minangka
prastawa ingkang agung lan kathah hikmahipun. Wonten ing ndalu punika,
Gusti Allah nuduhaken kuwaosipun kanthi paring kanugrahan mukjizat
dhumateng Nabi Muhammad saw, kanthi saget lelampahan langkung
saking1500 Km wonten ing setunggal ndlau, manawi dipun lampahi kanthi nitih
unta estu mbetahaken wekdal antawisipun 40 dinten. Nabi shallallahu ‘alaihi
wasallam ugi dipun lampahaken ngantos langit kaping pitu. Lan ngendikan
langsung kaliyan Gusti Allah SWT lan nampi pitedah sholat. Kanjeng Nabi
shallallahu ‘alaihi wasallam ugi saget kepanggih kaliyan para Nabi lan Rasul
ingkang kepengker lan dados imam sholat kagem piyambakipun sedaya.

Edisi 343 | Jumat, 3 Februari 2023 M / 12 Rajab 1444 H 4


KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA IKADI DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah


Wondene ngengingi pangibadahan tinemtu kados dene shalat lan siyam
wonten ing wulan Rajab, Ibnu Rajab al-Hambali wonten ing kitabipun Lathaif al-
Ma’arif ngendika bilih mboten wonten hadis shahih ingkang nedahaken utawi
ngiyataken kaum muslimin kagem nindaaken shalat utawi siyam tinemtu
wonten ing wulan Rajab. Sinaosa makaten, wonten hadits ingkang saget dipun
ginaaken dados dalil kagem ngathahaken siyam sunah wonten ing wulan Rajab,
Ngendikanipun Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam :
‫ح ح‬ ‫ح‬
‫ُص حم َم َن اْل ُ ُرمَ َوات ُرك‬
Puasa saka wulan sing dilarang, utawa ninggalake (Hr. Abu Dawud)

Ngendikanipun Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam bilih Nabi paring


kelonggaran umatipun kagem nindakaken siyam wonten ing wulan Rajab,
kanthi pengertosan bilih wulan Rajab minangka wulan Haram. Pramila, sahabat
Nabi saw, Ibnu Umar lan sakperanganipun ulama salaf kadosdenen al-Hasan al-
Bashri, Abu Ishaq as-Sabi’i lan sanes-sanesipun, ngathahaken siyam wonten ing
wulan-wulan Haram kasebat.
Makaten ugi satunggaling ulama tabi’it tabi’in kanthi asmo Sufyan ats-
Tsauri ngendika : Aku luwih seneng pasa ing wulan-wulan haram. Badhe langkung
sae malih manawi ngathahaken siyam sunah wonten ing wulan Rajab ngantos
wulan Sya’ban. Supados wasilah kagem nyiapaken mapag mangayubagyo
wulan Ramadhan. Amargi kadosdene hadits ingkang dipun aturaken ‘Aisyah,
Rasulullah rumiyin ngathahaken siyam wonten ing wulan Sya’ban.
Wondene siyam-siyam sunah ingkang saget dipun tindakaken wonten
ing wulan Rajab antawisipun siyam Senin lan Kamis. Nabi ngendika:
ُّ ‫اْلَميس فَأُح‬
ٌ‫ب أَ حن ُي حع َر َض َع َمِل َوأَنَا َصائم‬ ‫ُ حَ ُ حَ ح َ ُ َح َ حَح َ ح‬
َ َ َ َ َ ‫ْي و‬
َ ‫تعرض اْلعمال يوم َاَلثن‬
Amalan-amalan iku ditetepake (marang Allah) ing dina Senin lan Kamis. Lan aku
pengin latihanku diangkat nalika aku pasa. (Hr. At-Tirmidzi)

Makaten ugi siyam Ayyamul Bidh, inggih punika siyam tiga dinten wonten
ing tengah wulan Hijriyah ingkang kaleres surya kaping 13, 14, dan 15. Siyam
punika ugi sampun dipun jelasaken wonten ing hadis, antawisipun ingkang
dipun aturaken dening shahabat Abu Hurairah, piyambakipun ngendika :

Edisi 343 | Jumat, 3 Februari 2023 M / 12 Rajab 1444 H 5


KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA IKADI DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA

