You are on page 1of 18

1

NGAJI SEPUTAR PUASA


ِّ ‫َما ُه َو‬
‫الصيَا ُم ؟‬
ِّ ‫سا ِّئ ِّر إال ُم إف ِّط َرا‬
‫ت ِّب ِّنيَّ ِّة‬ َ ‫ب َو إال ِّج َماعِّ َو‬ ُّ ‫ع ِّن إاْل َ إك ِّل َوال‬
ِّ ‫ش إر‬ َ ُ‫ساك‬ ِّ ‫لص َيا ُم ُه َو إ‬
َ ‫اْل إم‬ ِّ َ‫ا‬
. ‫ش إم ِّس‬ َّ ‫ب ال‬
ِّ ‫غ ُر إو‬ُ ‫طلُ إوعِّ إالفَ إج ِّر اِّلَى‬
ُ ‫الت َّ َعبُّ ِّد هللِّ ِّم إن‬
Ingkang artosipun :
Puasa inggih meniko, nyegah saking dahar, ngunjuk, jima’, lan sedoyo
perkawis ingkang mbatalaken puoso. Kanthi niat ibadah dateng gusti
Alloh. Mulai saking mentongole fajar, ngantos dumugi surupe
srengenge.
Utawi opo iku puoso ? ِّ ‫َما ُه َو‬
‫الص َيا ُم‬
Utawi puoso ‫لصيَا ُم‬ ِّ َ‫ا‬
“Iku” Utawi ‘Shiyaam’ ‫ُه َو‬
“Iku” Nahan ُ‫ساك‬ َ ‫اَ إ ِّل إم‬
Saking mangan ‫ع ِّن إاْل َ إك ِّل‬ َ
Lan nginum ‫ب‬
ِّ ‫ش إر‬ ُّ ‫َوال‬
Lan jima’ ‫إ‬
ِّ‫َوال ِّج َماع‬
Lan sekerine piri-piro kang mbatalaken puoso ‫ت‬ِّ ‫سا ِّئ ِّر إال ُم إف ِّط َرا‬ َ ‫َو‬
Kelawan diniati ngibadah ‫ِّبنِّيَّ ِّة الت َّ َعبُّ ِّد‬
Maring gusti Alloh ِّ‫هلل‬
Awit saking metune fajar ‫طلُ إوعِّ إالفَ إج ِّر‬ ُ ‫ِّم إن‬
Tumeko maring surupe srengenge ‫ش إم ِّس‬ َّ ‫ب ال‬ ِّ ‫غ ُر إو‬ ُ ‫اِّ ِّلى‬

❖ Puoso niku sih nopo ?


Ingkang nami puoso inggih meniko, nyegah saking dahar, ngunjuk,
jima’, lan sedoyo perkawis ingkang mbatalaken puoso. Kanthi niat
2

ibadah dateng gusti Alloh. Mulai saking mentongole fajar, ngantos


dumugi surupe srengenge.
❖ Atas dasar apa sampean berpuasa ?
Kewajiban puoso romadlon inggih meniko, atas dasar dawuhe Alloh
lan dawuhe Rosululloh saw.
❖ Kados pundi dawuhe Alloh ?
Disebutkan dalam al-Qur’an, surat al-Baqoroh, ayat 183 :

‫علَى الَّ ِّذيإنَ ِّم إن قَ إب ِّل ُك إم لَ َعلَّ ُك إم‬ ِّ ‫علَ إي ُك ُم‬


َ ِّ‫الص َيا ُم َك َما ُكت‬
َ ‫ب‬ َ ِّ‫َيا أَيُّ َها الَّ ِّذيإنَ آ َمنُ إوا ُكت‬
َ ‫ب‬
َ‫تَتَّقُ إون‬
Ingkang artosipun :
Hai wong-wong mu’min, sliramu kabeh, podo diwajibaken nglakoni
puoso romadlon. Koyo olie diwajibakene puoso romadlon, bagi umat
sakdurunge sliramu kabeh. Supoyo sliramu, podo dadi wong sing
takwa.
Hee wong akeh kang podo iman ‫يَا أَيُّ َها الَّ ِّذيإنَ آ َمنُ إوا‬
Wis diwajibaken ‫ب‬َ ِّ‫ُكت‬
Ingatase siro kabeh ‫علَ إي ُك إم‬ َ
“Opo” Puoso ‫لص َيا ُم‬ ِّ َ‫ا‬
Koyo ulie diwajibakene puoso ‫ب‬ َ ِّ‫َك َما ُكت‬
Ingatase wong akeh َ‫علَى الَّ ِّذيإن‬ َ
Saking sa’durunge siro kabeh ‫ِّم إن قَ إب ِّل ُك إم‬
Mugo-mugo siro kabeh ‫لَ َعلَّ ُك إم‬
“Iku” Podo takwa siro َ‫تَتَّقُ إون‬
❖ Kados pundi dawuhe Rosululloh ?
Wondene dawuhe Rosululloh saw., tentang puoso romadlon inggih
meniko :
3

