You are on page 1of 10

‫‪KHUTBAH JUMAT‬‬

‫)‪DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA‬‬


‫‪https://seruanmasjid.com‬‬

‫‪HARAM MANGRAMPAS LAHAN KANTHI‬‬


‫‪ZALIM‬‬

‫‪KHUTBAH I‬‬
‫َ ْ‬ ‫َ‬ ‫َّ َ‬ ‫ْ‬
‫َّإن ال َح ْم َد ِلل ِه‪ ,‬ه ْح َم ُد ُه‪َ ,‬وو ْظ َح ِع ُيى ُه‪َ ,‬وو ْظ َحغ ِف ُس ُه‪,‬‬
‫َ َ ُ ُ َّ ْ ُ ُ َ ْ ُ َ َ َ ّ َ َ‬
‫ات ؤ ْع َم ِال َى َام ْن‬ ‫ووعىذ ِبالل ِِه ِمن شسو ِز ؤهف ِظىا‪ ,‬وط ِيئ ِ‬
‫َ َ ْ‬ ‫َّ ُ َ َ ُ َّ َ ُ َ َ ْ ُ ْ َ َ‬
‫ض ِل ْل فال َه ِاد َي ل ُه‪,‬ؤش َه ُد‬ ‫َي ْه ِد ِه الله فال م ِضل له‪ ,‬ومن ً‬
‫َ‬ ‫َ َ َ‬ ‫َ َ‬ ‫َ ْ َ َ َ َّ‬
‫هللا َو ْح َد ُه الش ِسٍْ ًَ ل ُه‪ ،‬ش َه َادة َم ْن ُه َى خ ْي ٌر‬ ‫لِا ُ‬
‫ؤن ال ِاله ِ‬
‫َ‬ ‫َ‬
‫َّم َل ًاما َوؤ ْح َظ ُن ه ِد ًًّا‪.‬‬
‫ُ‬
‫مح َّم ًدا َع ْب ُد ُه َو َز ُط ْىل ُه‬ ‫َِو َؤ ْش َه ُد َؤ َّن َط ّي َد َها َ‬
‫ِ‬
‫ص ِب ًّيا‪.‬‬‫ف ب ْاْلَ َيازم ه َبا ًزا َو َ‬ ‫ْ ُ َّ ُ‬
‫اْلح ِص ِ ِ ِ ِ‬
‫ص ّل َو َط ّل ْم َع َلى َط ّيد َها ُم َح َّمد َو َ‬ ‫َ‬ ‫َ َّ ُ َّ َ‬
‫ان‬ ‫ٍ‬ ‫ِِ‬ ‫اللهم ِ ِ‬ ‫ف‬
‫ص ْح ِب ِه‬ ‫ان َز ُط ْى ًال َهب ًّيا‪َ ،‬و َع َلى آله َو َ‬ ‫صاد َق ْال َى ْعد َو َو َ‬ ‫َ‬
‫ِِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫ح ِظ ُى ْى َن إ ْط َال َم ُه ْم َو َل ْم ًَ ْف َع ُل ْىا َش ْي ًئا َفسًٍّا‪َ ،‬ؤماَّ‬ ‫ِ‬ ‫َّالر ًْ َن ًُ ْ‬
‫ِ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫َ‬
‫ْ‬ ‫َ‬ ‫ُ‬ ‫ُ‬ ‫َ‬
‫َب ْع ُد‪ ،‬ف َيا ؤ ُّي َها ال َحاض ُس ْون َزح َمى ُم ُ‬‫ْ‬ ‫َ‬
‫هللا‪ ،‬ا ْو ِص ْي ِن ْي هف ِس ْي‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫َ َ ْ َ َ ْ ُ َّ ُ ْ نَ‬ ‫ي‬ ‫َ‪.‬وإ ًَّ ُاه ْم ب َح ْل َ‬
‫هللا‪ ،‬فلد فاش اْلحلى ِ‬ ‫ِ‬ ‫ى‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫َ َ ُ ََ َ‬
‫كاٌ هللا جعالى ‪:‬‬
‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ ٓ‬ ‫َ َ َ‬
‫َول ْى ا َّن ا ْه َل ال ُل ِسي ا َم ُى ْىا َو َّاث َل ْىا ل َف َح ْح َىا َعل ْي ِه ْم‬
‫َ َّ َ َ َ ْ‬ ‫َ َ ّ َ َّ َ ۤ َ ْ َ‬
‫ض َول ِى ْن هر ُب ْىا فاخرن ُه ْم ِب َما‬ ‫لِا ْ‬
‫بسه ٍت ِمن الظما ِء و ِ‬
‫ز‬
‫َ‬
‫و ُاه ْىا ًَ ْى ِظ ُب ْى َ ِن‬
‫)‪(QS al –A‟raf [7]: 96‬‬

