You are on page 1of 6

AMALIAH ING 10 MUHARRAM

Dening:
MUKHLISIN PURNOMO
Penyuluh Agama Islam

KEMENTERIAN AGAMA REPUBLIK INDONESIA


KANTOR KEMENTERIAN AGAMA KABUPATEN KULON PROGO
KANTOR URUSAN AGAMA KAPANEWON WATES
Jl. Moh Dawam No. 39 Driyan Wates Kulon Progo
Telp. (0274) 774520
AMALIAH ING 10 MUHARRAM

ِ ِ ُ ‫ا حْل‬
ُ‫يك لَه‬ َ ‫ أَ حش َه ُد أَ حن ََل إِلهَ إََِّل هللاُ َو حح َدهُ ََل َش ِر‬,‫ُّهوِر‬
ُ ‫مد هّلل الَّذي َج َع َل الح ُم َحَّرَم أ ََّوَل الش‬ َ
ِ ِ ِ
‫ص ِهل‬ ُ .‫َن ُُمَ َّم ًدا َعحب ُدهُ َوَر ُسولُهُ الَّذي أَنح َق َذ ََن م َن الظُّلُ َمات َوالنُّوِر‬
َ َ‫الله َّم ف‬ َّ ‫ َوأ حش َه ُد أ‬,‫الع ِز ُيز الغَ ُفور‬
َ
.‫اصي والح ُف ُج َور‬ ِ ‫وسلهِم وَب ِرحك علَى سيِ ِد ََن ُُمَ َّم ٍد وعلَى آلِِه وأَصحابِِه ومن تَبِع ه َداه وتَرَك املع‬
ََ َ َ ُ ُ َ ‫َ ح َ َ َ ح‬ ََ ‫َ َ ح َ َ َ َه‬
‫اَل فَاعتَِ ُِبوا ََّي‬ ِ ِ ‫ فَيا عِب َاد هللاِ أ‬,‫أ ََّما ب ع َده‬
َ ‫ال تَ َع‬ َ ‫ي بِتَ حق َوى هللا فَ َق حد‬
َ َ‫ ق‬.‫فاز املتَّ ُقو َن‬ َ ‫ُوصي ُك حم َوإِ ََّّي‬ َ َ ُ ‫َح‬
ُ
.‫األبصا ِر‬
َ ‫أوِل‬ ِ
Jamaah Jum’at rahimakumullah
Sumangga kasempatan ibadah Jum’at ing wulan Muharram punika
kita ginakaken kangge nggigah semangat kita anggenipun nindakaken
samukawis pangibadahan lan kesaenan, supados iman lan taqwa kita
tansaya kiat.
Kados ingkang sampun kita mangertosi bilih Wulan Muharram
punika satunggaling wulan ingkang dipun dimulyakaken (asyhurul hurum)
dening Allah. Wonten ing salebeting kamulyan kasebat wonten mapinten
kautaman ingkang boten kapanggihaken ing wulan sanesipun. Ing
antawasipun kamulyan kasebat dhumawah ing dinten tanggal 10
Muharram. Dinten punika satunggaling wekdal ingkang mirunggan
tumraping tiyang islam. sakatahing ganjaran sampun kacawisaken kagem
tiyang ingkang kersa ngginakaen kagem nindakaken amaliah.
Para ulama salaf ugi sampun maringi tuladha lan piwucal ingkang
saged kita dadosaken pandoming lampah anngenipun nindakaken
kesaenan ing dinten Asyura punika. Kita saged mirsani seratanipun Sayyid
Abu Bakar Utsman bin Muhammad Syatho ad-Dimyathi ing Kitab I’anatu
at-Thalibin ngandhap punika:
َّ ‫الرِح ِم َو‬ َّ ُ‫الص حوُم َو ِصلَة‬ َّ َ‫صلَةً َوِه َي ا‬ ِ
ُ‫الص َدقَة‬ َّ ‫لص ََلةُ َو‬ ‫ض ُه حم اثحنَ َ حَت َع حشَرةَ َخ ح‬ ُ ‫َّها بَ حع‬
َ ‫َوقَ حد َعد‬
‫ض َوَم حس ُح َرأح ِس الحيَتِحي ِم َوالت حَّو ِس َعةُ َعلَى الحعِيَ ِال‬ ٍ ‫ال َوِزََّي َرةُ َع ٍِاِل َوعِيَ َادةُ َم ِريح‬
ُ ‫اْل حكتِ َح‬ ُ ‫اْل حغتِ َس‬
ِ‫ال َو ح‬ ِ‫َو ح‬
ٍ‫ف َمَّرة‬َ ‫ص أَلح‬ ِ ‫اْل حخ ََل‬ ِ‫َوتَ حقلِحيم حاألَظحَفا ِر َوقِراءةُ ُس حوَرةِ ح‬
ََ ُ
“saperangan para ulama wus nemtokake 12 perkara (kang dilakoni ing dina
‘Asyura) yaiku, shalat, pasa, silatur rahmi, sedhekah, adus, celakan, sowan
mring ulama, tilik wong lara, ngusap sirahe bocah yatim, nglonggarake

