You are on page 1of 3

UH 1 BAHASA JAWA

PEMANDHU PARIWISATA

Sawijine dina, Tatag diwenehi jejibahan lawan Pak Dhene sakanca- kancane kanggo mandhu
wisata ing Kabupaten Tuban. Tatag minangka warga Tuban kang wiwit lair lair nganti tekan
seprene aneng kutha Tuban saengga mesthi nduweni pengalaman tumrap papan panggonanan
pariwisata kang narik kawigaten para turis lokal. Pak Dhene Tatag saka Trenggalek lan rombongane
kuwi pengin dolan menyang Guwa Akbar yaiku sawijine wisata kang kondhang aneng Tuban kutha.
Tatag sawetara 15 menitan ngenteni rombongan Pak Dhe Rono parkiran bis Kebonsari.
Amarga sadurunge Tatag wis pesen marang Pak Dhene yen mobile diparkir neng kono wae njr
numpak becak supaya ora macet ..
Kringg… kringg… hapene Tatag muni.

Tatag : hallo Assalamualiakum Pak Dhe. Pun dugi pundi?


Pak Dhe : iya Le, Wa’alaikumsalam. Pak dhe wis neng parkiran bis iki.
Tatag : o.. inggih pak Dhe. Kula ngrika?
Pak Dhe : ora usah Le, ora papa. Mengko Pak Dhe tak langsung numpak becak wae mrono.
Tatag : ampun ngoten Pak Dhe, kula tak rnggal ngrika. Njenengah sisih pundi?
Pak Dhe : iki mobile dak parkir sisih paling lor.
Tatag : ngggih, rantos kedhap. Kula ngrika. (mateni telpone, srekal nyetater motore)
Pak Dhene Tatag kuwi salah sijine karyawan BUMN kang asringnyang luwar kutha kanggo
pertemuwan lan tugas liya-liyan saka kantor. Pak Dhe karo 3 kancane , yaiku Pak Supri, Pak Ali lan
Pak Wito. Ora ana samenit, Tatag wis bareng Pak Dhene lan 3 bapak-bapak kancane Pak Dhe.
Tatag : (enggal njagang motor lan nyalami Pak Dhe, Pak Supri, Pak Ali lan Pak Wito)
Pak Dhe : Ponakane Pak dhe wis gedhe janan. Tambah baguse ngene.
Tatag : hahaha. Pak Dhe saged kemawon. Hla mangga Pak dhe , enggal pados becak.
Tengga ngriki mawon mangeke becake kula tuse ngriki.
Pak Ali : wah… maturnuwun hlo Mas. Bakal ngrepoti sampeyan biyanget ngko iki.
Tatag : ah, napa ta Pak. Mboten, saestu. ( tumuju motore banjur marani rong tukang becak
kanggo mapak pak Dhe sakanca-kancane.
Sawetara 15 menit, rombongan Pak Dhe wis tekan pintu masuke Guwa Akbar.
Pak Supri : ah.. pungkasane isa dolan nyang Tuban lan doln ing Guwa Akbar iki.
Pak Wito : iya Pak, mumpung ana wektu kanggo nyempetke dolan sing kirane nambah
wawasan. Ora ketang ta manegko panggah wawasane ngenani kuliner.
Kabeh Paraga : hahhahaaaa
Tatag : Pak Wito saged mawon Pak. Mangke menawi badhe kondur, mangga mbeta oleh-
oleh khas Tuban. Sakersa napa mangke kula terake.
Pak Dhe : halah wis, njajane mengko wae. Saiki gek ayo padha melbu, tiket masuke wis beres.
Rombongan mau padha gumregah bungah melbu menyang Guwa Akbar. Sasuwene kira-kira
rong jaman, wis kateg anggone nyawang kaendahane alam lan poto-poto, rombongan kasebut metu
saka Guwa Akbar tinuju kanten kang ana ing sakupange komplek Guwa Akbar.
Pak Ali : wis, ngaso dhisik wae ya. Gek ngopi dhisik.
Pak Dhe : wah, iya. Tepak kuwi.
Tatag : sejatosipun ngenani sejarah Guwa Akbar kalawau kula dereng paham Pak dhe.
