You are on page 1of 3

Ubarampe Upacara Tingkeban

Ubarampe kang digawe ing upacara tingkepan iki yaiku awujud maneka werna panganan.
Dene panganan iki minangka tandha syukur menyang Gusti kang Maha Kuwasa.
1. Bubur 7 Rena

Bubur kang digawe ing upacara tingkeban ini ana 7 rena, yaiku (1) bubur abang (2) bubur
putih (3) abang ditumpangi putih, (4) putih ditumpangi abang, (5) putih disilang abang, (6)
abang disilang putih, (7) baro-baro (bubur putih sing nduwure diwenehi parutan kelapa lan
sisiran gula jawa).

2. Tumpeng Kuat.
Tumpeng kuat yaiku simbol supaya bayi kang dilairna sehat saha kuwat. Bahan kang digawe
yaiku wos. Tumpeng uga dihias nganggo endhog godhog 35 iji, tahu, tèmpè, iwak asin
goreng, lombok mentah kang digawe hiasan saha tèrong mentah kang dioncéki nanging
kulite tetep isih nèmplèk, saha diwenehi urab-uraban.
3. Jajan Pasar.

Jajan pasar ora kudu digawe dewe, nanging tuku wae ing pasar. Jajan pasar kang dituku
antarane kuè apem, kuè cucur, kuè bolu, kuè lapis, saha woh-wohan
kayata, nangka, jeruk, bengkowang, timun, gedhang, kacang godhog, lan liyane. Kabeh jajan
pasar kuwi mau ditata kanthi rapi lagi disajike.
4. Keleman.

Keleman yaiku kayata ubi-ubi nan. Keleman kang dibutuhake kanggo ubarampè upacara
tingkeban arupa pitung jinis, kayata: ubi jalar, tèla, gembili, kenthang, wortel, ganyong,
saha erut. Manèka warna keleman disajikake ing siji wadah kayata nyiru.
5. Rujakan.
Rujakan iki kadigawe saka manèka warna woh-wohan kayata: jeruk, timun, blimbing, pisang
watu, lan sapanunggalane. Kabeh bahan rujak dicampur dadi siji saha disajikake kanthi apik
nganti rasane rujak ènak. Ancase supaya bayi kang dilairake iso nyenengake kulawargane.
6. Dawet.

Dawet iku bahan dasare tepung sagu, tepung beras, santen, gula aren, lan godhong pandan.
Tujuane disajikake dawet iki supaya nyegerake tamu undangan kang teka.
7. Sajén Medikingan.
Sajén iki kanggo lairane putra sing sakbare anak teka jawa. Sajen mekidingan isine yaiku,
sega kuning kang bentuke kerucut, enten-enten, sega loyang, lan bubur procot.

You might also like