‫‪1‬‬
Jamaah Jum‟at ingkang pikantuk rahmating
Allah Subhanahu Wa Ta‟ala
Minangka pambuka atur, sumangga kita
sesarengan hangunjukaken raos syukur wonten
ngarsa dalem Allah Subhanahu Wa Ta‟ala, awit
sampun kathah nikmat peparingipun dhumateng
kula dalasan panjenengan sedaya.
Sak lajengipun, minangka pandhèrèkipun
ingkang tansah setya tuhu, mangga sareng-
sareng hatur shalawat dalasan salam, kunjuk
dhumateng Rasulullah Muhammad Shallallahu
„Alaihi Wa Sallam, sumarambah dhumateng
para keluwarganipun, para sahabatipun, para
tabi‟in, ugi para tabi‟utabi‟in.
Minangka jangkeping rukun khotbah, al
fakir khotib mboten bosen-bosen tansah atur
pepémut dhumateng dhiri pribadhi kula
piyambak, sumarambah dhumateng para
jamaah Jum‟at, kanthi atur, sumangga tansah
ngandelaken iman, nambahi jejeging taqwa kita
dhumateng Allah Subhanahu Wa Ta‟ala, jumbuh
kaliyan dhawuhipun kanjeng Nabi Muhammad
Shallallahu „Alaihi Wa Sallam :
َ َ َ َ َ ْ َ َ ّ َّ ََْ َ ْ ُ َ ُْ َ َ
،‫ وؤث ِب ِع الظ ِيئة الحظىة ثمحها‬،‫ِا َّث ِم هللا حيثما هىت‬
َ ُ ْ
ُ ُ َ َّ َ
ِ ٍ ‫اض ِبخل ٍم َح َظ‬
‫ن‬ ‫َوخ ِال ِم الى‬
“Sira padha taqwaa marang Allah ing ngendi
waé mapanira. Imbangana pakartimu kang
nistha kanthi tumindak becik, amargo kabecikan
bakal isa hangganti kanisthan. Srawunga karo
sapepadhané manungsa kanthi pakerti kang
becik.” (HR Tirmidzi).
Allah Subhanahu Wa Ta‟ala ugi sampun
paring firman makaten:
َْ ْ ُ َّ ‫و َث َص َّو ُدوا َفئ َّن َخ ْي َر‬....
ِ ‫الح ْل َىي َو َّاث ُلى ِن ًَاؤ ْو ِلي لْال َبا‬
‫ب‬ َّ ‫الصاد‬
ِ ِ
َ

