You are on page 1of 2

RANGKUMAN BAHASA JAWA WULANGAN 4

1. Globalisasi saka tembung “globe” sing tegese mendhunia


2. Globalisasi gandheng cenenge karo integrasi ekonomi, kebijakan internasional, lintas
wilayah, ilmu pengetahuan, kebudayaan, lan kekuasaan
3. Globalisasi bisa ditengeri saka:
➢ Tipise wates negara
➢ Pawarta saindenging jagad cepet sumebare
➢ Saya majune perdagangan
4. Dhampak positif globalisasi yaiku:
➢ Masyarakat sansaya maju
➢ Tekade wong nyambut gawe sansaya gedhe
➢ Kabukake ruang sosial
➢ Anane pasar global
➢ Mlebune kabudayan asing
5. Dhampak negatif globalisasi yaiku:
➢ Negara maju nduweni kuasa sing luwih gedhe
➢ Barang gaweane luar negri bisa ngalahake barang gaweane dalam negri
➢ Lapangan kerja sansaya sithik, amarga indhustri nggunakake mesin modern
➢ Rusake lingkungan
➢ Lunture kabudayan lan nilai-nilai luhur bangsa
6. Kawruh sapala:
➢ Gendheng cenenge = hubungane = kaitane
➢ Tanpa wates = ora ana batese = dadi siji
➢ Ditengeri = dititeni = didelok
➢ Nyumurupi = meruhi = ndelok
➢ Pawarta = berita = kabar
➢ Bombong = mongkok = bangga
➢ Misuwur = kaloka = kondhang
➢ Mudha taruna = nom-noman = wong nom
➢ Saindenging jagad = seluruh dunia
➢ Manca negara = luar negeri = negara liya
➢ Tlatah Jawa = tanah Jawa = pulo Jawa
7. CANGKRIMAN yaiku unen-unen utawa tetembungan sing kudu dibatang utawa
dibedhek.
8. Cangkriman wancah utawa cekakan
Wiwa wite, batangane uwi dawa uwite
9. Cangkriman pepindhan
Gajah nguntal sangkrah, batangane pawonan
10. Cangkriman awujud tembang
➢ Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Yen lumaku, si pucung ngumbar suwara
Batangane sepur
➢ Bapak pucung amung sirah lawan gembung
Padha kinunjara,
Mati sajroning ngaurip,
Mijil baka si Pucung dadi dhahana
Batangane = penthol korek
➢ Bapak pucung dudu watu dudu gunung
Sabamu ing sabrang
Ingon-ingone sang bupati
Yen lumaku, si Pucung lembehan grana
Batangane = gajah
➢ Bapak pocung, cangkemu madhep mendhuwur,
Sabamu ing sendhang,
Pencokanmu lambung kering,
Prapteng Wisma, Si Pocung mutah guwaya.
Batangane = klenthing utawa wadhah banyu

11. Tuladhane cangkriman:


➢ Sega sakepel dirubung tinggi, batangane salak
➢ Emboke dielus-elus, nanging anake diidak-idak batangane ondho
➢ Burnas kopen, batangane bubur panas kokopen
➢ Pitik walik saba kebon, batangane nanas
➢ Disuguh opak angin, batangane ora disuguh apa-apa
➢ Ora duwe elar nanging bisa mabu, batangane kapal mabur
➢ Tangane ana ing endhas, sikile ana ing endhas, awake uga ana ing endhas,
batangane tuma ing sirahe manungsa
➢ Abang-abang dudu kidang, persegi dudu pipisan, batangane watu bata
➢ Bocah cilik nggendhong omah, batangane keong/siput
➢ Bocah cilik blusak-blusuk ing kebon, batangane dom/jarum jahit
➢ Bapak Demang klambi abang yen disuduk manthuk-manthuk, batangane tuntut
gedhang
➢ Dicakot bongkote sing kalong pucuke, batangane rokok
➢ Dijupuki malah dadi mundhak gedhe, batangane wong ngedhuk/nggali lemah
➢ Duwe rambut ora duwe endhas, batangane jagung
➢ Emboke wuda anake tapihan, batangane bung/rebung
➢ Kayu mati ginubed ula mati, batangane gangsingan
➢ Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sak kanthong, batangane
kates/pepaya
➢ Dikethok malah tambah dhuwur, batangane kathok dawa

You might also like