1 | Khutbah Jum’at, 28 Juli 2023


nafkah mring kaluwargane, ngethoki kuku, maca surat ikhlas 1.000
ambalan.”
Miturut katrangan saking Syaikh al-Ajhuri bilih 12 amaliah ingkang
kasebat ing nginggil, ingkang adedhasar hadis ingkang sahih namung
nindakakan shiyam lan nglonggaraken nafkah dhateng kaluarga ingkang
dados tanggel jawabipun. Ananging kita pitados, para ulama salaf
nindakaken amaliah 12 werni kasebat, kajurung saking pepinginan
mupangataken wulan Muharram ingkang binerkahan punika.

Jamaah Jum’at ingkang minulya


Wonten ing kasempatan khutbah punika temtu kita boten badhe
njlentrehakan sedaya amaliah kasebat. kita namung badhe ngaturaken kalih
prekawis:
1. Pasa Asyura’
Miturut katranganipun Syekh Zainuddin al-Malibari Ing kitab
irsyadul ibad ingkang adedhasar saking hadis Riwayat Imam Bukhari lan
Imam Muslim dipun sebataken bilih Ibnu Abbas nate dhawuh nalika
Rasulullah sanja dhateng kaum Yahudi ingkang nembe nindakaken ibadah
siyam ing dinten ‘Asyura. Tumunten nabi nyuwun pirsa kenging puna sami
nindakaken siyam. Kaum Yahudi maringi jawaban bilih dinten punika dinten
ingkang sae, amargi Allah SWT sampun kersa paring kasugengan dhateng
Nabi Musa. Lajeng Nabi Muhammad Dhawuh:
‫صيَ ِام ِه‬
ِ ِ‫فَنَحن أَح ُّق وأَوََل ِِبُوسى ِمحن ُكم فَصامه وأَمر أَصحابه ب‬
َُ َ ‫ح َ َ ُ َ َ َ ح‬ َ‫حُ َ َح ح‬
“Kita luwih wenang lan luwih utama klawan Nabi Musa tinimbang sira kabeh.
Tumuli nabi Muhammad pasa lan dhawuhake para sahabat supaya pasa (10
Muharram)”
Wondene fadhilahipun pasa ing 10 Muharram dipun jlentrehaken
dening Imam Yusuf bin Hasan bin Abd al-Hadi al-Maqdisi ad-Dimasyqi al-
Hanbali ing kitab Ma’arif al-In’am wa Fadhl as-Syuhur wa al-Ayyam. Dipun
sebataken bilih tiyang nindakaken pasa saged nutupi dosa ing kapengker.