‫علَ إي ُك إم فَأ َ إك ِّملُ إوا اَ إل َعدَدَ ثَ ََلثِّيإنَ َي إو ًما‬ ُ ‫ص إو ُم إوا ِّل ُرؤإ َيتِّ ِّه َواَ إف ِّط ُر إوا ِّل ُرؤإ َيتِّ ِّه فَإِّ إن‬
َ ‫غ َّمى‬ ُ
Ingkang artosipun :
Podo puosoo sliramu, krono weruh wulan tanggal sijine romadlon. Lan
podo bukao sliramu, krono weruh wulan, tanggal sijine bulan syawal.
Nahh.. Lamon kondisine mendung, nganti ora bisa weruh wulan
tanggal siji, mongko sliramu, podo nyempurnakaken wilangane sesasi,
genep 30 dino. (HR. Bukhori)
Podo puosoo romadlon sliramu kabeh ‫ص إو ُم إوا‬ ُ
Krono weruh wulan tanggal sijine romadlon ‫ِّل ُرؤإ َي ِّت ِّه‬
Lan podo bukao sliramu kabeh ‫َواَ إف ِّط ُر إوا‬
Krono weruh wulan, tanggal sijine bulan syawal ‫ِّل ُرؤإ يَتِّ ِّه‬
Mongko lamon kondisi mendung ‫غ َّمى‬ ُ ‫فَإِّ إن‬
Ingatase siro kabeh ‫علَ إي ُك إم‬َ
Mongko nyempurnakno siro kabeh ‫فَأ َ إك ِّملُ إوا‬
Ing wilangane wulan sya’ban lan wulan romadlon َ‫اَ إل َعدَد‬
Ing 30 dino ‫ثَ ََلثِّ إينَ يَ إو ًما‬
❖ Faedah e puoso romadlon sih nopo ?
Faedah puoso romadlon, inggih meniko katah. Diantaranya adalah
Rosululloh Muhammad saw., nate ngendiko :

‫غ ِّف َر لَهُ َما تَقَد ََّم ِّم إن ذَ إن ِّب ِّه‬


ُ ‫سابًا‬ ‫ضانَ اِّ إي َمانًا َو إ‬
َ ِّ‫احت‬ َ ‫ام َر َم‬
َ ‫ص‬َ ‫َم إن‬
Ingkang artosipun :
Sinten mawon ingkang puoso romadlon, dengan penuh keimanan lan
krono Alloh, mongko tiang sing puoso, dingapurani sedoyo dosa,
ingkang nate dilampahi. (HR. Bukhori lan Muslim)
❖ Sejak kapan Alloh prentah puoso romadlon marang wong islam ?
4

Alloh swt. menetapkan kewajiban puoso romadlon bagi umat Islam,


pada tahun kedua hijriyah. Tepatipun pada bulan sya’ban.
❖ Sinten sing berkewajiban nglampahi puoso romadlon ?
Ingkang berkewajiban nglampahi puoso romadlon inggih meniko,
tiang Islam, ingkang sampun baligh, tur akale normal, lan kuat
nglampahi puoso.
Hal niki, sing disebut wonten ing kitab taqrib, sebagai syarat wajibe
puoso.
➢ Berarti, tiang-tiang ingkang agamane sanes islam, kados dene :
Wonten tiang beragama kristen, utawi beragama hindu, utawi
beragama budha, utawi beragama khonggucu. Tiang niki sedoyo,
mboten berkewajiban nglampahi puoso. Tur menawi nglampahi
puoso, puasane mboten sah.
➢ Lan ugi, lare-lare ingkang dereng baligh, juga mboten
berkewajiban nglampahi puoso. Tetapi, menawi lare sing dereng
baligh kok nglampahi puoso, puasane niku sah.
➢ Semanten ugi, tiang-tiang ingkang akale mboten normal. Contone
tiang gemblung. Tiang-tiang niku, nggih mboten kewajiban
nglampahi puoso.
➢ Sing dimaksud kuat nglampahi puoso inggih meniko, kuat secara
fisik. Contone menawi fisike dalam kondisi sangat lemah, lagi
sakit misale, mongko tiang niku, mboten berkewajiban puasa.

❖ Kados pundi ibu-ibu sedang hamil lan ibu-ibu sedang menyusui


menawi mboten nglampahi puasa ?
Ibu-ibu ingkang lagi hamil utawi ingkang lagi menyusui, diparengaken
moten nglampahi puoso.
➢ Menawi ibu hamil, utawi ibu ingkang lagi menyusui, merasa
payah sanget bagi dirinya ketika nglampahi puasa, mongko ibu-
ibu niku, kenging mboten nglampahi puoso romadlon. Tapi,
5

wajib nglampahi qodho puasa, kanthi mboten mawi mbayar


fidyah.
➢ Berbeda kalian ibu-ibu hamil utawi ibu-ibu menyusui kenging
mboten nglampahi puoso demi kesehatan janinnya atau anaknya.
Tapi ibu-ibu niku wajib mengqodho puasa lan wajib mbayar
fidyah.
➢ Bagi mbah-mbah ingkang sampun sepuh, nopo dene sampun
pikun, ingkang lemah menawi nglampahi puoso, mongko mbah-
mbah niku, angsal mboten puoso. Ananging, putra putrine
mbayar fidyah, kagem mbah-mbah niku, setiap sedinten,
ngedalaken setunggal mud.
➢ Semanten ugi tiang-tiang ingkang saweg sakit, ingkang mboten
saged diharapkan kesembuhane, putra putrine, kon ngedalaken
fidyah. Setiap dinten, setunggal mud.

