You are on page 1of 1

SESORAH PERPISAHAN KELAS IX

Assalamualaikum Wr.Wb

Nuwun,

Bapak Kepala SMP KESATRIAN 02 SEMARANG ingkang satuhu kinurmatan

Bapak/Ibu guru ingkang kula kurmati

Kanca-kanca kelas 9, adhik-adhik kelas 7 lan 8 sing daktresnani

Ingkang sepindah, monggo kita sareng-sareng ngucapaken Puja-puji sukur dhumateng Allah SWT
ingkang sampun paring rahmat sarta hidayah katitik ing wekdal punika kula panjenengan sedoyo
sami saged makempal wonten ing SMP KESATRIAN 02 SEMARANG,kangge angestreni perpisahan
kelas IX, kanthi sehat walafiat boten wonten alangan satunggal menapa.

Ingkang kaping kaleh ,sholawat ugi salam kita aturaken dhumateng Nabi besar Muhammad
SAW ingkang sampun nuntun kita sedaya saking margi ingkang lepat dumugi margi ingkang leres
inggih menika dinul islam.

Ingkang sak lajengi pun,kula ngucapaken matur suwun sanget dhumateng para rawuh
ingkang sampun rawuh dateng penggenan menika.

Para rawuh ingkang kinurmatan,kula minangka wakil siswa-siswi kelas IX ngaturaken


gunggunging panuwun ingkang tanpa upami,awit kaiklasan tuwin katresnan Bapak/Ibu guru
nggulawentah para siswa pramila saged ngerampungaken sedoyo ilmu ingkang sampun
kaparingaken tigang tahun. Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi amal lan kesaenan
Bapak/Ibu guru sedaya pikantuk piwales saking Allah SWT,saha tansah pinaringan kasarasan. Boten
kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten ,awit kula sakanca asring damel Bpak/Ibu guru
kuciwa awit saking atur solah bawa kula sakanca ingkang boten mranani penggalih panjenengan.

Para Bapak/Ibu guru lan para rawuh, ing wekdal punika kula sakanca nyuwun pamit lan
nyuwun donga pangestu,mugi-mugi sasampunipun medal saking pawiyatan ngriki kula sakanca
saged ngelajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan candhakipun. Makaten ugi mugi-mugi
adhik-adhik kelas VII lan kelas VIII saged kasil ngangsu kawruh kanthi kasil ingkang langkung sae.

Para rawuh ingkang kinurmatan, makten atur kula. Bokbilih wonten kirang sarta kalepatanipun , kula
nyuwun agunging samudra pangkasami.

Nuwun,

Wassalamualaikum Wr.Wb

You might also like