2
“....Lan sira padha cawisa sangu, satemené
becik-beciking sangu iku wedi (taqwa) ing Allah.
Hé wong kang padha duwé akal, sira padha
wediya marang Ingsun”. (QS Al-Baqarah [2]:
197).
Allah Subhanahu Wa Ta‟ala ugi paring
dhawuh makaten:
َّ َّ ُ ُ َ َ َ َ ُ َّ َ َ ّ ْ ُ َّ ْ ُ َ َ َّ َ ُّ َ َ
‫ًا ؤيها ال ِرًن آمى ِىا اثلىا الله حم ثل ِاث ِه وال ثمىثن ِإال‬
َ
‫َوؤ ُهحم ُّم ْظ ِل ُمى َ ِن‬
Hé wong-wong mukmin kabèh, Sira padha
bektiya ing Allah, kelawan sejatineng bekti, lan
sira aja padha mati, kajaba mati ing kahanan
Islam.” (QS Ali Imran [3] : 102).
Jamaah Jum‟at ingkang pikantuk rahmating
Allah Subhanahu Wa Ta‟ala
Hanamung Islam ingkang hanggadhahi
pranatan ingkang sampurna. Urusan pribadi, saé
dhaharan, hunjukan, busana, saha akhlak dipun
atur déning Islam. Kadospundi ngadani
sesrawungan kaliyan sesamining manungsa,
Islam ugi paring pranatanipun. Kadospundi
mernata urusan rakyat, ing salebeting sistem
kanagarian, Islam ugi gadhah pranatanipun.
Saèstu menika mboten dipun gadhahi déning
agami sanès ing dunia mriki.
Pramila, nalika dinten niki, siti warga
Melayu Rempang ingkang dipun panggèni turun
temurun badhé dipun rampas déning negari
kanthi pawadan invèstasi, Islam gadhah
jawabanipun. Menapa leres, bilig warga
Rempang tan gadhah hak tumrap lahan papan
panggénanipun, kados ingkang dipun klaim
déning pemerintah?

3
Jamaah Jum‟at ingkang pikantuk rahmating
Allah Subhanahu Wa Ta‟ala
Bènten kaliyan sistém hukum lahan ing
negeri mriki, syariah Islam mangreksa
bandhanipun masyarakat kanthi total, kalebet
lahan. Islam mernata skema kepemilikan lahan
kanthi adhil. Warga saged hanggadhahi lahan
kanthi jalaran peparingan, kados hadiah utawi
hibah lan warisan. Islam ugi hangidini Negari
Khilafah hamaringaken siti dhumateng warga
kanthi cuma-cuma, utawi gratis. Rasulullah
shallallahu „alaihi wa sallam, misalipun, naté
hamaringaken siti dhumateng sawetawis tiyang
saking Muzainah utawi Juhainah.
Panjenenganipun ugin naté hamaringaken
satunggaling lembah kanthi dhumateng Bilal bin
al-Dintents al-Mazani.
Syariah Islam ugi manetepaken, bilih warga
saged hanggadhahi lahan kanthi lampah
hanggulowentah lahan mati, hingih menika
lahan ingkang tanpa tuan, ingkang mboten
wonten ingkang kagungan. Rasulullah
shallallahu „alaihi wa sallam sampun paring
sabda makaten:
َ ً ‫َم ْن َؤ ْح َيا َؤ ْز‬
َ ‫ضا َم ْي َح ًة َفه َي َل ُه َو َل ْي‬
ِ‫ع ِل ِع ْس ٍق ظ ِِال ٍم َحم‬ ِ
Sapa waé kang manguripaké pekarang kang
mati, sak banjuré pekarangan iku bisa dadi
darbèké, lan ora ana hak tumrap penyerobot
pekarangan kang zalim (kang manyerobot
pekarangané wong liya ) (HR at-Tirmidzi, Abu
Dawud dan Ahmad).

Panjenenganipun ugi paring sabda


makaten:
َ َ َ َ َ
ِ‫ِ َم ْن ِ َط َب َم ِإلى َما ِل ْم ِ ٌَ ْظ ِب ْم ِإل ْي ِه ُم ْظ ِل ٌم ف ُه َى ل ُه‬
4
Sapa waé kang luwih dhisik tumeka ing sak
lumahing pekarangan, selaginé durung ana
sawijining pawongan Muslim kang handhisiki,
sak banjuré pekarangan iku dadi darbèké . (HR
ath-Thabarani).