Catatan Penting :
Sinten mawon, wonten ing siange romadlon, sengaja bergaul intim.
Mongko tiang niku, wajib mengqodho puasane, lan wajib mbayar
kifarat.
Wondene kifarate niku, memerdekakan budak. Kranten wonten ing
Indonesia mboten wonten budak, maka sebagai gantine, puasa kalih
wulan berturut-turut. Sing dijenengi, puasa mbayar kifarot.
Menawi mboten mampu puasa kalih wulan berturut-turut, mongko
diganti bersedekah, dateng tiang 60 ingkang miskin. Setiap tiang
setunggal, diparingi setunggal mud.
➢ Tiang ingkang sakit, mboten nglampahi puoso. Contone kedah
minum obat lan musafir, ingkang jarak membolehkan sholat
qoshor inggih meniko 86 KM lebih. Mongko tiang werni kalih
meniko, cekap namung mengqodho puoso sing ditinggal.
6

Mangertosi dateng ferdune puoso.


Bilih ferdune puoso meniko, miderek penjelasan wonten ing kitab
taqrib, jumlahe wonten 4.
No 1. Inggih meniko niat
Ketentuane niat puoso romadlon, kedah setiap malam. Menawi terjadi
niat setelah fajar, maka puasane mboten sah. Tapi kedah ngeker utawi
mboten pareng maem lan nginum.
Menopo dene, tiang ingkang kesupen mboten niat, sami kalian sing
niate kawanen.
Artosipun, puasane mboten sah, mboten pareng maem lan nginum, lan
wajib ngodhoni puasane sing kelalen mboten niat, utawi niate kawanen.
Kados menikolah, pangertosan tentang wajibe nginepaken niat. Lan
kedah diniati setiap malam, selama bulan romadlon.
Menurut imam As-Syafi’i.
Dengan alasan, antara ibadah hari ini dan hari besok itu berbeda.
Nikulah sebabe imam Syafi’i tegas, mboten prentah njamak puoso.
Kados tertera wonten kitab Minhaajul Qowiim, sohifah 117, bab puasa.

‫ف ِّلغَي ِّإر إال َي إو ِّم إالَ َّو ِّل‬


ِّ ‫ش إه ِّر ُك ِّل ِّه لَ إم َي إك‬
َّ ‫ص إو َم ال‬ َ ‫فَلَ إو ن ََوى اَ َّو َل لَ إيلَ ٍة ِّم إن َر َم‬
َ َ‫ضان‬
Ingkang artosipun :
Menawi wonten tiang puoso romadlon, pada malam pertama, tiang
niku niat muasani kabeh awane romadlon. Mongko niat sing carane
kados niku, mboten cukup. Kejawi, mung puasa sing sedinten, sing
pertama.
Niki, ketegasan pendapate imam As-Syafi’i Rohimahulloh.

Tetapi, wonten setunggale pangandikan.


7

ِّ ‫ِّي النِّيَّةَ فِّ إي َب إع‬


‫ض‬ َ ‫ضانَ ا إِّن نَس‬
َ ‫ص إو ِّم َر َم‬ ُ ‫ص َل لَهُ ثَ َو‬
َ ‫اب‬ ُ ‫لَ ِّك إن َي إن َب ِّغ إي لَهُ ذ ِّل َك ِّل َي إح‬
ِّ ‫اَي‬
‫َّام ِّه‬
Ingkang artosipun :
Tetapi prayugo, bagi wong sing puoso romadlon, njamak niat puoso
sewulan, ono ing malam pertama romadlon. Supoyo hasil ganjarane
puoso romadlon, naliko ono sijine dina, sing lali ora niat.
Menikolah pendapate imam Malik Rohimahulloh.
No 2. Ferdune puoso inggih meniko, nyegah saking dahar lan ngunjuk.
Wondene dahar lan ngunjuk, ingkang dilakukan sebab lali, utawi sebab
mboten ngertos karena nembe masuk Islam, mongko puasane tiang
niku mboten batal.
No 3. Ferdune puoso inggih meniko nyegah saking jima’.
Menawi jimak terjadi karena kelalen, mongko hukume sami kados
mangan lan nginum sebab kelalen.
Ferdune puoso ingkang nomer 4 inggih meniko sengaja muntah.
Menawi muntah ingkang mboten disengaja, berarti mboten mbatalaken
puoso.

Mangertosi dateng perkawis, ingkang mbatalaken dateng tiang puoso,


sing jumlahe wonten sedoso.
No 1. Sengaja nglebetaken sesuatu, ingkang sesuatu niku, ngantos
dumugi weteng.
No 2. Nglebetaken obat, lewat qubul utawi dubur.
No 3. Muntah kanthi disengaja.
No 4. Wathi ingkang disengaja.
No 5. Inzal. Utawi usaha kangge medale sperma.
8

No 6 ngantos dumugi 9. Haid, nifas, gemblung, murtad.


Meniko sedoyo, ingkang mbatalaken puoso.

Catatan :
Tiang ingkang nglampahi puoso, dianjurkan nglampahi 3 hal.
No 1. Sangat dianjurkan, ketika datang waktu maghrib, segera
ngguguraken puasane.
No 2. Sangat dianjurkan, supados ngakhiraken ulie sahur.
No 3. Sangat dianjurkan njogo lesan, saking ucapan lacut.

