You are on page 1of 3

SHOLAT MINONGKO MI’ROJE UMMATE

NABI MUHAMMAD SAW

‫ اشهد ان ال اهل اال اهلل وحده‬.‫احلمد هلل اذلي هدانا هلذا وما كنا نلهتدي لوال ان هدانا اهلل‬
‫ امهلل صل ىلع نور األنوار ورس األرسار وترياق‬.‫ وا شهد ان حممدا عبده ورسوهل‬,‫الرشيك هل‬
‫األغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا حممد املختار واهل األطهار واصحابه األخيار عدد‬
..‫ فقد فاز املتقون‬..‫ أوصيكم ونفيس بتقوى اهلل‬...‫ فيا أيها املؤمنون‬: ‫نعم اهلل وإفضاهل اما بعد‬
ْ‫كم‬ُ َ ِّ َ ْ ُ َ ْ ِّ َ ُ َ ً َ ْ ُ ْ ُ ‫َ ُّ َ ذ َ َ ُ ْ َ َ ذ ُ ْ ّ َ َ ْ َ ذ‬
‫اذلين آمنوا إن تتقوا الل َيعل لكم فرقانا ويكفر عنكم سيئا ِت‬ ِ ‫ يِا أيها‬: ‫قال اهلل تعاىل‬
ْ َْ ُ ُّ َ ْ ُ َ ْ ََْ
‫ االنفال‬-٢٩- ‫الل ذو الف ْض ِل ال َع ِظ ِيم‬ ‫ويغ ِفر لكم و‬
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) kanti nindaake sedoyo
perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kelawan taqwo meniko kito saged angsal
kesahenan2 ingkang dipun janjiaken Alloh wonten Al Qur’an. Amin.
Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh
Alloh SWT sampun dawuh wonten Al Qur’an :

‫صا الَّ ِذ ْي بٰ َرْكنَا َح ْولَه‬ ِِ ِ ِ ْ ‫سب ٰحن الَّ ِذي اَس ٰرى بِعب ِده لَي ًل ِمن الْمس ِج ِد‬
َ ْ‫اْلََرام ا َل الْ َم ْسجد ْاْلَق‬ ْ َ َ ْ َْ ْ ْ َ ْ ُ
‫۝‬١ ُ‫ص ْي‬ِ ‫الس ِميع الْب‬ ‫و‬ ‫ه‬ ‫ه‬َّ
‫ن‬ ِ‫لِن ِريه ِمن اٰيٰتِنا ا‬
َ ُْ َّ َُ َ ْ َ ُ
Artosipun : Moho Suci Dzat kang wes nglumakuake kawulane ono ing siji wengi soko Mesjidil
Harom tumuju Masjidil Aqsho kang Ingsung wenehi berkah ono ing kiwo tengene soko tondo2
Ingsun. Setuhune Deweke Alloh iku Dzat kang Moho Midanget dan Mirsani. (Al-Isro : 1)

Wulan puniko wulan Rojab, utawi kulo panjenengan sami ngarani kanti wulan Rejeb.
Setunggaing wulan ingkang Mulyo, kalebet salah setunggaling 4 wulang ingkang kawastanan
Asyhurul Hurum.
Rojab kalebet Asyhurul Hurum ing antawisipun keranten wonten saklebeting wulan puniko
wonten kedadosan sejarah islam ingkang sedoyo umat Islam kedah mangertosi. Kedadosan
puniko kedadosan isro’ mi’roj Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Ingkang pundi kedadosan
puniko kalebet kedadosan ingkang sanget agung, ingkang mboten mampu akal kulo
panjenengan jangkau, ananging kedah dipun sarengi kanti ka-imanan ingkang kuat. Sahinggo
kanti puniko kulo panjenengan sami bakal manggihi keyakinan ingkang kokoh, ingkang mboten
bakal kagoyah kanti lintasan2 akal manungso. Keyakinan ingkang ndadosake lisan
ngucapaken Subhaanalloh, moho suci Alloh ingkang nguasani sedayanipun. Mboten wonten
perkawis ingkang mboten mungkin menggahipun Alloh SWT.
Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Pelajaran paling ageng ingkang saged kapundut saking isro’ mi’roj Nabi Muhammad SAW
inggih puniko pelajaran Sholat 5 wekdal. Umat Islam mboten mungkin mangertos lan
ngamalake sholat menawi mboten wonten isro’ mi’roj.
Antaraning Sholat kalian isro’ mi’roj puniko sanget berkaitan setunggal lan setunggalipun.
Menawi Mi’rojipun Rosululloh SAW puniko mawi jasad lan Ruh, milo semanten ugi kagem
Ummat Nabi Muhammad SAW puniko mi’rojipun dateng Alloh SAW mawi Ruh wonten sak
jeroning Sholat. Milo Sholat puniko sarono kulo panjenengan sami sowan komunikasi dateng
Alloh SWT ing saben dintenipun, milo kedah saestu dipun gatosaken sampun ngantos dipun
tilar. Keranten dawuhipun Nabi, amalan Sholat puniko amalan ageng ingkang paling awal bade
dipun tangletake dening Alloh SWT. Ingkang naliko Sholat puniko sahe, mulo amal sekarine
bakal dipun anggep sahe, nanging naliko rusak Sholatipun mulo sekarine amal katut rusak lan
bakal dipun suwun tanggung jawabipun. Milo Sholat dipun arani dados ukuran bejo bejanipun
tiyang Islam wonten dunyo lan akherat.
‫واول ما حياسب به العبد يوم القيامة الصلة فإن صلحت صلح سائر عمله وإن فسدت‬
‫فسد سائر عمله‬
Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Saking keterangan hadis puniko ugi Abuya Sayyid Muhamad ndawuhake wonten kitabipun
Dzikroyat wa Munasabat bilih tiyang ingkang nglanggengake (mudaawamah) nindaake Sholat
kanti khusyu’ lan ndepe2 marang Alloh SWT, mulo bakal tukul wonten awake roso murooqobah
dateng Alloh SWT. Murooqobah inggih puniko roso den awasi Alloh SWT. Lan sinten tiyang
ingkang sampun sampai murooqobah dateng Alloh, piambake bakal gede roso wedine marang
Alloh SWT, bakal luwih taqwo, bakal rido nompo kang dadi pestine Alloh SWT, bakal jujur
ingdalem pengucapipun, bakal netepi sedoyo janjin lan amanahipun, bakal sabar ingdalem
nampi cubo lan bakal syukur ingdalem sedoyo ni’mat. Kados dawuhipun Alloh SWT :

