You are on page 1of 24

Basa Rinengga

Rinengga rengga = dandani (dipacaki)

Tatik AM, M.Pd.


PARIBASAN

Unen-unen kang ajeg


panganggone, ngemu surasa
wantah
Tuladha Paribasan
Kebat kliwat, gancang pincang
tegese: tumindak kesusu asile ora
maremake
Anak polah bapa kepradhah
Tegese: polah tingkahe anak wong tuwa
kang tanggung jawab
BEBASAN
Unen-unen kang ajeg pangaggone
duwe teges pepindhan, sing
dipindhakake utawa dibandhingake
kahanan utawa ulah kridhane
manungsa
Tladhane Bebasan

Nglungguhi klasa gumelar


Tegese : mung kari nemu kepenake

Nututi layangan pedhot


Tegese : mburu barang sepele sing asile ora
sumbut karo rekasane
SALOKA

Unen-unen kang ajeg


panganggone, duwe teges
pepindhan, sing dipindhakake/
dibandhingake wonge.
Tuladha Saloka:

Asu belang kalung wang


Tegese : wong asor nanging sugih bandha donya.

Cebol nggayuh lintang


Tegese : wong asor/wong mlarat nanging nduwe
gegayuhan kang mokal kaleksanan.
PEPINDHAN
Unen-unen sing nduwe teges
emper-emperan utawa irib-iriban
diumpamakkake kanggo
mbangetake.
Tuladha Pepindhan:

Ketiban ndaru
Tegese: beja banget

Srawunge kaya lenga karo banyu


Tegese : ora bisa rukun
Basa rinengga uga bisa ing teks
Kaya ing ngisor iki!
Watak wantune para siswa Madsanda
iku mesthi andhap asor, menawa
didangu bapak ibune tansah blaka suta
ora ana sing ditutup-tutupi, matur apa
anane. Uga tansah mikul dhuwur
mendhem jero marang almamatere.
Mbesuk yen wis dadi wong kajen
keringan ora lali marang labuh labete
bapa ibu guru.
Tegese teks kasebut yaiku…
Tembung Saroja
• Watak = wantu tegese watak
• Andhap = asor/ngisor tegese
ngendhek/sopan
• Blaka = suta tegese matur apa anane
• Kajen = keringan tegese wong kang
diajeni (pangkat)
• Labuh = labet tegese jasa
Tuladha ing teks liyane!
“Media sosial” aja gelem diapus krama
denig sapa wae, wong sing empuk
rembuge, adol ayu lan adol bagus ing
media sosial durung mesthi yen luhur
bebudene lan lurus lakune. Sing wis
mesthi lunyu ilate lan gedhi endhase.
Sing jero kawruhmu lan kenceng
tekadmu supaya kaleksanan
kekarepanmu.
Tegese teks kasebut yaiku…
Tembung Entar
• apus krama tegese diapusi kanthi alus
• empuk rembuge tegese gunemane penak
dirungokake
• adol ayu tegese ngendelake ayune
• adol bagus tegese ngendelake baguse
• luhur bebudene tegese kelakuane becik
• lurus lakune tegese jujur
• lunyu ilate tegese gunemane mencla mencle
• gedhi endhase tegese sombong
• jero kawruhmu tegese akeh ngelmune
• kenceng tekadmu tegese kudu kaleksanan
Tuladha ing teks tembang!
Anoman malumpat sampun,
prapteng witing nagasari,
mulat mangandhap katingal,
wanodyayu kuru aking
gelung rusak awor kisma.
Tegese teks kasebut yaiku…
Tembung Garba
Prapteng = prapta + ing
e
Prapta tegese teka lan ing
tegese neng
wanudyayu = wanodya + ayu
a
wanodya tegese wanita
lan ayu tegese ayu
Tuladha tembung garba liyane
• ana + ing = aneng
• jiwa + angga = jiwangga
• lumaku + ing = lumakweng
• mungguh + ing = munggwing
• jalu + estri = jalwestri
• kaloka + ing = kalokeng
• jalu + estri = jalwestri
• nara + endra = narendra
• wira + utama = wirotama
• maha + resi = maharsi
• sarwa + endah = sarwendah
Tugas!
Gawea tuladha 2 wae basa rinengaa BEBAS!
Pareng arupa paribasan, bebasan, saloka,
sanepa utawa teks kang ana tembung garba,
entar, utawa saroja.
Ditegesi pisan!
Kirim ing elma K13

You might also like