Bab Sholat Tarowih.


❖ Sholat tarowih niku sih nopo ?
Sholat tarowih ingkang kulo lampahi inggih meniko, sholat sunat 20
reka’at, didamel sedoso salaman. Ingkang dilampahi sa’sampunipun
sholat ‘Isya, wonten ing sa’lebetipun wengine wulan romadlon.
❖ Kpripun lafadze niat sholat tarowih ?
Lafadze niat sholat tarowih inggih meniko :

ِّ ‫إح َر إك َعتَي ِّإن ُم إستَ إق ِّب َل إال ِّق إبلَ ِّة َمؤإ ُم إو ًما‬
‫هلل تَ َعالَى‬ ِّ ‫سنَّةَ الت َّ َرا ِّوي‬ َ ُ‫ا‬
ُ ‫ص ِّلى‬
Kulo niat sholat tarowih kalih reka’at, hale madep kiblat, tur hale
ma’mum, sunat krono Alloh Ta’aalaa.
❖ Sing dimaksud sholat witir sih nopo ?
Sholat witir inggih meniko, sholat sunat ingkang rekangate ganjil,
minimal setunggal rekangat, paling katah sewelas rekangat. Ingkang
dilampahi saksampunipun sholat ‘isya, ngantos dumugi sakderenge
medale fajar. Minongko kangge penutupe sholat-sholat sunat.
❖ Sing dimaksud i’tikaf sih nopo ?
9

Ingkang nami i’tikaf inggih meniko, meneng, utawi berdiam diri


wonten ing saklebetipun mesjid, dalam keadaan suci saking hadas,
najis, lan nutup ngaurat. Dikanteni kelawan niat.
❖ Kados pundi lafadze niat i’tikaf ?
Lafadze niat i’tikaf inggih meniko :

ُ ‫اف فِّى إال َمس ِّإج ِّد‬


‫سنَّةً هللِّ تَعَالَى‬ ِّ ‫ن ََويإتُ إ‬
َ ‫اْل إعتِّ َك‬
❖ Kapan wektune i’tikaf ?
Dene wekdale i’tikaf, bebas. Namung, ingkang paling sae, i’tikaf
wonten ing wayah ndalu. Langkung istimewa malih, i’tikaf setelah
tanggal 20 romadlon, ngantos akhir romadlon. Dengan maksud,
mendapatkan lailatul qodar.

➢ Rosululloh Muhammad saw., nate ngendiko :

‫س‬ َ ‫ام ِّه ا َِّّل إال ُج إوعُ َو إال َع‬


ُ ‫ط‬ ِّ ‫ص َي‬ َ ‫صا ِّئ ٍم لَي‬
ِّ ‫إس ِّم إن‬ َ ‫َك إم ِّم إن‬
Ingkang artosipun :
Katah tiang ingkang nglampahi puasa. Tetapi, puasane mboten hasil
nopo-nopo, kejawi namung raos kencot lan ngelak.
MaasyaaAllooh. Betapa ruginya kita.
Pirang-pirang saking wong kang puoso ‫صا ِّئ ٍم‬ َ ‫َك إم ِّم إن‬
Ora ono َ ‫لَي‬
‫إس‬
“Iku” Tetep saking puasane ‘Shooim’ ‫ام ِّه‬ِّ َ‫صي‬ ِّ ‫ِّم إن‬
“Opo sing ora ono?” Kejobo kencot ُ‫ا َِّّل إال ُج إوع‬
Lan ngelak ‫س‬ُ ‫ط‬َ ‫َو إال َع‬

Ada apa dengan puasa itu ?. Yang mestinya, dengan puasa, akan
mendapatkan pahala yang sangat besar.
10

➢ Rosululloh Muhammad saw., nate paring dawuh :


‫س َوالنَّ إ‬
‫ظ ُر‬ ُ ‫ِّب َو إال ِّغ إيبَةُ َوالنَّ ِّم إي َمةُ َو إاليَ ِّمي ُإن إالغَ ُم إو‬
ُ ‫صائِّ َم اَ إل َكذ‬
َّ ‫س يُ إف ِّط إرنَ ال‬ٌ ‫خ إَم‬
. ‫ش إه َو ٍة‬
َ ‫ِّب‬
Ingkang artosipun :
Wonten lima hal, ingkang ngilangaken ganjarane tiang puoso.
ُ ‫ا َ إل َكذ‬
Nomer 1.‫ِّب‬
Ingkang artosipun, bohong.
Nomer 2.ُ‫َو إال ِّغ إي َبة‬
Ingkang artosipun, ngrasani utawi menggunjing.
Nomer 3.ُ‫َوال َّن ِّم إي َمة‬
Ingkang artosipun, mengadu domba.
Nomer 4.‫س‬ ُ ‫َو إال َي ِّمي ُإن إالغَ ُم إو‬
Ingkang artosipun, sumpah palsu utawi supata goroh.
Nomer 5.ٍ‫ش إه َوة‬ ‫َوال َّن إ‬
َ ‫ظ ُر ِّب‬
Ingkang artosipun, ningali dengan syahwat utawi sangat tertarik.
Makna per kata :
Utawi perkoro limo ‫س‬ ٌ ‫َخ إم‬
“Iku” Arep mbatalaken opo perkoro limo َ‫يُ إف ِّط إرن‬
Ing ganjarane wong kang puoso ‫صائِّ َم‬َّ ‫اَل‬
“Ndi rupane limo?” Nomer siji perkoro kang ُ ‫اَ إل َكذ‬
‫ِّب‬
arep mbatalaken ganjarane wong kang puoso,
goroh
Lan kaping pindone perkoro kang arep ُ‫َو إال ِّغ إي َبة‬
mbatalaken ganjarane wong kang puoso,
ngrasani
Lan kaping telu perkoro kang arep mbatalaken ُ‫َوالنَّ ِّم إي َمة‬
ganjarane wong kang puoso, adu domba
11