‫ اَِّْل‬٢١ ‫اْلَْيُ َمنُ ْو ًعا‬


ْ ُ‫ َّواِذَا َم َّسه‬٢٠ ‫ اِذَا َم َّسهُ الشَُّّر َج ُزْو ًعا‬١٩ ‫اْلنْ َسا َن ُخلِ َق َهلُ ْو ًعا‬
ِْ ‫۞ اِ َّن‬
ۤ ِِ ِ ِ ‫الْم‬
َ ‫ الَّذيْ َن ُه ْم َع ٰلى‬٢٢ ‫ي‬
٢٣ ‫ص َلِت ْم َدا ِٕى ُم ْو َن‬ َْ ‫صل‬
َ ُ
Setuhune manungso iku kadadeake nduweni sifat ngersulo lan kikir (19) naliko deweke nompo
kealanan, deweke ngersulo (20) lan naliko deweke nompo ni’mat, deweke kikir (21) kajobo
wong2 kang podo ngelakosi Sholat (22) yoiku wong akeh kang deweke kabeh langgeng
ingdalem Sholate (23). QS. Al Ma’arij 19-23
Selajengipun poro hadirin, tiyang ingkang sampun tukul wonten awake roso murooqobah
puniko bakal tinebihaken saking kealanan, kacegah saking kemungkaran, bakal wedi nglakoni
perkoro olo, punopo dateng Manungso liyan utawi ma’shiyat dateng Alloh SWT. Gusti Alloh
sampun ndawuhake :

ۗ‫الص َلةَ تَ ْن َه ٰى َع ِن الْ َف ْح َش ِاء َوالْ ُمْن َك ِر‬


َّ ‫… إِ َّن‬
Setuhune sholat iku nyegah songko perkoro olo lan mungkar. QS Al Angkabut : 45
Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Kejawi saged nukulake roso murooqobah dateng Alloh SWT lan saged nyegah saking perkawis
olo lan mungkar. Sholat puniko ugi saged nglebur duso2 kang kalakoake ono ing antaraning
sholat siji lan sholat liyane. Milo sinten tiyang ingkang katatrapan duso sak sampune wayah
duhur, milo duso puniko saged kalebur kanti nindaake Sholat Ashar, lan sinten tiyang ingkang
katatrapan duso sak sampune wayah ashar, milo duso puniko saged kalebur kanti sebab
nindaake Sholat Maghrib. Lan semanten ugi sakterasipun. Dawuhe kanjeng Nabi :
‫الصلوات اخلمس واجلمعة اىل اجلمعة كفارة لما بينهن ما لم تغش الكبائر‬
Sholat 5 wektu, lan (Sholat) Jum’at siji marang (Sholat) Jum’at liyane biso nglebur duwo kang
ono ing antarane karone kabeh selagine den dohi duso2 gede. HR Muslim : 342
Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Wonten hadis sanes Rosululloh SAW ugi ndawuhake bilih Sholat saged dados sinar kang
madangi tiyang ingkang nindaake kanti sak sahe2nipun, padang wonten alam dunyo lan
padang wonten alam akhirat, sahinggo mesti bakal nampi kabekjan dunyo lan akhirat.
Anganging kosokwansulipun dawuh nabi tiyang ingkang mboten njagi Sholatipun puniko bakal
rugi dunyo lan rugi akhiratipun. Na’udzubillah tsumma na’udzu billah. Mugi kulo panjenengan
sami saged kalebet ingkang nampi Taufiq saged njagi Sholat puniko minongko Mi’roj kulo
panjenengan sami dateng Alloh SWT. Aamiin..
Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Mekaten sekedik khutbah ingkang saged kaaturaken, mugio saged paring manfaat lan saged
ngamalaken wonten pagesangan puniko,,, Amin Ya Robbal ‘alamin.
ْ ْ
ْ‫الق وتواصوا‬ َّ َّ َّ ْ ْ َّ ْ ‫والْع‬
ِ ِ ‫ب‬ ‫ا‬‫و‬‫اص‬‫و‬‫ت‬ ‫و‬ ‫ات‬
ِ ِ
‫ال‬‫الص‬ ‫وا‬‫ل‬ ‫م‬
ِ ‫ع‬‫و‬ ‫وا‬‫ن‬ ‫آم‬ ‫ِين‬
‫اَّل‬ ‫َّل‬ِ ‫إ‬ - ٢- ‫ْس‬
ٍ ‫خ‬ ‫ِف‬
ِ ‫ل‬ ‫ان‬‫نس‬‫اْل‬
ِ ‫ن‬ ِ ‫إ‬ -١ - ‫ْص‬
ِ
ْ َّ
-٣- ‫ْب‬ ِ ‫بِالص‬
‫بارك اهلل ىل ولكم يف القران العظيم ونفعين واياكم بما فيه من اَّليات وذكر الكيم وتقبل‬
‫مين ومنكم تالوته انه هو السميع العليم‬

You might also like