You are on page 1of 2

Paribasan lan saloka

a. Paribasan
Paribasan yaiku tetembungan kang ajeg panganggone kang ora ngemu
pepindan utawa umpama.
Tuladha:
Desa mawa cara Negara mawa tata = saben panggonan duwe cara utawa aturan
dhewe-dhewe.
Emban cindhe emban siladan = ora adil utawa pilih kasih.
Tinggal glanggang colong payu = ninggalake paprangan.
b. Saloka
Saloka yaiku unen-unen kang gumathok kang ngemu surasa pepindhan. Dene sing
dipindhanake wonge. Lumrahe tembung kang isi pepindhaning mau dumunung ana
ing ngarep ukara utawa wiwitane ukara. Pepindhan tegese
pepatah/umpama/memper/irib-iriban.
Tuladha :
Kebo nusu gudel : Wong tuwa njaluk muruk marang wong enom.
Kutuk marani sunduk Ula marani gebug: Wong sing njarag marang beboyo.
Anak polah bapa kepradah : Kalalkuane anak kuwi apa wae sing nanggung
wong tuwane.
Ana catur mungkur : Wong sing ora seneng ngrungokake rerasan sing
ora becik.
Gajah ngidak rapah : Wong sing nerak wewalere dhewe.

You might also like