Lan kaping papat perkoro kang arep ُ ‫َو إال َي ِّمي ُإن إالغَ ُم إو‬
‫س‬
mbatalaken ganjarane wong kang puoso,
sumpah palsu
Lan kaping lima perkoro kang arep mbatalaken ‫َوالنَّ إ‬
‫ظ ُر‬
ganjarane wong kang puoso, ningali
Kelawan syahwat ٍ‫ش إه َوة‬
َ ‫ِّب‬

➢ Bulan romadlon meniko, dibagi dados tigo.


Nomer 1. Tanggal setunggal ngantos tanggal sedoso romadlon, disebut
romadlon awal.
Nomer 2. Tanggal sewelas ngantos tanggal kalihdoso romadlon,
disebut romadlon pertengahan.
Nomer 3. Tanggal selikur ngantos akhir romadlon, disebut romadlon
akhir.
Nahh,,. Hal meniko, ingkang nate dingendikaaken dening Rosululloh
Muhammad saw.

ِّ َّ‫آخ ُرهُ ِّعتإ ٌق ِّمنَ الن‬


‫ار‬ ِّ ‫طهُ َم إغ ِّف َرة ٌ َو‬ َ ‫اَ َّولُهُ َر إح َمةٌ َواَ إو‬
ُ ‫س‬
Ingkang artosipun :
Wonten ing romadlon awal, penuh dengan rohmat. Wonten ing
romadlon pertengahan, penuh dengan maghfiroh. Wondene wonten ing
romadlon akhir, pembebasan saking sikso neroko.

Penting !
Wonten pangandiko :
ُ ‫لص َيا ُم ثَ ََل‬
ٍ ‫ث دَ َر َجا‬
‫ت‬ ِّ َ‫ا‬
Ingkang artosipun : Bilih puoso meniko, wonten tigo tingkatan.
12

ِّ ‫إال َع َو‬
Tingkatan nomer setunggal inggih meniko :‫ام‬ ‫ص إو ُم‬
َ
Ingkang artosipun :
Puasane tiang-tiang umum. Kados dene, kita-kita niki. Anggenipun
kito nglampahi puoso, mung mboten dahar, ngunjuk, jima’, lan mboten
nglampahi perkawis, ingkang mbatalaken puoso.

ِّ ‫إالخ ََو‬
Tingkatan nomer kalih inggih meniko :‫اص‬ ‫ص إو ُم‬
َ
Ingkang artosipun :
Puasane tiang-tiang sholeh. Tiang-tiang sholeh anggenipun puoso
inggih meniko, mboten namung nyegah saking dahar, ngunjuk, jima’,
lan nebihi perkawis ingkang mbatalaken puoso. Tetapi, lebih
anggenipun njagi mripat, saking ningali perkoro harom. Njaga lesan,
saking ucapan-ucapan ingkang lacut. Njaga kuping, saking mirengaken
perkawis ingkang dosa. Njaga weteng, saking panganan haram. Njaga
sikil, saking tumindak ingkang harom. Lan njagi tangan, saking
perbuatan dosa.

ِّ ‫اص إالخ ََو‬


Tingkatan ingkang nomer tigo inggih meniko :‫اص‬ ِّ ‫إالخ ََو‬ ‫ص إو ُم‬
َ
Ingkang artosipun : Puasa drajate poro nabi lan Shiddiiqiin.
Puasane poro Nabi lan Shiddiiqiin inggih meniko, mboten namung
nyegah saking dahar, ngunjuk, lan sa’teruse. Lan ugi, mboten namung
nyegah mripat, saking ningali perkoro harom. Njaga lesan, saking
ucapan-ucapan ingkang lacut lan sa’teruse. Ananging, lebih pada
anggenipun njagi dateng ati saking urusan agama, lan njaga pikiran
saking urusan dunia.