Kanthi makaten lahan ingkang mboten


wonten ingkang hanggadhahi, lajeng dipun
gesangaken déning warga kanthi lampah dipun
tanemi, misalipun, utawi dipun hadegaken
bangunan ing sak nginggilipun, utawi kapara
kanthi sekadar dipunthuki, pramila otomatis
lahan niku dados gadhahanipun. Nabi
shallallahu „alaihi wa sallam paring sabda
makaten:
َ َ َْ ََ ً َ َ َ َ ْ َ
ِ‫ض ف ِه َي ل ُه‬
ٍ ‫من ؤحاط ح ِائطا على ؤز‬
Sapa waé kang hanggawé punthukan ing sak
dhurure pekarangan (mati) sak banjuré,
pekarangan iku dadi duwèké. (HR ath-
Thabarani).
Jamaah Jum‟at ingkang pikantuk rahmating
Allah Subhanahu Wa Ta‟ala
Islam hamaringaken kalodhangan
dhumateng umatipun saperlu hanggesangaken
pekarangan mati, lajeng saged hangekahi.
Namung syariah Islam ugi hangémutaken para
pemilik lahan murih mboten nelantaraken
lahanipun. Penelantaran lahan sak dangunipun
tigang tahun saged hanyebabaken guguripun
hak kepemilikan atas lahan kasebat.
Selajengipun lahan niku saged dipun pendhet
paksa déning negari lan dipun paringaken
dhumateng pihak ingkang sagah hamemetri
lahan kasebat.
Ketetapan niki lelandhesan saking Ijmak
Sahabat, ing jaman Khalifah Umar bin al-
5
Khaththab ra. Imam Abu Yusuf salebeting Kitab
Al-Kharaaj mangutip pangandikanipun Khalifah
Umar ra., “Ora ana hak tumrap pemathok lahan
sak uwisé telung tahun (ditelantaraké),” (Abu
Yusuf, Al-Kharaaj, 1/77, Maktabah Syamilah).
Imam Abu Ubaid ing salebeting Kitab Al-
Amwaal mangriwayataken bilih Khalifah Umar
ra naté mendhet wangsul lahan gadhahanipun
Bilal bin al-Dintents al-Mazani. Sak dèrèngipun
lahan kasebat minangka peparing saking
Rasulullah shallallahu „alaihi wa sallam.
Namung, Khalifah Umar ra mangertosi bilih
lahan kasebat dipun telantaraken. Lajeng
panjenenganipun paring dhawuh murih Bilal
dipun paringi palilah hangekahi lahan sapinten
wiyaripun, ingkang kuwawi anggènipun
hamemetri (Abu Ubaid, Al-Amwaal, hlm. 328,
Maktabah Syamilah).
Hukum ingkang jelas kados niki, badhé
hamaringi keadilan tumrap para pengadhuh
lahan. Kepemilikanipun ingkang sampun
puluhan tahun tumrap lahan niku, mboten
saged dipun batalaken, utawi dipun ambil-alih
déning sinten kémawon, kalebet déning negari,
hanamung jalaran mboten gadhah sertifikat.
Malah kabukti, rikalanipun sertifikat dados
satunggal-satunggalipun bukti keabsahan
kepemilikan lahan, niki kapara malah hanjalari
dumadosipun perampasan lahan. Sedaya
mangertosi bilih sertifikat saged dipun
permainaken.
Jamaah Jum‟at ingkang pikantuk rahmating
Allah Subhanahu Wa Ta‟ala
Mugi dipun émut, perampasan lahan tanpa
alasan syar‟i minangka perbuatan ghasab lan
zalim. Allah subhanahu wa ta‟ala sampun
6
mangaramaken ngehaki bandhanipun sesami
manungsa kanthi margi ingkang batil, kalebet
kanthi margi hambesel (menyogok) penguwasa,
murih dipun paringi kesempatan mangrampas
hak milik tiyang sanès . Allah subhanahu wa
ta‟ala sampun paring firman mekaten:
َ ٓ ُ ُ
‫اط ِل َوث ْدل ْىا ِب َها ِالى‬ َ ‫َوَال َث ْإ ُو ُل ْٓىا َا ْم َى َال ُى ْم َب ْي َى ُى ْم ب ْال‬
‫ب‬
ِ ِ
َ
ْ ْ
‫االث ِم َواه ُح ْم‬
ْ
‫ب‬ ‫اض‬ َّ ٌ‫ْال ُح َّيام ل َح ْإ ُو ُل ْىا َفسٍْ ًلا ّم ْن َا ْم َىا‬
‫الى‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ َ
‫ج ْعل ُم ْى َ ِن‬
Lan sira aja mangan bandhané kancanira kelwan
batal (ora samesthiné) lan sira aja padha awèh
besel kelawan bandha mau marang
pengadhilan, kang pamrihe supaya sira bisa
mangan sebagian bandhané liyan kalawan laku
dosa, ing mangka sira kabèh padha mangerti.
(TQS al-Baqarah [2]: 188).