َ َ َ ‫ح‬ ُ ‫ح‬ ‫ه‬ َ ََ َ ‫َ َح ُ ُ ه َ ه َُ ح َ َ ح‬ َ َ ‫َح َ ح َ ح‬


‫ وصَل َة‬،‫ك شه ٍر‬
َ ‫أوص َاِن خ َلي َِل بَثَل ٍث َل أدعهن حَّت أموت صومَ ثَلث َة أيامٍ َمن‬
‫َ ح‬ َ ُّ
‫ َون حومٍ َلَع َوت ٍر‬،‫الض ََح‬
“Katresnanku (yaiku Nabi Shallallahu 'alaihi wa sallam) ninggalake aku telung saran
sing ora daktinggalake nganti aku mati: pasa telung dina saben wulan, sholat Dhuha,
sholat witir sadurunge turu..” (Hr. Al-Bukhari)

Ugi wonten hadits Nabi saw ingkanbg kariwayataken dening ‘Abdullah


bin ‘Amr bin Al ‘Ash, bilih Rasulullah Saw. ngendika,
ِّ ُ ‫َ ح ُ َ َ َ َ ه َ ح ُ ه ح‬
‫صوم ثَلث َة أيامٍ صوم اله َر ُك َه‬
” Puasa ing telung dina saben sasi kaya pasa ing saindhenging taun”
(Hr. Al-Bukhari)

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah


Makaten fadhilah lan kautamanipun wulan Rajab. Mugi Gusti Allah
tansah maringaken kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan sami,
sahingga saget ngginaaken wekdal ingkang dipun paringaken kautamanipun
dening Gusti Allah SWT kagem nindaaken pangibadahan dhumateng Allah
Subhanahu wa Ta’ala, Amin Ya Rabbal ‘Alamin.

ُ ‫ َو َن َف َع ح‬, ‫الع َظيح َم‬ ُ ‫ُح‬ ُ َ َ ‫ََ ُ ح ح‬


‫ِن َو َايها ك حم بَ َما َفيح َه َم َن‬ َ
َ ‫ان‬ ‫ر‬ ‫الق‬ ‫ِف‬
َ
‫كح‬
‫م‬ ‫ار َك اهلل َِل ولكم َِف و ل‬
َ َ‫ب‬
ُ‫الر َحيحم‬ َ َ ُ ُ ‫َ ح َ َ َ ه َ ِّ ح َ ح ُ ح َ َ ُ ه‬
‫الغ ُف حو ُر ه‬ ‫ََ َ ح‬
‫كي َم وتقبل َمِن و َمنكم تََلوته َانه هو‬ َ ‫َّلك َر اْل‬
َ ‫ات وا‬
َ ‫اَلي‬

Khutbah Kaping Kalih

‫ََ َ ُ َ ح َ ََ ه ه‬ ‫ح‬ َ َ ُ َ ُ ‫َ ُّ ح‬ ‫َ حَ ح ُ ه َ ح‬
ُ‫اّلِل‬ ‫ وأشهد أن َل َإَل َإَل‬،‫َل َلَع ت حو َفيح َق َه َوام َتنَانَه‬ ‫ والشكر‬،‫ّلِل َلَع َإح َسانَ َه‬ َ َ ‫اْلمد‬
ٰ ‫ه‬ ُ َُ َ ُ ُ َ ً ‫َ ُ ه َ هَ ُ ه‬ ‫ح‬ َ ً ‫َ ح َ ُ َ َ َ َُ َ ح ح‬
ُ
‫ وأشهد أن ن َبينا ُممدا عبده ورسوَل ال َاِع َإَل‬،‫َشيك َل تع َظيما لَشأنَه‬ َ ‫وحده َل‬
ُ:‫ أَ هما َب حعد‬،‫ر حض َوانه‬
َ َ

Edisi 343 | Jumat, 3 Februari 2023 M / 12 Rajab 1444 H 6


‫‪KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA IKADI DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA‬‬