➢ Wonten setunggale hadis qudsi :

َ ‫ع إش َر ٍة اِّلَى‬
‫سب ِّإع ِّمائَ ِّة‬ َ ‫ف لَهُ اَ إج ُرهَا ِّم إن‬ ُ ‫ع‬َ ‫ضا‬ َ ُ‫سنَ ٍة َي إع َملُ َها اِّب ُإن آدَ َم ي‬
َ ‫ُك ُّل َح‬
‫ي ِّب ِّه‬ َّ ‫ض إعفٍ ا َِّّل ال‬
‫ فَإِّنَّهُ ِّل إي َواَنَا اَ إج ِّز إ‬. ‫ص إو َم‬ ِّ
13

Ingkang artosipun :
Sedoyo kesaenan, ingkang dilampahi dening anak adam, ganjarane
bade dilipatgandakan sedoso, ngantos 700 lipetan. Kejawi, namung
ganjarane puasa.
Terkait kalian puoso, alloh ngendiko :

‫فَإِّنَّهُ ِّل إي َواَنَا اَ إج ِّز إ‬


‫ي بِّ ِّه‬
Saktemene puoso iku, kanggo ingsun alloh. Mulo, ingsun arep mbales
marang puoso sing dilakoni.
14

Terkait Sholat Tarowih


Kito sedoyo sampun mangertos, bilih bulan romadlon meniko, disebut
bulan rohmah, disebut bulan maghfiroh, lan disebut ugi bulan
pembebasan saking sikso neroko.
Pramilo saking meniko, sepantasnyalah bagi kito umat Islam
memperbanyak ibadah, wonten ing sasi romadlon. Baik wekdal siang,
maupun wekdal ndalu. Dengan maos Al-Qur’an, nderek pengaosan,
i’tikaf, sholat tarowih, lan sanes-sanesipun.
Nahh... terkait kalian sholat tarowih, kito terasa capek memang, ketika
nglampahi sholat tarowih, sing katahe kalihdoso rekangat. Ananging,
dibalik meniko sedoyo, sangatlah agung faedah saking nglampahi sholat
tarowih.
Rosululloh Muhammad saw., nate ngendiko :

‫غ ِّف َر لَهُ َما تَقَد ََّم ِّم إن ذَ إن ِّب ِّه‬


ُ ‫سابًا‬ َ ‫َم إن قَا َم َر َم‬
‫ضانَ اِّ إي َمانًا َو إ‬
َ ِّ‫احت‬
Ingkang artosipun :
Sinten mawon ingkang nglampahi sholat tarowih, dengan penuh
keimanan lan keikhlasan dateng Alloh semata, mongko tiang-tiang niku,
bade dingapurani dosa-dosane, ingkang nate dilampahi.
Bab Nuzulul Qur’an utawi diturunaken e Al-Qur’an
Peringatan nuzulul qur’an inggih meniko, memperingati temurune kitab
suci Al-Qur’an, saking ngarsane alloh, lewat malaikat Jibril, dateng
Rosululloh Muhammad saw. Arupi gangsal ayat pertama, saking surat al-
‘Alaq. Ingkang terjadi pada tahun 610 M, tepate wonten ing tanggal 17
romadlon, wonten ing saklebetipun gua hiro.
Gangsal ayat pertama, saking surat al-‘Alaq inggih meniko :

‫الر ِّح إي ِّم‬


َّ ‫من‬
ِّ ‫الر إح‬ َّ ِّ‫ِّب إس ِّم للا‬
‫) اِّ إق َرأإ َو َربُّ َك إالَ إك َر ُم‬2( ‫ق‬
ٍ َ‫عل‬ َ ‫سانَ ِّم إن‬ ِّ ‫) َخ َلقَ إ‬1( َ‫ِّي َخلَق‬
َ ‫ال إن‬ ‫اِّ إق َرأإ ِّباس ِّإم َر ِّب َك الَّذ إ‬
)5( ‫سانَ َما لَ إم يَ إعلَ إم‬ َ ‫ال إن‬ َ )4( ‫علَّ َم ِّب إالقَلَ ِّم‬
ِّ ‫علَّ َم إ‬ ‫) اَلَّ ِّذ إ‬3(
َ ‫ي‬
Anjuran ber i’tikaf
Kito disunatkan nglampahi i’tikaf, wonten ing wekdal nopo mawon.
Wekdal siang, utawi ndalu. Ananging, sangat dianjurkan i’tikaf, wonten
ing wengine sasi romadlon. Terlebih lagi, i’tikaf wonten ing wengine
sepertiga saking bulan romadlon ingkang akhir. Utawi wonten ing tanggal
selikur, ngantos akhir romadlon. Kangge mengharapkan, ngepasi
15

temurune lailatul qodar. Ingkang nilaine, langkung sae tinimbang ‘ibadah


sewu wulan.
Alloh swt., sampun ngendiko wonten ing al-Qur’an, surat al-Qodar ayat
3.