َّ ‫هللا أَ حن يُ َك هِفَر‬
ُ‫السنَةَ الََِّت قَحب لَه‬
ِ ‫اشراء إِ ِهن اَحتَ ِسب علَى‬
َ ُ ‫صيَ ُام َع ُ َ َ ح‬
ِ
Pasa ing dina Asyura iku aku ngarepake marang Allah supaya busek dosa-doa
setahun sadurunge (HR. Muslim)
Dosa ingkang dipun maksud, miturut Imam Nawawi, inggih punika
dosa alit sanes dosa ingkang ageng. Saking agenging ganjaran pasa ing

2 | Khutbah Jum’at, 28 Juli 2023


dinten kasebat miturut Ibn al-Mibrad wonten kedadosan ingkang
nggumunaken, bilih ingkang nindakaken pasa boten namung manungsa
kemawon ananging semut ugi kersa siyam.
Pramila ningali saking mapinten-pinten kaistiemewaan puasa asyura’
kasebat, prayoginipun kita minangka umat Islam ingkang ngrungkebi iman
nindakaken pasa kados ingkang kadhawuhaken dening Nabi, sanajan
hukumipun namung sunnah. Supados anggenipun siyam boten sami kaliyan
tiyang Yahudi saenipun dipun tambah setunggal dinten ing tanggal 9
Muharram, utawi ing tanggal 11.
‫اش ُر َوََل تُ َشبهِ ُه حوا َِبلحيَ ُه حوِد‬
ِ ‫َّاسع والحع‬
ِ
َ َ ُ ‫ص حوُم حوا الت‬
ُ
“sira pada nindakna pasa ing dina kasanga lan kasepuluh lan aja padha karo
wong Yahudi. (HR. Baihaqi).
Ing Riwayat hadis sanes:
ِ ‫لَئِن ب ِقيت إِ ََل قَابِ ٍل َألَصوم َّن الحي وم الت‬
‫َّاس َع‬ َ‫ُحُ َح‬ ُ ‫ح َح‬
Saumpana aku isih nemoni tahun ngarep mesti aku bakal pasa ing dina 9
(Muharram). (HR. Muslim)
Ing Riwayat hadis Imam Ahmad:
‫ص حوُموا قَ حبلهُ يَ حوًما َوبَ حع َدهُ يَ حوًما‬ ِ
ً ‫اشَراءَ َو َخال ُفوا الحيَ ُه حوَد َو‬
ُ ‫ص حوُم حوا يَ حوَم َع‬
ُ
Pada nindakna pasa ing dina ‘Asyura lan nyasilisihana wong Yahudi klawan
pasa ing sedina sadurunge lan sedina sawuse.
Shiyam ing wulan Muharram punika kalebet shiyam ingkang paling
utama sasampunipun shiyam ing wulan Ramadhan. Sehingga ing wulan
Muharram langkung sae malih, menawi kita kersa nindakaken shiyam tigang
dinten, inggih punika tanggal 9, 10 lan 11 kados katranganipun Imam Syafii
ing kitab al-Umm. . Saged ugi nindakaken shiyam ing tanggal 9 lan 10 utawi
10 lan 11. Namung nindakaken shiyam ing tanggal 10 ugi sae. Boten shiyam
babar pindhah ugi boten dados punapa, ananging eman sanget wonten
wekdal ingkang mirunggan boten kaginakaken kanthi samurwatipun.

Jamaah Jum’at ingkang minulya


2. Suka Nafkah ingkang langkung mirunggan
Salah satunggaling tradisi ingkang sampun dipun lampahi dening
para ulama salaf ing dinten Asyura’ inggih punika caos nafkah dhateng
tiyang ingkang dados tanggeljawabipun. ingkang langkung kathah
tinimbang dinten padatanipun. Tegesipupun minangka kapala kaluawrga

