You are on page 1of 5

1

Engkang kawulo hormati poro sesepuh pinisepuh, dewan juri


hadirin wal hadirot rahimakumullaah.
Kaping sepisan monngo sesarengan kita nyaosaken raos syukur
wonten ngerso dalem Allah SWT, engkang sampun paring
dateng kito sedoyo.. kasarasan kecekapan lan umur engkang
panjang, dumugi enjang puniko kito saget makempal dateng
SMK SAHID surokarto kanti kawontenan sehat wal afiat amin
Allahumma amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah,
Nyaosi wuningo, bilih kewajiban engkang paling agung.. sak
sampunipun kewajibanipun dateng Allah Subhanahu

wa

Taala lan Rasul.. injih puniko kewajiban ngabekti dateng tiang


sepuh. Kados pangendikanipun gusti Allah,
Taawudz








nyembaho seliramu kabeh marang gusti Allah ojo madakne
marang sawiji-wiji, lan agawe becik marang wong tuwomu.
(An-Nisa: 36)

Wonten ayat sanes, Allah Subhanahu wa Taala dawuh


Taawudz










Ingsung Allah perintahke marang menungso kabeh supoyo


agawe becik marang wong tuwo, ibu engkang sampun ngandut
kanti susah, lan ngelahirake kanti susah). (Al-Ahqaf: 15)
Jamaah.. jamaah.... purun cerito mboten ?????......
Setunngal wekdal,... enten salah satunngaling sahabat kepingin
bales kesaenan ibunipun,.. lajeng sahabat kolo wau nggendong
ibunipun tindak haji,.. jarak ipun mboten namung setungngal
nopo kaleh mil,... malah jarak ipun nenem mil.. naliko ibunipun
obah-obah, nuli pundak ipun lecet lecet, sohabat wau ikhlas,
jalaran pingin males budinipun tiyang sepuh, alhamdulillah
dumugi kabah,.. naliko towaf ibunipun tetep digendong,
malahan naliko sai ibunipun tetep digendong, sak sampunipun
haji, sohabat wau matur kaleh rasulullah, wahai rasulullah...
kulo sampun nggendong ibu kulo, nganton enem mil.. lajeng
ibu kulo.. kulo ajak haji, tawaf .. sai.. tetep kulo gendong, nopo
kulo sampun saget males kesaenan tiyang sepuh kulo... lajeng
rosulullah ngendiko.. durung cukup.. opo awakmu lali, opo
awakmu lali ibumu ibumu ngendong nyang ngendi endi, opo
awakmu lali naliko seliramu ora iso opo opo.. ibumu terus
ngendong kanting tresno.... opo pantes seliramu wani marang
wong tuwo.. gawe lorone ati wong tuwo, gawe nangise wong
tuwo...

Hadirin rohimakumullah
Sak niki kulo delokno hadis rosulullah babakan duso gede,
rasulullah SAW ngendiko... gelem ora seliramu tak wenehi
ngerti duso sing gede, lajeng sohabat jawab.. purun wahai
rosulullah, yoiku nyekutokne gusti Allah lan duroko marang
wong tuwo.... yoiku nyekutokne gusti Allah lan duroko marang
wong tuwo.... yoiku nyekutokne gusti Allah lan duroko marang
wong tuwo.....piro suwene seliramu wis ngelarakne atino wong
tuwo, wis ping piro seliramu agawe kuciwo wong tuwo, wis ping
piro seliramu agawe nangis wong tuwo...cobo bayangke
umpomo seliramu ngalami koyo sedulur sedulure dewe sing
neng aceh... pirang ewu bocah sing dadi yatim... pirang ewu
bocah sing kudu kelangan wong tuwo ...bayangne...
bayangne...opo sing wis seliramu lakoni... sewulan kepungkur,
wis ping piro seliramu gawe anyele wong tuwo,... opo awakmu
lali sangang sasi awakmu neng jero wetenge ibumu, opo
seliramu lali suwene sangang sasi ibumu ngandung ora pernah
nggersah, ora pernah sambat.... ibu muntah muntah mergo
seliramu eneng jero madarane,.. ibumu ora biso madep
mengisor amargo awakmu eneng jero madarane....... saben
wengi ibumu dongo marang gusti Allah ... bapakmu dongo karo
ngelus.. duh gusti.... mugi poduko dadosaken puto puniko puto
sing soleh utowo solihah.. ngabekti dateng paduko.... ngabekti
dateng tiyang sepuh ipun duh Alloh....bayangno sak wuse
sangang sasi.. ibumu berjuang kanggo ngelahirake seliramu...
adus getih toh nyowo dilakoni... kanthi dedongo mugo seliramu
lahir kanti selamet... dudu dongo kanggo awae dewe......
bapakmu yo gemeter wira wiri neng ngarep lawang lan dongo

kanggo awakmu.. dudu ibumu sing di dongakno..ya allah


selametke putro kulo ya Allaooh...naliko awakmu lahir... kanti
tresno ibu tanglet bu dokter... bu dokter... pundi putro kulo.. nuli
ibumu mulai ngitung deriji derijimu siji boko siji... naliko
seliramu lahir kanti selamet nuli ibumu matur nuwun karo gusti
Allah... matur nuwun gusti.... paduko paring dateng kita putro
engkang sempurno....nuli saben bengi seliramu nangis.. kanthi
sabar ibumu ngeneng ngeneng.. bapakmu ngomong lee ndook
ajo nangis bapak eneng lee.. ndook.... nuli seliramu di ajari
ngomong siji boko siji, mlaku sak jangkah rong jangkah,... nuli
seliramu dadi gede sak mene... bayangno... opo sing wis
awakmu lakoni ping piro awakmu bantah... ping piro awakmu
agawe nangis wong tuwomu......bayangno umpomo sak iki
bapak utowo ibumu di pundut sing kuwoso... mungkin seliramu
geloo.... ngopo wingi wingi ngopo kok ora agawe becik...
Poro rawuh ingkang minulyo
Monggo monggo kita tansah budi doyo agawe seneng wong
tuwo supoyo kulo panjenengan dados putro engkan soleh lan
soleh amin allahumma amiiin.
Santen soko klopo...
Kupat dipangan naliko bakdo..
Semanten atur kawulo.. menawi lwpat nyuwun pangapuro...
Waduk gajah mungkur nang wonogiri
Taman jurug neng surokarto

Bener....
Wassalamualaikum WR WB

You might also like