You are on page 1of 12

UNGGAH UNGGUH BASA

Tata kramane / sopan-santune wong guneman


/ caturan / omong-omongan migunakake basa
jawa.
Guneman nganggo basa jawa kudu ngerti empan papan
tegese kudu ngerti papan / panggonan lan sapa
pawongan kang diajak omong-omongan. Tuladha :
Kowe / ko lagi mangan apa ? Ngoko lugu
Panjenengan / sliramu / slirane lagi dhahar apa ?
Ngoko alus
Sampeyan / ndika saweg nedhi napa ? Krama lugu
Panjenengan saweg dhahar punapa ? Krama alus

Wawan pangandikan karo wong


liya kudu nggatekake paugeranpaugeran ing ngisor iki :
1. Kudu nggunakake basa kang trep /

jangkep
2. Kudu nggunakake solah bawa /
praupan /raut muka kang bener.
3. Kudu nggunakake intonasi /
wirama kang bener.

Werna-wernane unggah-ungguh basa jawa :

1. Ngoko lugu : wis kulina, marang wong enom,

ngromed, bocah kang durung bisa guneman ganep.


Tuladha : Kowe sida mampir omahku ?
2. Ngoko alus : marang wong enom kang drajate
dhuwur, ibu marang bapak, priyayi marang priyayi
kang wis kulina banget. Tuladha : Dhik, sliramu
angger kondur saka Jakarta nitih apa ?
3. Krama lugu : kanca sing kulina tur ngajeni, ibu
marang bapak, priyayi marang sedulur tuwa kang
cendhek drajate. Tuladha : Sampeyan menawi kesah
taksih kiyat mbekta motor ?
4. Krama alus : enom marang tuwa, rewang maring
majikan, murid marang guru, andhahan marang
pimpinane, kanca sing durung kulina ( tembe
kenal ). Tuladha : Kula badhe matur dhateng ibu

No

Tmb. Ngoko

Tmb. Kr.
Madya/tengah

Tmb. Kr. Inggil

Turu

Tilem

Sare

Mangan

Nedha

Dhahar

Ngombe

Ngombe

Ngunjuk

Lungguh

Linggih

Lenggah

Lunga

Kesah

Tindak

Mulih / bali

Wangsul

Kondur

Gelem

Purun

Kersa

Ngomong

Sanjang

Ngendika

Adus

Adus

Siram

10

Nggawa

Mbekta

Ngastha

11

Tuku

Tumbas

Mundhut

Tuladha2 Pacelathon :

Ukara-ukara ing ngisor iki migunakake unggah-ungguh


apa ?

1) Tindak-tandukipun kanca kula punika nglingsemaken

dhateng tiyang sepuh.


2) Yon, yen kowe arep nonton ebeg aku diampiri ya !
3) Napa sampeyan sampun tumbas rasukan enggal ?
4) Aku nyayur kangkung, Panjenengan kersa dhahar
apa ora mas ?
5) Asthane bapak sing sisih tengen durung bisa kagem
dhahar.
6) Aja padha sembrana, tumindak kang waspada lan
tansah ngati-ati.
7) Menawi enjang ibu tindak peken mundhut sayuran.
8) Sampun kasringen nedhi tigan nika ngandhut
kolesterol lho..
9) Aku nggodhog banyu kanggo gawe unjukan kopi.
10) Eyang opnam wonten ing RSU Goetheng amargi

Wangsulan kaca 11-12 ( kelas 8 )


1. Tiyang mlampah menika saenipun ingkang limrah
kemawon. Sampun glelengan, jogedan, ngantongi
tangan, lan sanes-sanesipun mundhak digegujeng.
(5)

2. Mlampah menawi kaliyan nenedhi, njulukaken sruwal,


ngleresaken rasukan, pethatan, kukur-kukur badan,
lan sanes-sanesipun menika kirang sae amargi
ketingal saru.(2,5)

3. Sinaosa namung wonten griya, mlampah ugi ngangge


paugeran. Tuladhanipun mboten gedebugan, suku
sampun digedrug-gedrugaken, menawi ngangge
kajang suku mboten disered lan menawi jubinipun
resik saenipun kajang suku dicopot. (2,5)

1. Kula dipun-dhawuhi ndherekaken eyang, ibu

2.

3.
4.

5.

pangarsa sekolah mundhut dluwang lan


pirantos kantor wonten wande. (10)
Ibu pangarsa sekolah ngastha songsong, kula
aturi tindak radi wonten ing ngajeng, kula
mboten njejeri. (10)
Wonten ing wande, songsong lan samukawis
ingkang dipun-pundhut kula bektakaken. (10)
Konduripun nitih becak lan ibu pangarsa
sekolah kula aturi pinarak rumiyin, kula
linggih kantun. (10)
Dumugi sekolahan kula mbikakaken kori, ibu
pangarsa sekolah tindak mlebet rumiyin,
kula ndherekaken wonten ing wingking. (10)

?mtu/nuwun\,

You might also like