‫ش إه ٍر‬ ِّ ‫لَ إيلَةُ إالقَ إد ِّر َخي ٌإر ِّم إن أَ إل‬


َ ‫ف‬
Ingkang artosipun : Beribadah ngepasi temurune lailatul qodar niku,
nilaine langkung sae, tinimbang ngibadah sewu wulan.
➢ Zakat fitrah niku sih nopo ?
Zakat fitrah inggih meniko, zakat kangge pribadi setiap muslim. Mulai
bayi nembe lahir, ngantos mbah-mbah selagine tesih gesang. Ingkang
menangi bulan romadlon, tur kagungan kelebihan rizqi.
➢ Zakat fitrah niku kangge nopo ?
Zakat fitrah niku, ngedalaken bahan makanan pokok, setunggal sho’.
Utawi kirang langkung, dua setengah (2,5) kilogram. Ingkang
diparingaken dateng fakir miskin.
➢ Zakat fitrah nopo kedah ngangge makanan pokok ?
Menurut ketegasan imam As-Syafi’i, bilih zakat fitrah, kedah
menggunakan bahan makanan pokok. Ananging, wonten pendapat sanes,
ingkang marengaken zakat fitrah, menggunakan arto. Senilai setunggal
sho’, bahan makanan pokok.
➢ Kapan zakat fitrah wajib dikeluarkan ?
Wajib didalaken e zakat fitrah niku, awit saking surupe srengenge tanggal
setunggal syawal, ngantos sakderenge sholat ‘id.
➢ Nopo angsal ngedalaken zakat fitrah mulai awal romadlon ?
Ngedalaken zakat fitrah mulai awal romadlon, hukumipun sah. Wondene
wektu sunat kangge ngedalaken zakat fitrah meniko, mulai metune fajar,
ngantos menjelang sholat ‘id.
➢ Kados pundi bayi ingkang lahir menjelang maghribe malam riyoyo
utawi idul fitri? Menopo wajib difitrahi?
Bayi ingkang lahire tesih menangi bulan romadlon, senejan kirang
gangsal menit, bayi niku tetep wajib difitrahi. Akan tetapi, menawi sang
bayi niku, lahir setelah surupe srengenge, maka mboten wajib difitrahi.
➢ Kados pundi menawi wonten tiang wafat ing saklebetipun wulan
romadlon ?
16

Menawi wonten tiang wafat, saklebetipun wulan romadlon, mongko tiang


niku, mboten wajib difitrahi.
Ananging menawi wonten tiang wafat, saksampunipun surupe srengenge
akhir romadlon, mongko tiang niku, wajib difitrahi.
Bab ‘Idul Fitri
➢ Kapan disunataken mengumandangkan takbir wonten ing riyaya
‘idul fitri ?
Disunataken mengumandangkan takbir wonten ing riyaya ‘idul fitri
meniko : Mulai surupe srengenge malam tanggal setunggal syawal,
ngantos dumugi sholat ‘idul fitri.
Malam riyaya idul fitri, merupakan malam istimewa. Terbukti, Rosululloh
Muhammad saw., nate paring dawuh :

َ َّ‫س لَيَا ٍل لَ إم ت ُ َردُّ فِّ إي ِّه َّن اَلد‬


ُ‫ع َوات‬ ُ ‫خ إَم‬
Ingkang artosipun :
Wonten gangsal mbengi, menawi gangsal wengi niku, kangge ngaturaken
panyuwunan dateng gusti Alloh, mongko panyuwunane, mboten bade
ditolak.
Nomer 1. Ndonga wonten ing malam jum’at.
Nomer 2. Ndonga wonten ing malam tanggal setunggal rojab.
Nomer 3. Ndonga wonten ing malam nisfu sya’ban.
Nomer 4. Ndonga wonten ing malam riyaya ‘idul fitri.
Nomer 5. Ndonga wonten ing malam riyaya ‘idul adha.
Budaya atau tradisi, silaturohimlan halal bi halal. Khususe wonten
ing negara Indonesia.
Tradisi kegiatan silaturohim lan halal bi halal, ingkang muncul setelah
riyaya ‘idul fitri, prayogi sanget dipertahankan, bahkan lebih
digalakkan/ditingkatkan.
Kranten hal meniko, usaha kangge membersihkan diri, terkait dengan hak
adam. Saksampunipun kita umat Islam, membersihkan diri dari dosa-dosa
dateng Alloh, dengan menjalankan puasa romadlon lan sholat tarowih.
➢ Menopo kito perlu, membersihkan diri saking hak-hak adam utawi
halal bi halal ?
17

Membersihkan diri saking hak adam, wajib dilakukan. Menawi mboten


dilampahi, amat sangat beresiko. Menopo dene wonten ing akherat
mbenjang.
Kita ingat setunggalipun hadis Rosululloh Muhammad saw., ingkang
suraosipun mekaten :

‫س‬َ ‫ع فَقَا َل إِّ َّن إال ُم إف ِّل‬َ ‫س فِّ إينَا َم إن َل ِّد إر َه َم لَهُ َو َل َمتَا‬ ُ ‫س قَالُ إوا اَ إل ُم إف ِّل‬ ُ ‫اَتَ إد َر إونَ َما إال ُم إف ِّل‬
‫ف هذَا‬ َ َ‫شتَ َم هذَا َوقَذ‬ َ ‫ص َي ٍام َوزَ َكاةٍ َو َيأ إتِّ إي قَ إد‬ ِّ ‫ص ََلة ٍ َو‬َ ‫ِّم إن أ ُ َّمتِّ إي َيأ إتِّ إي َي إو َم إال ِّق َيا َم ِّة ِّب‬
‫سنَاتِّ ِّه َوهذَا ِّم إن‬ َ ‫طى هذَا ِّم إن َح‬ َ ‫ب هذَا فَيُ إع‬ َ ‫ض َر‬َ ‫سفَ َك دَ َم هذَا َو‬ َ ‫َوأَ َك َل َما َل هذَا َو‬
‫ت‬‫ط ِّر َح إ‬ ُ َ‫طا َيا ُه إم ف‬َ ‫علَ إي ِّه أ ُ ِّخذَ ِّم إن َخ‬
َ ‫ي َما‬ َ ‫ض‬ ِّ ‫سنَات ُهُ قَ إب َل أَ إن َي إق‬ َ ‫ت َح‬ ‫سنَا ِّت ِّه فَإِّ إن فَ ِّن َي إ‬
َ ‫َح‬
‫ار‬ِّ َّ‫ط ِّر َح فِّي الن‬ ُ ‫علَ إي ِّه ث ُ َّم‬
َ
Ingkang artosipun :
Suatu ketika, Rosululloh Muhammad saw., lagi bareng poro sohabat.
ُ ‫إال ُم إف ِّل‬
Ehh.., disela-sela lenggahan, beliau ngendiko : ‫س‬ ‫اَتَ إد َر إونَ َما‬
Hai poro sohabat, opo sliramu kabeh podo ngerti, opo iku bangkrut?.
Poro sohabat matur : Wahai Rosululloh, bangkrut menurut kita poro
sohabat inggih meniko, tiang ingkang sampun mboten gadah arto, lan
mboten gadah bondo.
Atas jawaban saking poro sohabat, beliau ketingal mboten pas. Akhire,
beliau ngendiko :