‫َ‬ ‫َ ه ح‬ ‫ُ‬ ‫ح‬ ‫ُ‬ ‫ح‬ ‫َ َ ه ه ح َ ََ‬ ‫هُ‬ ‫ََ َ َ‬


‫الس واِلجوى‪.‬‬ ‫فيا َعباد اهلل‪َ ،‬اتقوا اهلل حق اتلقوى‪ ،‬وأ َطيعوه َِف ََ‬
‫ب‬ ‫اح‬ ‫ص‬‫ـــمن حي‪ ،‬نَبينَا ُُمَ همد َ‬ ‫الساج الح ُ‬ ‫َ‬ ‫َ‬
‫و‬ ‫‪،‬‬ ‫ي‬‫لَع ال ح َهادي الحبَش ح‬ ‫ُ ه َ ُّ َ َ ُ َ َ‬
‫ثم صلوا وس َلموا‬
‫َ َ‬ ‫ٍ‬ ‫ََ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬
‫َ َ ُ ُ َ ُّ َ َ َ‬ ‫ه هَ َ َ َ‬ ‫َ‬ ‫حَ ح ح َ ح ََ ح َ َ ُ ََ َ‬
‫الفض َل الك َبي‪ .‬فقد قال اهلل تعاَل َِف َكتابَ َه‪َ ﴿ :‬إن اّلِل ومَلئَكته يصلون لَع‬
‫ه َ َ ُّ َ ه َ َ ُ َ ُّ َ َ ح َ َ ُ َ ح ً‬
‫اَّلين آمنوا صلوا علي َه وس َلموا تس َليما﴾‬ ‫اِل َ َب يا أيها َ‬
‫ه َ‬ ‫َُه َ َ َ هح َ ََ حَ ح َ َ ََ‬ ‫َ هُ ه َ ََ َُه َ ََ‬
‫آل َإبح َرا َهيح َم إنك‬ ‫َ‬ ‫لَع‬ ‫و‬ ‫م‬ ‫ي‬ ‫ه‬
‫َ‬ ‫ا‬‫ر‬ ‫ب‬ ‫إ‬
‫َ‬ ‫لَع‬ ‫ت‬ ‫ي‬ ‫ل‬ ‫ص‬ ‫ما‬ ‫ك‬ ‫د‬‫ٍ‬ ‫م‬ ‫ُم‬ ‫آل‬ ‫َ‬ ‫لَع‬ ‫اللهم ص َل لَع ُمم ٍد و‬
‫ُح َ‬ ‫ُ‬ ‫ح ح‬ ‫َ‬ ‫َ حٌ ه ح َ ح َ هُ ه َ ح ُ ََ‬
‫ِب بَك ٍر َوع َم َر َوعث َمان‬ ‫اش َديحن‪َ ،‬أ‬ ‫َ‬ ‫ه‬
‫الر‬ ‫ء‬ ‫ـجيد‪ ،‬وارض اللهم ع َن الـخل َ‬
‫ا‬ ‫ف‬ ‫َحيد م َ‬ ‫َ‬
‫ح ح ح ح‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ َ َ‬ ‫َه‬ ‫ه َ َ حَ ح‬ ‫َ‬
‫ُج َعْي‪َ ،‬وعنا َم َع ُه حم بَ َم َنـك َوك َر َمك يَا أك َر َم اْلك َر َمْي‪.‬‬ ‫لَع‪َ ،‬و َع َن الصحاب َة أ‬ ‫َ‬
‫َو َ‬
‫ح‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ح َ َ ح ُ ح ح ََ ح َ ح‬ ‫هُ ه َ ه ح َ َ َ َ ح ُ ح ح ََ ه‬
‫لين‪.‬‬ ‫َش َكْي‪ ،‬ود َمر أعداء ا َ‬ ‫الَشك والـم َ‬ ‫اللهم أ َعز اْلسَلم والـمس َل َمْي‪ ،‬وأ َذل َ‬
‫ح‬ ‫َ‬ ‫ح‬ ‫ح ََ ح ح َ ح َح‬ ‫ه‬ ‫ح‬ ‫ه‬ ‫َ هُ ه َح‬
‫اللهم أه َل َك الظا َلــ َمْي بَالظا َلــ َمْي وأخ َرجنا َمن بي َن َهم سا َلــ َمْي‪.‬‬
‫هُ ه ه َ حَ َ ََ ح ح َ ه ََ َ ُ ََ ُُ َ‬
‫ورنا‪.‬‬