Ayat ing nginggil kanthi tegas mngancam


sinten kémawon ingkang kepéncut hanguwaosi
bandhanipun tiyang sanès, kalebet lahan tiyang
sanès, kanthi margi hambesel (menyogok)
penguwasa. Satunggaling perkawis ingkang
kawawas lumrah ing dinten niki. Mboten
kendhat tiyang-tiyang sugih, kalebet pengusaha,
hambesel (menyogok) pejabat murih saged
mangekahi lahan, sanajan kanthi margi
mangrampas lahan kasebat saking tiyang sanès.
Sumanga kagatosaken ancaman Nabi
shallallahu „alaihi wa sallam dhumateng para
perampas lahan:
ُ َ َ ُْ َ َ ًْ َ َ َ ْ َ
‫ ف ِئ َّه ُه ًُط َّىك ُه ًَ ْى َم‬،‫ض ظل ًما‬ ِ
ْ‫لْاز‬ ‫من ؤخر ِشبرا ِمن‬
َ
‫الل َي َام ِة ِم ْن َط ْب ِع ؤ َز ِض ْي َ ِن‬
ِ
Sapa waé kang hangrebut sejengkal pekarangan
kanthi zalim, kamangka Allah bakal
7
hangalungaké pitung bumi marang dhiriné (HR
Muttafaq „alayh).

Tundhonipun, sengkéta lahan lan


perampasan lahan mboten badhé tuntas sak
dangunipun mboten dipun kelola kanthi syariah
Islam. Pranatan dinten niki badhé terus
mangancam penggadhuh lahan, maliginipun
rakyat.
Hanamung syariah Islam ingkang saged
hamaringi pangayoman menyeluruh saha
berkeadhilan tumrap sedaya umat manungsa.
Sumangga sami gegancangan tumuju dhumateng
penerapan Islam kanthi kaffah. Kajamin ing
mrika wonten kaberkahan ingkang malimpah.
Jamaah Jum‟at ingkang pikantuk rahmatipun
Allah Subhanahu Wa Ta‟ala
Makaten ingkang saged kula aturaken ing
khutbah Jum‟at menika. Hanglenggana bilih
sedaya kasampurnan namung kagunganipun
Allah Subhanahu Wa Ta‟ala samukawis atur
kula ingkang leres awit pitedah saking
Panjenenganipun, luming antawis an Rasulipun,
mangga kita gondhèli kanthi saèstu. Samukawis
atur kula ingkang lepat, awit saking kirangipun
pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal
ingkang tebih, lan mugi panjenengan sedaya
kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Pepuntoning atur, sumangga kita pungkasi
khutbah menika kanthi ndedonga sesarengan,
mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang
yuswa, séhat lahir batin, manfaat dunia akhérat.
Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan,
sahéngga saged dados péranganipun ahli
dhakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat Islam kanthi
kaffah, tansah setya tuhu hanuladhani kanjeng
8
‫‪Nabi Muhammad Shallallahu „Alaihi Wa Sallam‬‬
‫‪ngantos‬‬ ‫‪puput yuswa kanthi kawontenan‬‬
‫‪husnul khatimah, aamiin ya rabbal‟alamiin.‬‬