َ ِّ‫س ِّم إن أ ُ َّمتِّ إي يَأإتِّ إي يَ إو َم إال ِّقيَا َم ِّة ب‬


ِّ ‫ص ََلة ٍَو‬
ٍ‫صيَ ٍام َوزَ َكاة‬ َ ‫إِّ َّن إال ُم إف ِّل‬
Hai poro sohabat, bangkrut saking umatku yoiku, mbesuk nang dinane
kiamat, umatku podo sowan nang ngarsane gusti Alloh, kanthi nggowo
ganjarane sholat, ganjarane puoso, lan ganjarane zakat.
Dengan pahala sholat, pahala puasa, lan pahala zakat, saged kangge tiket
mlebet suargo.
Ternyata tiang niku, naliko gesang teng ndunya, gadah urusan kaliyan
tiang werni gangsal, sing dereng saling memaafkan, utawi saling
mengikhlaskan, ngantos sami sedo.

Nomer 1. ‫هذَا‬ َ ‫َويَأإتِّ إي قَ إد‬


‫شتَ َم‬
Tiang niku, nate ngomehi tiang secara berlebihan. Ngantos sing diomehi,
mboten memaafkan ngantos sedo.

Nomer 2.‫هذَا‬ َ َ‫َوقَذ‬


‫ف‬
18

Tiang niku, nate menuduh seseorang, berbuat zina. Ngantos sing dituduh,
mboten ikhlas ngantos sedo.

Nomer 3.‫هذَا‬ ‫َوأَ َك َل َما َل‬


Tiang niku, nate ngangge barange tiang, utawi mangan bandane tiang.
Ngantos pejah, mboten diikhlasaken.

Nomer 4.‫هذَا‬ ‫سفَ َك دَ َم‬


َ ‫َو‬
Tiang niku, nate melukai seseorang, ngantos berdarah. Lan tiang sing
dilukai, mboten ikhlas ngantos sedo.

Nomer 5.‫هذَا‬ ‫ب‬


َ ‫ض َر‬
َ ‫َو‬
Tiang niku, nate memukuli seseorang, tanpa sebab. Ngantos tiang sing
dipukuli, seda mboten ikhlas.
Nahh..., kedadosan sing kados niku, terus kpripun gusti Alloh anggenipun
ngadili ?

َ ‫سنَاتِّ ِّه َوهذَا ِّم إن َح‬


‫سنَاتِّ ِّه‬ َ ‫فَيُ إع‬
َ ‫طى هذَا ِّم إن َح‬
Mergo tiang niku, gadah urusan dereng diikhlasaken, naliko tesih gesang.
Maka, ganjarane sholat, diparingaken dateng tiang, sing dicaci maki
berlebihan. Ganjarane puoso, diparingaken dateng tiang, sing dituduh
melakukan zina. Ganjarane zakat, diparingaken dateng tiang, sing
bandane didahar.
Berarti, pahalane sholat, pahalane puasa, lan pahalane zakat, niku sampun
telas. Padahal, tesih wonten tiang kalih, sing dereng kebagian.
Akhire gusti Alloh anggenipun ngadili,

‫علَ إي ِّه‬
َ ‫ي َما‬ ِّ ‫سنَاتُهُ قَ إب َل أَ إن يَ إق‬
َ ‫ض‬ ‫فَإِّ إن فَنِّيَ إ‬
َ ‫ت َح‬
Menawi ganjarane niku sampun telas, lan tesih wonten tiang kalih sing
dereng kebagian, maka...

‫علَ إي ِّه‬ ‫ط ِّر َح إ‬


َ ‫ت‬ َ ‫أ ُ ِّخذَ ِّم إن َخ‬
ُ َ‫طا َيا ُه إم ف‬
Dosane tiang kalih sing dereng kebagian ganjaran, dibebanaken dateng
tiang niku.
ُ ‫ث ُ َّم‬
ِّ َّ‫ط ِّر َح فِّي الن‬
‫ار‬
Terus tiang niku, dicemplungaken wonten ing neroko.

ِّ ‫هلل َو ِّإنَّا ِّإلَ إي ِّه َر‬


َ‫اجعُ إون‬ ِّ ‫ِّإنَّا‬

You might also like