You are on page 1of 1

Assalamualaikum wr. Wb.

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.


Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur
dumateng Gusti Maha Kuasa ingkang kepareng paring rohmat
lan hidayah sehingga kita sadaya taksih saged kempal ing
acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo.
Sholawat saha salam senantiasa kita aturaken dumateng
junjungan kita Nabi Agung Muhammad S.A.W. ingkang kita
tengga-tengga syafaatipun benjang ing dinten akhir,. kanthi
ucapan Allahumma sholli ala sayyidina muhammad wa ala ali
sayyidina muhammad ,
kula jumeneng teng ngriki ajeng medharake babagan
Karesikan lingkungan. karesikan lingkungan wigatos sanget
tumrap kula panjenengan sedaya. Kedah kita emut bilih
lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita
sedaya, sehingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya
dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera.
njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama
kangge nyegah aneka penyakit. Selaku kita warga sekolah, karesikan
lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang
kita tresnani punika. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi
ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman
lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakake kanthi
cara mbuwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampun
disediakan, numindakake piket kelas kanthi teratur. Cekap Semanten
atur kawula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula
nyuwun agunging samudro pangapunten. Wassalamualaikum wr. Wb

You might also like