‫][‬
‫ُ‬ ‫َ‬ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ِْا ُلل ْسآن ْا َ‬
‫لع ِظ ْي ِم‪َ ،‬وه َف َع ِني َوِإ ًَّاه ْم‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫يم َو َث َل َّب َل ُ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬ ‫ّ‬ ‫ْ‬
‫هللا ِم َّىا‬ ‫الره ِس ال َح ِى ِ ِ‬ ‫ب َماف ْيه م َن ْلا ًَ َ‬
‫ات و ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِ ِ ِ‬
‫َ ْ ُ ْ َ َ َ ُ َ َّ ُ ُ َ َّ ْ ُ َ ْ ُ َ َ ُ ْ ُ َْ‬
‫و ِمىىم ِثالوثه وِإهه هى الظ ِميع الع ِليم‪ ،‬وؤكىٌ كى ِلي‬
‫َ‬
‫الغ ُف ْى ُز َّ‬
‫الس ِح ْيم‬ ‫الع ِظ ْي َم ِإ َّه ُه ُه َى ِ‬ ‫إط َح ْغف ُس َ‬
‫هللا َ‬ ‫َه َرا َف ْ‬
‫ِ‬
‫‪Khutbah II‬‬
‫َ‬ ‫َ َ ْ َ َ ُّ ْ َ‬ ‫َْ‬
‫الشى ُس ل ُه َع َلى ث ْى ِف ْي ِل ِه‬ ‫ال َح ْم ُد هللِ على ِإحظ ِاه ِه و‬
‫َ َ‬
‫هللا َو ْح َد ُه ال ش ِسٍْ ًَ‬ ‫هللا َو ُ‬ ‫َوا ْمح َىاهه‪َ .‬و َؤ ْش َه ُد َؤ ْن َال ا َل َه إ َّال ُ‬
‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ ِِ‬
‫َل ُه َو َؤ ْش َه ُد َّؤن َط ّي َد َها ُم َح َّم ًدا َع ْب ُد ُه َو َز ُط ْى ُل ُه ال َّد ِاعى َ‬
‫إلى‬ ‫ِ‬
‫ز ْ‬
‫ض َى ِاه ِه‪.‬‬
‫َ‬ ‫ِ‬
‫َ‬ ‫َ‬
‫ص ّل َعلى َط ّيدها ُم َح َّم ٍد و َعلى اله َوؤ ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬
‫ص َح ِاب ِه‬ ‫ِِ‬ ‫ِ‬ ‫ِِ‬
‫ُ َّ َ‬
‫اللهم ِ‬
‫ّ َ‬
‫َو َط ِل ْم ج ْظ ِل ْي ًما ِه ْثي ًرا‬
‫ْ‬ ‫َ‬ ‫اض ا َّث ُل َ‬ ‫َّ‬ ‫َ َ ُ َ َ َ‬
‫ىاهللا ِف ْي َما ؤ َم َس َواه َت ُه ْىا َع َّما‬ ‫ؤ َّما ب ْعد فيا ا ُّي َها الى ُ ِ‬
‫هللا َؤ َم َس ُه ِْم ب َإ ْمس َب َد َؤ ف ْيه ب َى ْفظه َو َثـنىَ‬ ‫اع َل ُم ْىا َؤ َّن َ‬ ‫َه َهى َو ْ‬
‫ِ ِ ِ ِ ِ‬ ‫ِ ٍ‬
‫اٌ جعالى إ َّن َ‬
‫هللا‬
‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ب َمآل ِئ َى ِح ِه ْاْلُ َظ ّب َح ِة ب ُل ْد ِط ِه َو َك َ‬
‫ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬
‫َ ُّ َ َّ ْ َ َ ُ ْ َ ُّْ‬ ‫صل ْىن َع َلى َّ‬ ‫َ‬ ‫ُّ‬ ‫َ‬
‫َو َمآلئى َح ُه ًُ َ‬
‫الى ِبى ًأ ايها ال ِرًن آمىىا صلىا‬ ‫ِ‬
‫َ‬ ‫ّ‬ ‫َ‬
‫َعل ْي ِه َو َط ِل ُم ْىا ج ْظ ِل ْي ًما‪.‬‬
‫ّ‬ ‫ُ َ‬ ‫ُ َّ َ ّ َ َ َ ّ َ ُ َ َّ َ َّ‬
‫هللا َعل ْي ِه َو َط ِل ْم‬ ‫صلى‬ ‫ط ِي ِدها محم ٍد‬ ‫اللهم ص ِل على ِ‬
‫َ ّ َ ُ َ َّ َ َ َ َ ْ َ َ ُ ُ َ َ َ َ‬ ‫َ ََ‬
‫آلئى ِة‬ ‫ِ‬ ‫م‬ ‫و‬ ‫ً‬ ‫ل‬‫ِ‬ ‫ط‬ ‫ز‬ ‫و‬ ‫ً‬ ‫يأئ‬‫ِ ِ‬ ‫ب‬ ‫ه‬ ‫ا‬ ‫ى‬ ‫ل‬ ‫ع‬ ‫و‬ ‫د‬
‫ٍ‬ ‫م‬ ‫ح‬ ‫م‬ ‫ها‬ ‫د‬ ‫وع ِ ِ ِ‬
‫ي‬‫ط‬ ‫آٌ‬ ‫ى‬ ‫ل‬