‫اللهم آ َمنا َِف أوطانَنا‪ ،‬وأص َلح أئَمتنا ووَلة أم َ‬
‫َ‬ ‫هُ ه ه َ ح ُ ح َح َ َ ح َ ُه َ َ هَ حَ َ َ َ َ َ ََ‬
‫اس‪ ،‬يَا أ حر َح َم‬ ‫َ‬ ‫ه‬
‫ِل‬ ‫ا‬ ‫لَع‬ ‫اللهم َإنا نشكو َإِلك ضعف قوتَنا‪ ،‬و َقلة َحيل َتنا‪ ،‬وهوانَنا‬
‫ه ح َ َ ح َ َ ُّ ح ُ ح َ ح َ ح َ َ َ ح َ َ ُّ َ َ َ َ ح َ َ َ ح ُ َ ه ُ ه َ‬
‫كلنا َإَل أنف َسنا‪ .‬اللهم َل‬ ‫اَحْي‪ ،‬أنت رب المستضع َفْي وأنت ربنا فَل ت َ‬ ‫الر َ َ‬
‫ك يَا ن حع َم ال ح ُمجيحب‪ُ.‬‬ ‫ح َ ح َ‬ ‫َ‬ ‫َ حَ َ َحُ َ َ ح ََ َ ح َ َ َ َ‬
‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْي‪ ،‬وَل إََل أح ٍد َمن خل َق‬ ‫كلنا إََل أنف َسنا طرفة ع ٍ‬ ‫ت َ‬
‫َّل َ‬ ‫ُُ َ ا ه‬ ‫َ َحَ ح‬ ‫ين َسبَ ُقونَا ب حاْل َ‬ ‫اَّل َ‬ ‫َهَ ح ح ََ َ ح َ َ ه‬
‫ين‬ ‫ان‪َ ،‬وَل ُتعل َِف قلوبَنا َغَل َل َ‬ ‫َ َ َ‬ ‫يم‬ ‫َ‬ ‫ْلخوانَنا‬ ‫ربنا اغ َفر ِلا و َ َ‬
‫ه َ ُ ٌ‬
‫آمنُوا َر هبنَا َإنك َرؤوف هر َحيم‪.‬‬ ‫َ‬
‫اْلَاْسين‪َ.‬‬ ‫َهَ َ َ حَ َحُ َ َ َ ح َح َ ح ح ََ ََح َحَ ََ ُ َ ه َ ح‬
‫َ َ‬ ‫ربنا ظلمنا أنفسنا و َإن لم تغ َفر ِلا وترَحنا ِلكونن َمن‬
‫الر َحيم‪ُ.‬‬ ‫اب ه‬ ‫اتل هو ُ‬ ‫ت ه‬ ‫ك أَنح َ‬ ‫َهَ ََهح ه ه َ َح َ ه ُ حَ ُ َُ ح َ َحَ ه َ‬
‫ربنا تقبل َمنا َإنك أنت الس َميع الع َليم وتب علينا َإن‬
‫ْي إ َماما‪ً.‬‬ ‫اج َعلحنَا للح ُم هتق َ‬ ‫َ ه َ َ ح َ َ ح َ ح َ َ َ ُ ِّ ه َ ُ ه َ َ ح ُ َ ح‬
‫َ َ َ‬ ‫ْي و‬ ‫اجنا وذ رياتَنا قرة أع ٍ‬ ‫ربنا هب ِلا َمن أزو َ‬
‫ار‪8.‬‬ ‫اب ه‬
‫اِل‬ ‫ال حنيَا َح َسنَ ًة َوِف حاْلخ َرة َح َسنَ ًة َوقنَا َع َذ َ‬ ‫َر هبنَا آتنَا ِف ُّ‬
‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ َ‬ ‫ََ‬ ‫َ َ‬
‫ه َ‬ ‫ُ‬ ‫ح‬ ‫َ‬ ‫ح َ ح ُ ه َ ِّ ح َ َ‬
‫ّلِل رب العال َمْي‪ ،‬أ َقيموا الصَلة‪...‬‬ ‫واْلمد َ َ‬

‫‪Edisi 343 | Jumat, 3 Februari 2023 M / 12 Rajab 1444 H‬‬ ‫‪7‬‬

You might also like