Menapa papan menika salah setunggale papan kangge partapan para wali?
Pak Dhe : sangertine Pak Dhe, biyen RM Sahid putrane Bupati Tuban kaping 9, Wilotikto
kuwi diusir saka ngomah amarga tumindake sing ala lan nduweni jejuluk Brandhal
Lokajaya kuwi sing manggon ing Guwa kang Sunan Bonang nyebut “Allah
Huakbar” njur dadi Guwa Akbar saiki iki. Guwa Akabar kuwi minangka panggonane
Brandhal Lokajaya mertapa saengga pungkasane dadi Sunan Kalijaga.
Pak Wito : o, dadi kaya ngono critane. Aku melu nyimak Pak Gun. (Pak Gun kuwi jenenge Pak
Dhene Tatag).
Pak Supri : dadi ora luput tenan ya Pak Gun yen Tuban kuwi sinebut Bumi Wali. Pranyata kaya
ngene sejarahe.
Para paraga padha ngombe kopi, kabeh ngrokok kajaba Tatag lan Pak Wito ing mung ngombe
kopi lan mangan gedhang goreng ngono wae.
Pak Wito : kira-kira piye panemune njenengan Pak ngenani Guwa iki? biyen apa wis seapik
kaya ngene?
Pak Dhe : luwih kopen Pak. Iki minangka assete kutha Tuban, saliyane kuwi uga akeh banget
dampak positife. Kayata para Tukang Becak sing isa nambahi penghasilane yen
bener-bener digatekke pamrintah ngenani jalur tumuju Guwa akbar kang kudu
numpak becak supaya ora macet. Amarga ngerti dhewe yen lokasine kuwi neng
ngisore Pasar Gedhe Tuban.
Pak Supri : o iyaya. Ngenani asil gal utawa liyane, apa Pak sing kondhang?
Tatag : kathah Pak. Wonten kecap laron, trasi, gerih, lan asil laut sanesipun. Dene wonten
malih buah ingkang kondhang dhateng ngriki nggih menika siwalan utawa ental yen
wong Tuban mastani.
Pak Dhe : iya pener kuwi. Ental kuwi minangka sawijine buah sing kudune diinovasi dadi
maneka werna panganan. Haha. Kuwi sing ana neng pikirane Pak Dhe Le, senaosa
Pak Dhe ya durung weruh dadi apa.
Tatag : Pun, mangga menawi badhe tumbas kula teraken pak Dhe. Dhateng Panyuran
mawon, wonten kanca ingkang sadeyan dhateng ngrika.
Pak Supri : ental kuwi mangane piye Mas Tag? Apa ya mung dipangan ngono wae ra ana
capurane apa-apa?
Tatag : wonten es dhawet ental Pak, panas-panas ngeten niki jan suweger. Mangga mampir
tumbas es dhawet siwalan, mangkokipun bathok klapa. Hehee…
Pak Wito : hla ayo Pak. Gek ndang dibayar iki kopine, gek ayo. Aku pengin nyoba piye rasane
ental kuwi.
Pak Ali : kudune awkmu Tag, kudu rumangsa bombong nduwe kutha sing sugih kaya ngene.
Apa-apa ana. Kudu melu njaga lan nyengkuyung apa kang ana ing kuthamu.
Ora mung tugase Pemda lan Petugas Kebersihan sing njaga, ning kabeh , mligine miwiti teka awake
dhewe miwiti nduwe rasa pedhuli.

*Cuthel

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!


1. Apa wae sing kalebu struktur sajrone teks drama kasebut?
2. Apa struktur drama sing kok weruhi?
3. Kepriye unsure kabasan teks drama kasebut?
4. Kepriye pesen moral kang kinandhut sajrone teks drama kasebut ?
5. Kepriye teknik panulisan drama kasebut?

CATHETAN: -BEBAS MBUKAK APA WAE

-AMPUN TURUNAN, WANGSULAN INGKANG SAMI TAKPARINGNA MALIH!

SUGENG MAKARYA!!!!!

You might also like