3 | Khutbah Jum’at, 28 Juli 2023


ebo saenipun ing dinten asyura’ ini, caos boga ingkang mirunggan lan
langkung eca, tinimbang dinten sanesipun. Imam al-Thabrani lan Imam al-
Baihaqi ngriwayataken saking Abu Sa’id al-Khudri:
‫ِف َسنَتِ ِه ُكلهِ َها‬ ِ ُ ‫َم حن َو َّس َع َعلَى عِيَالِِه يَ حوَم َع‬
‫اش حوَراءَ َو َّس َع هللاُ َعلَحيه ِ ح‬
“sapa wonge aweh kelonggaran (nafkah) marang kaluargane ing dina
Asyura, yekti Allah bakal maringi kelonggaran (rizki) marang dheweke
sasuwene tahun ”.
Gegautan kaliyan hadis kasebat, Syaikh Ibn Rajab al-Hanbali, ing
kitab Lathaif al-Ma’arif nyerat pangandikanipun Sufyan bin Uyainah
ingkang dhawuh:
‫ْي َسنَةً فَ َما َرأَيحنَا إَِلَّ َخ ح ًْيا‬ ِِ ِ
َ ‫ْي َسنَةً أ حَو سته ح‬
َ ‫َجَّربحنَاهُ ُمحن ُذ َخَحس ح‬
“Aku wis nglakoni amaliah kasebut wiwit 50 utawi 60 tahun, lan ingsun ora
nemu perkara kejaba kang apik-apik.
Saumpami, ing padintenanipun kita namung caos blanja dhateng
garwanipun namung kalih dasa ewu, ngengeti dhawuh ing nginggil
prayoginipun dipun indhaki, tigang dasa ewu, punapa seket ewu supados
anggennipun blanja langkung omber. Ananging ugi Sampun ngantos kita
lajeng kalepyan nguja dhateng kulawarga satemah lirwa dhateng tiyang
sanes ingkang langkung mbetahaken arta bandha kalawau. Dene watesipun
inggih menika, menawi kaperluan kulawarga sampun kacekap enggal-
enggal kemawon kita tumoleh dhateng kanan-kiring kangge ambagi rejeki
saking Pangeran. Ingkang dipun wastani kaperluan inggih menika
kabetahan ingkang kedah dipun cekapi. Sanes kasukan ingkang sipatipun
namung nguja kasenengan pribadi kemawon.
Jamaah Jum’at ingkang minulya
Ngengeti wulan muharram punika wulan ingkang mulya, tegesipun
menawi kita kersa ngelampahi samukawis pangibadhan sayektos bakal
antuk ganjaran ingkang langkung tikel matikel. Wonten ing wulan punika,
kita ugi kedah anggadhahi pepinginan lan rencana ingkang gumathok
kangge nggayuh kabegjan saha karaharjan, sae wonten ing Donya tuwin
akhiratipun.
ِ‫آن الحع ِظي ِم ونَ َفع ِِن وإِ ََّّي ُكم ِِبَا فِي ِه ِمن احألٓي ِة و ه‬
‫الذ حك ِر ا حْلَكِحي ِم َوتَ َقبَّ َل‬ ِ
َ َ َ ‫ََب َرَك هللاُ ِِل َولَ ُك حم ِِف احل ُق حر َ ح َ َ ح َ ح ح‬
َّ ‫استَ حغ ِف ُرحوا إِنَّهُ ُه َو الحغَ ُف حوُر‬
‫الرِححي ُم‬ ِ ِ َّ ‫هللا ِم ِِن وِمحن ُكم تََِلوتَه إِنَّه هو‬
‫السمحي ُع الح َعلحي ُم َو ح‬ َُ ُ ُ َ ‫ُ ه َ ح‬