‫‪9‬‬
‫َ ْ‬ ‫لخ َل َف ِاء َّ‬ ‫ْ ُ َ َّ ْ َ َ ْ َ ّ ُ َّ َ ْ ُ‬
‫الس ِاش ِد ًْ َن ؤ ِبى َبى ٍس‬ ‫اْللسِبين وازض اللهم ع ِن ا‬
‫َ ُ َ ُْ‬
‫الح ِاب ِع ْي َن‬ ‫ص َح َابة َو َّ‬ ‫َ َ َ َ ْ َ‬
‫وع َمس وعث َمان وعلي وعن ب ِل َّي ِة ال َّ ِ‬
‫ض َع َّىا‬ ‫الد ًْن َوا ْز َ‬ ‫الحابع ْي َن َل ُه ْم با ْح َظان ا َلى ًَ ْىم ّ‬ ‫َّ‬ ‫ََ‬
‫ِ ِ ِ‬ ‫ٍ ِ‬ ‫ِِ‬ ‫وث ِاب ِعي ِ ِ‬
‫الس ِاح ِم ْي َ ِن‬‫َم َع ُه ْم ب َس ْح َم ِح ًَ ًَا َؤ ْز َح َم َّ‬
‫ِ‬
‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ُ‬ ‫ْ‬ ‫ُ‬ ‫ْ‬ ‫ُ‬ ‫ْ‬
‫لله َّم اغف ْس لل ُم ْؤمى ْي َن َواْل ْؤم َىات َواْل ْظلم ْي َن َ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬ ‫ُ‬ ‫َ‬
‫ات‬ ‫ِ ِ‬ ‫م‬ ‫ل‬ ‫ظ‬ ‫ْل‬ ‫ا‬ ‫و‬ ‫ِِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ ِِ‬ ‫ا‬
‫ُ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫ُْ ْ َ ْ َ‬ ‫َ َ‬
‫الله َّم ؤ ِع َّص ِلْا ْطال َم َواْل ْظ ِل ِم ْي َن‬ ‫ات ُ‬ ‫ِ‬ ‫ى‬ ‫لِا ْم َ‬ ‫و‬ ‫م‬ ‫ه‬‫ن‬ ‫م‬ ‫ِ‬ ‫أء‬ ‫ي‬ ‫ح‬‫لِا ْ‬
‫ُ‬ ‫ْ‬ ‫ُ‬
‫الش ْس َن َواْل ْشسه ْي َن َو ْاه ُ‬ ‫ْ‬ ‫َ َ َّ ّ‬
‫ص ْس ِع َب َاد َن اْل َى ِ ّح ِد ًْ َن‬ ‫ِِ‬ ‫وؤ ِذٌ ِ‬
‫َ َ ْ ُ‬ ‫ْ ُ‬ ‫ص ْس َم ْن َه َ‬ ‫َو ْاه ُ‬
‫الد ًْ َن َواخر ٌْ َم ْن خر ٌَ اْل ْظ ِل ِم ْي َن َو‬ ‫ص َس ّ‬
‫ِ‬
‫الد ًْ ِن‪.‬‬ ‫اعل َول َماث ًَ إ َلى ًَ ْىم ّ‬ ‫ِ‬ ‫الد ًْن َو ْ‬ ‫َد ّم ْس َؤ ْع َد َاء ّ‬
‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬
