You are on page 1of 3

Nama : ............................................

PEMERINTAH KABUPATEN BANYUMAS


DINAS PENDIDIKAN
KORWILCAM DINDIK BANYUMAS
SEKOLAH DASAR NEGERI 3 SUDAGARAN

PENILAIAN TENGAH SEMESTER II SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2022/2023
KURIKULUM 2013

Muatan Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : V (Lima)
Waktu : 10.00 - 11.30
Hari / Tanggal : Kamis, 3 Maret 2023
PITUDUH :
1. Tulisna jenengmu ana neng sisih tengen ndhuwur lembar jawaban !
2. Wacanen saben pitakon kanthi premati !
3. Garapen lewih dhisit pertakonan sing koanggep gampang !
4. Titinen maneh garapanmu sadurunge diaturna maring Bapak utawa Ibu guru !

I. TENGERINA TANDA PING (X) NENG AKSARA A, B, C UTAWA D MINANGKA


WANGSULAN SING PALING BENER !

Gatekna tembang Pangkur neng ngisor kiye nggo mangsuli pertakonan nomer 1-3 !

Pangkur

Ing Aceh Teuku Umar


Teuku Syaman, Dawud nuli Cut Nyak Dien
Imam Bonjol datan kantun
Sisingamangaraja
Kabeh iku aneng Sumatra lumaku
Antasari Kalimantan
Ketut Jelantik ing Bali

1. Tembang pangkur neng dhuwur ana . . . .


A. 7 wanda
B. 7 gatra
C. 7 guru lagu
D. 7 guru wilangan

2. Ing Aceh Teuku Umar


Guru wilangan karo guru lagu larik tembang neng dhuwur yakuwe . . . .
A. 8a
B. 8u
C. 9a
D. 9u
3. Imam Bonjol datan kantun. Tembung”kantun” tegese . . . .
A. kalah
B. mari
C. disit
D. keri
Gatekna geguritan neng ngisor kiye nggo mangsuli pertakonan nomer 4-5 !

Wutah Getihku
Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah sunare bagaskara
Padhang sumilak anelahi jagad Nuswantara
Bumi pusaka wus kawentar
Wutah getihku daktresnani

4. Tembung ”bagaskara” tegese . . . .


A. lintang
B. segara
C. srengenge
D. angin

5. Sing diarani bumi pusaka neng geguritan nduwur, yakuwe . . . .


A. Nuswantara
B. Pahlawan
C. Bagaskara
D. Bumi asri

6. Legendha “Kamandaka” uga diarani legendha . . . .


A. Timun Mas
B. Lutung Kasarung
C. Ande-ande Lumut
D. Buta Ijo

7. Jeneng asline Raden Kamandaka, yakuwe . . . .


A. Banyak Balbur
B. Banyak Ngampar
C. Banyak Catra
D. Banyak Sebaya

8. Wateke Raden Kamandaka kuwe . . . .


A. drengki
B. srakah
C. culika
D. luhur budi

9. Kamandaka kuwe putra raja sekang Krajan . . . .


A. Pajajaran
B. Kalingga
C. Majapahit
D. Singasari

10. Jenenge putri sing diidham-idhamna Raden Kamandaka, yakuwe. . . .


A. Dewi Sartika
B. Dewi Ciptarasa
C. Dyah Ayu Ratu Pamekas
D. Dewi Kumudaningsih

II. ISENANA TITIK-TITIK NENG NGISOR KIYE KANTHI BENER !


11. Tembang pangkur kuwe kalebu tembang . . . .
12. Cacahe wanda saben sagatra sekar macapat kuwe dearani guru . . . .
13. Agama ageming aji.
Guru wilangan lan guru lagu ukara tembang neng dhuwur, yakuwe . . . .
14. Ngowahi tembung geguritan dadi wujud prosa dearani . . . .
15. Kadang tani padha ’’mesem’’.
Tegese tembung geguritan sing kecithak miring, yakuwe . . . .
16. Asma ramane Kamandaka, yakuwe . . . .
17. Ki Ajar Winarong tapa neng gunung . . . .
18. Banyak Catra nyamar lan ganti jeneng dadi . . . .
19. Raden Kamandaka deangkat anak dening . . . .
20. Adhi tunggal kandhung Banyak Catra jenenge, yakuwe . . . .

III. WANGSULANA PERTAKONAN-PERTAKONAN NENG NGISOR KIYE


KANTHI BENER !

Gatekna tembang Pangkur neng ngisor kiye nggo mangsuli pertakonan nomer 21-22 !

Pangkur

Sekar pangkur kang winarna


Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipunkadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri

21. Tulisna guru lagu lan guru wilangan saben segatra sekang tembang Pangkur neng dhuwur !
22. Jelasna tegese ukara ”Ala lan becik puniku” sekang tembang Pangkur neng dhuwur !
23. Gawekna sebait geguritan kanthi irah-irahan ”Mangkat Sekolah” !
24. Tulisna 3 bae jenengane tokoh sing ana neng crita legendha “ Kamandaka “ !
25. Tulisna salah siji alesan Banyak Catra ( Raden Kamandaka ) ora gelem deangkat dadi raja !

You might also like