4 | Khutbah Jum’at, 28 Juli 2023


‫‪KHUTBAH II‬‬

‫يك لَهُ‪َ ،‬وأَ حش َه ُد‬ ‫اْلَ حم ُد َِّّللِ‪ .‬أَ حش َه ُد أ حن آل إلَهَ إََِّل هللاُ َو حح َدهُ ََل َش ِر َ‬ ‫اْلَ حم ُد ِههّللِ ُُثَّ ح‬
‫اْلَ حم ُد ِههّللِ َو ح‬
‫ح‬
‫ص ِهل َو َسلهِ حم َعلَى نَبِيهِنَا ُُمَ َّم ٍد َو َعلَى‬ ‫بعدهُ‪ .‬اَللَّ ُه َّم َ‬ ‫ِب َ‬ ‫َّ ِ‬ ‫َّ ِ‬
‫أن َسيه َد ََن ُُمَ َّم ًدا َعحب ُدهُ َوَر ُس حولُهُ الذ حي ََل نَِ ه‬
‫َّاس أ حُو ِصحي ُك حم‬ ‫ِ ِِ ٍ ِ ِ ِ ِ‬ ‫أَلِِه وأ ِِ‬
‫َص َحابه َوَم حن تَب َع ُه حم ِب حح َسان إ ََل يَ حوم القيَ َامة أ ََّما بَ حع ُد فَيَا أَيُّ َها الن ُ‬ ‫َ ح‬
‫صلُّ حو َن َعلَى النِ هِ‬
‫َِّب‪،‬‬ ‫ِ‬
‫اَل‪ :‬إِ َّن هللاَ َوَم ََلئ َكتَهُ يُ َ‬ ‫َونَ حف ِس حي بِتَ حق َوى هللاِ فَ َق حد فَ َاز الح ُمتَّ ُق حو َن‪ .‬فَ َق َ‬
‫ال هللاُ تَ َع َ‬
‫ص ِهل َعلَى َسيهِ َد ََن ُُمَ َّم ٍد َو َعلَى أ َِل َسيهِ َد ََن‬ ‫ه‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِ‬
‫صلُّ حوا َعلَحيه َو َسله ُم حوا تَ حسلحي ًما‪ .‬اَلله ُه َّم َ‬
‫ِ‬
‫هٰيَ يُّها الَّذيح َن َ‬
‫آمنُ حوا َ‬
‫ات‪.‬‬ ‫ياء ِمحن هم واحَلَمو ِ‬ ‫ات‪ ،‬اَحألَح ِ‬ ‫ات واحملسلِ ِمْي واحملسلِم ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ ِِ‬ ‫ٍ ه‬
‫ُ ح َ حَ‬ ‫ح‬ ‫ْي َواحملُحؤمنَ َ ُ ح ح َ َ ُ ح َ‬ ‫ُُمَ َّمد‪ .‬الله ُه َّم ا حغف حر للح ُم حؤمن ح َ‬
‫َت َواحملِ َح َن َما ظَ َهَر ِمحن َها َوَما‬ ‫اَل هله ُه َّم حادفَ حع َعنَّا احلبََلَء واحلوََبء وال ُقرحو َن والَّزَلَ ِزَل واحملِ َحن و ُس حوء اح ِلف َ ِ‬
‫َ ََ َ‬ ‫ََ َ َ ُ َ‬
‫ْي ال هله ُه َّم أَ ِرََن‬ ‫عامةً َّي ر َّ ِ‬ ‫ِ ِِ‬ ‫ِ‬ ‫بَطَ َن َع حن بَلَ ِد ََن إِنح ُدونِحي ِسيَّا َّ‬
‫ب اح َلعالَم ح َ‬ ‫ْي َّ َ َ‬ ‫خآصةً َو َسائ ِر احلبُلح َدان احملُ حسلم ح َ‬
‫اجتِنَابَهُ‪َ .‬ربَّنَا آتِنَا ِِف الدُّنحيَا َح َسنَةً َوِِف‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬
‫اْلَ َّق َحقًّا َو حارُزقح نَا اتهبَا َعهُ َوأَ ِرََن الحبَاط َل ََبط ًَل َو حارُزقح نَا ح‬ ‫ح‬
‫ْي عٍبَ َاد هللاِ‪ ،‬إِ َّن هللاَ َٰيح ُم ُر َِبح َلع حد ِل‬ ‫آلخرةِ حسنَةً وقِنَا ع َذاب النَّا ِر‪ .‬واَ حْلم ُد ِهّللِ ر ِ ِ‬ ‫ِ‬
‫ب الح هعلَم ح َ‬ ‫َ َح ه َ ه‬ ‫اح َ َ َ َ َ َ‬
‫تاء ِذي احل ُقرىب وي حن هى ع ِن احل َفح ِ‬
‫شاء َواحملحن َك ِر َواحلبَ حغ ِي يَعِظُ ُك حم لَ َعلَّ ُك حم تَ َذ َّك ُرحو َن‬ ‫ان وإِي ِ‬ ‫واح ِْلحس ِ‬
‫ُ‬ ‫ح‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ح‬ ‫ح‬ ‫َ‬ ‫َ حَ‬

‫‪5 | Khutbah Jum’at, 28 Juli 2023‬‬

You might also like