‫ْ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬
‫الله َّم ْادف ْع َع َّىا ا َلبال َء َوا َلى َب َاء َو َّ‬ ‫َ‬
‫الصال ِش ٌَ َوا ِْل َح َن َو ُط ْى َء‬ ‫ُ‬
‫َ َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬
‫ا ِلف ْح َى ِة َوا ِْل َح َن َما ظ َه َس ِم ْن َها َو َما َبط َن َع ْن َبل ِدها‬
‫َّ ً َ َ ْ ُ ْ َ ْ ُ ْ ْ َ َّ ً‬ ‫ْ‬
‫عأمة ًَا َز َّب‬ ‫ِاه ُد ِوه ْي ِظ َّيا خأصة وط ِائ ِس البلد ِان اْلظ ِل ِمِين‬
‫ً‬ ‫ْ‬ ‫ً‬ ‫ُّ ْ‬ ‫َ‬ ‫ْ َ َ‬
‫الده َيا َح َظ َىة َو ِفى ْلا ِخ َس ِة َح َظ َىة‬ ‫لع ِاْل ْي َن‪َ .‬زَّب َىا ِآثىا ِفى‬ ‫ا‬
‫الى ِاز‪.‬‬ ‫اب َّ‬ ‫َوك َىا َع َر َ‬
‫ِ‬
‫َ َّ َ َ َ ْ َ َ ْ ُ َ َ َ ْ َ ْ َ ْ ْ َ َ َ َ ْ َ ْ َ َ َ ُ ْ ََّ‬
‫زبىا ظلمىا اهفظىا واإن لم جغ ِفس لىا وثسحمىا لىيىهن‬
‫َ ْ َ‬
‫اط ِسٍْ َن‪.‬‬ ‫ِمن ا ِ‬ ‫لخ‬

‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َّ َ َ ْ ُ ُ ْ َ ْ َ ْ‬ ‫َ َ‬


‫حأء‬
‫هللا ! ِِإن هللا ًإمسِبالعد ٌِ و ِلْاحظ ِان وِإً ِ‬ ‫ِعباد ِ‬
‫ُُ‬ ‫ْ ُ َ ْ ْ‬ ‫ذي ْا ُلل ْس َبى َو ٍَ ْى َهى َعن ْا َلف ْ‬
‫شأء َواْل ْىى ِس َوا َلبغي ٌَ ِعظى ْم‬ ‫ِ‬ ‫ح‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫َ ْ َ ْ َ َ ْ ُ ْ ُْ‬ ‫َ َ َّ ُ ْ َ َ َّ ُ ْ َ َ ْ ُُ‬
‫لعلىم ثرهسون واذهسوا هللا الع ِظيم ًرهسهم‬
‫هللا َؤ ْه َب ِرْ‬ ‫ُ َ ْ‬ ‫ْ ُ‬
‫َواشى ُس ْو ُه َع َلى ِو َع ِم ِه ًَ ِص ْده ْم َول ِره ُس ِِ‬

‫‪10‬‬

You might also like